You are on page 1of 3

I.

Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe


pratelan kang bener !Wacanen kanthi premati !

Rukun Agawe Santosa


R. Tantiningsih

Kadangku ….
Donya iki dudu duweku
Donya iki dudu duwekmu
Mula
Aja rebutan panguwasa
Aja rebutan bebener
Kadangku ….
Eling,
Aku lan kowe ora bisa urip ijen
Aku lan kowe kudu urip bebarenga
Sayuk rukun
Gotong royong
Bahu binahu
Adohna rasa drengki srei
Jail methakil
Gedhekna rasa tepa selira
Urip bakal tentrem ayem

1. Irah-irahane judul geguritan ing duwur, yaiku …


a. Santosa
b. Agawe Santosa
c. Rukun Agawe Santosa
d. Agawe Santosa Rukun
2. Geguritan “Rukun Agawe Santosa” dikarang deneng ….
a. R. Tantiningsih
b. R. Yantiningsih
c. R. Triningsih
d. R. Dwiningsih
3. Isi geguritan ing duwur yaiku ….
a. Jail methakil
b. Drengki srei
c. Sayuk rukun
d. Kandangku
Puntadewa

Prabu Puntadewa iku raja ing Ngamarta. Putrane Pandu Dewanata lan ibune kuntinalibrata.
Puntadewa duwe watak jujur, ora tau nesu, lembah mana, lan seneng ngalah. Puntadewa
duweni getih putih lan jiwa sici.
Puntadewa kuwi pambareping Pandawa, duwe kasekten kang linuwih. Puntadewa duwe
pusaka kang ampuh aran jamus kalimasada. Pusaka mau awujud kitab kang bisa nguripake
wong sing wis mati.
Prabu Puntadewa jenenge akeh ana sing nyebut Yudhistira, Gunatalikrama utawa Prabu
Darmakusuma. Sakjone dadi raja, Prabu Puntadewa tansah tumindak adil lan ngutamaake
kepentingane rakyat lan ora sawenang-wenang. Mula negarane gemah ripa loh jinawi.

4. Jeneng liyane Prabu Puntadewa, yaiku …


a. Arjuna
b. Bima Sena
c. Yudhistira
d. Pandu
5. Prabu Puntadewa kuwi ratu ing …
a. Sawojajar
b. Pringgodani 
c. Ngastina
d. Ngamarta
6. Pusakane Prabu Puntadewa yaiku...
a. Panah pasopati
b. Jamus kalimasada
c. Gada Rujakpolo
d. Keris Pulanggeni
7. Kegiyatan nyemak kanthi tumemen lan konsentrasi diarani nyemak...
a. Eksklusif
b. Implusip
c. Intensip
d. Ekstensip
8. Paraga kang nentang dalane crita sinebut
a. Antagonis
b. Protagonis
c. Tritagonis
d. Artis
9. (h)  sandangan panyigeg wanda ing  sisih kiwa jenenge ….
a. Cecek
b. layar
c. Wignyan
d. Wulu
10.  ( / )   sandangan swara ing  sisih kiwa jenenge ….
a. Pangku
b. layar
c. wignyan
d. wulu
II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung “ benar/salah”!
1. Gita tri gatra sapada,yaiku geguritan kang saben padane kasusun saka
limang gatra....
2. Panengahe pandhawa yaiku Arjuna...
3. Geguritan kuwi ing basa Indonesia wujude pantun....
4. Nyemak pacelathon,radio,TV kuwi diarani nyemak ekstensip...
5. Pesen moral kang ana ing jerone crita diarani amanat....

III. Pasangna tembung ing ngisor iki kanthi trep!


1. Kang mimpin lakune drama yaiku....
2. Pusakane Raden Arjuna yaiku....
3. Wayang seng digawe saka kulit yaiku....
4. Tembung ing geguritan duwe makna kang jero,sinebut....
5. Aksara jawa cacahe ana....

IV. Ceceg-ceceg ing ngisor iki isenana nganggo tembung kang mathuk !
1. Puisi Jawa diarani ….
2. Sandhangan pepet ( ….e…)  yen ditulis nganggo aksara jawa yaiku….
3. Pandhawa kang kembar yaiku....
4. Bapake pandhawa yaiku....
5. Nalika maca geguritan kuwi nggatekake obahing awak kang diarani...
6. Wayang kang digawe saka kayu yaiku wayang...
7. Yen aku turu,bapak....
8. Kagiyatan kumpul dedunga bareng kanthi cara dipimpin wong kang ahli
agama kanggo gayuh kaslamatan sinebut...
9. Nyemak kaperang dadi loro, yaiku nyemak .... lan ....
10. Sekaten kuwi kaleksanan ing sasi....

V. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi patitis !


1. Sebutna kang diarani pandhawa!
Jawab:...................................................................
2. Sebutna jenising geguritan!
Jawab:...................................................................
3. Sebutna paraga kang ana ing sandiwara!
Tingkeban
Tingkeban/mitoni upacara iku salah siji saka tradisi Jawa, upacara iki uga
disebut mitoni asalé saka Pitu tembung sing sawijining makna pitu, upacara
iki dianakaké ing pitung sasi meteng lan pisanan kali. Mitoni iku asalé saka
tembung pitu (7). Upacara adat iki dianakaké wektu calon ibu nggarbini
utawa meteng 7 sasi. Ancasé kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa
kanggo sing sipaté tolak bala. Ing dhaérah tartamtu, upacara iki uga diarani
tingkeban.
4. Kapan upacara tingkeban dianakake?
Jawab:...................................................................
5. Jlentrehna ancasan upacara tingkeban!
Jawab:...................................................................

You might also like