You are on page 1of 1

Catetan B.

Jawa Piwulang 1
1. Sesorah / pidhato iku klebu katrampilan micara.
2. Ancase / tujuane sesorah yaiku : nerusake kabar utawa informasi marang sapa bae kanthi
lesan
3. Ing sesorah kang utama ana paraga 2 kang sesambungan ,yaiku :
a. Paraga sing sesorah
b. Sapa kang disesorahi ( audience )
4. Sesorah diarani temanja/berhasil menawa : kabar utawa informasi kang dikandhakake
dening orator dimangerteni dene sapa wae kang disorahi
5. Wong kang ahli sesorah diarani : orator
6. Kanthi mengkono ,sarat utama amrih temanjane sawijining sesorah yaiku kudu :
miginakake basa kang nyambung / komunikatif
7. Basa kang komunikatif yaiku : basa kang dimengerteni dening audience
8. Supaya sesorah luwih temanja orator kudu nggatekake :
a. Sandhang penganggo ( kudu sopan lan ora-orane dococokake karo swasanane sesorah
utawa kegiatane )
b. Solah bawa lan subasita ( kudu sambung karo performance utawa penampilan )
9. Subasita iku sambung karo : tata karma ( sikap sopan santun )

Tugas :

Gaweya sesorah kang isine perpisahan kelas VI , awakmu kadhawuhan dadi wakil kelas V

( ditulis nang kertas folio, kanthi basa karma, eling tulisan kudu cetha lan apik )!!

You might also like