Professional Documents
Culture Documents
BUKU TUNTUNAN JAWA KUNO - Buku Biru
BUKU TUNTUNAN JAWA KUNO - Buku Biru
Miturut dawuh pangandikane para winasis, ngapinter sarta para sarjana ingkang wus kasinungan ing
pepajar unine mangkene : ana laku yen dilakoni dadi lakon nanging yen butuh kelakon. Dadi wes cetha
kabeh samubarang iku lamun gelem anglakoni tetep bisa katekan lan kasembadhan apa kang sinedya,
nanging yen ora butuh kelakon ana laku yo ora usah dilakoni. Mung kabeh mau saka pribadine dewe-dewe,
pramula borong para pamarsudi bisane tekan lan ora yo mung kari pangudine. Sumangga karsa
anggenipun para pamarsudi anggladi marga ana tembung ora ono wong kang iso ngrubah saka awak dewe,
yen ngandikane BUNG KARNO : NASIB MANUSIA TERLETAK DI TANGAN KITA SENDIRI,
dadi wes cetha mung kari budidayane manungsa iku dewe gelem apa ora ya mung kari sumangga.
Sutrisna pangudi JAWA sak durunge lan sak wise kawaca isine buku iki, linuwih disek menawa ana
kekurangane kepareng hanambahi, kosok baline yen ana kaluwihane mugi keparenga angurangi pamrih
apike, sebab ingkang ngarang buku iki rumangsa yo mung titah sak lumrah utawa yo manungsa walaka
seng ora ana bedhane karo manungsa liyane, mula isine yo mung kliru, luput salah uga akeh mlesete,
pramula kang saka iku diagung ing pangapura. Muga-muga wae panjenengane para pandemen ora bosen-
bosen tansah kersa neliti sing nganti jlimet sukur bage yen kersa hanyatakake kepriye mungguh tenane.
Pramula kang saka iku, pangripta terus terang wae nyuwun sesuluh lan panyaruwene. Sukur bage
menawa kersa paring pituduh murih bisane tinata kanthi titi, nyata lan cetha. Dadine ben iso dirasakake
marang bebrayan agung seng padha gelem ngudi kaweruh kajawan kang nyata. Seababe wong seng
ngarang buku iki sak benere wae yo mung wong bodho tur ora duwe apa-apa. Dene seng dadi mung
nekate mergo wes ngerumangsani yen awake wes ringkih, umpamane arep kerja yo gek arep nyambut
gawe apa! Lah wong kekuatane wae wes ora ono, mula yo mung sinambi karo tenguk-tenguk mikir karo
migukake tangane kanggo nylimur ben ora krasa ngalangut banget. Lah yo koyo ngono mau kabeh
pramula para-para sutrisna pangudi jawa, kabeh wae kersa paring pangaksama lan tansah kersa hanambahi
kekurangane utawa ngelongi yen ana keladuk ing atur sing ora meranani.
Ing wusana pangripta bisane yo mung matur nuwun apa anane.
#.....Nuwun...nuwun...nuwun.....#
Pangripta saking
Pakdhe Sariengat (swargi).
Jl. Tandang Ijen RT.09/RW.11
Kelurahan Jomblang – Kec. Candi Sari
Semarang
Jawa Tengah
NUSWANTARA INDONESIA
DAFTAR ISI
1. Bebuka
2. Daftar isi
3. 17-8-1945
4. Partojudokusumo Kartodinoto
5. Laku Sastraning Urip
6. Panyuwunan
7. Pepujan
8. Pamuji Kanggo Puguhing Pribadi
9. Dumadine cara lan tatanan Jawa
10. Puguh panggah budi lan pakarti jawa
11. Saka percaya anane Jawa
12. Karep lan tujuane
13. Kaelokan Aksara Jawa
14. Rapal lan maknane aksara Jawa
15. Wedare kalmia Husada
16. Iki Sandanganing Urip
17. Lakuning Urip
18. Temen Tinemu
19. Kekuwataning Urip
20. Panglipur
21. Maksud gambar lan tujuan
22. Rapal kanggo srawung
23. Nyandak ing asma Gusti
24. Tugas-tugas ing ngaurip
25. Mulya sejati lan sejatining mulya
26. Wisik sasmitane ing Gusti
27. Babar ing panglipur
28. Laku bisane gelem nampa lan narima
29. Peparing lan karsa kepareng ing Gusti
30. Peparing lan karsa kepareng ing Gusti
31. Wayang
17 – 8 – 1945
Mula aja kliru sasar susur lakune, amarga kang den gunakake manungsa sejagad indenging jagad raya ya
jagading manungsa raga dewe-dewe. Dene kang kinaryakake kanggo agung-agungake, den agum-
agumake, den kuwasa-kuwasaake, mangka iku amung kang kuwasa aning njaba, mangka sak benere kang
hamengkoni sakabehing njaba njero iku amung urip. Mula senibutake maha suci. Upayanen den kongsi
ketemu : kang wasis amisesani, amutusi lan mahanani iku amung siji, ya kang sinebut urip iku ya maha
suci.
Maksud lan tegese petikan ing nduwur iku manawa cara pakdhe Sariengat surasane mangkene :
Urip iku opo?
Aku iki sopo?
Kudune kepriye?
Opo gunane urip?
Wong ora urungo ya mati, kena apa diparingi urip?
Maknane ; padha karo budhi, bubuh bumbu kang diedi diudi, budhi iku obah, obah iku polah, obah iku
isine bab kaluwihan golekana supaya bisa luwih, lan yen polah iku samubarang apa wae sing diolah utawa
sing dimasak, dimatengake aja dipangan mentah-mentah.
Tuladhane : umpama pari kae yen dipangan mentah apa ya enak, ya mesti wae ora enak, nanging yen pari
kae dionceki disek gabahe banjur dipususi ben ilang kapure banjur dimasak kanti mateng, banjur dadi sega
banjur dipangan, uwis mesti enak lan migunani kanggo awak. Ana meneh tuladha sing liyane uwit kae
katone meneng wae nanging uwit kae uga bisa olah-olah, sak wise nyeroting sarining bumi banjur
diunggahake karang godonge lan dimasak utawa diolah nganggo bebantu cahyaning srengenge banjur
diiderake menyang oyot, pang, woh-wohane, godonge lan sak piturute. Dadi ya cetha katone ora obah
nanging bisa olah-olah, kui mau nandakake yen bener urip lan uga bisa thukul.
Maknane : Aku iki mung nami, Nami iku aran, Aran iku jeneng, Jeneng iku wewaton , Waton iku patokan
utowo tetenger “( bahasa menterenge nama )”.dadi cetha aku niki sapa.
Kudune kepriye?
Maknane : Wong urip iku kudu nindake utawa nglakoni tugas ing ngaurip, ing antarane
1. Netepi wajib.
2. Ngayahi pakaryaning urip.
3. Ngestuti sasmita sabda kersaning sing gawe urip.
Netepi : ana patang perkoro : Mangan wareg - Nyandang wutuh – Mapan manggon sing genah lan Seneng.
Ngayahi : Nyambut gawe sing genah supaya bisa nulungi sapa wae kang butuh pitulungan, (nglakoni
lakuning urip).
Ngestuti : Nindakake sembayang lan memuja-memuji nyedak kalih sing gelar jagad (Gusti)
Apa Gunane Urip
Maknane : Sak benere wong urip iki mung piranti utawa mung sarana kang gawe urip, kang di gunaake
saka karsane sing gelar jagad. Tuladhane : wong gawe TV ya butuh mung di tonton lan di rungoake
suarane, yen gawe motor ya butuhe mung di enggo tumpaan, umpama wong gawe palu ya mung butuhe
dienggo malu,lsp.
Supaya urip iki bisa sumeleh, ora gampang bingung lan ora kabotan anggoning laku-lakuning urip,
anindakake apa tugasing urip sing kanti bener,umpama tembung menterenge “Urip iki olahen supaya bisa
mateng dadi mangane bisa enak lan kepenak”.
Tuladhane : umpama pari kae yen di pangan mentah ya ora penak, mula kudu di tutu utawa di selep ben
ilang kulite, yen wis ilang kulite banjur di pupusi ben ilang tepunge utawa dedake sing paling lembut,
banjur di liwet ben dadi sega la kui lagi enak dipangan.
Ana tuladha liane : umpama duren kae yen di pangan mentah bisa ngrusakake cangkem, mula ya
dingu nganti mateng, kui wae aja dipangan sak jerone merga ponggone ya ora enak mula mung dijupuk
klamutane wae, tapi yen meh dipangan ponggone ya iso wae nanging ya dimasak disek ben mateng lsp.la
nak kanggo manungsa iki ya ana carane yaiku : 1.Olah raga, 2. Olah rasa, 3. Olah sukma, 4. Olah
suara, 5. Oalah cahya.
Olah-olahan ing duwur iki ana 5 kelase kaya kang wis kabeberake ing buku jilid 1 lan 2. Iki ana
tambahane laku kanggo ngunggahake ing tataran-tataran kang wis kawaka ing ngarep.
Lakune : “Pasa mutih pitung dina - nyepakake kembang - menyan – damar lilin lan minyak wangi”.
KEMBANG pinangka sarana – MENYAN kinarya japa (sranane madep manteb lan percaya, japane
kunjuk ing ngarsa para kadang, para pekunden, para pikulun tuwin panjenenganipun Pangeran),
PEPADANGE LILIN padangana lahir lan batin ingsun, GANDANE LISAH PERMATI arumno ing
asma ingsun sedaya inggih amung saking sih peparing kagungan paduka Gusti...................
Kembang : “sungkeme aja kumambang”,nduwea ganda sing arum lan nduwe rerupan sing bisa narik ati.
Menyan : “temen-temen tenanan” panyanamu marang kang gawe urip.
Lilin : ben bisa madangi ing sajroning uripe,nganti ngorbanake lahir lan batine kaya wujuding lilin kang
di obong.
Minyak wangi : ben bisa angarumake asma ing uripe ben bisa ninggal jeneng kang arum.
PANYUWUNAN
Nyuwun Gangsar : Enggal cepet kelakon, bisa cepat katekan “umpama uwong arep bayen enggal
cepet lahir”
Nyuwun Gampang : Ben aja nganti ana sing ngewuh-ngewuhi “umpama nyambut gawe enggal cepet
hasil”.
Nyuwun Lancar : Ben aja ana kang bunteti pikiran “umpama miline banyu ben aja nganti ana sing
ngrendeti”.
Nyuwun Mayar : Ben cepet ngetokake panemu “umpama garap soal ben ora ngantin kakean olehe
mikir”.
Nyuwun Kaprah – Nyuwun Lumrah – Nyuwun Pernah – Nyuwun Genah
Nyuwun Kaprah : Saka penering pengarah
Nyuwun Lumrah : Lulut, lulut mapan panggone kang diarah
Nyuwun Pernah : Peparing manah, anteng ora kakehan polah
Nyuwun Genah : Gegebenganing manah, cekelaning urip. Nguripake gegebenganing manah/ati.
Nyuwun Bener – Nyuwun Jujur – Nyuwun Becik – Nyuwun Apik – Nyuwun Prayoga
Nyuwun Bener : Cocok lan pas karo karepe dewe, umum karepe Gusti
Nyuwun Jujur : Majune mujur lan lempeng aja nganti menga-mengo
Nyuwun Becik : Bisa srawung marang sapa wae
Nyuwun Apik : Sak panggonane tansah nyenengake
Nyuwun Prayoga : Diselehke cocok lan pas karo kekarepane Gusti kang gelar jagad.
Nyuwun Eling – Nyuwun Ngerti – Nyuwun Cukup – Nyuwun Kabul ing Panyuwun Kula, saking sih
peparing paduka Gusti....................
Nyuwun Eling : Supaya eling ing babagan apa wae ben bisa tumata apik. Lakune : Melek nganti jam
12 (sak jroning 49 dina)
Nyuwun Ngerti : Supaya ing ngurip iki bisa ngrasakake geterane ngaurip sing titi.
Nyuwun Cukup : Supaya cocoking ngaurip bisa cocok karo butuh ing ngaurip apa wae.
Nyuwun Kabul : Supaya asal butuh bumbu ing ngaurip bisa loloh kang sarwa mumpuni.
Nyuwun Agung ing Drajat - Nyuwun Luhur ing Pangkat - Nyuwun Ageng ing Bakat - Nyuwun
Piguna Sarana ingkang migunai - Nyuwun Marga ingkang Prayaga
Nyuwun Agung ing Drajat
Tegese : Samubarang sarwa agung bisa kanggo mitulungi marang sapa wae ingkang mbutuhake
pitulungan.
Lakune : 1. Mangan sepisan turu sepisan sajroning 7 dina 7 wengi
2. Mangan sepisan turu sepisan sajroning 21 dina terus dibacutake 4 Senin 4 Kemis.
Nyuwun Luhur ing Pangkat
Tegese : Supaya iki ana kanggone reh apa parintahe apa pangucape, apa wae kandane kena digugu lan
dinyatakake kanti cetha.
Dadi cara tembung menterenge PRASASAT SINEDYA ANA CINIPTA DADI KARSANE
SARWA CUMEPAK. sing tegese: Tansah kinacek, kinasih, marang ingkang hanyiptakake
jagad. ya ngene iki sing diarani SUPER POWER dunia. mula menawa kaya ngene iki di
tinggal apa ya ora eman-eman ( lihat peta duni ).
Bumine, banyune, gunung-gununge, alase barang tambange, iwak laute, lan lia-liane wis ta
kabeh sarwa komplit, lha manungsane ora padha niti niteni apa ora padha mesakake anak putu lan
keturunane mbesuk, mbok ya padha ngelingono wong aku iki nduwe keturunan anak putu buyut
canggah lsp.
Nyuwun Eling, Nyuwun Ngerti, Nyuwun Cukup, Nyuwun Kinabuling panyuwunan kulo Gusti,
saking sih peparing kagungan Paduka Gusti, nyuwun kekiyatan ing lahir nyuwun kekiyatan
ing batin anggen kawula tansah nampi sih peparing kagungan Paduka Gusti, serta sedaya
saking karsa kaparing Paduka Gusti kawula nyuwun.....nyuwun ..... nyuwun.
Nyuwun Teguh Rahayu, Slamet sak lampah kawula sak keluargo kawula lan sak barang
darbeg kawula. Gusti ..... kawula nyuwun ..... nyuwun ..... nyuwun .
Mula cekak cukupe murih gegayuhan supaya bisa “URIP MULYA LAN MATIO BISA
SAMPURNA “
Ha “ “ mula diarani luwih sebabe iki ora bisa mati, dadi mung bisa malih rupa contone :
Ha----Haah ---- Hih ---- Huh ---- Heh ---- Hoh ----- Heh ----- Heh.
Ra “ “ iki bisa ajur-ajer sing tegese bisa manunggal dadi sandhangan ya bisa dadi cakra, ya uga
ora bisa mati contone :
Rar ---- Raar ---- Rir ---- Rur ---- Rer ---- Ror ---- Rer ---- Rer.
Nga“ “ mula diarani ngurip iki uga ora bisa mati, bisane ganti rupa jenenge malih dadi ceceg
contone :
Ngang ----- Ngaang ---- Nging ----- Ngung ------ Ngeng ----- Ngong ----- Ngeng ----- Ngeng.
Pramula telu-telune iki yen di campur bisa dadi Rapal, nuwuhake kekuwatan ing lahir uga
ing batin nanging uga ditukua nganggo luka mutih 3 dina karo diwaca 3000 x sak nyandake,
sebabe duwea angelmu sak pirang-pirang yen tanpa laku ya padha wae ora ana apa - apane. ( tanpa
guna )
Rapale :
Ha Ngu Ra Ngi A rang Ra Ngah
Angur Ngurung Ngarah Arah
Maksute :
Menawa gelem nyuda lan angarang-arangi ing kanepson sing srakah “ Kamurkan” kalawung
“ Luwih becik “ ngurungi “ Ngopeni “ kang ati-ati nduwea tujuan sing becik lan apik.
rapal iki menawa gelem ngeling-eling sarta terus gelem nindakake ing saben dinane kena kanggo
ngendaleni uripe supaya aja nganti keliru dalane dadi ora bakalan kesasar tumuju ing papan
panggonane totok onggrok sing ora genah.
Aksara mau kabeh yen di waca saben sak kolom lan dibaleni nganti ping 8, sak urut-urutane lan
sak teruse ana apane ? coba dirasakake dewe, mungguh gancar lan karepe mengkene :
“ “ Sikil iki nak di sandali ing pamrih mlakune ben bisa kepenak
“ “ Dadamu tutupen ben ora marakake penyakit
“ “ Luwih yen dengkul sikut iki ditutupi ben sawangane katon rajin
“ “ Menawa yen mripat, irung, kuping, tutuk, iki pinter olehe mepeti utawa gelem sing
kanthi becik, apik kira- kira bisa ngepenakake
“ “ Pungkasane ana ing tangan lamun bisa nata panggrayangane ing mbok menawa iki
kena kanggo dalan ing samubarang apa wae, mula ya sing genah olehe mapanake,
marga yen nganti keliru olehe matrapake kabeh mau mesti nanggung resikone. eling-
eling dawuhe Bung KARNO dadi yen ngono kita bisa mastekake bodho lan pintere,
becik lan alane, rekasa lan kepenake, rekasa lan begjane kabeh manungsa iki ya mung
ana ing tadhang graying ing manungsane dewe-dewe kabeh.
Mulane yan cara jawa ana lakune yaiku melek sedina sewengi terus dibacutake pasa telung
dina, mangane mung saben sore. Pasa jam 5-8 sore.
Rapale :
Kekarepan “ tanganku tangan kencana, drijiku driji musthika, kukuku kukoh ing Gusti kang
bareng marang pribadi, aja nggrayang, aja ndemek, aja nyandak, aja nyekel, lamun iku dudu
paringanira sejati, kukuh, kuwat saking sih panguasaning Gusti “.
lha yen kaya mengkene iki yen dilakoni ya tak kira ya ora gampang nyasar sebab yen dudu
bagihane mesthine gampang olehane ngipatake, ora pijer kebandan ono kahanan sing ora sak
mesthine, tangan mono yen dipupus cara jawa ya mung saka tembung tatanan ing angen-angen
kang wis manunggal marang lahir lan batin mula didadekna sandangan sing becik lan apik, aja
nggratil ndak marakake dadi hawa.
15. Nya Pawew Wewadi Dadi rasa Sregep Aja cidra (selingkuh)
eh seneng mbudidaya lumakua sing apa
(usaha) sakbenere tumemen
Tegese : mangga niki hasile, iki lho bathange,dadiya kanthi nira “dadiya srana”.
Hanacara = ana carane, Kadatasa = kudu tansah, walapadha= wulang bareng-bareng, jayanyama
= duwea kekuatan sing imbang, Gabatanga = gambar (gegebengan).
1. Ha Na Ca Ra Ana carane
2. Ka Da ta sa Kudu tansah
10. Ra Ca Na Ha Racak; enak, digawe sing racak ben katon rajin katon
yen rapi
Nek diwaos Kaleh- kaleh
= ha = na = ca = ra
= hi = ni = ci = ri
= hu = nu = cu = ru
= he = ne = ce = re
= ki = di = ti = si
= ku = du = tu = su
= ko = do = to = so
= ke = de = te = se
= wi = li = pi = dhi
= wu = lu = dhu
= pu
= we’
= le’ = pe’ = dhe’
= wo
= lo = po = dho
= we = dhe
= le = pe
= we = le’ = pe’ = dhe’
8 x 8 x 8x 8 x
= ja = ya = nya = ma
= ji = yi = nyi = mi
= ju = yu = nyu = mu
= ye’ = me’
= je’ = nye’
= yo = mo
= jo = nyo
= nye = me
= je = ye
= me’
= je’ = ye’ = nye’
8 x
8 x 8 x 8 x
= ga = ba = tha = nga
= gi = bi = thi = ngi
= bu = thu = ngu
= gu
= the’ = nge’
= ge’ = be’
= go = bo = tho = ngo
= ge = be = the = nge
Tembung “ JIMAD “ tegese : aji mamat : “Ka“ tegese : asal “ Li “ tegese : Lilih utawa lila,“ Ma
“ tegese : mamat “ Hu “ tegese : luwih “ Sa “ tegese : sak “ Da “ tegese : dadi utawa dad.
“ SAKA LIMA HUSADA “ maksude “Tambane wong urip iki golekono ana limang perkara”:
Sing kapisan yaiku : ngertia marang Gusti ingkang hanyiptakake jagad utawa yakin yen urip iki
ana ingkang hanguripi .
Sing kapindho yaiku : kita kabeh padha mangan sing tegese ana bangsane wong sing nandur
pangan lan ana wong sing olah pangan.
Sing katelu yaiku : kabeh pinaringan budi, akal, rasa lan pikir karepe urip iki ora mung ijen
dadi kersane ingkang peparing urip manungsa-manungsa iki padha
angetokna panemu dewe-dewe supaya bisane nunggal ing tujuan engkang
sae “apik lan becik”.
Sing kapapat yaiku : ngelingana yen kita kabeh manungsa iki ya pinaringan rasa ingkang padha,
mula ya aja mbedak-mbedakake dadi karep lan tujuane ya nduwea rasa
tepo slira, bisoa trisna, asih marang sak pepadane wong rasane kira-kira ya
mung sejajar.
Sing kalima yaiku: ben aja dadi kemeren, bisane ben nganti sak adil-adile yen labuh lebete
becik,apik ana imbalane. kosokbaline yen ala tandurane “ bebudhine “ ya
kudu ana hukume kang selaras karo pakartine kanggo ngepenakake.
tembunge mengekne:
Batine kuwat nanging yen lahire ora ana ya podha wae ora ana gunane, kosok baline
semono uga lahire kuwat nanging batine bengung, bisa-bisa salah arah lan tujuane entek-enteke
sok nukulake rasa sing ora prayaga, lali dalane ora bisa bali nyang asale dadine bingung saka
karepe dewe, mula kabeh mau ya kudu genep anggone mbudidaya lahir lan batine, ana batin ya
kudu ana lahir koso baline yen ana batin ya kudu ana lahir, bisoa nyawiji utawa nunggal, cara
JAWA diarani “ MANUNGGALING KAWULA GUSTI “ mula ya kudu diwenehi agem-
ageman, sandangan utawa pakaian “ peraturan “ sing becik lan apik, sing trep sing pas, sing pener
lan sing bener anggone nata siji lan sijine, supaya kepenak anggone srawung lan yen di sawang
luwes, pantes anggone matrapake unggah-ungguhe, uga bisa genep dasare olehe mapake awake
tembung-tembunge carane srawung uga ora lali dadi bisa nuju prana tansah nengsemake. lha yen
ngene iki sing diarani “ RATUKU AJI SAKA ABDIKU DORA SEMBADA “ tegese “ Ratuku
Aji Saka “ yaiku apa iki golekana dewe sing nganti ketemu contone : ajining raga saka busana,
ajining diri saka ing lathi, ajining patrap saka tumindhak, dene sing di arani “ Abdiku Dora
Sembada “ yaiku : wong urip iki kudu gelem nindakake goroh utawa ngapusi nanging ya kudu
bisa nyembadani utawa bisa ngrampungake ing bab perkara apa wae contone : “ “ Ha yen
sipate menungsa mono iki diwenehi kathok dadi bisa rubah arah lan sesawangane ora saru .
LAKUNING URIP
Wong urip iki mono ya mung padha karo belanja nyang pasar, mula ya elinga karo lawang
“ dalan tujuane “ apa sing kudu dituku kepriye olehe nggawa belanjane, la yen wis rampung entek
duwite, entek wektune komplit belanjane kudune ya eling karo tugase bisa nggawa bali mulih
menyang omahe lan aja lali dalane, aja nganthi keliru lan aja nganti mowat-mawut belanjanane.
dadine ya kudu ati-ati temenan, eling-elingen apa ta urip iki ? “ urip iki ya mung tugas
“ pramulane eling-elingen aja nganthi lali apa meneh yen nganthi nglali ? iki malah bisa kelantur-
lantur utawa saya bisa akeh goda lan rencanane, saya akeh penandange, “ tambah kebak ing
panandang “ sebab urip iki ora mung ijen mula sawangen,weruha kiwa tengenmu ngarep lan
mburimu kepriyen kahanan lan kedadehane ? napa sebabe ? terus kepriye meneh kelanjutane ? lha
yen ngene iki sing jenenge sandangan lan lakuning urip utawa ya kuwi sing diarani tugasing urip,
gelem ya ngono ! ora gelem ya ngono ! umpamane wong lara ngelu ngono gelem ya ngeluo..!ora
gelem ya ngeluo..!
Mula cara gampange bingunga utawa mumeta, sandangen, lakonana, gawanen, tindakna iki
mau uwis dadi tugas “ wajib “ ing ngaurip, utawa garising urip cara tembung mentherenge
“ Kridaning ati ora bisa mecah kutha ning pasti, budhidhayaning manungsa ora bisa ngowahi
garise ingkang kawasa” iki uwis ora bisa diselaki maneh pramula kang saka iku golekna dalan sing
kepenak di lewati lan sing padhang sorote, resikana regete ing pamrih bisaning rancak lakune,aja
nganti ana sing nggangu gawe, lan aja ana sing nyrimpet-nyripeti ewadene - carane yaiku cedakana
lan gawanen trisna asih marang sak sapa wae lan apa wae supaya bisa aweh bebantu lan pitulungan.
yaiku : “Putihno rasamu” .
Lakune :
Pasa putih 7 dina
Rapale :
“ Cahya sampurna sira tangio, Cahya sejati sira ngadega, ngadeg jejeg ana sak tengahing
jagad , raga sukma rasane kang dinulu marang aku, pinaringana welas, asih marang raga
sukma rasaku “
Cahya sampurna sira tangia tegese : iki gunane nggugah cahya “ sunaring “ Gusti ingkang
wis kita tampa, iki bisa sumunar sing luwih padhang njaba njerone.
Cahya sejati sira ngadega tegese : tugasing urip kita iki aja sak kepenake dewe.
Ngadega jejer ana ing sak tengahing jagad tegese : tujuane ben bisa katon ngeglo “ cetha
“ bisa didelengi lan bisa di delok-delok endi sing apik lan endi sing ala “ bisa milah “
Raga sukma rasane kang dinulu marang aku tegese : senadyan mung watu iki ya ana
ragane, la yen sipate wit-witan iki ya ana ragane lan sukmane, mula bisa urip lha yen kewan
iki genep telu apa meneh manungsa ya saya luwih akeh tambahane .
TEMEN TINEMU
Temen lan tinemu iki ganggo ngentheng-enthengi sesangganing urip, tembunge “ sing
sapa temen bakal tinemu “ contone mengkene umpama temen-temen olehe mangan ora wurung
ya gede wadage, nanging yen kakehan ngombe ora wurung mblendhing wadage lan nguyah-
nguyuh, la yen sregepe mung turu entuk-entukane ya mung peteng, amarga matane ketutupan
plapukan tur ya bisane akeh laline lsp.
Mula ana tembunge mengkene kaya ukara sing wis kababar ing nduwur kemau : “ Sapa
sing utang ya kudu nyaur” - “ Sapa sing nyilih ya kudu ngulihake” - “ Sapa sing nandur ya
mesti ngunduh” kabeh iki ora bisa di selaki maneh, supayane bisa becik lan apik kita kabeh ya
kudu gelem ngrumangsani yen urip iki sakbenere ora mung urip dewekan akeh kancane lan akeh
tunggale, mula ya kudu gelema bebrayan, bisoa gotong royong karo kiwo-tengene, ngarep mburi
lan ngisor nduwure ing pamrihe supaya urip iki aja nganti ngrasakake rumangsa wis paling abot,
rekasa, kangelan lan paling sengsara, amarga enthek-entheke sok ana jenenge wong sing putus asa :
“nglokro “ mula iki biasane dadi sirik utawa dadi larangan ing ngurip, dudu tugasing urip.
Mula eling-elingen karo tugasing urip karepe ben aja nganti keliru arahe ben bisa mulih meneh
asal mulane, dene carane yaiku :
Urip kita iki mono pinaringan ananing lahir lan batin, mula yen kita padha bisa gelem ngrukunake
antarane lahir lan batin kita kabeh bisa minangkani , bisa minangka kekuawatan olehe nindakake
tugase ing sajroning urip, mula lamuna gelem ya tunggalna antaraning lahir lan batin kita. carane
kita kudu eling-eling nalika kita dilahirake ana ing bumi iki saka guwa garbaning sang ibu,
ngelingana menawa kita lahir iki mau ora mung ijen “ dewekan “ nanging “ pinaringan rewang
“ kadang / sedulur “ mula ya ngertenana, mengkene iki sing diarani bisoa nyawiji “ satu arah lan
satu tujuan “ manunggal.
Lakune :
Nganyep 7 dina ( ora mangan sing bangsane amis-amis “ kewan” sarta kabeh masakan sing ora
nganggo bumbu,uyah, lan gula ).
Rapale :
“ Marmati, kakang kawah, adi ari-ari, lahiring getih, pupaking puser, kadang ingsun papat
lima pancer, ingkang metu ing marga hina kang ora metu ing marga hina kang lahir bareng
sedina sewengi kabeh, bapa nta ana ing ngarep ibu nta ana ing mburi “
Kula (nama kita) ngaturake sak kabehing luput, nyuwun pangapura lan begti kunjuk ing
panjenengan sedaya, kula (nama kita) Nyuwun bebantu , karewang - karewangana anggen
kula ngayahi pakaryaning agesang kawula. ayo mangan bareng-bareng, ngombe lsp.
Tapi yen arep turu disuwun “ TUNGGONONO “
Tegese :
Rikalane kita isih ana kandhungan sibu “ ibu “ sing wis genep sangang sasi sepuluh dina,
iki tegese wis entek wektune, mula sibu nglahirake sudulur sing paling tuwa dewe yaiku kang
sinebut aran “ marmati “ sebab metune ora saka marga hina, nanging metu saka sela-selaning rasa
lan pangrasa mula bisa nuwuhake ananing gegeter dadi sibu bisa mesthekake yen arep nglahirake,
lamuna wis mapan banjur ngetokake sedulur sing keloro yaiku sak prelu mbuka wiwara kang
kanggo mbuka lawang supaya bisa lancar yaiku sinebut aran “ kawah “ ( air ketuban ) sak bubare
metu banjur “ aku “ dietutke karo sedulur sing nomer telu yaiku sing senebut “ ari-ari “ banjur
dipotong lan dirokti kanti becik lan apik marang ingkang kawongan, nanging ora mung kuwi thok-
thokane, dadi diterusna sedulur sing kapapat yaiku sing sinebut “ getih “ lha sak banjure ana sing
durung segelem di pisah yaiku sedulur ing kalima sing kang senibut “ pupaking puser “
Mula yen gelem nguri-nguri lan gelem nyedaki, sambat sarta gelem mangerten, ing kene iki uga
bakal dibantu sarta direwang-rewangi ing sak pari polahe ya senadyan ora katon wujude nanging
bisa dinyatakake contone : Mengkene saumpama wong numpak motor kae menawa bane
nggembos “ ora nana angine “ mula karet, wesi lan peleke bisa ajur, mangka yen disawang sing
ana njerone ban kae ya kaya ora ana apa-apane. lha yen ambegan -- ? wektu sing tak sedot iki apa ?
lha yen sing wis tak wetokake iki wujude ya kaya ngapa ?, nanging yen di ogokake kok ya ana
sing bisa werna-werna arahe ! dadi cethane ya ben ora kena disawang nanging jebul ana lan kena
dinyatakake, mula sumanggo anggone nyelehake ing babagan kapercayane dewe-dewe, kabeh mau
ya gumatung saka karepe dewe,sak temene : ala,apik, seneng, rekasa,pinter, bodho, kabeh-kabeh
iki ya mung tembung saka budidhayane awake dewe,borong olehe nglakoni, sebabe ana tembung
sing unine mengkene “ yen butuh kelakon ana laku ya gelem nglakoni dadine lakon nanging yen
butuh kelakon” .
KEKUAWATANING URIP
Manungsa mono menawa gelem ngematake kiwa tengene, ngarep-mburine, ngisor lan
nduwure kaya-kaya wis jan ora ana sepirane, sak umpama ditakokake sepiro ta aku iki? aku bisa
apa ora? duweku iki endi lan apa wae? gek arep tak apakake? kon kepriye? kanggo apa? lha carane
kepriye? mengko terus dadi apa? kurang apa meneh? lha kok malah ora karu-karuan, sak jan-jane
kudu kon ngopo? kudune kepriye? mula isine entek-entekane ya mung mbingungake, ewodene ana
pitakon meneh sing unine mengkene iki arane “ bisa rumangsa” apa “rumangsa bisa “ ?.
Sak umpamane wong anak-anak njaluk katok yaw wis di tukoake, njaluk klambi ya wis di
turuti, njaluk sangu kanggo lunga ya wis diwenehi arep mangan ya uwis di cepaki, lha yen ngene
iki apa ya wis bisa nyukupi kebutuhaning anak? wong arep seneng wae apa-apa sumadya
“ cumepak “ lha yen ngene iki jawabane banjur apa? tegese ya “ Rumangsa Bisa “ menawa ngene
iki jawabane anake tak kira menawa nyawang wong tuane padha karo weruh macan galak sing
seneng mangsa daging, anane mung sarwa samar, wedi, kuwatir, was-was lsp
Dadi senadyan wong tuane iki tresna asihe disuntak byak, nanging rumangsane bocahe
tetep wae nduweni rasa sing werna-werna sebabe ora ketang embuh sak prapinane biasane
nduweni watag angkuh, nanging yen jawabane “ Bisa Rumangsa “ sak temen-temene manungsa iki
uga mung kaya klenteng ana sak tengahing segara “ mula yen olehe nyawang ora permati lan ora
diteliti sing nganti njlimet ora bakalan bisa katon, sebabe yen ana ombak - ombak ya katut ombak,
ana angina ya katut angin, sedenge yen ana iwak cilik-cilik sing padha gojeg , lomban , nglangi
ana kono wae ya wis katon montang-manting, durung yen dipangan iwak sing mung sak gerek teri
wae tak kira ya kolu yen mung nguntal klentheng sing gedene mung sak mono wae , dadi jan kaya
ora sak prapirane menawa gelem naliti lan gelem nyemak sing kanti temen.
Ewa semana menawa ana saking karsaning Gusti kasinungan ing kabegjan pinayungan ing
Pangeran,tinardawa ing umure,kinacek ing sapadane,kinasih ing sak solah tingkahe bakal
dipinggirake embuh piye bisa sumeleh ana ing dedaratan nganti bisa tukul ora ana sing ngganggu,
cinipta dadi wit-witan sing gede kena kanggo pangayoman sapa wae kang mbutuhake, lha yen bisa
metu kapuke kena digawe banthal lan kena digawe kasur sing tundone akeh sing mbutuhake tur ya
akeh sing gelem ngrumati, lha ya ngene iki sing jen diarani dadi kekuwataning urip, apa kabeh
mau ana carane ? jagad iki ora karuan watese, mula kudune ya bisa tur ya mesti ana carane lan bisa
nyatakake, waton gelem, budidhaya utawa gelem nglakoni.
Dadi carane duit sing mbok gawa kuwi belanjakna, gawenen tuku, mripat iki nggonen
melek ben bisa weruh “ tuthug iki cancangen ben ora kakehan mangan lan kakehan ngombe
“ suarane diatur sing apik “ yen cara jawa suara ana pirang-pirang werna kayata :
Uni : woh - wohan cilik bentuke sing rasane sepet-sepet kacut, mula senenge mung
ngunek-ngunekake uwong, bisa-bisa ana watu sing munggah menyang bathuk amarga
rasane ora kepenak.
Omong : sing jenenge omong kuwi mau mung butuh golek lega lan kepenake awake dewe,
mula ora gelem mikir dadi ya mung butuh nggremeng kaya suwarane gamelan sing
tanpa gendhing, tanpa pathet dadi wong sing ngrungokake ya terus wegah.
Kanda : wong kaya tataraning anda, setatar baka setatar lan bisa diatur pamrihe ben kepenak
olehe jumangkah,umpama wong kepengen munggah utawa mudun ya ngertia disik
arah lan tujuane bisane ben ngerti ala lan apike sing dikandakake, dadi ya ora ngawur.
Ngandika : wong sing diarani ngandhika kuwi biasane ya wus ngerti asal-usule, sebabe yen ora
ngerti asal-usule ya ora ngerti tujuane mesti angel anggone ngetokake lan ora
gampang pangucape , sebab nalare biasane ya wis tekan , mula yen Diwali tembung
kaya “ngendi-ngendi endi saka ngendi-ngendi “ lha yen liya-layane kayata dawuh
“ cerita “ lsp iki uga menawa maksute dewe-dewe .
Bali ana ing kekuwataning ngaurip, menawa wis ngerti carane budidhaya kaya ing duwur mau
kabeh iki pinangka pitukone.
Lakune :
Mangan sepisan , ngombe sepisan, turu sepisan ing sajroning 7 dina 7 wengi .
Rapale :
“ Ibu bumi Bapa Toya, Ibu wengi Bapa rina, kakang mbarep adiku wuragil dino pitu
pasaran lima, keblat papat lima pancer, klebu sak isining jagad alam bawana iki kabeh “
Kulo (nama kita) ngaturaken sedaya lepat, nyuwun agung ing pagapura, sarta kawula
nyaosaken sembah begti kula konjuk ing ngarsa panjenengan sadaya, kula (nama kita) nyuwun
bebantu, nyuwun pituduh, nyuwun pitutur, nyuwun pituntun, sarta nyuwun pitulunganipun
panjenengan sedaya karewang-rewangana anggen kula .......... ( apa karepe ).
Tegese :
Lamuna kita ngelingi turuku, manganku, sabaku iki kabeh ngambak ana ing bumi apa ya kita arep
lali karo bumine mangka yen ngombe,adus lps, kabeh ngunakake banyu lha yen turu nentremake
apa wae iki kabeh kinemulan rina, mangka sak durunge aku lahir wis ana sing lahir luwih disik
kosokbaline yen aku iki wis lahir mbesuk ya ana sing wong sing lahir meneh.
Mula ya sinebut nganti sing lahir mau embuh nganti kapan tekane , iki mau kabeh saking
karsaning Gusti, lha yen “ dina pitu pasaran lima “ mangka iki saka wisik ing Gusti kang
kaparingake marang wong kang uwis gede Tapabratane, ewodene,“ Keblat papat lima
pancer“ mangka iki wewaton arah tujuane manungsa sak jagad rat iki kabeh, apa ya kabeh-kabeh
iki banjur kita lalekake, ya ora polah saya bingung mangka isine jagad rat iki ora karu-karuan
akehe, mula ya sinebut kabeh supaya aja ana sing ketinggalan utawa kaliwatan .
Ya kalebu aran wilangan sepuluh ingkang dadi sesebutan ing ngarep mau, sejatine menawa
gelem di sambat, dibegteni, di srawung, gelem ngeling-eling nganti bisa bebles, sukur-sukur lamun
bisa nganti nunggalake antaraning lahir lan batin, nganti bisa ngrasakake tekan ing gegeter njaba
lan jerone iki sak ora-orane ya mesti nuwuhake hasil utawa nggawa daya sing ora mung
sembarangan ,marga iki yen wis kersa krida utawa sanggup ngayomi lan kersa peparing bebantu,
kersa ngengrewangi, keparing saking karsaning Gusti, kabeh mau mesti bisa kaleksanan utawa
bisa mujutake gegayuhan apa wae sing kanthi cetha lan nyata.
Dadi isine kabeh mau ora bakalan nyamarake nanging aja lali karo pitukone sebab kudu
tansah eling tembunge “ Jer basuki mawa beya “ tegese duit-duit aja eman-eman kanggo mbayar,
wong biyen pas lahir ya wis diparingi sangu, menawa cara jawa tembung “ Jer basuki mawa beya :
iki uga kalebu rapal sing maksute, dek rikala kita durung ngerti banjur disekolahke wiwit TK
nganti tekan Universitas, iki mau pamrihe bisoa eling lan ngerti marang ilmu sing kudu di goleki,
mangka pira wae wuragat sing kudu dicawiske kira-kira pirang kilometer adohe dalan sing kudu di
tempuh lan kaya ngapa wae sing kudu di korbanake, mangka iki lagi golek ilmu durung ana
ngelmune , mangka kudu terus nganti tekan nggone panemu lan yen telune iki ora bisa katekan apa
ya ora eman-eman wuragat lan rekasane nalika ing ngudi, mulane ya eling-eling rapal sing wis
ditulis ing ndhuwur mau kabeh ing pamrihe supaya padha tansah eling kudu kepriye ta aku iki ?
dadi ya bisoa tekan nggone sing dituju aja nganti salah arah, yen kelangan lacak bisa dadi rusak.
Jeneng Ilmu iki : Isining alam ingkang bisa kapaparake dening para Guru, Dosen,lan para
winasis sing bisa nampa lan bisa medarake ing babagan cara apa wae sing metu
saka ing lisane.
Ngelmu iki : saka arane angel yen durung ketemu nanging uga angel sak bubare ketemu,
contone : umpama ora duwe klambi iki gelem ora gelem kudu ya golek kepriye
carane bisane ngangggo klambi, sebab yen ora di klambeni rumangsa ora
kepenak rasane, nanging yen wis kepenak nganggo klambi apa ya di enggo terus
ora di copot, ora di kumbah lan ora di openi sing pa mestine dadi cethane
ngelmu iki yen durung ketemu angel anggone ngoleki yen wis ketemu angel
anggone ngopeni serta anggone matrapake.
Penemu iki : tujuane sing paling bisa mestekake sebab wong yen wis duwe ilmu sing komplit,
ngerti ngelmu sing bener-bener bisa mumpuni kena kanggo ngrampungi ing
babagan apa wae, iki sak ora-orane ya mestekake bisa nemu hasil sing sarwa
nyenengake, mula diarani penemu iki sing tegese “ pen “ titik terakhir,
“ papan“tempat titik terakhir .
Umpama wong nulis “ sapu “ entuke unine ya “ sapu “ iki ya wis tujuane entuk-entukane , dadi
panemu iki yaiku tujuane bisa sarwa entuk piye wae sarwa entuk
Bali aneng panemu jeneng “ : pa” mono bisa di perang dadi telu umpamane
1. Apa : takon
2. Papan : panggonan
3. Pen: Arah “ tujuan = titik,pol,entek”
Mulane yen ana tembung peka iki mesti gampang nagkape utawa mesti ngerti sangkane asale saka
tembung “ “ ka” dadi ya gampang olahe ngerti asale lan tujuane, kepriye mengko dadine, ya
awit saka kuwi yen para winasis diarani jan matipat sing ateges lagi seprapat wae wis bisa tamat
dadi wis ora kakehan wektu olehe mikir, lha ya saka tembung-tembung kaya ngono kuwi kemau
jenenge “ : JAWA” kok nganti ngerti jawane yen di simak sing nganti njlimet lan gelem
ngopeni sing nganti teliti temenan wis ta kaya-kaya ora ana sing bisa madhani apa meneh
ngungkuli durung meneh budhaya sing liya-liyane.
Dadi yen wis cetha menawa wong jawa kuwi kinacek kinasih ing sak samaning ngaurip
mula ya ora aneh dek nalika tanggal 17-8-145 jaman kamardhikan jumedule KALIMA HUSADA
“ PANCASILA “ sing diandarakake dening pucuk pimpinan kita Bung KARNO ing atase mung
sak gaman bambu rucing ing wujute pring sing dilincipi wae la kok kanggo merangi mungsuh
granat bedil mriyam, mortir lan liya-liyane. nek cara nalar arak ora ketemu akal mangka jaman
mau Indonesia durung ana alat utawa piranti sing model-model kaya saiki la kok bisa-bisane
ngobahake nggerakake wong sak jagad ora mung trima wong sak Indonesia.
Mangka Indonesia iki wae ambane wis ora karu-karuan, dadi cethane mono yen ngono
wong jawa iki pancen bener-bener kinacik, kinasih karo sing ngelar jagad iki, mula kang saka iku
yen nganti lali karo jawane apa ya wis bener temenan, mangga sami dipun penggalih engkang
kanti wening kula nderekaken murih saenipun kados pundi, sak umpamane wong rumah tangga
mono jane tanah iki tanahku, entukku saka olehku gelem rekasa macul omah iki uga omahku sebab
gelem budidaya, makarya nganti bisa kena dienggo ngurip ben aja nganti kudanan lan aja nganti
kepanasan, lha isen-isen ing omah uga olehku usaha : golek “ lha nanging ya apa terus terima
madeg sak mono, terus leren ora mikirake anak putu lan turun-turunane mbesok ? mangka ing
jaman saiki akeh won sing pinter akal-akalan, menawa gelem nampa carane ana-ana wae supaya
aku kabeh iki ora ndadak kangelan aja nganti rekasa, panglembuke ana-ana wae carane, pamrih
supaya kita kabeh iki ora padha mikirake turunane mbesuk,mula yak katone ya gelem ngorbanake
apa darbene umpama mangkene sak wise bisa nduwe omah “ papan panggonan “ kaya ing duwur
mau kabeh, banjur mara nggawa oleh-oleh sing sak cukupe lan teruse melu nunut manggon ana ing
kono, tur ya gelem ngrewangi ngyukupi kebutuhane. lha yen ngene iki ora bisa olehe
nggogohi ,dupehne wis di cukupi kebutuhane terus kita padha kelenan lali karo tugas lan tanggung
jawabe dumeh wis ngrasakake kepenak, uwis cukup rumangsa uwis turah-turah lha ya ngene iki
sing marakake bisa nyulayani, dadi uripe uwis rumangngsa tentrem,ayem tur marem, ora ngertia
yen iki mau mung kanggo cara ben bodho nanging butuh diwareki wetenge dadi ya anak putu sing
nanggung akibate.
Dadi sing nduweni panguwasa mung manut manggon, anak putune sing duwe omah mung
terima dadi kuli, ya kaya alam sing saiki sing padha kita alami mula ya ana tenaga kerja Indonesia
ding di tekaki, sak jan-jane Indonesia iki sugih tenan, yen cara wong jawa diarani “ gemah ripah
Loh Jinawi “ tulus kang sarwa tinandur lan murah kang sarwa tinuku tegese “ tanduran “ apa wae
mesti bisa menehi hasil kang sarwa nyenengakake lan bisa kanggo mareki weteng nyukupi ing
kebutuhan apa wae lha apa meneh menawa nyawang laute lsp. Nanging ewa semono
gegandhengan karo kita padha nglalekake karo sumbere, mula dadine ya mung bosak-baseh , ora
karu karuwan marga kelangan lacak dadi rusak kepaten obor bisa nunak-nunuk, lali sumber dadi
aber, lali sumber dadi ketiwasan “ eling 3 “
Menawa kabeh mau kita tlusuri sing anganti njlimet, jebule kabeh mau ya mung saka kita
pribadi sing ora gelem ngrobah ing kahanan kang sak tenane ben bisa robah bisa balik ning asal
mulane, nanging aja nganti kuwalik walik sebab yen nganti kuwalik-walik mesakna turun-turune
mbesuk.
Sing uwis ya uwis dadiya pelajaran sing durung wae ayo pada dirobah bareng-bareng
supaya bisa dadi manungsa sing bisa kinacek kenasih marang sing gelar jagad sak isine kabeh,
koya jaman tembunge “ BALI JAWA KUNO “ tegese supaya menungsa urip iki aja nglangut aja
nganti kakehan gagasan ben aja salah, mula diparingi slimuran sing kira-kira kanggo pepeling
ngenggokake rasa ben aja banget-banget olehe ngrasakake anggone rasane sing ora kepenak
Sebabe urip iki ya mung ora sedina rong dina nanging pirang-pirang tahun kanggo nitene olo apik
ing swara, lagak, lagu......kala genahe tembung tambak lan tambahane.
PANGLIPUR
I. PUCUNG
1. Ngelmu iku dumadine kanthi laku, lekasane lawan kas, tegese kas nyatosani, setya bodya
pangembat ing duwur angkara.
2. Lumuh nganggur, kurang gawean puniku bisa ngambra-ambra, satemah anyulayani ,
wekasane mung dadi suka sedhela.
3. Yen kebanjur, tumindak kelantur-lantur,kesasaring arah tumuju ing papan sepi, krasa gela
tumindak kang tanpa guna.
4. Mulanipun, karepe aja diugung mundhak dadi gela, tiwas kaya diapusi, kandhung gela, tan
kena kabalenana.
5. Yen kebacut, keliru ing lakunipun, padhangan ing lakon satemene mbebayani, suwe-suwe
mung dadi ing panalongso
6. Gelem laku, lumampah kang sarwa emut, senadyan ngrekasa nanging bisa migunani,
wekasane tumibane sarwa begja.
II. MIJIL
1. Lali-lali dalan bisa lali, lawas saya katon, umpamaka wit-witan kang gedhe, tinutuha datan
bisa mati , mrajak saya sami, tresna hangrembuyung .
2. Dedalane guna lawan sekti, kudu andhap asar,wani ngalah luhur wekasane,tumungkula yen
dipun dukani, bapang sinimpangi cinatur amungkur.
3. Lamun bisa purun anglakoni, pantes tinuladha kang supaya becik tur apike, jroning laku ora
mbalenjani, tumemen sayekti, teka kang tinuju.
4. Sawise kelakon bisa dumadi, aja nganti lena duga-duga iki patrape, lumakua tansah ngati-ati,
selamet ing pangudi apa kang digayuh.
5. Pama kaki sira dipun eling, pitutur utawa sira uga satriya arane, kudu anteng jadmika ing budi,
pinter sarta wasis samubarangipun.
6. Dimene kabeh purun nyaketi, kudu bisa momong, aja rumangsa wis bisa dewe, terus
rumangsa ora perduli, kabeh siningkir ing pamanggihipun.
III. KINANTHI
1 Kanthi kaya ing panglipur, mreh sengsem bisa lestari, dadi asukaning nala, yuwa pegat
anggennya ngudi , ginulang-nulang ing karsa, muga bisa handayani.
2 Daya ingkang ginayuh,becik apik ing pangudi,lakuning ing sajroning tugas lumampah
ingkang permati, aja nganti salah arah, wekasan dimen pinanggih.
3 Pramula kang sarwa emut, kudune angati-ati, waspadha paningalira, tinaliti lahir batin,
mulata gegayuhira ywanganti salah ing tapsir.
4 Supaya aja keliru, langkahe ingkang pratitis, aja padha nunjang palang, sesrimpete disingkiri,
larangane aja tinerak, golekana murih hasil.
5 Yen wis panggih marginipun, lakune hangati-ati, prayoga aja semengka, mundhak ora
mikolehi, jumangkahe duga-duga , bisane prapting pangudi
6 Tansah bisoa rahayu, kabeh apa kang den udi, mrih kasembadan ing sedya, kalakon sengsem
pinanggih,tumata sabarang karya, nganti jroning panaliti
IV. GAMBUH
1. Sekar gambung mring catur, kang cinatur ,polah kang kelantur ,tanpa tutur katula-tula
katali ,kaduluarsa kapatuh, kapatuh kang dadi awon.
2. Mulane kudu emut, lamun tumindak sing ora patut, aja mbacut, becik padha disingkiri ben aja
nganti ketrucut pamburine dadi gelo.
3. Lamun nganti kebanjur, sabarang pola kang ora jujur,bakal kojur,sayekti tan bisa becik,
kadhung salah ing panuju, tan kena kabalenana
4. Becik apik ing tutur, pancen bener emut sarta jujur, purun nurut, eling gelem ngati-ati, dadi
prayoga sing kudu, kabeh-kabeh lakonana.
5. Aja nganti ketrucut, nuju seneng sing kebacut-bacut, nara emut, tembene ambilaheni, yen
nganti kecemplung kedung, mentase dadi rekasa.
6. Penak rekasa iku, among kabeh-kabeh saking laku, mula kudu, prayogane sing pratitis, aja
padha grusa-grusu sawangen ingkang pramana.
V. DORMA
1. Ora mundur watak satriya utama, tetep nggenira marsudi, senadyan bebaya ingkang dipun
adhepi, sayekti datan’ gu mingsir, tan kasamaran gegayuh amar sudi.
2. Mrih bisane kasembadan kang sinedya, lakune kang den kencengi, nora ringa-ringa, madep
mantep ing galih, tan kengguh panggodha yekti, percaya lamun, puguh mesthi dumadi.
3. Tekat sira kang saya ing ngambra-ambra, nebihake rasa wedi, pan saya ngrembaka, rasane
tinaleni, sumelang tan juwarehi, ing tekat sedya mrih kelakon ing pangudi.
4. Yen bisoa kelakon ingkang sinedya, aja keri ngati-ati, deduga prayaga,kabeh jiwa nganti lali,
dimene bisa lestari, sabarang karsa rahayu ingkang pinanggih
5. Aja rumangsa lamun bisa prayoga, kabeh kudu tinaliti, ngendi asal ira, bisa nira pinanggih teka
nganti bisa dadi begja nugraha, becik apik dumadi
6. Kalamuna karasa rumangsa bisa, sayekti ambilaheni, sesiku kang ana, mesthi bakal ngalami,
merga tan gelem nglakani, lantaran nira kudune tinaliti.
VI. SINOM
1. Saben menda saking wisma, lelana leladan sepi, ngisep sepu ing supama, mrih pana
prabawang kapti, pipiseng tyas marsudi, prabawaning puja ulun, mesu reh kasubratan, neng
teping jalnidhi, sruning brata, katampen wahyu jadmika.
2. Jadmika ing laku, nira tan bakan hangjuwarehi, gawe sengseming sesama, sayekti amikolehi,
dadi daya ing urip, bisa tenemu rahayu, kaslametan pinanggiya, sak solahe dadi misil, wohing
karya kena dipun rasak’ena.
3. Rasa kang nikmat sanyata, dadi suka ing ati, tentrem sumeleh ing nala, ayom ayem
hangayomi, pepadhang anyoroti, temuka sajroning kalbu, gumlethak kesanira, dudu darbage
tan milik, ora ngongsa sumangga karsa kang ana.
4. Butuhe mung budidhaya, nglampahi tugas ing urip. ora deman neka-neka, kaprah lumrah kang
den udi, sak derma hanglakoni, ala lan becik puniku, kabeh mesthi sinandahang, datan kena
disinkiri, luwih penak mung kari nampa lan trima
5. Sumarah pasrah sadaya, tan rinasa hangruweti, panalongsa tanpa guna, gelem tan gelem
nglakoni, tan kena diselaki, mung kari derma lumaku, sedaya wus kathatha maring kang
andum dumadi,lan kinodrat marang hanggelar jagad.
6. Hambege kang wusutama, tan ngendhak guna ing janmi, amuguna ing aguna sak salahe kudu
misil pintere den alingi, bodhone di nokok ngayun, ing pamrih den ina, sabar nrima jroning ati,
suka rila ing ina marang sapadha.
VII. ASMARADANA
1 Aja turu sare kaki, ana dewa ngangklang sajad, nyangking bakor kencanane, isine dongan
tetulak, sandhang kalawan pangan, yaiku bagianipun wong melek sabar narima
2 Lakune yen dilakoni dadi lelakonira yen butuh kelakon nyatane, Pancen kabeh ora gampang,
panggada pangrencana, puguh kuwati kukudu santasa ing lahir batas
3 Tujuan kang diugemi aja nyawang mrana - mrana golong giling ing tekate mangthengsa sedya
nira, lahir batin manunggal, sak uga engkang ginayuh, mrih kasembadaning sedya
4 Manthepaning lahir batin, ora perlu ringa - ringa, sumarah pasrah anane, sarawa apa tinampa
lan kudu anarima, sedaya wis dadi pandum wates garising hagesang.
5 Bebrayane ( gegarane) wong akrami, dudu bondho dudu rupa, nanging ati pawitane luput pisan
kena pisan, yen gampang luwih gampang, yen angel - angel kalangkung, tan kena tinumbas
arta.
6 Sumangga dipun onceki lakune sajroning gesang, sak daya mung derma wae, ala dikaya ngapa,
apik tan kira - kira, wis jinatah mring kang ngatur, tan bisa kasing kirana.
VIII. DANDHANGGULA
1. Werdining kang sasmita jinarwi, wruhing kukum iku watak ira, adoh marang kanistane,
pamicara puniku, weh resepe ingkang miyarsi tata karma punika ngedohaken panyendhu,
kagunan iku kinarya, ngupa boga lamun kalakuan becik weh rahayuning angga .
2. Pamedhare wasitaning ati cumanthaka aniru pujangga dahat mudha ing batine, nanging kedah
ginungung lan wruh lamun akeh ngesemi, angrepa angrumpaka, basa kang kalantur , tutur kang
katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan ririh, mrih padhang ing sasmita.
3. Sasmitaning ngaurip puniki, mangka ewuh yen ora weruha, kang jumeneng ing uripe, akeh
ingkang ngaku-aku pangrasane, sampun udani, tur durung wruh ing rasa, rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika, upayanen darapon sumpurna ugi,mring kauripan ira .
4. Jroning urip nggone rasa yekti, nanging pilih kang sami uninga, kajaba lawan tuduhe,
manungsa ingkang wis mupus, amutusna rehing pakarti, purun nampa narima, sadhengah ing
pandum,yen sira hayun waskitha, upayanen,manungsa mangkana ugi, sira anggegurua.
5. Lamun sira anggeguru kaki, amiliha manungsa kang nyata ingkang becik martabate, kang sarta
wruhing kukum, angibadah lan hangirangi, sukur yen oleh wong tapa,ingkang wus tumungkul,
tan milik pawehing liyan, iku pantes sira guranana kaki, sartane kawruh ana.
6. Kawruh becik apik handayani, nadyan ora katon kasat mata nanging gede prabawane, sipate
kaya lugu, among pemut ingkang dumadi,wekasan dadi lega,samudayanipun lamun purun
hanindak’na, bisa darbe daya ingkang mikuwati,sarta paring pepdhang.
IX. PANGKUR
1. Sekar pangkur kang winara, lelabuhan kang kanggo wong ngaurip, ala lan becik puniku,
prayoga kawruhana,adat waton punika dipun kadulu,miwah engkang tata karma den kaesthi
siyang ratri.
2. Saran ing kautaman, nora liya mung soko budi pakarti, kang olahing rasa kawruh, ngerti mring
laku nira,karep gelem hangudi dimene luhur, andhedasar andhap asor pangrasane purun ngerti.
3. Tan samar ing sukma,sinuk smaya win ahhya ing asepi,sisnimpe eling ing kalbu,pambukaning
warana,tarlen saking layap-liyeping ngaluyup, penda pecat ing sumpena,sumurup ing rahsa jati.
4. Jatining rahsa kang purna,oncot ira ora gampang dingerteni kalamun tan bisa mupus, mucuking
papanira,nara samar kabeh kang tansah diputus.pinandeng kawruh ing rahsa, sadaya wus den
andhemi.
5. Mandhep mantep lan percaya, ora sumelang karsa nira dumadhi,datan mingkuh ing
pakewuh,golong gilig ing sedya, tansah tekat puruna hangguyuh, nyawiji manunggal arsa
tumuju engkang piniji
6. Pangkur wuryaning gisaya, sak durunge sira kaki dumadi wonten pundi dunungipun, sayekti
saking sarah, bapa biyung kinarya lan tapam ipun, tan nedya putra mring sira ngrempakken
dayaning budi .
X. MASKUMAMBANG
1. Cipta karsa rasa daya tansah mbudi, lulusa bisa nunggal, luluh lan bisa alilih, ngayahi luhur ing
sedya.
2. Senadyan kaya wus kabeh tan kumawis nanging puguh ing nala, tan gelema diselaki, lahir
batin tekat panggah.
3. Sinawanga lahir batin kang dumadi,pancen nora kuwawa ora kena di pungkiri,nyata kaladuk
ing yuswa.
4. Amung kantun kang prabawa saya kang maksih, purun amengkanana, lan tansah hangetutwuri,
panyurung sajroning karsa .
5. Lamun kabeh padha bisa naliti,wujud dadine ana, asale saka ing ngendi tangeh aneh bugti
nyata.
6. Nyatane kabeh tan kena disingkiri, mung kari nglokanana ora bisa di selaki mung kari
hanglakanana.
XI. MEGATRUH
Garis-garis kang ana njaba wujute GUNUNGAN iki yen bisane nggambar mata angina umume
nudhuhake arah elor, nanging yen iki sebabe apa kok arah kulon lan arah wetan ana ngisor.
maksute:
Titenana menawa Surya ( srengenge) kae jumedule saka wetan mlakune menyang kulon menawa
jam enam esuk nganti jam wolu esuk kae sorot lan panase kaya durung sapiroa, dadi ya kaya
gambar dasare nganti tekan anggon menggoke ingkang kepisanan,nanging menawa wis jam wolu
tumeko jam sepuluh kae wis ana perobahan sorot lan panase, ewodene yen wis jam sepuluh
munggah nganti jam rolas kae wis bisa sudha sorote uga panase,dene yen wis tekan wancine surup
nandhakeke saya entek tugase, dadi terus ganti kahanan sing embuh piye mengka dadine, dadi
ibatare menawa gelem naliti sing temenan lan digatekake kae jebule ya padha tugasing manungsa-
manungsa iki sing padha gelem ngematake lan gelem ngrasakake tugas utawa uripe. Iki maksud
lan gambaran wedare sing ngrupakake wujud gambar gunungan, mula yen padha kersa simak’en
lan tithenana bener lan lupute, sumangga anggane padha menggalih sebab ngarang buku iki ya
dapur grayap grayap wong ya ora ngerti sak temene, kepriye iki bakeh wong ya durung ngerti
karsane sing nitahake, pramula sumangga kabeh-kabeh mau ya mung ana penjenengane kang
karsa marsudi borong sik sak kabehane.
Pucuk gunung nduwur dewe kae ana tulisan ( neng ) karepe menawa sing gelem meneng
( ora obah utawa tanpa obah ) tanpa polah kaya watu sing bakuh ora mobah, ora musik iki biasane
gawe urip ing mbok menawa wis bisa nglungguhake uripe, mula ya ora gampang biasane kene
pangrencanane bangsane thothok onggok sing ora karu-karuan tujuane mula yen cara tembung
mentherenge jenenge kebal, sing jenenge kebal mono aja mung di bacok ora mempan ditembak
mung mentheleng iki tegese : mung golek pengeram-eram ( nggumunake) yen cara jawa iki mau
tegese mung ngelmu sulap mula isine mung seneng ben karo di puji-piji, di alem lan dewedeni la
apa ya seneng wong urip dadi medheni arak ora mula, wong mrona-mrene mung isine diwedeni
uwong lian, bisa-bisa kancane padha mlayu kabeh dadi terus ora nduwe konca, mula yen cara jawa
nduweni tujuan memayu hayu hayuning bawana sing karepe, Jagad alam bawana iki kabeh
padha di ayomi dirukunake ditresnakake karo awake dewe. mula ana tembung para winasis sing
kaya mengkene: yen ngluruh tanpa bala, yen perang tanpa gaman, nanging kudu menang
sing ora ngasorake. Tegese: menawa kita gelem ngluruh kok ngajak bala mula bala mau ora
ngerti kenthang kimpule terus dadi korban ora ya ora mesakake sepira rasane durung mesthi yen
malu ngraksakake kepenake nanging kok wis dadi korban, lan yen perang kok ya nggawo gaman
iki apa ya ora mung butuh ngrusak mangka ngrumangsanana yen aku iki ora nyithak la ko dirusak
apa ora wedi karo hukume,mangka hukume iki ana telung (3) perkara, pisan (1) hukum lahir,
pindho (2) hukum batin, telu (3) hukum alam.
Nanging kok kudu menang tanpa ngasorake apa ya bisa? nanging wis diucapke dening para
winasis mesti bisa sebab ngendhikane para winasis mau ya saka wisik ing Gusti ingkang tinampa
cetha tur ya mesthi wis ora duwe kesamaran, ora duwe rasa wedi ora duwe rasa isin lan ora kuwatir
maneh.
Mula anane tatag, teteg, madep, mantep tur ya mesti kasile, sebab kabeh-kabeh mau ya wis
mesti di tudhuhake cara-carane tur mesthekake yen ana sing mbantu lan mitulungi, wong pitukone
kabeh tak kira ya wis dibayar kanthi temenan nganggo laku, mula yen ing nduwur ana tembung
sing “ temen bakal ketemu “.
Karep lan tujuane supaya yen ana wong sing arep nyidrani ben ora sida, nganti tekan awale dewe
arep tumindhak ala ora tekan atine ing pamrih bisoa temen-temen menawa kita kabeh iki mau ora
mung ngoyak-oyak ananing lahir sing ora tulus lan ora resik, mula ya keduwung luwung mlaku
apa anane sing penting bisa slemet.
Gampang ing tembung ateges ben bisa ngerti ala lan apik ing sajrune nindakake lakuning urip ben
bisa ketara cetha lan ngegla. dadi samubarang apa wae sing di kerjakake ben aja nganti salah
tujuan lan ya aja nganti salah arah ben bener-bener bisa dipercaya.
“ Tatas,titis,tetes,teteh,tata,titi,tentrem “
1. Tatas : umpama wong ngethog kayu olehe ngasas pirantine kudu sing landep dadi yen
diempakake ben aja nganti mung ngeselake tenaga “ bahu “ naning bisa nganti rubuh .
2. Titis : menawa kita arep mbedil (nembak) manuk nanging ora bisa bener pangarahe anggone
ngincer bisa-bisa mung tiwas kelangan peluru lan tenaga nanging ora bisa entuk hasile, apa ya
ora eman-eman ? tiwas kelangan ora ana apa-apane, intuk-intukane mung tiwas kegelan ora
intuk-intuk hasile.
3. Tetes : wong urip iki mono sak temene kaya gambarane kuthuk ( pitik sing durung netes saka
sajroning kulit ) mula isine ya mung klugat-kluget sing ora ana watese, mangka babone sing
wis ngengkremi ora gelem nucuki kulite sebab kuwatir menawa nganti nuthul isine njero mula
ya mung kudu budidaya dewe kepriye bisane kulit mau bisa ambrol lan bisane weruh padang
hawa aja nganti kemlekeren ana sajroning kulit, mula carane piye ? anggone bisa luar ya mung
saka awake dewe ( ingat-nasip manusia ditangan dirinya sendiri ) iki eling-elingen pedomane
Bung KARNO pucuk pimpinan kita, Presiden ingkang kapisan, eling 17-8-1945.
4. Teteh : tembung teteh artine iki kudhu sarwa cetha sing tegese “ yen siji ya siji, menawa loro
ya tetap loro , a ya a, b ya b, dadi aja plinplan ora clewa-clewo, “ umpama wis dadi jago
menawa wis bisa gelem kluruk ya bisa kluruk sing temen-temen kluruk, dadi kepenak yen
dirungakake tur yen disawang ya katon jago temenan, sak umpama dadi babon, ya sing kaya
babon temenan suarane bisa cethak dadi ora mbingungake dadi wujud lan suarane bisa
dirungokake kanthi cetha ora geseh karo uni lan wujute,perlune ben bener-bener bisa dipercaya
menawa kuwi mau temen-temen ora ngakali uripe, mesti bisa becik lan apik kaya apa anane
gampangane tembung sing temen bakal ketemu.
5. Tata : menawa kabeh mau wis padha bisa diwujudake banjur aturen dewe, tatane sing nganti
bisa kepriye carane supaya wong sing ndeleng bisa kapranan ketarik nganti bisa kasengsem,
lha yen wis bisa mangkana iku banjur nyandak ana ing titi.
6. Titi : ta-sing kaping enem “ titinen“ titenana sing nganti njelimet,endi sing ala lan endi sing
apik,endi sing keliru lan endi sing bener dadi ya ben nganti bener - bener kepenak
disawang ,dirungokake, dilakoni lan dirasakake ben aja nganti mawa kuciwa, duwe rasa gela
lsp.
7. Tentrem : karepe nujune ana ing nggoning kamulyan “ ka-anane mulya “ mula ya kudu ngati-
ati,aja keri,dhugo-dhuga dhigawa pamrihe ben aja nganti salah arah, aja nganti keliru ing
tujuane,perlune kena kanggo sampurnane mbesuk yen wis enthek tugase,kaya ngene iki
maksud lan tujuane aksara “ tulisan” ing nduwur dewe tekan gandenge karo tulisan jawa ing
ngisor iki, sak banjure ana tulisan “ “ :“ Ha “ karepe bisa luwih ing samubarang apa wae
“ “ : “ Ya “ tegese sanggup ( saguh ) “ “ : “ Wa “ tegese ( woh ) , “ “:
“ Nga “ (ing ngaurip). Karep lan tujuane menawa pada kelingan utawa gelem nyemak lan
gelem ngeling-eling, para simbah mbiyen iku yen kesandung utawa ketatap, mbuh kesandung
utawa ketatap sing lora, opa nemu sing kepenak, apa sing nggumunake, apa sing ala banget iki
munine “ “ : “ Hiyuwang “ utawa “ “ dadi kira-kira
ya uwis cetha menawa wong jawa iki bisa nduwe sesebutan “ Hiyuwang“ mula menawa padha
gelem ngelingi yen kita kabeh mau turunane jawa, urip ning tanah jawa, turu ning bumi jawa,
mangan wulu pametu bumi jawa, uga ngombe tuk sumbere banyu jawa, eling karo JAWA
KUNA ben bener-bener duwe JAWA aja HAWA, kendalekna urip iki aja mung sak kepenake
dewe, ngelingana urip iki akeh kancane tur kabeh ya padha butuh oleh pangayoman bisane
nggayuh barang sik apik lan becik “ piye carane “ ?
Ya “ aja lali sumber mundak dadi aber, lali sumber katiwasan “ mesakake karo turun-
turunane mbesuk, yen cara pramuka ana simbule unine “ tunas muda harapan bangsa “ lha yen
ngene iki mesakna sing isih cilik-cilik nganti tekan bangsane sing durung padha lahir, sebab
iku mau kabeh uga bangsane dewe aja padha nganti rekasa banget-banget ,ngelingana bangsa
Indonesia iki gemah ripah loh jinawi, lha ko arep padha nyambut gawe kanggo mangan wae
rekasa.lha yen wis padha diteliti lan padha gelem migatekake kahanan sing kaya mengekene
wujute, apa ya aku arep dilangsungake, apa patut lan becik di robah, mula ya mula kabeh ya
mung saka kita pribadi iki kabeh “ gelem ngrobah lan carane “ isa lan orane “ ya gumantung
ana kita kabeh.
Iki maksute : 1. Ha “ Maha Agung, 2. Ha “ Maha Asih, 3. Ha “ Maha Adil, 4. Sa “ Maha Suci,
5.La “ Maha Luhur, 6.La “ Maha langgeng, 7. Ka “ maha Kawasa “dadi menawa di resapi di
jlimeti sing nganti jlimet tenanan katone Gusti iki ana 7 kaya lakuning dina “ Senin, Selasa,
Rabu, Kamis, Ju’mat, Sabtu, Minggu, terus menerus sing nganti ora ana entek-enteke ora
karuwan embuh watese nganti kapan enteke, dek kapan lekasane langka sing bisa ngerti,
ngertenana wiwit simbah biyen lahir yawis ana nganti tekan anak putu mbesuk ya isih tetep ana
nadyan katone ora wujud cetha ngegla nanging ko ya isi tetep diarani ana nganti bisa digambar
ana ing tanggalan di etung nganggo angko, dititeni nganggo angen-angen lsp. nganti ora karu-
karuwan olehe mikir.
Embuh piye karepe lan apa tujuane nanging biasane uga terus padha di titeni utawa ya terus
padha di eling-eling sedenge bocah sing lagi TK wae ya wis padha gelem niteni yen minggu
padha libur, iki mau kabeh mung gegambaran utawa gegebengan kanggo cecekelan ing urip
sing gampang-gampang, mayar olehe niteni sala sawijineng pathokane urip aning urip ingkang
wis gumathok mula ya sumanggo ana kita pribadi iki kabeh, tak umpamana bocak sing lagi
sekolah sak temene Guru, Dosen, Sarjana iki ora ana sing bisa nggawe pintere murid ya
senadyan olehe mulang menehe conto-conto, gambaran-gambaran, wejangan-wejangan, nganti
kaya bisa mothol-motholna sirah sampek bisa nyuwilake lambe, nganti bisa noklekake lengen
lan sikil, lamun bocah mau ora gelem kanggonan entek-entekane ya mung ngobrol kaya barang
sing ora ana paedahe, semono uga wong tuwa iki uga ora ana wong tuwa sing bisa minterake
anake, ya senadyan digematenana nganti keliwat ukurane sing kepriye wae, diwuragatana, di
dongengana tutur-tutur sing nganti ajur, cerita-cerita nganti ngrembaka wis ta kepriye wae
carane nanging menawa bocah kuwi mau ora gelem sinau, ora gelem nganggo, ibarate ya mung
tiwas padha karo tutur ketawur sing wis ora ana kanggone ora ana apa-apane.
Mula ya ibarate awakku dewe iki yen ora tak rubah, lah ya sapa sing bisa ngrobah ?, dadi
cethane menawa cara wong omah-omah mono sing bisa natha omah kuwi mau kabeh ya karepe
dewe omah dewe. kosok baline wong jawa iki biasane dadi becik lan apik ya mung saka
bangsa kita dewe, lekasane ya mung saka pribadine kita dewe sing kudu gelem ndandani
awake dewe supaya antarane sesrawungan kita padha bisa gelem ngrobah ing budi pakarti kita
mulih Bali Jawa Kuna ben aja lali karo sumbere sing prelune anak turun kita kabeh
mengekene bisa mbalekake KAMARDIKANE lan PARATURANE supaya bisa nemoni
ADIL lan MAKMURE NEGARA INDONESIA iki dadi ben aja ana wong sing si
TEKAK !!!? ben mangan lan ngombene bisa lancar.
Cara wong butuh nyambut gawe ya ben gampang tur kepenak iki mau kabeh maksut-maksute
lan tujuane tegese gambar sing ana ing ngarep ing buku iki, ewodene menawa kurang cetha lan
durung jelas utawa butuh ngerti lan gelem nyrawung sumangga katuran pinarak ana GRIYA
SAMBUNG RASA Pasuruan .
TUGAS-TUGAS ING NGAURIP
Wong urip mono sak jane mung nduwe tugas telung prakara yaiku :
1. Netepi wajib
2. Ngayani pakaryaning urip
3. Ngestuti sabda sasmita karsaning Gusti
1. Netepi wajib
Tegese :
Bisa mangan sing wareg
Nyandang nganggo sing wutuh
Mapan manggon sing kepenak
Nggayuha kesenengan sing muruat nanging kudu nganggo ukuran
Kita kabeh mesti ya mung kasile saka pakaryane apa wae kebah kudune ya gelem
mbudidaya piye anggone carane makarya kudu digoleki sing nganti bisa nduwe patokan
pegawean embuh piye carane sing penting kudu bisa nyambut gawe, tur ya kudu sing bisa
hasilake kena kanggo bisa nyukupi anane tugase ben bisane kena nyukup kebutuhan apa wae,
ya saka kebutuhaning lahir uga kebutuhaning batin mau.
Sebab ngarep mau wis disebutake ananing lahir lan batine dadi cethane senadyan lahir iki
sugih yen batine mlarat mesti akeh-akehe binggung kerep-kerepe terus salah arah lan tujuane
ora kena dienggo wewaton “ patokan “ nanging uga ana tembung kosokbalene batine sugih
ning lahire ora cemepak uga katiwasan mbingungake ora karuwan genahe, mula becik lan
apike yak kudu di udi bareng-bareng biasane lulus nyawiji satu arah satu tujuan ( manunggal
kawula ing Gusti ) antaraning lahir lan batine, dadi aja keri salah sijine iki ana cara kanggo
nggampangake oleh tumindak supaya srawunge bisa becik, padang lan kepenak dilakoni.
Lakune :
Adus kramas sewengi ping pitu, goleka pitung sumber uga utawa nglakonono kungkum ana
kali sing pethuk, uga pitung wengi. Kari ngendi sing dipilih sumonggo.
Rapale :
“ Niat ingsun adus banyuku banyu cahyaning Hiyuwang tumurun saking jangkaning
Hiyuwang – Cahyaku murup – Gandaku wangi – Paningalku padhang – saking sih
peparing kagungan Paduka Gusti sarta sadaya saking karsa keparing paduka Gusti
Hiyuwang......... kawula nyuwun ........ Nuwun........ Nuwun....... Nuwun .
Terus adus yen ana sumber pitu, nanging menawa ana kali pethuk : kali tempur ya uga banjur
nyemplung terus kungkum sak betahe lamun kuat suwe nganti bisa ngrasakake banyu mau bisa
kaya rasane dewe dadi ora krasa yen banyu mau adem “ anane enak lan kepenak, iki luwih
kekuatane, maksud lan tujuane kenapa kok sumber pitu :
Supaya ing sak enggon - enggon bisa antuk pituduh duwung tahu di weruhi olehe pitutur
sing becik lan apik nganti tekan anggone ngomong awake - dewe iki aja nganti salah arah dadi
ya bisa ngomong sing cetha lan kepenak dirunggokake bisa oleh pituntun ben aja nganti salah
arah, aja nganti keliru dalane, dadi bisa tekan papan panggonane sing dituju kanti rancak tur
bisaa ana hasile sing bisa nengsemake lan menehi uga antuk pitulungan ben bisa kepenak uripe
aja nganti kecemplung ing jurang kacilakan .
Mula kabeh mau ya mung gumantung ana lakune dewe, sumanggo apa anane la ewodede
bab kali pethuk mau sak benere ya mung kanggo methukake antaraning siji lan sijine supaya
bisa padha kepethukake kabeh-kabeh, dadi karep lan tujuane uga padha, nanging kabeh mau ya
mung saka kita pribadi kepriye anggone ngudi sing temen ya bakal ketemu.
Mula ya borong ing sak kabehe, menawa cara jawa aja mung hawane tok-tok sing mlaku
nanging kabeh mau ya mung saka lakune, mula diarani laku iki sak benere ya mung saka
tembung “ ala-aku “ menawa di walik tembunge yaiku : aku iki ala “ mula ya digoleki piye
bisane becik lan apik, ora mung nggoleki salahe lian. Lupute wong lia lan kelirune kiwa
tengene wae, dadi sing penting bisane apik lan becik, aku iki kudu pepriye ?sing diarani kitab
iki aja buku sing ditulis dadi cethane buku iki duwe kitab menawa kitab iki ya dudu buku.
Yen buku iki mung bubuh uwuh utawa mung sawijining ater-ater, nanging yen kitab yaiku
di etap “ mula ya kudu wani ngetape “ gelem nglakoni .
Mula eling-elingen ana laku yen dilakoni dadi lakon nanging yen butuh kelakon dadi cethane
yen butuh kelakon ana laku iki becike ya mung dilakoni ben bisa kelakon dadi padha karo
ngunduh woh ing pakarti sing sak tenane, borong sing sak kabehe nek mung kari mbengok
kuwi gampang, nangin sing nglakoni iki ya sing obat, nanging sak benere menawa pancen
gelem mbunderake tekat sing sak temen-temen, ora ana jagad iki sing abot, wong ora gawe
mung nggunakake ora nyitak nanging melu ngrusak marga ana tembunge mengkene, Gusti ora
bakal paring gawan sing luwih abot saka takarane, kekuatane kang dititahake.
Dadi cethane menawa kekuatane iki mung sepuluh kilo paringane utawa momotane ya ora
bakal kaliwat sepuluh kilo malah sok-sok kurang saka sepuluh kilo, nanging gandeng coro
montore servis sing ora teliti “ pangopene manungsane sing ora titi “ mula ya angggepen
rumangsane gawane kaliwat saka ukurane mula ya sing teliti olehe ngopeni awake dewe iki
piye bisane entheng lan kepenak dirasakake, borong olehe ngoleki piye carane, borong ing sak
kabehe .
Ana patang werna arane
Eman-eman urip iki ora sepiroa suwene, mesakake bangsane, anak putu,buyut sing durung
weruh ngrasakake kepenake la ko ngerti-ngerti wis kesandangan rekasane, ya apa ora idhep
kara bangsane sing padha ngalami sing kaya ngono mau mbok mongga eling karo tandurane
dijaga sing becik-becik ben bisoa ana wohe sing nyenengake anak,putu, buyut lan pra
keturunane mbesok ben padha bisa ngrasakake wohe tandurane lan kangelane wong sing wis
padha tuwa-tuwa, bisoa adil, makmur temenan aja mung mendeg ana ing pangucap-pangucap
wae, lan bisa tulus sing sak nyata-nyatae, eling-elingen “ “ aja mung HAWA” aja
mung ngumbar hawa.
Lakune :
Iki diucapake ing sajroning 21 dina 21 wengi karo dipasani “ mangan sepisan buka jam 5 sore
nganti jam 8 bengi, menawa uwis jam 8 aja mangan aja ngombe nganti jam 5 sore meneh,
utawa 7 senin 7 kemis
Rapale :
Tatas, titis, tetes, teteh, tata, titi, tentrem, mulya.
Ing bab keterangane rapal ing ngarep mau wis ora kurang cetha nanging iki ana maksute ing
lakune, kenapa kok njupuk ing 21 dina 21 weingi, iki tujuane bisoa nduwe ukuran sak lilihi
ukuran kaya sing di karepake, ewadine laku 7 senen 7 kemis iki uga nduwe maksud sing
prelune ben aja gampang nyeneni lan aja nganti diseneni ing wong liane dadi bisa padha
imbang rasane, bobote ora bekeh, lha ewadine 7 kemis iki tujuane entuk
pituduh,pitutur,pituntun lan pitulungan.
Dadi cethane wong urip iki aja mung nggedekake anggone njaluk,emen-eman temenan ajining
awak iki ben aja nganti asor banget, wong demen njaluk ngono katone ya ora elek wong kabeh
mau iklase saka sing maringi, nanging menawa dipikir-pikir sing temenan jebule kok ya kaya
asor banget derajate, rungokno wong sing njaluk-njaluk kae tembunge kepriye, mengko ora
bisa krasa ana angen-angen nanging ya kudu diresepi sing sak temenan piye rasane, mula yen
pakde nduwe pepatah, sing unine mengkene “ Dari pada lapar dipasar lebih baik sakit di atas
bukit “ sing karepe mengkene :
Menawa aku kaliren utawa ngeleh ing tengah pasar mesthi akeh uwong sing menehi panganan
lan ngombe, yen prelu ya sok diwenehi duwit utawa dadi rerenggan lan dadi gaweane sing ana
pasar kono dadi suwe-suwe diopeni wong-wong ing kiwa tengene pasar kono, mula ya ora
samar kapiran meneh nanging terus ana tembung kosokbaline menawa aku iki uwis bisa
kecukupan ana ing ngomah gelem ora gelem mesti ana tembung piweleh , dadi cethane
kekuataning menungsa sing mitulungi mau jebule tak kira ya mung padha karo kekuataning
wong sing liane, malah-malah menawa aku iki bisa ndeduwean sing padha luwih, sithik wae
ana tembung sing ora ngepenakake kuping.
Umpamane mengkene sugihe kae wong ya gawehane ya mung ngemis “ la ora kepenak to
iki “ nanging beda menawa ana loro ing pucuk bukit umpama memang kodrate mati yen
pancen rasane dielosake isine mung lilo tulus lan sumarah marang purbaning ing kawasa, tak
kira matio urip ana kanane ya ora bakal kesasar dalane, nanging menawa urip tinardawa umure
tak kira ya ana pitulungane,embuh saka ngendi asale nanging mesthi bakal entuk kamulyan
sing sak temene, tur ya ora bakal ana piwelehe wong iki mau kabeh ing mbok menawa saking
karsane Gusti ingkang tansah paring pangayoman marang titahe, mula ya ora ana tembung
piwelehe, tur ya mesthi enak kepenak, becik lan apik dadi mesthi ya nduwe rasa kamulyan sing
ora ana tandingane, tur ya diatur prayogane kepriye wis ana kana kabeh sing mernahake iki
jenenge mulya sejati.
3. Ngastuti sabda karsaning Gusti
Tegese :
Sak banjure ana tugas telung perkara, jenenge ngestuti sabda karsaning Gusti mono
menawa ora bisa mahami katone kaya angel tur ya rekasa banget nanging sak benere ora
kaya sing di gambarake mau ana ing ngarep mula menawa gelem wae sejatine ya mung
gampang, nanging watone gelem nglakoni sing kanthi tumemen.
Mula kabeh mau bola-bali saka ketemenan kita pribadi, ewodene yen kersa latihan
mangga bareng-bareng tindak ana Griya Sambung rasa, ben aja kurang ajar, mongga
bareng-bareng belajar lan sinau, latihan nanging nuwun sewu aja nganggep menawa Romo
Suryo iki bisa lan nduwe wanti-wanti aja kagungan panggalih menawa Romo Suryo iki
wong ngerti lan lia-liane, dadi kabeh mau sifate ya dianggep kaya manungsa lumrah, wong
nyatane ya mung kaya sak lumrahe uwong sing ora ana apa-apane , padha – padha ora ana
bedane karo wong-wong liane.dadi cethane ya mung ayo-ayo latihan “ belajar bersama-
sama “ padha wulang bareng-bareng pamrihe ben nduwe kekuatan sing seimbang, bisa
nduwe gegambaran “ cekelaning urip ingkang gumathok ben aja keliru, bisa ngepasi apa
ingkang ginayuh.
Cara tembunge ki Nartasabda “ Teteken kang kanti tekun yekti bisa katekan “,
dadi cethane wong kita iki wis di paringi piranti sing genep, mula ya tanjakno melakuo
kanti gegondelan teken sing kita nduweni iki di gondeli sing kenceng lan digerakake
miturut apa ingkang kita karepake lan ngadek jumangkah ingkang kanti tememen mengko
suwe-suwe orao mesthi ya tekan papan panggonane sing dituju, dadi aja mung gondelan
teken karo thenguk-thenguk terus wae, lha kapan tekanane yen ngene carane nganti ya
tekan liang kubur ya ora bakalan tumekan, tiwas mengkene bisa binggung ana kuburan,
bisa nempel mrono, nempel mrene sing ora karuan tujuane, bisa-bisa malah kesasar dadi
pangguda pangrencana sing ora bisa mulih, ning papan asale mau-maune, lha ya ngene iki
sing diarani urip sing kesasar, tugas lan wektune wis entuk wadage wis dikubur lan ora
kena di gunakake nanging uripe isih nglembara sebab mau ora ngerti dalane, utawa
nalikane uripe tekene ora gelem migunakake sing apa mesthine, dadi yen tembung ing
ngarep mau dikandakake “ lali sumber dadi aber lali sumber ketiwasan “ kelangan lacak
dadi rusak kelangan obor dadi nunak-nunuk ( salah arah dadine ora karu-kuruan tujuane
dadi bisa-bisa mung mubeng terus sing ora karuan genahe lan ora ana entek-enteke ).
Wadah ing ngaurip iki bisane aja nganti keri marang sak pepadhane lan bisoa imbang
menawa ing ngarep mau uga ana tembung “ rumangsa bisa apa bisa rumangsa” iki uga padha
karo maksut - maskut ing ngarep mau dadi cethane menawa lagi mulya sejati iki senadyan
tanpa imbang naging durung tekan anggone sejatining mulya, lha mulya ya kudu sing ngati-ati
amarga iki isih akeh godha lan rencanane marga iki bisa wae lagi di coba utawa di uji kuwat
lan orane, mula ya sing ngati-ati olehe nindakake sukur-sukur bisa nutugna lakune terus ben
nganti tekan ngone sing diarani sejatining mulya dadi ora bakal nyamarake sebab menawa uwis
bisa menthog ana papan pangonane sejatining mulya wong urip iki anane mung tentrem, ayem,
ayom tur bisa tenang banget anggone ngayahi ing babagan apa wae, tur bisoa mestekake kerep
hasile katimbang orane, mula yen ana karangan tembung sinom kae ana sing kaya mengkene
“Hambege kang wis utama tan ngendak gunaning janmi, amiguna ing aguna, sak salahe
kudu misil, pintere den alangi bodhone dinakok ngayun ing pamrih den imoa, mring padha
padhaning janmi, suka lilo ing ina marang sepodo” lha ya kaya tembung lan tembung ing
nduwur iki mau, menawa uwong sing wis katekan lahir lan batine, uwong kuwi mau ora bakal
ngatonake ing kabisane lan ora bakal mamerake nanging malah kapora ditutup-tutupi apa sing
di darbeki “ ibarate kaya wit pari kae yen tambah mateng ya tambah ndingkluk “
Dadi menawa dielem, dipuji-puji, dihormati sing sak karepe, ora kaya sipate wong urip lia-
liane kuwi wae malah ora pati di gatheke apa meneh yen nganti diwenehi, iki rasane sajake ora
kepranan tur meneh yen sedeng lagi nesu wae katone ya ora ketoro mula pinter olehe
matrapake yen dijupuk tembung menterege “ sinamun sinamu dana, pepadone adu manis”
wong urip iki menawa wis tekan olehe duwe pangudi ora meneh menawa wis kuwat lan bisa
dadi pangayoman, kena kanggo ngayomi kiwa lan tengene, ngarep lan mburine, bisa kanggo
paran pitakon ing babagan apa wae, utawa kena lan enthuk di jaluki apa duwene lan apa anane
isine mung sarwa lega ngene iki sak ora-orane mesthi wis bisa mesthekake manungsa sing
kaya ngono patrape mau mesti bisa ngertine lan bisa mapan ana ing pepanggonan sejatining
mulya sing sak tenane .
Marga laku sing kaya ing nduwur iku mau kabeh bakal kena kanggo pancatan bisane
tumuju ana ing papan dununge sampurnane, ing mbesuke yen wis tekan garis lan pasthine
mbesuk yen wis bisa ngertine ing sak wayah-wayah ditimbali ana ngarsane kang hanyitaptaken
utawa kang hangasta kodrating ngaurip mula ya mula aja lali marang piwelinge “ duga-duga
digawa, ngati-ati aja keri “ cekak aose aja hawa “ jawa “ kendalekna urip iki setira sing
kenceng sing becik lan sing apik aja nganti salah arah lan aja keliru tujuane, elinga karo
sumbere asale” saka ngendi “ balia” muliha menyang nggone asal mulane, mula banjur diarani
“ mulih mula, mula nira ( sampurna ).
Lha ya nggen iki ancas lan tujuane ngarang buku iki, ben karepe nduwe gegebengan ing
ngaurip ben bisa nduweni gambaran-gambaran sing kena disawang lan nduweni patokan sing
kenceng kena kanggo gondelan, utawa nduwea teteken sing apik karo mlaku alon-alon
gujengan teken sing bakok karo sinambi jumangkah, mengko suwe-suwe rak ya tekan karo
nggone sing dituju, Alon-alon waton kelakon , gremet-gremet waton selamet “ teteken kang
kanthi tekun yekti bisa katekan “ sak uger gelem tumindak tekene iki diengo rambatan lan di
gondeli sing kenceng karo ngadeg jumangkah, aja mung digondeli karo lingguh tenguk-tenguk,
lah yen ngono banjur kapan tekane, tiwas ora ana paedahe, diparingi srana teken karo sing
paring urip eman-eman yen ora digunakake.
Menawa srana patute becik lan enake ya mung kanggo nyranani. Lan yen mau becik lan
kepenake ya kanggo tekenan karo mlaku alon-alon, dadi ben ngerti guna lan paidahe dadi ya
aja padha digawe tenguk-tenguk terus, pamrihe ben padha bisa nampa lan padha bisa tresna,
mangka yen gelem, dadi aja nganti nduwe rasa kemrungsung, kemrangsang, kemrengseng, sing
tegese kemrungsung yaiku jagad mung sak mono wae, la kok arep murka-murka tiwas ora bisa
entek, bar-barane mung tiwas ditinggal samprung jeneng rak ngibadir, sing tegese
Kemrungsung yaiku la apa sikile ana pirang meter kok dalan sing ora karu-karuwan dawane
arep dijangkahi sepisan ben cepet tekan nggone iki jenenge orak tangeh lamun, la nak sing di
arani kemrengseng yaiku kaya wong nggodog banyu kae sing lagi kemrengseng terus banjur
digawe wedang, ngono kae banyune bisa marakake weteng mules, mula becik lan apike
ditanpa wae lan diterima apa anane, gari nampa lan narima sing diparingake sing tukang
andum iki luwih enak lan kepenak, mula sumangga anggon kita gelem nampa lan narima apa
ora, kabeh mau gumantung ana pribadine dewe kabeh.
La yen kinanthenan, temen, sregep,disiplin lan teteken kanti rasa tekun mau nganti bisa
titen lan niteni ing samubarang kadadeyan apa wae ingkang diweruhi terus gelem nyathet ana
sajroning pengangen-angen mau dadi rumangsa nganti ora dirasakake, ngerti-ngerti bisaa titis
ing pangucape, kaya-kaya bisa ndeleng ing kahanan, mula ya terus kaya bisa dinyatakake,
mula sok-sok ya bisa ngepasi ingkang bakal ana ing kedadehane nanging kuwi ya mung sipate
gagap-gagap,gogoh-gogoh, yen cara tinembung sing moncer ya mung padha karo ramalan,
mula kaya ya kena dipercaya lan uga bisa dipaido. kabeh ya mung gumantung ana pribadi kita
kabeh, sumangga kepenake priye.
Menurut naluri JAWA tinggalane sujanma ingkan wis ketrima ing laku jantrane lan wis
kepareng saking kersane pinaringan ing kagungane ingkang hanyiptake ana satra tulis” 20 biji,
utawa 20 aksara iki pancen bener-bener nggawa pituduh, pitutur, pituntun, pitulungan ingkang
sak apik-apike tur ya sak tenan-tenane, dadi menawa dijumbuhake karo kahanan iki pancen ya
bisa lan bener - bener kena dinyatakake, umpama anane 2 iki mung saka kenyataane. Ana,
lanang wadon, susah bungah, rekasa kepenak, peteng padang lsp. Dadi iki benr-bener menawa
jagad iki isine ya mung werna 2. La anane angka 0 iki tugase mbesuk menawa wis tekan
wancine utawa wayahe pinundut entek tugase kabeh iki uga bakal bali ing asale, ora ana apa-
apane, kaya nalikane durung ana apa-apa kaya pindane bumbung wungwang, anane mung
awang-uwung : kosong kabeh “ nanging kabeh mau menawa isih situgasake banjur ana uripe,
menawa yen diwaca loro-loro uga bisa ana tujuane nganti bisa diwaca papat-papat lan lima-
lima, uga nduweni arah lan tujuan ingkang gumatok,umpama diwolak-walik uga ana karep lan
tujuane ingkang bedha-bendha artine, utawa gelem milah-milahake, uga ana sing ngelok-
ngeloki kaya maksud uga nduwe wedaran meneh sing bendha ing kekakrepane, contone
“ “
Aksara 10 ing nduwur iki bedha patrape karo aksara 10 ing ngisor iki
“ “
Aksara 10 ing nduwur lan 10 ngisor iki bedane menawa ing nduwur kabeh ora gelem mati,
nanging bisa rubah sipat lan wujute, tur bisa kena dadi sandhangan, nanging menawa 10 sing
ngisore gelem mati, ing sak nggon-nggon ngendi wae sing padha mbutuhake, mula menawa
gelem ngatur, ditata sing patrap lan apik, uga kena dianggo rapal ing nduweni daya kekuwatan
sing ora setitik, nanging ya kudu gelem nglakoni : nebusi “ sarana laku dadi kelingana ngelmu
iki dumadadine kanthi laku, nanging menawa pancen butuh iki :
Lakune :
Mangan woh-wohan terus ing sajroning 7 dina 7 wengi, utawa aja mangan sak liane buah-
buahan lawase 7 dina yen wis ditutup nganggo pati geni ( mlebu kamar sedhina sewengi )
Ya ja dha ru cah
Nga wang nye tha ha
Bu di ka sa pa
Ge le ma na ta
Murkane ora entek-entek, mula ta mula elingen tembung aja hawa : “ JAWA” iki sing bisaa
ngendaleni, nata, ngatur, niti piye bisane becik lan apik aja nuruti karep, karep kuwi biasane
ngapusi umpamane mangkane nuju lewat ana dolan weruh wong dodolan nomer, mangka pas
duwe duit gek mau ana wong menehi ramalan sing pas karo karepe dewe, la iki banjur dituku,
wong bisa nuku naming metune gesek la ngene iki apa ora tiwas kapusan, mangka karepe
golek undake nanging nyatane malah kapusan mengkono iki contone lan uga ana contok-conto
liyane, mula-mula wanti-wanti aja nuruti karep, karep kuwi ngapusi sing padha mulat.
BABAR ING PANGLIPUR
Ing ngarep ana tembung panglipur sing cacahe ana 11 pupuh, dene karep lan tujuane mesthi
uga wis kawedarake, nanging apa sebabe “ Potcung “ kanggo nomor 1.
Potcung
pot tegese iki padha karo puput wis ucul entek “ kempot”. “ cung “ padha karo pasrah
sumarah “ sak karepmu “ dadi tegese menawa antarane lanang lan wadhon wis pasrah
embuh mengko piye dadine nanging terus nduwe pangrasa ingkang manunggal dadi lepas
saka ing apa wae iki karep lan tujuane potcung.
Mijil
tegese menawa wis gelem pasrah lan sumarah biasane terus dadi mijil ing bibit metune wiji
mula terus bisa anurunake, ya iki mau babare mijil utawa metu.
Kinanthi
tegese di kantheni utawa diparingi kanca, tujuane gawenan nglipur ben seneng openana,
rumaten kanggo kanca bebrayan.
Gambuh
Tegese gambuhana utawa cocokna, gatugna, marang kahanan pimpinen, wulangen
warahana ben bisa kaya lumrah ing kahanan sing sak mesthine
Durma
tegese tembung durma iki isine menawa anak-anak sing durung duwe nalar utawa pikiran
sing cetha, anane gugu butuh sak senenge dewe, mula terus bisa-bisa marakake dadi udur
masalah ing antarane siji lan sijine.
Sinom
tegese lamun bocah mau wis nyandak umur lekas ngerti arah lan tujuane, biasane terus
gelem lumaku nanging mung butuh sak geleme dewe, mangan ngombe wae kaya
dilalekake, mula ya ing kene iki menawa wong tuane ora bisa anggene ngarahake biasane
kerep-kerep salah langkah sok-sok gelem tumindak sing ora sak mesthine dadi banjur
keliru dalane, mula ya sing ngati - ati menawa duwe anak ngancik ing tataran nomer 6 iki
anggon gawat, la ya ngene iki menawa ana ing nduwur mau diarani yagabrata.
Asmaradana
tegese sengsem “ demen “ dana : weweh “ mula menawa bocah wis ngancik wayah remaja,
terus demen marang weweh marang sapa wae ing rumangsa kalebu ana ing rasa lan atine
pamrih kanggo narik kawigaten supaya ditresnani ing sapa wae mula ing kene iki terus bisa
nyandak anane pepinginan kanggo mbangun ing bebrayan, bisa tansah becik lan apik ing
sajroning uripe. Ing kene iki bisa tansah sumeleh rasane lahir lan batine kanthi kepenak ing
samu barang apa kang den tindakake.
Dandang gula
tegese bisa apa kang di tindakake sarwa bisa memanisi ing rasa lahir lan batine, dadine ing
sarwa bisa enak lan pepenak ingkang kagayuh, bisane ayem,ayom, tenrem ing samu barang
pari polahe. Bisa sinuyudan ing sapa wae ingkang padha srawung, mula ya kudu bisa
memanisi ing samubrang pakartine ben bisa sarwa legi kaya rasane gula.
Pangkur
Tegese wis bisa sarwa manis kaya rasane gula banjur ing rasa aningkarake bisa
angepangake sing kanthi jembar, bisa kena kanggo pangayoman marang sapa wae ingkang
lagi kepanasan utawa kudanan, pamrih bisa kanggo ningkarake wiji sing apik lan becik,
nanging kudu sarana nganggo ukurane kekuawatan sing didarbegi/diduweni. dadi kudu
nganggo pithung sing genep, aja mung bisa dumeh bisa, mundak ngrekasakake ing sak
kabehane. Dadi aja lali duga - guga digawa, ngati-ati aja keri. Ngelingana mengko
ngambah ana ing angka 10 iki tembange.
Maskumambang
Tegese biasane menawa wis nyandak tekan nomer 10 iki sing akeh kari pamujine, mula ya
mung angkane 1 karo 0 karepe ya mung bisa kari bali utawa mulih menyang asal mulane.
Mula awake ya wis loyo, lan kekuawatane ya wis ora ana, umure uwis akeh, kulite pating
kerut, mangane wis ora enak, turune ora kepenak, lungguh wae rasane wis ora jinak, mula
ya wis kaya mas nanging ora ana kanggone, jenenge wae ya wis kumambang dadi kaya wis
ora ana paedahe.
Megatruh
tegese megat iki padha karo misah, ruh tegese nyawa, utawa pisahing raga lan nyawa,
utawa disebut alam ing kasedan jati. iki manungsa menawa wis gelem ngudi teka pasinaon
ing tataran 6 engkang ditembungake “ sura, laya, brata .
1. Sura tegese wani
2. Laya tegese mati
3. Brata tegse laku
Dadi cethane menawa wong urip mau wis gelem latihan utawa sinau mati, iki mbok menawa
wis ora bakal kasamaran ing babagan apa wae ingkang bakal katempuh, wiwit sangkane nganti
tekan parane yen tumrap ing ngelmu sinebut sangkan paraning dumadi, ya ngono kuwi
babaring panglipur ana ing nduwur mau, ewohdene kurang lan luwihe borong ing sak kabehe
mung gogoh - gogoh. bab bener lan lupute sumangga anggon kita padha menggalih, kepriye
pamrih becik lan apike pangripta mbutuhake kasinaon bimbingan lan panyaruhe. Mula
mawantu-wantu kersa ora sujana ing pambudi kersa paring pitulungan bisane dadi becik lan
apik kanggo anak putu ing mbesuk ben bisa dadi manungsa sing utama.
Kanggone wong JAWA khususe, wurakabana wong ing nuswantara umume perlune ben
aja banget - banget olehe padha rekasa bisa memayu hayu rahayuning bawana “sak jagad bisoa
selamet kabeh” dadi urip iki ben ana kanggone, ana paedahe, aja urip tanpa guna, urip iki
gunakna sing sak apik-apike. Sak temene ora ana kang bisa ngrubah kajaba ya mung saka
awake dewe, mula mangga - mangga kita padha ngrubah budi lan pakarti kita supaya wong iki
bisa ngerti marang JAWA KUNA aja malah dewe panganggep menawa JAWA iki rumangsa
wis paling ala ora gelem nglakoni marang JAWA KUNA, apa sebabe ? sing ngarang buku iki
nate krungu jawa iki dianggep aliran sesat, nanging menawa gelem ngonceki kaya wong
mangan duren, kulite di buka banjut klamutane dipangan banjur ponggene ditinggal jebul sesat
iki enak banget, tegese sesat samubarang sarwa tata tulisane.........lo ora kepenak to iki, dadi
tumindak samubarang apa wae ora mung angger ngawur, dinalar dipikir, ditata bisane becik lan
apik, aja mung butuh bras-bres, telitinen, tatanen piye carane ben kepenak becik tur ya apik
kudune, ya sak - sake sing tata, aja sak - sake iki malah dianggep ala, ya ngene iki sing apik,
sengsema, sarwa, tata tembung cekake sesata, la ya sak banjure iki malah ana piwelinge saka
pakde sariengat sing unine : mawanti - wanti dadi wong urip mono aja demen nyacat, maido,
nyireni, nyalahake, ngluputake kliru ning liyan, sebab menawa kaya tembung ing nduwur mau
ingkang ditindakake sak jagad iki ora ana uwong kang sampurna, mula isine ya maneka warna
ing kahanane, dadi becik lan apike murih kapenake ya padha golekana dewe - dewe supaya
bisa becik lan apik iki ana ngendi papan ngendi panggonan mesthi bakal di rumati lan
digemateni nganti sok bisa dielus elus, di iling - ilingi, dijlimiti lan di openi karo wong sing
bisa katarik marga saka becik lan apike barang kuwi mau.
Mula yen tembung jawa diarani “ laku “ sing ateges ala aku, aku iki ala. Mula sok
direwangi mawarna-warna lakune sebabe mung kepingin bisane becik lan apik, umpamane isih
cilik wis disekolahake nganti pirang - pirang tahun iki lagi ilmune, terus yen wis gede demen
kumpul marang sapa wae sing wis duwe pengalaman nganti bisa nggoleki sing werna - werna
saka tujuane lan sak panunggalane, la ya ngono iki mau kabeh ya mung kadereng saka rasa
pamrih becik lan apike, mula yen ana tulisan ing nduwur mau, ana laku yen dilakoni dadi lakon
nanging yen di butuh kelakon, mula ya mung sumangga kersa anggon kita padha marsudi
gelem lan orane, ala lan apike, rekasa lan kepenake ya mung ana awake dewe, gelem ngrobah
apa ora, anane ya mung sumangga.
Pramula kang saka iku mau kabeh supaya bisa nampa lan narima pamrihe ben bisoa
gumletak lan sumeleh rasane kabeh mau ana lakune yaiku : ing sajroning 40 dina .
1. Aja mangan bangsane amis - amisan, kaya susu, endog, iwak lan liya - liyane kalebu
bumbu
2. Menawa uwis mangan sak piring aja nganti tanduk, nanging kudu bisa resik aja
nyisakake mula ya kudu bisa pas
3. Yen turu menawa uwis ngelilir “ tangi “ aja dibaleni turu kono meneh, kepara pindah
panggonan aja wegah
4. Ngombene yen bisa ya terus langsung dientekake sepisan wae, aja dijogi yen durung
nganti wegtune
Iki lakune sajroning 40 dina 40 wengi, luwih akeh lakune mbok menawa ya luwih akeh
kekuwatane dadi menawa akeh mbayare oleh tuku utawa nglakoni tak kira ya sing luwih kuwat
becik lan luwih apik, mula borong olehe anindakake.
Rapale :
Nyuwun sabar, nyuwun longgar, sedar binger saking peparing kagungan paduka Gusti
sarta sedaya saking karsa kaparing paduka Gusti kawula nyuwun ......
Maksute lan karepe “ nyuwun “ njaluk “ sabar “ tegese aja gampang nampa lan tumindak ing
samubarang apa wae, lamun durung bisa nggambarake kepite mengko dadine. “ longgar
“ tegese bisoa nduweni wawasan ing kaya weteng segara gulu bengawan, dadi menawa nampa
ing babagan apa wae ana ing njroning angen - angen ora suk - sukan kaya jembare bengawan
sak lautane pisan senadyan bathang apa wae lan samubarang apa wae ora bakal nolak lan ora
bakal mbedak - mbedakake ewadene ala lan apike mengko arak ora rumangsa bisa nanging
bisao rumangsa. Menawa iki mung ora sapiro nanging bisa nampani kanthi longgar ing sak
kabehe.
“ sedar “ tembung “ set “ iki padha karo ditaleni utawa kebadha, dhar tegese : “ucul “ dadi
menawa menungsa-menungsa iki katone mono ya kaya bebas nanging sak benere urip kita iki
kabeh ana ing sajroning bebandan, umpamane mengekene menawa aku nyawang barang kuwi
kok apik banjur bisa ketarik lan keranan, la yen wis ngene iki ora bisa ucul rasa kang trenyuh
mau wis apa ya mung kuwi gegayuhane urip …. ? terus liya-liyane ditinggal ? la yen wis ngene
iki dadine arak ya kaya pitik kuthuk sing ora bisa netes saka ing sajroning kulite, dadi menawa
umure diarani kemlekeren, mangka babone ora gelem nucuki kulite sing endhog mau, menawa
sing ana ing njero endhog ora gelem budidhaya piye carane bisane “ sedar “ iki tegese set-e
bisa udar
Bacute ning tembung “ Bingar “ bibiting ngaurip kang raras iki mono menawa ora
dilakoni ing kanthi temen - temen tengah lamun bisa katekane, mergane dilakoni nganti ora
karu – karuwan carane wae terkadang isi akeh kena goda lan rencana bangsane sing ora seneng,
-mula ya sok terus kagiwang, terus bisa salah arah lan tujuane, sebab bangsane tho-thog
onggrok iki bisa - bisa wae olehe golek dalan, carane ben bisa kepincut lan katut, mula ya sing
waspada.
La ya ngene iki guna lan paedahe menawa manungsa padha gelem mersudi ing babagan
sekolah, sinau, latihan ben aja nganti diajar, dadine diarani landhep.
Carane ngolah, mikir, ngangen - angen katone tengen, gampang, kayane tenang - tenang wae
rasane ora polah ora mobah nanging sok mesthekake hasile “ akeh hasile “ tur ya kena
dirasakake kepriye mengko dadine sing cepak akeh hasile yen ditimbang karo orane. Mula yen
cara JAWA diarani peka “ janma limpat seprapat wis tamat “ bisa ngerti carane takon,
waruh papan lan panggonane tur ya bisa nangkep tekan ngendi mengko entek - entekane, kaya
wis bisa njupuk ing keputusane, dadi bisa maremake lan mantepakake rasane. Mula isine mung
madep mantep, percaya ora bakal nduwe rasa was - was lan sumelang samar, kuwatir, wedi,
isin lsp. Isine mung sumarah, pasrah marang purbaning kawasa kabeh ana sing nggenahake
kepriye kersane mengko arak ya diatur lan ditata karo tukang ing nata, pancen urip iki menawa
ora bisa olehe nampa lan narima anane ya mung ngangah - ngangah rasane kurang, kuwatir,
gela, kuciwa lan liya-liyane, nanging yen pancen gelem sumeleh sing kanti gumletak tenan
jebule enake ora karu - karuwan.
WAYANG
Wayang : “ Wa “ – “ Ya“ – “ Ng “
“ Wa “ ateges woh
“ Ya “ ateges saguh
“ Ng “ ateges ngaurip
Wayang gunane kanggo tuntunan sing karepe nuntun nyang dalan ing kautaman, tontonan
sing tegese nduweni bobot sing antep lan kena kanggo ngepras sing mendukul, nguruki anggone
sing legog. dijupuk saka tembung sinom unine mengkene “ basa kelir iku raga, wayange sukma
sejati, dalange iku utusan, balengcong wahyuning urip, widi iku cahyaning uripku, nyrambahi
badanira njaba njero ngadep nginggil, cipta rasa budi karsa sung tuladha”.
Asale wayang miturut angitane pakde Sariengat kabeh mau ya mung saka jawa sing uwis
banter lakune, Gentur tapane, mateng semedine ing wusana kaparing apa ingkang dadi sedya ing
wusana, pinaringan ing panyuwune, kinabulake sak laku jantrane kuwat lan kena kanggo tuntunan
ing uripe ben kena diconto utawa tinuladha di gugu reh perintahe, ing pamrih bisa urip mulya mati
sampurna. mula terus ana lakon Mahabrata sing tegese maha kuwi luwih, Brata kuwi laku dadine
yaiku “lakune sing linuwih” bisa nampa ing kanugrahan la iki ganjaran peparing ing Gusti,
keparing lan pinaringan ana lakon perang bratayuda, dadi sak benere wong urip iki kon nglakoni
lakune perang lahir lan batin, mula ya kudu sing prayitna, gladhinen, latihen, sinauo ( sekolah ).
olah raga, olah rasa, olah sukma, olah suwara lan olah cahya. Maksak’en ben mateng aja nganti
dipangan metah - mentah nah mula saiki mung kari mikir, aku iki gelem apa ora ? olah - olah
supaya bisa antuk kinacek, kinasih, kinayoman marang ingkang hayiptakake jagad, dadi mangertia
menawa manungsa urip iki ya mung diutus ngalakoni tugas ing ngaurip, pramula kudu sing eling
aja nglalekake karo tugasing urip.
Sawise ngerti asale wayang terus bisa nyakep anane gamelan. Sak temene lamun wong urip
iki mung ngrungokeke anane pendidikan batin terus menerus iki anane ya mboseni, mula terus
pinaringan sasmita anane panglipur lan mula diparingi kanggo larasing rasa bisa gathuk ana ing
lahir lan batine, dadi ya wis cetha lahir saka batin, lan kuwating batin saka lahir, dadi manungsa
bisa mau bisa manunggal dadi siji.
1. “Tumetesing banyu suci perwitasari kayugong susuhing angin, sing manggane ana gunung
Abramuka”.
2. “Babaring jimat Kalima Husada, sing dipundi dening Puntodewa ( PANCASILA )”.
3. “Wedaring Wahyu Sastra Jendra Hayuning Rat Pangruwat ing Diyu”, iki wis pathokaning
wewaton “ Pakem “.
Dadi aja mung ngawur wae, 3000 tahun sadurenge masehi jawa kuwi uwis ana mulai saka
aksarane, gambarane, gegebengane pandumaning urip iki wis cinekel para winasis ing jaman
“ KUNA MAKUNA “ mula ya bisa ngerteni lerenging jaman sing bakal tumeka kabeh mau ya ora
mung saka gendinge teteke banter, genter tapane, mateng semedine, wening ciptane. kabeh mau ya
saka karsaning Gusti, mula tinembungake sing temen bakal tinemu.
Marilah kita membangun mental dan budaya kita kembalilah kepada “JATI DIRI” kita yang
sesungguhnya yang telah hilang.
Aja padha gelem dijajah mesakne anak putu buyut canggah mbesuke iki kabeh butuh kemakmuran
kesejahteraan kebahagia yang “MERDEKA dalam KEMERDEKAAN” .
Cuthel
..............ooo0ooo..............
{Dibaca setiam malam jam ganjil, jam 23.00, 01.00, 03.00}
1. Rahayu ingkang sami pinanggih, widodo nir ing sambikolo, tinebihno sakatahing bilahi,
cinaketno agung ing redana mugi tansah manggih suko raharjo bagyo mulyo, antukno
wahyuning Gusti ingkang cumandok ing jiwanggo kito sadoyo, waradin sagung dumadi,
satuhu, satuhu , satuhu.
2. Dimen antuk asihing Hiyuwang lilo, tulus, suci, jujur ing wardoyo, Eling panduming parkarti
pasrah sumarah purbaning Gusti.
3. Kawula nyaosaken sakatahing lepat kawulo, duso kawulo, lesan kawulo, serenge nafsu kawulo,
gorohing manah kawulo, umukipun lesan kawulo, tuwin salah selehing tumindak lan pakarti
kawulo ingkang uwal saking karso paduko Gusti, nyuwun agung ing pangapuro lan
pangaksamo paduko Gusti.
4. Kawulo Nyuwun Gangsar – Nyuwun Gampang – Nyuwun Lancar – Nyuwun Mayar – sedoyo
saking sih peparing paduko Gusti, sarta sadoyo saking karso keparenging paduka Gusti.
5. Kawulo Nyuwun Kaprah – Nyuwun Lumrah – Nyuwun Pernah – Nyuwun Nggenah, sarta
sedoyo saking sih peparing paduko Gusti, sarta sadoyo saking karso keparenging paduko Gusti.
6. Kawula Nyuwun Bener – Nyuwun Jujur – Nyuwun Becik – Nyuwun Apik – Nyuwun Prayogo
sarta sedoyo saking sih peparing paduko Gusti, sarto sadoyo saking karso keparenging paduko
Gusti.
7. Nyuwun Eling – Nyuwun Ngerti – Nyuwun Cukup – Nyuwun Kabul ing panyuwunan kawulo,
sarta sedoyo saking sih peparing paduko Gusti, sarto sedaya saking karso keparenging paduko
Gusti.
8. Kawula Nyuwun Agung ing drajat – Nyuwun Luhur ing pangkat – Nyuwun Agung ing Bakat –
Nyuwun Piguno sarano ingkang Migunani – Nyuwun Margo ingkang Prayogo – Nyuwun
Nyepak Gemletak enak lan kepenak sarto sedoyo saking sih peparing paduko Gusti.
9. Gusti Hiyuwang Ingkang Maha Agung, Gusti Hiyuwang Ingkang Maha Asih,Gusti Hiyuwang
Ingkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Ingkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Ingkang Maha
Luhur, Gusti Hiyuwang Ingkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Ingkang Maha Kawasa,
Ingkang Hamurba, Ingkang Misesa, Ingkang Kawasa ing Alam, Ingkang Kawasa ing Jagad,
Ingkang kawasa ing Bawono sak isinipun sadaya, titah dalem kawula, nyuwun sih peparing
kagungan Paduko Gusti, sarta sadaya saking karsa paduka Gusti, Gusti Hiyuwang ingkang
Maha Agung, Gusti Hiyuwang Ingkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Ingkang Maha Adil,
Gusti Hiyuwang Ingkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Ingkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang
Ingkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Ingkang Maha Kawoso, kawulo ngaturaken sedaya
lepat, Nyuwun Agung ing pangapuro Gusti ....... Kawulo nyaosaken Sembah, nyaosaken Sujud,
nyaosaken Sungkem, nyaosaken Pangabegti kula, kunjuk ing ngarsa Paduko Gusti, Kawula
nyuwun sih Kawelasan ing ngarsa Paduko Gusti, kawula nyuwun Kamurahan ing ngarsa
Paduko Gusti, kawula nyuwun sih Pangayoman ing ngarsa Paduko Gusti, Kawula nyuwun ing
ngarso Paduko Gusti, inggih among saking sih peparing kagungan Paduko Gusti, sarto sadaya
saking karsa keparenging kagungan Paduko Gusti, Gusti Hiyuwang Ingkang MahaAgung,
Gusti Hiyuwang Ingkang Maha Asih, Gusti Hiyuwang Ingkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang
Ingkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang Ingkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Ingkang Maha
Langgeng, Gusti Hiyuwang Ingkang Maha Kawoso, Kawula nyuwun ing ngarsa Paduko Gusti.
10. Kula nyuwun Mujidad, kula mboten gadah daya punapa-punapa, kula nyuwun daya
panguwasane Pangeran, lahir kawula nyuwun, supados anggen kawula netepi ing wajib,
anggen kawula ngayahi pakaryaning agesang kawula, sarta anggen kawula nyuwun - anggen
kawula memuji - anggen kawula ngabegti -. anggen kawula ngayun - anggen kawula sumarah -
pasrah - awon sae kawula, pejah gesang kawula, lepat tuwin leres kawula ngantos dumugi ing
sampurna mbenjang, sedaya inggih among saking sih peparing kagungan Paduko Gusti, sarta
sadaya saking karsa keparenging Paduko Gusti.
11. Gusti Hiyuwang Engkang Maha Agung, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Asih, Gusti
Hiyuwang Engkang Maha Adil, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Suci, Gusti Hiyuwang
Engkang Maha Luhur, Gusti Hiyuwang Engkang Maha Langgeng, Gusti Hiyuwang Engkang
Maha Kawasa, Engkang Hamurbo, Engkang Miseso, Engkang Kawoso ing Alam, Engkang
Kawosa ing Jagad, Engkang kawosa ing Bawono sak isinipun sadaya, titah dalem kawula,
nyuwun ing ngarsa Paduko Gusti kanthi bebantu, Pituduh, Pitutur, Pituntun, sarta
Pitulunganipun Para Kadang - Para Pekunden - ParaPikulun tuwin Panjenenganipun Pangeran,
kaki Among - Nyai Among Dedanyange ing Tanah JOWO - Bumi Nusantara - Jagad sak isine
kabeh , kang Lungguh ana ing Dedaratan, kang Jumeneng ana ing Samudra, kang Nggegono
ana ing Angkasa, Kiblat Papat Lima Pancer, Dina Pitu Pasaranl Limo, kula Nyuwun sih
pangayoman, Nyuwun sih pangayoman, Nyuwun sih kanugrahan, Nyuwun antukna wahyuning
Gusti ingkang cumandok ing jiwanggo kita sadaya, waradin sak gung dumadi satuhu.....
satuhu .... satuhu .