You are on page 1of 2

Nama : Ismi Maulfa Rahma

Kelas : XII MIPA G


No : 20
Teks Deskripsi Busana Penganten Solo Basahan

Busana penganten Solo basahan iki saka Surakarta Hadiningrat. Busana iki paling
tinggi ana ing Surakarta Hadiningrat. Ing jaman biyen busana Solo Basahan khusus kanggo
keluarga kerajaan. Busana Solo basahan bisa dinggo masyarakat selain e kerajaan yaiku ana
ing masa Ingkan Sinuhun Paku Buwono ke II amargi ing wektu iku Keraton Kertasura di
rebut musuh lan Ingkan Sinuhun lunga kanggo nyelamatake diri. Banjur iku Ingkan Sunuhun
ngumumake busana iki bisa dianggo sapa bae nangin sedina tok. Iki amargi para juragan lan
wong sugih sing due akeh duit pengin nganggo busana penganten Keraton. Ing jaman siki
sapa bae ulih nganggo busana iki nanging warnane kudu beda kanggo mbedaake Raja lan
Ratu. Gaya Surakarta ulih saka wawancara karo kerabat Keraton Surakarta, perias penganten
Jawa, lan calon penganten ing Semarang. Solo basahan ana ing Surakarta sawise Perjanjian
Giyanti. Waktu iku kabeh gaya busana ana ing Surakarta Hadiningrat di gawa marang
Keraton Yogyakarta kanggo hadiah saka Susuhan Paku Buwono II kanggo putrane.
Busana Solo basahan berkembang melu jaman. Iki amargi faktor teknologi, ekonomi
kang tambah apik lan pengaruh ana ing selera pakaian. Ing jaman siki busana penganten iki
lewih bervariasi lan ora ketinggalan jaman. Nanging ora ngilangake ciri khas lan makna
busana penganten Solo basahan. Anggun lan indah cocok kanggo nggambarake busana iki.
Busana Solo basahan nduweni makna yaiku simbol berserah/pasar marang Tuhan
Yang Maha Esa. Tata rias lan busana nduweni arti doa lan harapan nanging njalanaken urip
bisa mbangun keluwarga kang harmonis, bahagia, sejahtera, lan bisa urip selaras karo alam.
Teguh saka petunjuk Yang Maha Kuasa.
Paes Solo basahan warnane ijo nduweni arti penganten bisa mikir positif. Alis e duwe
corak Menjangan Meranggah nduweni arti semangat lan kesenengan. Paes ana ing adat iki
nduweni papat rupa yaiku Gajahan utawa Panunggul nduweni arti supaya dadi manungsa
berilmu. Paes Pengapit nduweni makna bisa mbedaaken sing apik lan ala, Panitis nduweni
makna supaya penganten bisa milih sing bener, lan Godheg yaiku harapan penganten bisa nei
keturunan sing bisa nerusake ilmu lan uripan.
1.) Penganten Putri
Dodotan yaiku kain lan perlengkapan penganten Solo basahan. Yaiku kampuh dodot
warna ijo, prada warna emas motif alas-alasan lan motif blumbangan, stagen, udet cinde
nduweni dawa 2,5 meter motif cakar kanggo sabuk, januran, lan Buntal Udan emas. Batik
alas-alasan ana ing kampuh dodot nduweni dawa 4,5 meter nduweni makna jiwa raga lan
alam dadi siji, kemakmuran, lan kewibawaan.
Rupa kunco ing samping nduweni makna kejujuran. Rupa Sanggo Pocong/ Bocong
ana ing pinggang nduweni arti supaya keluwarga bisa ati-ati nganggo rejeki. Motif
blumbungan ing kampuh dodot nduweni mkna sumber keuripan, Janur saka kata Janur
nduweni arti cahaya Tuhan lan udet cinde motif cakar nduweni makna mandiri kanggo
nggolet rejeki.
Buntal Udan Emas yaiku roncean godhong lan kembang, yaiku godhong krokot
nduweni makna kuat ana ing ati, pupus gedhang nduweni makna cinta sejati, godhong
beringin pelindung, godhong bayem nduweni makna ayem, godhong pandan nduweni makna
sepadan, kembang ningkir nduweni makna being ing pikiran, lan kembang kanthil nduweni
makna kesetiaan.
Kosmetik kanggo penganten putri yaiku pelembab, alas bedak, bedak, sipat mata,
pensil, alis, pemerah pipi, pemerah bibir, pewarna pipi, kapas, tisu, pembersih, penyegar. Alat
e yaiku spon, kuas bedak, kuas kanggo pewarna pipi, kuas gincu, kuas pewarna pipi, sikat
kanggo alis, sikat kanggo bulu ing mata, lan pinset.

2.) Penganten Putra


Busana penganten putra yaiku celana dawa bahan kain cinde. Corak lan warna
kampuh dodot pada karo penganten putri. Roncean Bundal Udan Emas 120 cm. Kanggo
nguatake kampuh dodot, penganten putra nganggo ukup lan epek timang kanggo sabuk lan
wadah nyelip keris.
Aksesoris penganten putra nganggo kuncup melati ing kuping lan ing rambut ditutup
nganggo Kuluk Mathak. Kanggo hiasan penganten putra nganggo Kalung karset, singgetan,
lan keris. Keris nduweni makna kejantanan. Kanggo pelengkap, penganten putra lan putri
nganggo selop.

You might also like