You are on page 1of 1

Pidato Bahasa Jawa

Nama : Rifia Azzahra


Kelas : IX B
Absen : 27
Tema: Perpisahan

Assalamu'alaikum wr wb.
Katur panjenenganipun Bapa Kepala Sekolah ingkang kita hormati.

Katur Bapa saha Ibu guru ingkang kula hormati, saha wali murid kelas 9 ingkang kula
hormati, saha sedaya rencang-rencang ingkang kula tresnani.
Para rawuh ingakang minulya, lakung rumiyin nyaosaken syukur kunjuk wonten ngersanipun
Allah SWT bilih ing wedal menika kita sedhaya keparingan wilujeng bilih wonten pambeng
satunggal menapa.

Monggo sareng-sareng njunjungake puja lan puji syukur dhumateng Gusti Allah ingkang
sampun maringi berkah lan karunia, supados kita sedaya saged makempal ing papan menika.

Kula aturaken matur nuwun kaliyan bapak lan ibu guru ingkang sampun maringaken wekdal
supados ngerawuhi acara menika.

Dhumateng ingkang kulo tresnani

Kula minangka wakilipun kelas 9 badhe ngaturaken agunging panuwun, amargi bapak lan ibu
guru saking katresnan anggenipun nggulawentah dumatheng kula sakanca ngangsu kawruh
ing sekolah menika, ingkang hasilipun kula sakanca lulus 100%.

Kula sakanca ugi nyuwun pandonganipun, mugi-mugi kula sakanca ketampi wonten ing
sekolah ingkang sae, ingkang kula sakanca idam-idamaken.

Ing pungkasanipun, kula sakanca nyuwun agunging samudra pangaksami mbok bilih wonten
atur kula sakanca utawi tindak tanduk ingkang mboten sae. Kula sakanca nyuwun pamit,
dinten menika badhe nilaraken sekolah ingkang kula sakanca tresnani.

Mugi-mugi sekolah menika tetep majeng prestasinipun.

Cekap semanten atur kola, mbok bilih wonten klenta-klentunipun kulo nyuwun pangapunten.

Wassalamu'alaikum wr wb.

You might also like