You are on page 1of 5

ADEGAN 1

Bel sekolah wis muni katon arek arek SMP wis padha buyaran sekolah, nanging ana sak
grumbulan arek sing terkenal nakale. Uga ana grumbulan arek sing meneng kumpul ana ing
parkiran pinggir sekolah.
B : heee
E : hee iyo bil
A : ga kuwi sapa?
E : iku arek sing terkenal nakal loh, bel gak ono arek sing wani karo grumbulane
B : he nop ayo engko ng nggon biasae
N : oke siap
B : arek iku loh jakken nop (ngelirik abel)
N : iyo sik tak rayune, Bil
Maringu Novi mlaku nyideki nang Abel lan sak grumbulane ing pinggir parkiran kuwi
N :bel ayo enggok elok aku ing nggon apik
B : iyh nop sembarang
E : loh bel engkok lak awakmu diseneni ibukmu lek moleh gak tepat jam moleh sekolah
A : iyh gpp ga, awakmu ojok kondo nang ibukku ya
E : lohh piye nek ditakoki aku njawab opo
A : waraen aku kerja kelompok ga
ADEGAN 2
Arek arek podo moleh disosol ega moleh dewean ing kunu kari billy nobi lan abel sing apene
ing ngong apik. Banjur arek 3 kuwi mlaku jange nuju ing ngon apik yaiku cafe.
A : ngon apik e iku koyok taman ta?
N : rausah takok bel engkok bakal ngerti dewe
A : iyo aku elok awamu ae nop
B : yowes ayo ndang mrunu
Sawise perjalanan iku arek telu kuwi wis totok ing nggon sing dituju tapi nyatane panggone
kaya gudang.
A : loh nov kok panggone ngene, jere nang nggon apik
N : iyo sek mampir diluk nak nggone koncoku
B : loh konco endi nov?
N : iku loh bil arek sing biasane (ambek ketip-ketip)
B : oalah iku ta... iyo paham-paham
A : he bil kok akeh arek loh.....iki koncomu kabeh ta?
B : iyo iki koncoku kabeh bel...tenang ae gak nyokot walah (ambek ngguyu)
A : yowes lah
ADEGAN 3
Sawise iku arek telu longgo ing kursi dowo Bili ngetokno semacam permen teko tas e.
B : iki loh nov ....seng koyok biasane
N : oke, paham-paham
B : abel ke’ono loh be e arep
N : kilo bel cobaken enak (ambek ngerayu abel)
A : opo iku nov..?
N : koyok permen bel enak cobaken
A : iyo, aku njaluk 2 yo nov
Sakmarine iku abel mbukak bungkuse obat permen kuwi
A : rasane kok ngene?...eh tapi enak seh
A : tuku nakndi iki?
B : iyo mene takjak tuku
A : nggone nandi nop
B : nang mbuyuk belok titik (ngguyu)
A : sing temen tala bil (ambek ngguyu)
B : wis ta mene ae tak jak mene lak eru dewe
A : iyo bil
ADEGAN 4
Wektu wis sore, arek telu kumau sawise nyangkruk dheweke banjur mulih bareng bareng.
Sawise kuwi abel mampir ing omahe ega banjur awadewe pisah ing tengah perjalanan.
A : egaaaaaaa. Tok tok tok (ngetok lawang umahe ega)
E : (ega mbukak lawang) lapo bel, loh sek ket mulih
A : iyo gaa. Ndasku kok moro moro ngelu aku yo gak kuat mangkane aku mampir rene
E : terus yaopo diterno mulih ta
A : iyo poo gaa aku wis ngelu iki
E : yowes ayo bel
Sawise kuwi ega ngeterno abel mulih nang umahe, ing perjalanan egaa nakoki abel pas mau
dheweke metu ing nggon apik ambek bili lan nopi.
E : mau awamu lapoan bel kok saiki ngene
A : ga ngerti ga aku mau dikek i koyo permen rasane iku enak tapi marine kok aku dadi
ngene
E : yawes ngkok totok umah ngomongo ibumu ben diprisakno nang dokter
A : iyo gaa
ADEGAN 5
Sorene ibuke abel wis ngenteni ing ngarep umah wanti wanti abel sing durung mulih teko
sekolah. Suwi titik katon abel sing wajahe pucet lan ing pinggire ono ega sing nuntun abel.
Ibuke langsung kwatir lan kaget.
Ibu L : abel mari lapo ga kok dadi ngene (abel langsung melbu ing omah)
E : wau terosipun ngelu, bu
Ibu L : kenek opo kok isok ngelu?
E : mboten semerap kula, bu
Ibu L : oalah yowes ga, suwon yo wes ngeterno able moleh
E : enggeh bu,kula kundur rumiyin, bu
Maringunu ibuke abel melbu ing njero omah nakok i abel
Ibu L : kowe teko endi nak?
A : dhateng kerja kelompok, bu
Ibu L : kowe kenek opo kok lemes?
A : mboten napa napa, bu
Ibu L : wes jujur ae nak
A : ( abel crito marang ibuke) kula wau diparingi kadose permen
Ibu L : ya allah permen opo ,nak? Iki koyok obat obatan ,nak
A : mboten semerap kula, bu
Ibuke abel curigo yen putrine kuwau ngidap obat obatan sing terlarang, lan ibuke mikir yen
putrine kuwau dijebak marang kancane.
Sawise kejadian kuwi ibuke abel kawatir yen abel nggunakake narkoba. ibuke langsung
telfon kancane sing dadi intel.
Ibu L : hallo, assalamualaikum
Intel A : waalaikumsalam, nggih woten napa bu linda? Apa sing saget kula bantu?
Ibu L : pak tolong, niki kula ape ngelaporno yen kancane anak kula nggunakake obat obatan,
ndeweke dipengaruhi kancane, asmane Novi kale billi.
Intel A: sekolah yugha sampeyan ing pundi, bu?
Ibu L : ing SMP pluto, pak
Intel A : enggih, bu kula enggal madosi anak punika
ADEGAN 6
Menisuke pas mulih sekolah billi, novi, lan ega mulih bareng. Arek telu kumau curiga
menyang bapak bapak sing ing warung biasane digawe cangkruk bili lan novi. Arek telu
kumau enak enak ngombe es moro moro bapak bapak kuwi nyideki arek telu kumau.
E : bil, sapa kuwi?
Bili ora njawab. Dheweke meneng wae
Intel A : sampeyan kancane abel ta, dek?
E : enggih, pak woten napa?
Intel A : bapak ape ngandani ing kanca kanca mu
E : njenengan badhe matur napa pak?
Intel A : spuntene,dek. Kanca sampeyan niki terose ibuke abel nggunakake obat obatan,
kanca sampeyan uga memengaruhi kanca liyane yaiku salah sijine abel.
Bili lan novi sing ning kunu mau meneng wae lan kaget ngerungokno bapak kuwau ngomong
marang ega kaya ngunu.
E : astagfirullahaladzim. Niki saleresipun pak?
Intel A : nggih dik
E : njenengan sinten, pak?
Intel A : kula anggota intel dik, sing di utus ibuke abel nyelidiki perkara iki. Sinten sing
namine bili lan novi dik?
Novi lan bili langsung kebingungan lan wedi karepe dewe dheweke pamit ing ega yen arek
loro kumau langsung mulih.
B lan N : ga moleh disek yo (dheweke langsung mlaku moleh)
E : pak niku wau sing namine bili lan novi
Intel A : (pak intel langsung nyedek i bili lan novi) nak lereno sek bapak ono perlu
B : enten napa pak ?
Intel A : melu bapak ing sekolahan(teges)
B : woten napa pak?
Intel A : wis mellu wae kowe karo novi
Sawise kuwi intel aris gawa bili lan novi ing ruang kepala sekolah,
N : awadewe salah opo ya bil, mosok ya awadewe keruan sing gara gara abel wingi
B : kayak e iyo nop
Arek loro kumau langsung wedi pas ngadep kepala sekolah. Arek loro kumau di tuturi lan di
skors marang kepala sekolah. Novi lan bili nyesel lan sedih marang perbuatan sing dilakukna.
Sawise kuwi bili lan novi digawa menyang wong tuwane. Semenjak kejadian nyeremake
kuwi bili lan novi nyesel lan ora ngulangi maneh. Ojo coba coba marang barang sing ora tau
dikenal, ojo percaya marang rayune kanca karna kita ora ngerti apa sing pikirane wong kuwi.
Karna iku bisa njerumusnah kita lan ngerugikno kita lan wong liya.

You might also like