You are on page 1of 2

Assalamualaikum wr wb

Hadlrotal Mukarrom Poro Alim Ulama’.

Para Kyai ingkang satuhu dahat kinurmatan. Para sesepuh, pinisepuh, sanak lan kadang
ingkang sinubo ing pakurmatan. Para pilenggah kakung sumawono putri.
Sumrambahipun para duta saraya pangombyong temanten, ingkang tansah suko basuki.
Hadirin hadirat sedaya ingkang minulya.

Agunging raos syukur dumateng ngarso dalem Allah SWT. Ingkang sampun paring
lumebering hidayah, saha kenikmatan dumateng kula lan panjenengan sami, mila kula lan
panjenengan saged kempal wonten papan ingkang insyaallah dimulyakan menika, lebet
kawontenan ingkang saras kagem ngrawuhi acara keluwargi ageng bapak ZIDDAN ingkang
ngramaaken putrinipun ingkang asmanipun REVALIANA kaliyan sadherek ANGGA saking
keluwargi ageng bapak SYARIF
Shalawat ugi salam mugio tansah kaaturaken dumateng junjungan kita Nabi Agung
Muhammad SAW. ingkang saestu kita ajeng ajeng lumunturing syafa’atipun benjang wonten
pakewuh ipun dinten qiyamat.
Para rawuh ingkang kinabekten, mboten ateges cumantaka kawula jumeneng wonten ngarsa
panjenengan sami anamung piniji minangka pambiwara lampahing adicara pasamuhan
walimatul urs-ipun Mbak REVA kaliyan Mas ANGGA
Salajengipun, kaparenga kula ngaturaken reroncening adicara ingkang sampun rinacik dening
para kadang kaluarga, inggih menika:
1. Pambuka
2. Ijab kabul
3. Upacara adat jawa
4. Resepsi/manasuka
Bapak/Ibu, tamu undangan ingkang kinurmatan
Mekaten wau urutaning adicara ingkang badhe kalampahan ing wekdal menika.
Saderengipun, mangga kula dhereaken maos basmallah. Dhumateng tamu ingkang ngrasuk
agami sanes, kula sumanggaaken miturut kapitadosan piyambak-piyambak.
Adicara sak lajengipun inggih menika ijab qabul. Dumateng bapak petugas ingkang sampun
kajibah, sasana saha swasana kula aturaken
…….
Para rawuh sedaya, mekaten upacara ijab qabul ingkang sampun kalampahan kanthi gancar.
Salajengipun inggih menika upacara adat jawa, kang kaurutan ing adicara panggih, balang
suruh, wiji dadi. Dhumateng ibu perias wekdal lan panggonan kula aturaken.
……
Sak lajengipun inggih menika adicara pupuk, sinduran lan timbang. Dhumateng ibu lan bapak
nganten putri sasana saha swasana kula aturaken
……
Adicara sak lajengipun menika kacar kucur lan dahar klimah, mangga penganten kakung lan
putri kula sumangaaken
……
Sak lajengipun inggih menika mertui lan sungkeman, mangga bapak lan ibu penganten kula
sumangaaken
…..
Para hadirin ingkang kinurmatan, mekaten acara inti sakeng adicara nikahan menika samoun
kalampahan kanthi gancar. Adicara ingkang pungkasan menika resepsi, mangga kia sedaya
saget maringi selamat kagem penganten. Lan kula tutup acara menika kanti waosan hamdalah
sesarengan, menawa wonten kalepatan kula nyuwun pangapunten.

You might also like