You are on page 1of 46

NOVEL

 Pengarang kasusastran Jawa

Kasusastran
tradisional tembang sinebut pujangga,
kawindra, kawitana, kawiwara utawa

Jawa
kawiswara.

 Pengarang kasusastran Jawa modern

Sastra tegese alat/ sinebut pangripta, pengarang,

sarana. sastrawan, utawa panggurit.

Susastra tegese basa


kang endah.
2
Warnaning Kasusastran Jawa
1. Sastra Jawa Kuna
Sastra Jawa Kuna kurang luwih ditulis dikira-
kira wiwit abad kaping-9 Masehi nganti abad
kaping-14 Masehi, diwiwiti karo Prasasti
Sukabumi.

Kasusastran
Karya sastra iki ditulis mawa gancaran utawa
tembang (kakawin). Pratélan karya sastra

Jawa
Jawa Kuna sing wujudé gancaran iku:
a. Candakarana
b. Sang Hyang Kamahayanikan
c. Brahmandapurana
Pratélan karya sastra Jawa Kuna sing wujudé
tembang (kakawin)
Kakawin Tanpa Nama (Prasasti Siwagṛha),
856 Masehi.
Kakawin Ramayana ~ 870 Masehi.
Kakawin Arjunawiwaha, mpu Kanwa, ~ 1030
Masehi.
Warnaning Kasusastran Jawa
2. Sastra Jawa Tengahan iku wiwitane ana
sawisé karaton Majapait diadegaké. Dadi wiwit abad
kaping 13 nganti kira-kira abad kaping 16 Masehi.
Sabanjuré, sastra Jawa Tengahan diterusaké
ing Bali dadi Sastra Jawa-Bali.

Kasusastran
Jaman samana, karya-karya tembang kang
dhedhasar pupuh tembang Jawa asli, wiwit
ditrapaké. Karya-karya iki diarani kidung.

Jawa
Pratélan Karya Sastra Jawa Tengahan gancaran:
a. Tantu Panggelaran
b. Calon Arang
c. Tantri Kamandaka
d. Korawasrama
e. Pararaton
Pratélan Karya Sastra Jawa Tengahan tembang:
a. Kakawin Dewaruci
b. Kidung Sudamala
c. Kidung Subrata
d. Kidung Panji Angreni
e. Kidung Sri Tanjung
Warnaning Kasusastran Jawa
3. Sastra Jawa Anyar/ Baru kurang luwih lair sawisé
mlebune agama Islam ing tanah Jawa mligine ing jaman
kasultanan Demak antarané abad kaping 15 - abad kaping
16 Masehi. Kanthi mlebune agama Islam, wong Jawa éntuk
ilham anyar sajrone nulis karya sastrane. Mula ing wanci-
wanci awal, jaman Sastra Jawa Anyar, akèh dikarang karya-

Kasusastran
karya sastra babagan agama Islam. Suluk Malang
Sumirang iku salah sawijiné sing wigati dhéwé.
Gaya basa ing wanci-wanci awal isih mirib karo Basa Jawa

Jawa
Tengahan. Sawisé taun ~ 1650 Masehi, basa
Jawa gaya Surakarta dadi luwih dominan. Sawisé mangsa
ini, ana uga renaisans Sastra Jawa Kuna. Kitab-kitab kuna
kang kinambegan agama Hindhu-Buda lekas disinaoni lan
ditulis kanthi basa anyar.
Sawijining jinis karya sing kusus ya iku karya sastra kang
diarani babad. Karya ini nyaritakaké sajarah.

Pratélan Karya Sastra Jawa Anyar


1) Sastra Babad
a. Babad Giyanti
b. Babad Prayut
c. Babad Pakepung
Warnaning Kasusastran Jawa
Pratélan Karya Sastra Jawa Anyar
2) Sastra Piwulang
a. Serat Wedhatama
b. Serat Nitisruti
c. Serat Nitipraja

Kasusastran
3) Sastra Pewayangan
a. Serat Rama Kawi
b. Serat Bratayuda, Kyai Yasadipura

Jawa
c. Serat Arjunasasra
d. Serat Mintaraga, Ingkang Sinuwun Pakubuwana III
e. Serat Dewaruci

3) Sastra Menak
a. Serat Rengganis
b. Menak Sarehas

4) Sastra Suluk lan Wirid[besut | besut sumber]


a. Kitab Sunan Bonang
b. Suluk Sukarsa
c. Serat Koja Jajahan
d. Suluk Wujil
e. Suluk Malang Sumirang
Warnaning Kasusastran Jawa
4. Sastra Jawa Modern wiwit metu nalika jaman Walanda
wis suwé ing tanah Jawa. Yèn diétung wektuné, kira-kira
nalika abad sangawelas Masehi. Wong-wong Walanda mau
ngeguhke supaya para pujangga Jawa nulis carita kaya
déné kang ana ing prosa wong bulé. Ora kaya carita-carita
Jawa sadurungé, caritané ora ngenani wayang utawa

Kasusastran
lelakon kang wis kepungkur dadi lakon gethok tular.
Pisanané, basa kang digunakaké nganggo basa krama.
Nalika wiwitan Balai Pustaka, sastra Jawa luwih akèh

Jawa
tinimbang sastra Melayu. Sastra Jawa modern wiwit
kondhang nalika basa ngoko wiwit dienggo. Jaman iku,
majalah Panjebar Semangat kang dipandhégani déning dr
Soetomo nganggo basa ngoko supaya akèh kang bisa maca.
Sastra Jawa ngédab-édabé nalika ing antarané 1950-1960-
an kang akèh dicithak novèl-novèl picisan (asring uga
sinebut novèl panglipur wuyung). Jeneng kaya Any
Asmara, Esmiet, Suparto Brata, lan miwiti dadi wong
kondhang. Novel kalebu karya sastra jawa modern
Daftar anggitan sastra
a. Lampah-Lampahanipun Radèn Mas Arya
Purwalelana, Raden Mas Purwalelana (jeneng singlon)
1866, 1875-1880
b. Rangsang Tuban, Padmasoesastra, 1913
Miturut Nurgiyantoro
Karya Sastra ana 3 :
PROSA: cerkak/ cerpen, novel

01

PUISI lagu, 02 03 DRAMA:teks drama


kidung, ditandai dengan
tembang lebih banyaknya
percakapan
8
TEGESE NOVEL
Novel asale saka basa Latin novellus/ novella kang ateges “sawijing
barang anyar ananging cilik” lan suwe-suwe ditegesi “cerita cekak kanthi
wujud prosa”
Novel tegese karya sastra awujud gancaran utawa prosa lan asifat fiksi
(amung reka-reka lan sajatine ora bisa ditemokake ing ngalam nyata),
kang diandharake rada dawa kanthi paraga kang akeh, tema lan plot/alur
kang kompleks, sarta setting cerita kang maneka warna.
Novel digawe dening pengarang kanthi ancas menehi pangilon kanggo
ngrasakake kadadeyan-kadadeyan kang ginambar ing sajroning novel,
supaya para pamaca bisa methik nilai kang kinandhut ing sajroning novel
mau.
9
BEDANE NOVEL LAN CERPEN
 Novel minangka karya fiksi anggambarake isining
 cerpen luwih cekak utawa carane
donya, donya kang kaisenan dening kadadeyan-
nyritakake kadadeyan luwih intensif,
kadadeyan kang dipengini, dikarepake, kadadeyan
ananging novel luwih expands, rada kang imajinatif, lumantar sesambungane unsur-unsur
ngambra-ambra lan dawa. intrinsike yaiku peristiwa, plot, tokoh (lan
penokohan), latar, sudut pandang, lan liya-liyane,
 cerpen utawa cerkak kang amung asifat
ananging kabeh amung asifat imajinatif
implisit yaiku kadadeyan amung
 Miturut dawaning cerita, novel luwih dawa tinimbang
diandharake kanthi singkat utawa
cerpen utawa cerkak.
cekak. Novel luwih nuduhake ing
 Novel ngandharake kadadeyan kanthi bebas,
babagan complexity, yaiku kapriye
anggone nyritakake kanthi luwih rowa, luwih njlimet,
pengarang bisa agawe kadadeyan- luwih detail kanthi conto-conto kang maneka warna,
kadadeyan kanthi wujud kang luwih uga angandharake masalah-masalah kanthi
kompleks lan njlimet. kompleks.

10
Cerita fiksi Jawa
ROMAN CERITA CEKAK NOVEL
Cerita pendek yaiku jinising prosa Novel ing kene kalebu karya kang paling
Roman nyaritakake saperangan fiksi kang ngandharake salah anyar dhewe. Suwe-suwe roman kalah
gegambaraning panguripan sawijining
sawijining adegan utawa episode ing popular lan para pengarang wiwit nganggit
pawongan utawa episode kehidupan
panguripaning sawijining wong lan jinising karya sastra awujud novel. Prosa
sawijing tokoh lan adhakane tokoh
kaandharake amung cekak, fiksi Jawa wiwit sumebar akeh rikala wwit
digambarake nganti tumeka pati. Akeh-
panggonan kadadeyan uga amung siji, ana pengarang-pengarang novel utawa
akehe roman ngandharake cerita kanthi
lan enggal rampung diwaca ing wektu
dawa lan kaperang dadi pirang-pirang cerita-cerita cekak kanthi basa Jawa.
bab kang rada dawa. Bab-bab iku antara kang cekak utawa ora pati suwe
Wiwit taun 1950 nganti tekan 1960 akeh
liya digresi utawa lanturan, yaiku katimbang roman (a single sitting).
diterbitake novel-novel basa Jawa.
perangan cerita kang diandharake kanthi Roman lan Cerita Pendek ing sastra
rada dawa, senajan ora ngandharake
Jawa wiwit sumebar ing taun 1900-an.
paraga utama.
11
Pengarang Novel Jawa kaya
ta:
A. Periode 1940-1950 B. Periode 1950-1990
1) Harjowirogo nganggit novel kaya ta: Pamoring 1) Any Asmara tau nganggit novel kanthi judul Donya Kebak
Dhusun, Dhendhaning Angkara, Sapa Ilang Suhe, Pepeteng, Anteping Wanita, Tresna Toh Pati,
Donya Damel Pepeteng. Kumandhanging Katresnan, Putri Tirtagangga, Gandrung
Putri Solo, Godhaning Ati Tresna, lan liya-liyane.
2) Yasawidagda nganggit novel Purasari, Ni
2) Esmiet nganggit novel Dhayoh Bengi Sangu Paesan,
Wungkuk ing Bendha Growong, Pethi Wasiyat.
Tunggak-Tunggak Jati, Randha Teles.
3) R.B. Sulardi nganggit novel kanthi irah-irahan:
3) Hardjana H.P nganggit novel Pangiraku Luput, Kanggo
Serat Riyanto, Serat Sarwanto.
Bumi Pertiwi, Penganten Anyar, Lagune Putri Kasmaran.
4) M Supardi nganggit novel Rahayu Abela Pati,
4) N. Sakbani nganggit novel Kanggo Bumi Kinasih, Donya
Solo Peteng. Novel Solo Peteng minangka Kebak Rubeda, Nyilemi Samodra Tresna.
anggitane M. Supardi kang kondhang rikala
jaman samana. 5) Sri Hadijaya nganggit novel Jodho kang Pinasthi, Gerilya
Solo, Asmara lan Kuwajiban, Ngranggeh Lintang Panjer
Sore.

6) Sudharmo K.D., A.G. Suharti, Suparto Brata, Widi Widayat,


Junani

12
Manawa pujangga iku
kasinungan kalimpadan warna
wolu, yaiku:

01

Paramengsastra
Ahli ing babagan sastra, ahli basa.

13
Limpad ndongeng utawa carita

02 04
kang nengsemake.

Awicarita

Paramengkawi Mardawa-lagu
Ahli ing babagan reriptan, ahli 03 Pinter bab tembang lan
ngarang. gendhing. Mardawa = alus.

14
Ahli bab migunakake basa kang
ngresepake, kang njalari
trenyuhing ati, kang mahanani
gembira, kang nenangi sih-
wilasa lan sapanunggalane.

Mardawa-basa 06

Mandraguna
05 Wasis banget bab kagunan.

15
07
Utama banget (uripe).

Sambegana

Nawungkridha
Alus pangrasane nganti bisa 08
nanggapi krenteging atine wong
liya.

16
UNSUR
INTRINSIK
NOVEL
Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik yaiku unsur kang mbangun karya
sastra saka sajrone crita lan cacahe ana 8, yaiku:

Tema Watak

Paraga Setting

Sudut
Amanat
Pandang
Lelewaning
Alur
Basa
1. Tema
Tema yaiku gagasan pokok kang dadi
dhasaring crita lan duwe kalungguhan kang
penting amarga bisa njumbuhake unsur siji lan
sijine kanthi bebarengan kanggo ambangun
karya sastra
Tuladhane:
- Kamanungsan
- Kasusilan
- Kabudayan
19
2. Paraga
Paraga nuduhake individu-individu
utawa paraga-paraga kang ana ing
sajroning cerita.

20
Paraga kaperang dadi loro, yaiku:
a. Paraga pokok (tokoh utama)
b. Paraga kang sipate mbyantu (tokoh pembantu)
c. Paraga tambahan (tokoh figuran)

Lan miturut watake :


a. Paraga kang ala (tokoh antagonis)
b. Paraga kang becik (tokoh protagonis)
c. Paraga kang netral (tokoh tritagonis)
3. Watak
Watak iku nggambarake sifat utawa karakter
paraga crita.

Watak bisa dingerteni saka tumindak, ciri


fisik, lingkungan paraga, kepentingan,
pepenginan, emosi, lan prinsip moral saka
individu-individu utawa paraga kang ana ing
sajroning cerita. 17
Ana maneka warna cara kang
digunakake dening pengarang
kanggo nuduhake lan
anggambarake karakter
(perwatakan) tokoh, yaiku
lumantar:

Watak
1) Teknik analitik/ deskripsi
eksplisit, yaiku watak paraga
dijlentrehake kanthi langsung

2) Teknik dramatik yaiku


gegambaran saka pengarang
dhewe, utawa andharan saka
paraga liyane.
23
Tuladha:

Ing sela-selane karepotane, Wirastri isih

kober melu sinau silat tenaga dhalem

Pinter
sing dipandhegani dening Made Tantra

dhewe. Awit Made Tantra pancen guru

Prigel
silat, sing bukak kursus ing omahe.

Dhasar lantip, kathik sinurung rasa

adreng, lagi pitung sasi Wirastri wis

mumpuni ulah kridhaning seni beladhiri

sing disinaoni.

24
4. Alur
Alur bisa ditegesi minangka urutaning
kedadeyan ing sajroning cerita lumantar
tumindaking para paraga.
Alur minangka proses kapriye perangan siji lan
sijine lumaku tumuju perangan liyane ing
sajroning cerita.
25
Alur / Plot
Alur jinise ana 3 alur yaiku :
1. alur maju/progresif,
2. alur mundur/regresif,
3. alur campuran (alur maju & mundur)
Alur
Alur kaperang dadi 5 yaiku :
1. Eksposisi
- ngenalake para paragane, menehi informasi
ngenani prakarane
2. Komplikasi
- wiwit ana masalah-masalah
3. Krisis
- masalah kang dialami paraga sangsaya tambah
4. Klimaks
- pucuking masalah, nasib paraga ditentokake
5. Resolusi
- masalah-masalah wis ana karampungane, lan
nasib para paragane wis cetha
Tuladhane ngenalake piyayi lanang

a. Situation/
anama Joni Kismanto minangka
Pimpinan Bank Dana Arta Cabang Kediri.

eksposisi
Joni pilara dening wong wadon kang
nganggo kudhung ireng, dheweke biyen

Pengarang anggambarake
Wirastri kang tau dadi bojone Joni
Kismanto.

wiwitaning cerita,
ngenalake para paragane.
28
b. Generating
Circumstance/ Joni Kismanto sawuse mulih saka

komplikasi
Sala, dheweke katon nesu marang
Wirastri. Wiwit telung dina kepungkur,

Masalah wiwit
Joni katon nesu marang bojone dhewe.

munggah/ memuncak

29
Wirastri diandharake wus pegatan
kalawan Joni, Wirastri ora mulih
menyang Tulungagung amarga wus
rumangsa kisinan amarga polahe dhewe.

c. Rising
Wirastri banjur lunga menyang Malang
anggoleki kancane kang jenenge Sriatun

Action/ krisis
ananging omahe wus suwung lan ora
ngerti saiki Sriatun ana ngendi omahe.

Kadadeyan wiwit rumit


Wirastri kaya wong ngengleng, bingung,
lungguh aneng terminal Gadhang.
Dumadakan tase Wirastri dicopet
ananging banjur ana pawongan lanang
tuwa kang nulungi, yaiku Bapak Made
Tantra. 25
Wirastri kaandharake wus males tumindake
Pradopo. Pradopo ngakoni manawa dheweke
dikongkon dening Joni Kismanto. Sawuse kelakon
males ukum marang Pradopo, Wirastri banjur
anggoleki Joni. Kanggo njaga kaslametane, Joni
nyewa tukang kepruk anama Dalijo. Dalijo uga
njaluk tulung marang Dhugel. Dhugel uga ngajak

d. Climax
Gemplo.

Dhugel lan Gemplo banjur anggoleki Wirastri ing


Bali. Sawuse ketemu bengine wong loro arep milara

Kadadeyan ing pucuking Wirastri. Dhugel lan Gemplo ngira manawa Wirastri
wong wadon kang ora duwe kaprigelan silat.
masalah, nasib paraga Sawuse bisa ketemu lan padu, Gempo lan Dhugel

ditentokake
rumangsa kalah banjur ditaleni dening Wirastri lan
Pak Made Tantra.

31
Wirastri banjur anggawa Dhugel lan
Gemplo menyang omahe Joni. Joni kaget
jebul kang teka yaiku Wirastri lan Dhugel
sarta Gemplo kang wus dikalahake. .

e. Denounment/
Karampunganing saka kadadeyan iki
yaiku Wirastri gawe prajanjian marang

resolusi
Joni yaiku tumindak culika iki amung
rekayasa utawa tumindake Joni; Joni
kudu rila manawa Pujilestari lan Dwi
Karampunganing Saksono melu Wirastri. Joni amung tetep

sakabehing masalah.
kudu melu angrewangi bayaran sekolah
anak-anake nganti lulus; kang pungkasan
yaiku Joni kudu janji manawa bakal dadi
priya kang apik.
32
5. Latar
Latar utawa setting bisa ateges
papan, wektu, lan swasana rikala

ngandharake kadadeyan kang

lumaku ing sajroning cerita.


33
Latar/ Setting
Papan: Wektu:
- Pasar - Sawah Esuk - Awan
- Dalan - Kantor - Sore - Bengi
Kaanan/Suasana:
- Tegang - Lucu
- Sedih - Haru
Joni minangka pimpinan bank Dana
Arta cabang Kediri. Latar panggonan
kerep digambarake kanthi ruang kerja
Joni. “Hah?! Sapa kowe?! Yagene wani-
wani mlebu ruwangku?” panyaruwene
Joni kanthi swara groyok. Blaka wae,
kejaba kaget Joni Kismanto uga kedher.

Latar
Luwih-luwih tamune kudu nuduhake
sikap memungsuhan.

Kantor Bank Dana Arta pancen duweni


A. Ruang kerja Joni
tatanan seje. Antarane ruwang karyawan
karo ruwang pimpinan rada misah. Sing
cedhak ruwang pimpinan mung ruwang
sekretaris.
35
6. Sudut Pandang
Sudut pandang yaiku carane
pengarang mapanake dheweke ing
sajroning cerita.

36
Sudut Pandang
Miturut jinise, sudut pandang diperang dadi papat yaiku :
sang karakter utama cerita diandharake dening sawijining
ngandharake kanthi tembung- karakter ananging dudu karakter
tembunge dhewe. utama (amung sampingan).

Orang pertama
Orang pertama utama 01 02 sampingan

Orang ketiga tidak


Orang ketiga terbatas 03 04 terbatas
pengarang ngandharake adhedhasar pengarang ngandharake adhedhasar
sakabehing karakter kang ana lan marang sakabehing karakter lan
lungguh dadi orang ketiga, ananging lungguh dadi orang ketiga.
amung ngandharake apa-apa kang tau
ditonton, dirungu, lan dipikirake
dening sawijining karakter.

37
7. Amanat
Amanat yaiku pesan utawa pitutur-
pitutur sing pengin dikandhaake
pengarang marang kang maca utawa
ngrungokake cerita.

38
8. Lelewaning basa (Gaya Bahasa)
Lelewaning basa yaiku gaya bahasa kang digunakake pengarang ing
crita. Lelewaning basa (majas) kayata :

1. METAFORA, unen-unen nganggo pepindhan (diupamakake),


Tuladha: atun dadi kembange desa
2. ALEGORI, yaiku metafora kang ditulis nganggo ukara dawa banget
Tuladha: uriping manungsa ing alam donya yen ora nduweni ilmu kaya dene
klapa kang ana ing tengah segara, ngalor-ngidul, ngetan-ngulon ora
genah parane.
3. PERSONIFIKASI, yaiku pepindhane manungsa (kaya dene lakuning
manungsa)
Tuladha: gunung merapi yen gelem watuk gawe ramene jagad
sumpahe disekseni bumi langit
8. Lelewaning basa (Gaya Bahasa)

4. METOMENI, yaiku lira-lirune jeneng


Tuladha : le..aku tukokna gudang garem
wingi ana bocah di tabrak werkudara
5. HIPERBOLA, yaiku pepindha sing kliwat (berlebihan)
Tuladha : swarane kaya bledheg
playune kaya kilat
6. IRONI, unen-unen sing nyritakake kosok balen, minangka kanggo ngece
Tuladha : bocah kae pintere ora jamak, 4x4 wae jawabe10
sregep tenan jam 9 lagi tangi
7. ANOMATOPE, yaiku tembung kang mratelakake (menjelaskan) unine
swara
Tuladha : krucuk..krucuk (weteng luwe)
duk..duk..duk (swara bedhug)
pyarrr.. (piring pecah)
2. Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik yaiku unsur kang mbangun crita saka
sanjabane cerkak. Unsur iki ngamot latar belakang, sejarah,
biografi pengarang, ing antarane:
1. Agama
2. Ekonomi
3. Sosial
4. Pendhidikan
5. Budaya
6. Politik, lsp
Nilai – Nilai
Pendidikan
Hakikat Nilai
Nilai yaiku:

(1) nilai ing basa Inggris value, basa Latin valere (migunani, kiyat).
(2)nilai tegese kualitas sawijining perkara kang disenengi, uga migunani marang
wong akeh

(3) nilai yaiku apa-apa kang diajeni, diajeni minangka simbol kang apik.
(4)nilai uga ateges sakabehing kang ana daya faedahe, dipengini dening wong
akeh, migunani tumrap kamanungsan, lan dadi tuntunan sakabehing
tumindaking manungsa kanggo ing masyarakat.

37
NILAINILAI ING NOVEL
Nalika ngamati lan menehi pambiji marang wose crita, nilai-nilai kang bisa
kapethik kayata :
1. Nilai sosial
2. Nilai etik
3. Nilai herodik
4. Nilai agama/ spirit
5. Nilai koleksi
6. Nilai budaya/ kultural
7. Nilai pendidikan
8. Nilai kamanungsan
9. Nilai politik
Sinopsis yaiku ringkesan isine crita.

Carane gawe sinopsis:


1. Maca crita kanthi setiti
2. Nyatet gagasan-gagasan pokok kang penting.
3. Nulis ringkesan adedhasar gagasan-gagasan pokok
kasebut
4. Migunakake ukara kang jelas lan gampang
dimangerteni
5. Monolog lan dialog cukup ditulis isine bae
6. Sinopsis ora entuk nyimpang saka crita asline
Matur Suwun

You might also like