You are on page 1of 9

AKSARA MURDA

KELAS
XI MIPA LAN XI IPS
PANGELING-ELING
Asal-usul aksara jawa

Urutan iki bisa diwaca dadi ukara-ukara :


“Hana caraka” tegese “ana utusan”
“Data sawala” tegese “padha regejegan/ padu”
“Padha jayanya” tegese “padha digdayane/
kuate”
“Maga bathanga” tegese “mati lorone”

Urutan ukara iki digawe miturut legendha yen


aksara Jawa iku diasta dening Aji saka saka Tanah
Hindhustan menyang tanah Jawa. Banjur Aji saka
ngarang urutan aksara kaya mangkene kanggo
mengeti rong panakawane sing setya nganti pati :
Dora lan Sembada. Kalorone mati amarga ora
bisa ngleksanakake dhawuhe sang ratu. Mula Aji
saka banjur nyiptakake aksara Hanacaraka
supaya bisa kanggo nulis layang.
Sandhangan
a. Sandhangan swara
Sandhangan swara iku ngowahi swara saka foném /a/ ing aksara nglegena ing swara
liyané.

Wulu ngowahi swara dadi /i/


Suku ngowahi swara dadi /u/
Pepet ngowahi swara dadi /ə/
Taling ngowahi swara dadi /e/
Taling tarung ngowahi swara dadi /o/
b. Sandhangan panyigeging wanda
Sandhangan panyigeging wanda iku sandhangan sing nggawé sigeging
wanda utawa matèni swara. Sandhangan iki ana: layar, wignyan, cecak
lan patèn.
- Layar
Layar iku mènèhi foném /r/ ing sawijining aksara
- Wignyan
Wignyan iku mènèhi foném /h/ ing sawijining aksara
- Cecak
Cecak iku mènèhi foném /ŋ/ ing sawijining aksara
c. Sandhangan wyanjana
Sandhangan wyanjana iku cacahé ana telu lan diarani cakra, keret, lan
péngkal.
- Cakra
Cakra iku mènèhi wanda /ra/ ing sawijining aksara. Aksara sing wis
ditambahi cakra uga bisa didokoki sandhangan swara manèh.
- Keret
Keret iku mènèhi wanda /rě/ ing sawijining aksara.
- Péngkal
Péngkal iku mènèhi wanda /ya/ ing sawijining aksara, mèmper cakra.
TULADHA WONTEN ING UKARA
CONTOH UKARA AKSARA SWARA
AKSARA
REKAN

CONTOH UKARA AKSARA REKAN


Aksara murda
1. Murda = sirah. (Walanda : hoofd, Inggris : head).
Aksara murda = aksara sirah, aksara sesirah (Walanda : hoofdletter, Inggris : capital). Aksara murda iku sejatine Aksara
Mahaprana, yaiku aksara kang pancene kudu diucapake kanthi abab akeh ; kosok baline aksara alpaprana, yaiku aksara
kang kudu diucapake lumrah (kanthi abab sathithik).
2. Cacahe aksara murda (kang dianggep aksara murda) ana wolu, yaiku :

(Na, Ka, Ta, Sa, Pa, Nya, Ga, Ba)

3. Aksara murda mung kanggo ing tata-prunggu, tegese kanggo pakurmatan.


Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda. Ing jaman biyen kang lumrah ditulis nganggo aksara murda asmane para
luhur, jejuluke lan padunungane, minangka pakurmatan.
4. Saiki jaman demokrasi. Prayogane kabeh jenenge wong lan jenenge titah kang tata-caraning uripe kaya
manungsa, kaya raseksa, wanara lan sapanunggalane kang kasebut ing carita padhalangan lan liya-liyane, katulis
nganggo aksara murda. Cukup nganggo aksara murda siji bae, aksara sing ngarep dhewe. Yen aksara sing ngarep
dhewe ora ana murdane, ya aksara burine; yen burine ora ana murdane, ya burine maneh.

You might also like