You are on page 1of 1

Tulis ringkesan materi ing ngisor iki ana ing buku tulis B.

Rantaman pokok utawa urutane sesorah (pidato) yaiku :

1. Salam pambuka yaiku ngaturake salam sing sepisanan minangka wiwitane sesorah.
2. Purwakaning atur yaiku atur panuwun marang para tamu anggone rawuh ing papan kono lan
puji syukur marang Allah.
3. Isi utawa wigatine atur yaiku kabeh bab sing prelu diwedharake.
4. Dudutan utawa simpulan yaiku pokok saka isi sing diwedharake.
5. Pangarep-arep yaiku panyuwunan marang sing ngrungokake bab isine sesorah.
6. Panutup yaiku atur panuwun lan pangapura anggone sesorah.

Bab wigati supaya anggone sesorah bias kaleksanan kanthi becik, mula sing sesorah kudu nggatekake ing
antarane :

1. Basa
Basa sing digunakake kudu cocok karo sing diadepi. Basa ngoko kanggo ngomong karo wong sing
luwih enom, yen basa krama kanggo ngomong wong sing luwih sepuh utawa wong sing kudu
dikurmati.
2. Busana
Busana kang digunakake busana kang becik lan sopan, amarga ajining raga saka busana.
3. Swara
Swarane kang kepenak dirungokake, aja keseron utawa alon banget, kudu cetha tembunge, lan
ora cepet-cepet.
4. Solah bawa utawa sikap
Solah bawane kudu manteb lan teteg, madhep maring pamirsa, tangan ngapurancang, ja
dingkluk lan aja ndhangak.

You might also like