You are on page 1of 3

Assalaamualaikum

warahmatullaahi
wabarakaatuhu,
Innalhamdalillaah, nahmaduhu wanastainuhu wanastaghfirruhu,
wanauudzubillahi min syuruuri anfusina wa min sayyiati amaalina, may
yahdihillahu fala mudzillalah wa may yudlill fala haadiyalah, asyhadu an-
laailaaha illallaah wahdahu laa syariikalahu wa asyhadu anna
muhammadan abduhu warasuuluhu. Amma badu
Para pinisepuh saha para sesepuh ingkang satuhu kinabekten
rahimakumullah;
Para pangemban pangembating praja tuwin satriyaning negari minangka
pandam pandoming kawula ingkang pantes sinudarsana
Para alim, ulama, saha para kyai ingkang lebda ing pamawas ingkang
tansah tinuladha dening para ummat, langkung-langkung wabil khusus
dhumateng panjenenganipun almukarrom;.. (nama tokoh yang akan
memberikan pengajian/tausyiyah) ingkang tansah kita antu-antu
wedharing wursita aji, ingkang dipun mulyaaken Allah;
Para bapak sumrambah para ibu saha para sedherek sedaya kaum
muslimin lan muslimat rakhimakumullah
Langkung rumiyin sumangga kula dherekaken sami manengku puja puji,
ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Allah SWT ingkang
dumugi ing titiwanci menika taksih kepareng paring nugraha
kawilujengan dhumateng panjenengan sedaya dalasan kula, saha awit
paringipun sak sae-saenipun nikmat arupi iman lan Islam. Innalhamda
lillaah
Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng junjungan kita
nabi agung Muhammad SAW, para garwa saha putra, para keluarganipun
saha para sahabatipun, saengga benjang ing yaumul akhir mugi-mugi kita
tansah pikantuk syafaatipun
Para Bapak, para ibu kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah.
Keparenga langkung rumiyin kula minangka jejering pambiwara ingkang
kapiji nderekkaken titi laksananing adicara Pengaosan nyuwun
lumunturing sih samodra pangaksami, denea kula cumanthaka nggempil
kamardikan saha munggel pangandikan sawetawis, kinarya amurwakani
adicara pengaosan ing ndalu punika. Sak lajengipun, keparenga kula
badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara Pengaosan ing titi
wanci punika ingkang sampun rinacik saha rinantam kirang langkung
mekaten
Adicara angka sepisan Pambuka
Kalajengaken adicara ingkang angka kalih, Waosan Kalamullah ingkang
sampun sinerat ing Pustaka Suci Al-Quran, ingkang samangke badhe
kasarirani dening sedherek
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja ingkang
hamengku gati, ingkang badhe kasarirani sedherek/bapak (ketua panitia
atau yang ditunjuk)
Adicara ingkang angka sekawan, wedharing pangandikan saking
panjenenganipun Bapa/Ibu/Kyai &biasanya pejabat tertinggi di
lingkungan sini atau orang yang ditokohkan dalam kesempatan pengajian
ini).
Wondene adicara ingkang angka gangsal, minangka wigatosing
pepanggihan dalu punika, nun inggih  Wedharing Pengaosan arupi
tausyiyah ingkang badhe kaparingaken dening almukarrom (sebut nama
beserta gelar dan status keagamaannya, misalnya kyai haji atau apa
Minangka pungkasaning titi laksana pengaosan nun inggih panutup.
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah,
mekaten menggah urut reroncening titi laksana adicara Pengaosan ing
dalu punika. Mugi-mugi adicara ingkang sampun karantam menika sageta
lumampah kanti rancag winantu barakahipun Gusti Allah SWT. Awit
saking menika, sumangga kita sareng-sareng ngaturaken pandonga
dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT mracihnani bilih pepanggihan
dalu punika tumunten kawiwitan. Kinarya murwakani adicara pengaosan
menika, sumangga kita ngunjukkaen doa kanti waosan (basmalah atau
bacaan ummul kitab atau dengan doa lainnya).
Matur nuwun
Ndungkap adicara ingkang angka kalih, nun inggih Waosan Kalamulah
ingkang badhe kasarirani dening sedherek Anamung saderengipun,
kasuwun dumateng sedaya jamaah mugi kepareng hamidangetaken saha
hangraosaken ing sak lebeting manah jer menika Pangandikanipun Allah
SWT. Sadereng lan sasampunipun dipun aturaken agunging panuwun.
Salajengipun, dhumateng sedherek wekdal kasumanggaaken.
Paripurna waosan ayat-ayat suci ingkang sampun kaaturaken. Ing
pangajab, mugi kanthi waosan kala wau manah kita langkung tinarbuka
saengga saget ayom ayem tentrem dumigi sak lami-laminipun. Ugi
dhumateng sedherek ingkang sampun ngaturaken waosan kala wau
pikantuk ganjaran saking ngarsanipun Allah SWT. Amiin yaa rabbal
aalamiin
Ndungkap adicara ingkang angka tiga, atur pambagyaharja. Dhumateng
sederek / Bapak wekdal kasumanggaaken
Mekaten menggah atur pambagyaharja sampun kaaturaken, ingkang
salajengipun tumapak ing titi laksana ingkang angka sekawan, wedharing
pangandikan saking panjenenganipun bapak/ibu (mungkin pejabat
tertinggi di lingkungan sini atau tokoh yang dikehendaki panitia untuk
memberikan sambutan). Anamung sakderengipun, midherek atur saking
panitia, titi laksitaning adicara badhe kasigeg sawetawis kinarya paring
wekdal dhateng para kanca ingkang badhe angaturaken pasugatan
prasaja. Dhumateng para rawuh ingkang sampun kaladosan, mugi
kepareng tumunten anyekecaaken ngunjuk sarta dhahar kanthi
merdikaning penggalih. Salajengipun adicara kasumeneaken sawetawis.
Para rawuh, ing pangajab wekdal sumene menika ketingal regeng, ing
ngarsa panjenengan sedaya badhe kaaturaken pasugatan saking
Paguyuban Seni Rebana Kembang Setaman saking Pedukuhan Sanga,
Karang. Ingkang menika, wekdal sumene kaaturaken dhumateng
panjenganipun Bapak Wiji Naryana saha Bapak Sudarsa minangka
pengesuhing paguyuban. Dhumateng para rawuh, sugeng midhangetaken
kanthi merdikaning penggalih. Sumangga.
Jamaah pengaosan rakhimakumullah, kanthi niat nggemeni wekdal,
wekdal sumene kula suwun kinarya anglajengaken adicara candhakipun.
Adicara ingkang angka sekawan wedharing pangandika saking
panjenenganipun Bapak/IbuDhumateng bapak/ibuwekdal sacekapipun
kaaturaken. Sumangga
Kaaturaken agunging panuwun dhumateng panjenenganipun bapak/ibu
ingkang sampun kepareng paring pangandika
Hadhirin wal hadhirat, kaum muslimin lan muslimat rahimakumullah,
purwa lan madyaning pepanggihan sampun kita lampahi kanthi kalis ing
rubeda. Tumapaking adicara salajengipun wedharing wursita aji saha
tausiyah ingkang minangka sari lan wigatosing pepanggihan menika.
Ingkang menika, dhumateng almukarron bapa kyai kasuwun paring
pengaosan saha wedharing tausiyah ing pepanggihan pengaosan; dalu
punika. Dhumateng almukarrom wekdal sacekapipun kaaturaken.
Sumangga
Ngaturaken sanget agunging panuwun dhumateng panjenanganipun
almukarrom ingkang sampun paring piwucal luhur dhateng para jamaah
ing dalu menika. Saestu sedaya pangandika saha piwucal luhur menika
ndadosaken tuladha tumrap kita ingkang rawuh saha midhangetaken
wedharing pengaosan
Para bapak, para ibu sarta sedherek sedaya rakhimakumullah, purnaning
wedharing pengaosan menika, mracihnani bilih titi laksitaning adicara
pepanggihan ing dalu punika sampun paripurna. Anamung saderengipun
pepanggihan menika kapungkasi, kula ingkang piniji ndherekaken
lampahing adicara, mbok bilih pinangih atur ingkang kirang nuju prana
saha tindak tanduk ingkang kirang nengsemaken, kanthi andhap asoring
manah kula nyuwun gunging samodra pangaksami
Muslimin lan muslimat, ingkang kinurmatan, minangka pratandha
panutuping adicara dalu punika, sumangga sareng-sareng kita
ngunjukaken raos syukur dhateng ngarsanipun Gusti Allah SWT karana
maos lafal Hamdalah, kula dherekaken. Alhamdulillaahirabbil
Wusana, ngaturaken sugeng kundur mugi tansah rahayu ingkang sami
pinanggih
Wassalaamualaikum warahmatullaahi wabarakaatuhu.

You might also like