You are on page 1of 3

Shollallahu ‘ala Nabi Muhammad

Muhammad Syafi’il Khalqi fi yaumil qiyamah


Ya Robbana Ya Robbana waghfir lana dzunubana taqabbal du’aana
Huwarrohman Huwarrohim
Sing Rohim Dzat kang sampurna
Sampurnané wong alam kabèh.

Allah wujud, qidam, baqo’, mukholafatu lil hawaditsi, wal qiyamu


binafsihi, wahdaniyyah, qudrat, irodat, ‘ilmu, hayyat, sama’, bashar,
kalam.
Kalam qadiran, muridan, ‘aliman, hayyan, sami’an, bashiran,
mutakaliman.

Ingsung ngimanaken malaikat iku


Utusané Allah kawulané Allah
Kang werna-werna rupané, kang werna-werna gawéné, werna-werna
ngibadahé
Tanpa syahwat tanpa nafsu, ora bapa ora ibu, ora lanang, ora wadon,
ora mangan ora nginum
Jisimé jisim alus, bangsa nur.

Asyhaduallailaha illallah wa asyhadu anna Muhammadar rasululah.

Aneksèni ingsun setuhuné ora ana ing pengéran kang sinembah


kelawan sak beneré
Kang wajib wujudé, kang muhal ‘adamé, kang mesthi anané, anging
Allah.

Aneksèni ingsun setuhuné kanjeng nabi Muhammad iku utusané


Allah, kawulané Allah
Kang rama Sayyid Abdullah, kang ibu Siti Aminah
Ingkang dzahir ana Mekkah, hijroh ing Medinah, jumeneng ing
Medinah, gerah ing Medinah, séda ing Medinah, sinarèkaken ing
Medinah
Bangsané bangsa Arab, bangsa rasul, bangsa Qurèsy.
Utawi yuswané kanjeng nabi Muhammad iku sewidak tahun, punjul
tigang tahun

Utawi maknané lafadz lailahaillallah iku makna nafi lan itsbat


Utawi kang dèn nafèkaken iku sekèhé pengéran, pengéran kang liya,
saking pengéran kita, kang agung kang maha mulya,
Utawi kang dèn itsbataken iku pengéran kang sah, kang setunggal,
kang ora dinadèkaken.
Ndadèkaken ‘alam kabèh, yaiku aran Allah.
Tegesé aran Allah iku aran ing dalem Dzat kang wajib wujudé, kang
muhal ‘adamé, kang mesthi anané, ora werna ora rupa, ora arah ora
anggon.
Lan sing sopo wongé ngucapaken setuhuné Allah iku werna rupa
arah anggon, mangka wong iku dadi kufur.

Utawi kanjeng nabi Muhammad iku manungsa kang lanang, kang


merdéka, kang wus ‘aqil baligh, kang bagus rupané, kang
mencorong cahayané, kadi purnamané mbulan, utawa kaya
srengéngé

Kang katurunan wahyu, ingkang wajib anduwèni sifat shidiq


amanah tabligh.
Sidiq temen, amanah kang percaya, tabligh anekakaken
Muhal unyo, muhal cidro, muhal ngumpetaken.
Ingkang wenang anduwèni sifat ‘aradh basyariyah
Kang ora nyudaaken ing dalem derajaté ingkang maha luhur.

Allahumma sholli ‘ala Muhammad


Allahumma sholli ‘ala Muhammad
Wa ‘ala alihi, wa ‘ala âlihî, wa shahbihî wa
sallim.

Allâhummaj’al hadza baladan âminan


Allâhummaj’al hadza baladan âminan
Warzuq ahlahû, warzuq ahlahû
Wâsi’an thoyyibatan hasanah.

You might also like