You are on page 1of 6

Atur Panampi Pasrah Penganten

Atur Panampi Pasrah Penganten


By ID Setyo06.154 comments
Cengkorongan sesorah pasrah penganten utawa nampa pasrah penganten ing upacara adat jawa, lumrahe kaya
kasebut ing ngisor:

1. Salam pambuka
2. Pakurmatan
3. Puji syukur marang gusti
4. Nepangaken diri kang sesorah
5. Atur salam taklim/kawilujengan rombongan pengiring calon manten
6. Wigatining sedya, yaiku masrahake calon penganten lanang saubarampene
7. Pamuji utawa pangarep-arep
8. Panyuwunan pangapura tumprap calon kulawarga calon penganten lanang
9. Panyuwunan pamit(menawi ana acara pamita)
10. Panutup (nyuwun pangapura tumprap kang sesorah:masrahake/nampa)
11. Salam panutup
Tuladhaning atur pinampi pasrah penganten:

Assalamu’alaikum Wr.Wb.

Nuwun,

Para sepuh, para tamu kakung putri ingkang kinurmatan. Mugi kalilakna kula Hendi Darmawan marak wonten
ngarsanipun panjenengan sedaya saperlu nyulihi sadherek kula anem Dhimas Bagus Gunawan ngaturaken
wangsulan paring pangandhikanipun bapa Muhammad Iqbal lumantar bapa Agung Putra Utama.

Bapa Agung,

Sepisa: kula ngaturaken sugeng rawuh panjenengan sarowang. Sakelangkung ing syukur kula, dene rawuh
panjenengan saestu ngetrepi wanci ing prayogi.

Angka kalih: salam taklimipun bapa Muhammad Iqbal lumantar panjenengan, kula tampi kanthi suka rena,
gumbira ing manah. Mugu pangajab lan pandonga kula sawarga, sumambrah ing para tamu sedaya. Boten
langkung dhawah sami-sami.

Kaping tiga: bapa Muhammad Iqbal luamtar, panjenengan maringaken putra jaleripun nama Bagus Cahya Adi,
sedaya kula wau kula tampi kanthi suka renaming manah.

Salajengipun, bapa Bagus Gunawan sampun kapareng paring kapitadosan dhumateng kula babagan
kalampahanipun dhauping panganten, namung sagaduging kuwawi kula.

Ingkang punika, panjenengan sakanca kula suwun lenggah prayogi ing palenggahan ingkang sampun
dipuncawisaken, sumene sawetawis ngiras pantes angestreni dhaupipun panganten.

Dene wonten kiranging boja lan tata krama anggen kula nampi rawuh panjenengan sakanca, mugi keparenga
maringi agunging pangaksama.
Cekap semanten atur kula, nuwun.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Sumber : https://www.google.co.id
CONTOH ATUR PANAMPI
PASRAH TEMANTEN
SARIMBIT ACARA
NGUNDUH MANTU

Oleh Suparto Parto  December 08, 2018


Bp-Ibu Bambang Sutopo
Assalamu'alaikum wrwb.

1.     Para Sesepuh-Pinisepuh ingkang dahat kinabekten..

2.     Panjenenganipun Bapa Suwardi minangka sulih sarira saking Bapa Gito Suwarno-

Ibu Tuginem, ingkang tuhu kinurmatan.

3.     Para Rawuh kakung sumawana putri ingkang bagya mulya.

Kanthi ngonjukaken raos syukur dhumateng Allah SWT - Gusti Ingkang Maha

Agung, kula minangka talanging basa saking panjenenganipun Bp. Bambang

Sutopo, S.Pd,  sekalian Ibu Jari, keparenga tumanggap atur menggah paring

pangandikan pasrah saking kulawarga Bapa Gito Suwarno sekalian Ibu

Tuginem.

Ingkang sepisan, kula minangkani punapa ingkang dados kersanipun Bapa

Bambang Sutopo sekalian dalasan sedaya kulawarga, ngaturaken pambagya

sugeng ing sarawuh panjenengan minangka Dhuta Saraya Pasrah saking Bp Gito

Suwarno sekalian Ibu Tuginem-sapendherek, ingkang pidalem wonten ing  Dukuh

Jenggrik, Desa Purwosuman, Kec. Sidoharjo, Kab Sragen.

Kaping kalih, menggah salam taklim Bapa Gito Suwarno sekalian lumantar

panjenengan kula tampi, dhawah sami-sami, kanthi atur  “wa'alaikumussalam wr.wb”

Wondene menggah keplasing sedya panjenengan hamasrahaken utawi

hanglarapaken temanten sarimbit nun inggih Roro Niken Sunarsih, SKM, ingkang


sampun kaleksanan  Ijab Qabul daup kalian Bagus Rangga Sholichin, S.Pd, kala

dinten Kamis Pon, 29 November 2018,

Bp-Ibu Bambang Sutopo,  sakulawarga hanampi kanthi suka gumbiraning

manah.

--- saklajengipun, mbok-bilih samudayanipun sampun satata samapta, temanten

kekalih tumunten badhe kalenggahaken, manut tatacara lan pradatan ingkang

lumampah wonten kampung mriki..

----dumateng Bapa Suwardi sak-penderek, kula aturi pinarak lenggah wonten papan

ingkang sampung kasediaaken kanthi mardiko mardikaning manah, ngantos

purnaning pahargyan. 

Panyuwunipun Bp-Ibu Bambang Sutopo  dalasan kulawarga, mugi panjenengan

sedaya kepareng paring donga pangestu dhumateng putra temanten kekalih. Kanthi

pangajab mugi temanten kekalih ingkang badhe nggebyur-lelumban wonten

madyaning bebrayan agung, tansah manggih bagyo mulya, dados kulowargo

ingkang Sakinah, ma waddah, wa rohmah, sumrambah ing samudayanipun.

Aamiin ya Robbal ‘aalamiin.

Mbok bilih samangke pahargyan sampun purna, panjenengan sarombokan bade

pamit, Bapak Ibu Bambang Sutopo sakulawarga namun saget atur donga pangestu,

mugi lampah panjenengan sarombongan saking papan mriki ngantos dumugi dalem

sowang-sowang, manggih kawilujengan mboten wonten alangan satunggal punapa.


Ing wasana, mbok-bilih anggen kula matur, saha hanampi, saha hanglenggahaken

panjenengan sedaya mboten rena ing penggalih, kula mawantu-wantu nyuwun

agenging samodra pangaksami.

Billahittaufiq wal-hidayah,

Wassalamu ’alaikum wr.wb

Suparto Baca Juga : 

* Atur Pasrah Temanten Bade Panggih 

* ATUR PASRAH BOYONG TEMANTEN KEKALIH

SHARE
Labels

Jawane

LABEL: JAWANE

You might also like