You are on page 1of 3

SOAL PTS BASA JAWA WULANGAN 2

1. Gatekna gambar iki!

Tembung kang cocog kanggo gambar iki yaitu…


madhang
nembang
ndonga
ngombe
2. Toni dolanan layangan bebarengan kanca-kancane. Pengalamane Toni klebu pengalaman
kang ....
nyenengake
nyedihake
nyusahake
ngrepotake
3. Perangane laporan hasil observasi sing isine apa sing diamati jenenge ...
hasil pengamatan
objek pengamatan
papan pengamatan
wektu pengamatan
4. Pesisir Prigi dumunung ing Kabupaten Trenggalek sisih kidul. Tegese tembung
dumunung yaiku ...
saka
plesir
manggon
tekan

Wacanen wacan iki kanggo njawab soal nomor 5-7!


Minggu, 10 Agustus 2017 aku ngamati kahanan ing pesisir Jalasutra. Pengamatan
dak tindakne wiwit jam 09.30 nganti jam 13.30. Kira-kira jam 09.30 aku sabrayat teka
ing pesisir Jalasutra. Ingkono aku sabrayat golek panggonan kanggo ngiyup.
Sesawangan ing papan iku nyenengake. Wedhi putih pating krelip, ombak segara pating
jlegur gawe ati dheg-dhegan. Ing sisih lor sadhengah tetuwuhan thukul ngrembaka katon
ijo royo-royo. Saka pangamatanku iku daksimpulake yen kahanan ing pesisir jalasutra
nyenengake. Papan pariwisata iku wiwit tumata lan resik. Kaendahan pesisir Jalasutra
sarana anane pasir kangmerlip, ombak kang jumlegur sesawangan kang ijo royo-royo
sarta angin sumilir gawe seneng ati.
5. Yen didadekne laporan pengamatan, jenenge kegiatan sing cocog karo wacan ing nduwur
yaitu…
Sinau bebarengan ing pesisir
Ombak pesisir pating jlegur
Papan wisata sing ijo royo-royo
Kahanane pesisir Jalasutra
6. Wektu kagiatan pengamatane yaiku …
Minggu, 13 Agustus 2020
Minggu, 10 September 2020
Minggu, 10 Agustus 2017
Minggu, 12 Oktober 2017
7. Pesisir Jalasutra sisih lor, tetuwuhane katon ijo …
branang
njingglang
roro-royo
resik
8. Saben uwong mesthi duwe pengalaman urip kang nyedhihake. Tuladha salah sawijining
pengalaman kang nyedhihake yaiku ...
dolanan layangan
plesir karo kanca-kanca sekelas
telat mlebu sekolah
menang lomba
9. Mas Bagus pancen … bijine sadhuwure sangang puluh.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaitu…
bodho
keset
pinter
kuat
10. Saiki ing Malang … lomba pidhato basa jawa.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaitu…
mari
ana
sido
bubar
11. … guru kelas iku Pak Joko dudu Pak Seno.
Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara ing nduwur yaitu…
garwane
asmane
putrane
umure
12. Aku seneng dolanan wedhi ing pesisir.
Tembung wedhi tegese…
ombak
banyu
balbalan
pasir
13. Perangane laporan hasil observasi sing isine papan pengamatan yaiku ....
Pesisir Jalasutra
Minggu, 10 Agustus 2017
jam 09.30 nganti jam 13.30
hawane panas banget
14. Kendaraan sing ngemot bocah-bocah plesir wis teka ing sekolah.
Tembung ngemot tegese…
sing mamot
sing tuku
sing teka
sing ngirim
15. Bab kang kudu digatekake nalika nulis laporan yaiku kudu tepat waktu, tegese tepat
waktu ...
nglumpukne laporan miturut wektu sik disepakati
nglumpukne laporan miturut karepe dhewe
isine laporan jangkep
penyusunan laporan rapi

You might also like