You are on page 1of 3

KHUTBAH

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Ningkataken Ibadah lan Kesaenan


ing Wulan Rajab
Ahmad Karomi

Kamis, 3 Februari 2022 | 09:30 WIB

‫ َوَلا‬،‫ َوَأ ْشَهُد َأ ْن َّل ا ِإ ٰلَه ِإ َّل ا اللُه َوْحَدُه َلا َشِرْيَك َلُه‬.‫ َوَخَذَل َمْن َشاَء ِمْن َخْلِقِه ِبَمِشْيَئِتِه َوَعْد ِلِه‬.‫َاْل َحْمُد ِللِه اَّلِذْي َوَّف َق َمْن َشاَء ِمْن َخْلِقِه ِبَفْض ِلِه َوَكَرِمِه‬
‫ َاللهم َص ِّل َوَسِّلْم َوَباِرْك َعَلى َس ِّيِدَنا ُم َّمَح ِد ْبِن َعْبِد‬.‫ َوَأ ْشَهُد َأ َّن َسِّيَدَنا َوَحِبْيَبَنا َوُقَّر َة َأ ْعُيِنَنا ُم َّمَح ًدا َعْبُدُه َوَرُسْوُلُه َص ِفُّي ُه َوَحِبْيُبُه‬.‫َش ِبْيَه َوَلا ِمْثَل َوَلا ِنَّد َلُه‬

.‫ َوَمْن َتِبَعُهْم ِإِب ْح َساٍن ِإ َلى َيْوِم اْلِقَياَمِة‬.‫ َوَعَلى آِلِه َوَص ْحِبِه َوَمْن َّو اَلاُه‬.‫اللِه‬
 
‫ ِإ َّن ِعَّد َة الُّش ُهوِر ِعْنَد الَّل ِه اْثَنا َعَشَر َشْهًرا ِفي ِكَتاِب الَّل ِه َيْوَم‬:‫ َفَقْد َقاَل اللُه َتَعالَى ِفي ِك اَتِبِه اْل َكِرْيِم‬. ‫ اَّت ُقوا اللَه َتَعاَلى ِبِفْعِل الَّط اَعاِت‬, ‫ فَيا َأ ُّي َها الَّن اُس‬:‫أَّم ا بْعُد‬
.‫َخَلَق الَّس َماَواِت َواْلَأ ْرَض ِمْنَها َأ ْر َبَعٌة ُحُرٌم‬
 
Maasyiral Muslimin Rahimakumullah

Monggo sareng-sareng ningkataken takwa dumateng Gusti Allah, kanti nindaaken sedoyo printahipun soho nebihi
sedoyo awisanipun. Supados kito sedoyo saget pikantuk rahmatipun Gusti Allah soho kabejan wonten ing dunyo
ngantos akhirat. Kedah kito mangertosi bilih takwa meniko minongko benteng, pager kito supados mboten kebujuk
gudone howo nafsu lan setan.

 
Hadirin Rahimakumullah

Alhamdulillah, kanti anugerahipun Gusti Allah kito sakmangke melebet wonten wulan Rajab ingkang kebak berkah
lan kesaenan. Wulan Rajab meniko wulan istimewa. Sayyid Abu Bakar Syato dawuh wonten kitab I‘anatut Thalibin
bilih Rajab meniko kacetak (musytaq) saking lafal  al-tarjiib (‫ )الَّت ْرِجْيب‬ingkang maksudipun ngagungaken utawi
mulyaaken. Masyarakat Arab zaman rumiyen mulyaaken wulan Rajab ngungkuli wulan-wulan lintunipun.

 
Wulan Rajab ugi dipun sebat al-ashobb (‫ )الَأ َصب‬ingkang artosipun kemesok utawi ngucur. Amergi saking deresipun
tetesan kesaenan wonten wulan Rajab meniko. Rajab saget ugi dipun kenal kaliyan sebutan al-Ashomm (‫)الَأ َصم‬
maknonipun tuli utawi budeg. Kranten mboten dipun pireng suwanten senjata pasukan perang wonten wulan Rajab.
Gusti Allah nyebataken Rajab dados salah setunggalipun wulan harom tegese wulan ingkang dipun mulyaaken.

 
‫ْن َه َأ ْر َب َع ٌة ُح ُر ٌم‬ ‫َو ْلَأ ْر َض‬ ‫َّس َم َو‬ ‫َي ْو َم َخ َل َق‬ ‫ل‬ ‫َت‬ ‫ْث َن َع َش َر َش ْه ًر‬ ‫ْن َد َّل‬ ‫َّن َّد َة ُّش ُه‬
)٣٦ :‫ِإ َّن ِعَّدَة الُّشُهوِر ِعْنَد الَّل ِه اْثَنا َعَشَر َشْهًرا ِفي ِكَتاِب اللِه َيْوَم َخَلَق الَّسَماَواِت َواْلَأْرَض ِمْنَها َأْر َبَعٌة ُحُرٌم (التوبة‬
 
Artosipun: Saktemene wilangan wulan mungguhe Gusti Allah iku rolas, ing dalem kepastiane Gusti Allah nalikane
nyiptaaken langit lan bumi, setengah saking rolas wulan niku sekawan wulan ingkang haram. (Q.S. at-Taubah: 36).​​

 
Wulan harom tegese inggih meniko sekawan wulan mulyo saklintunipun Ramadhan, inggih meniko Dzulqa’dah,
Dzulhijjah, Muharram soho Rajab. Alasane dipun sebat wulan harom kranten wonten wulan-wulan meniko umat
islam dipun larang perang, kejawi menawi musuh milai perang rumiyen. Lajeng haromipun nindaaken maksiat
wonten wulan-wulan meniko langkung ageng dusonipun dibandingaken wonten wulan lintunipun.

 
Imam Suyuti ngutip dawuhe kanjeng Nabi Muhammad:
 
‫َرَجُب َشْهُر الَّل ِه َوَشْعَباُن َشْهِرى َوَرَمَضاُن َشْهُر ُأ َّم ِتى‬
 
Artosipun: Rajab iku wulane Allah, Sya’ban iku wulanku, lan Ramadhan iku wulane umatku 

 
Rajab wulane Gusti Allah tegese wulan ingkang dipun hurmati soho dipun agungaken. Kanjeng Nabi sanget
ngurmati wulan Rojab meniko. Ngantos-ngantos naliko wulan Rajab dumugi, panjenenganipun bade pados
berkahipun wulan Rajab kanti maos dungo:
 
‫َّلَالُهَّم َباِرْك َلَنا في َرَجَب َو َشْعَباَن َو َبِّلْغَنا َرَمَضاَن‬
 
Artosipun: Duh Gusti Allah, kulo nyuwun berkah wonten wulan Rajab lan wulan Sya’ban, lan panjenengan paring
kulo panjang umur hinggo menangi wulan Ramadhan (Imam Ahmad).
 
Abu Bakr al-Balkhi rahimahullah ngendiko:
 
‫َشْهُر َرَجَب َشْهُر الَّز ْرِع َوَشْهُر َشْعَباَن َشْهُر َسْق الَّز ْرِع َوَشْهُر َرَمَضاَن َشْهُر ِحَصاِد الَّز ْرِع‬
‫ِي‬
 
Artosipun: Rajab iku wulane nandur. Sya’ban iku wulane nyiram tanduran. Lan Ramadhan iku wulane
manen (Fatwa Al-Islam Sual wa Jawab)
 
Saking dawuh meniko, posisi wulan Rajab dados kuncinipun wulan-wulan sae engkang dumawah sak sampunipun.
Panjenenganipun Al-Balkhi ugi dawuh, “Rajab iku koyo angine, Sya’ban iku mendung, lan Ramadhan iku udane”.
 
Maasyiral Muslimin Ingkang Sami Bahagio

 
Saking banget mulyanipun wulan Rajab sehinggo wonten riwayat ingkang jelasaken bilih malam setunggal Rajab
yoiku salah setunggal wengi ingkang mustajab kagem pinten-pinten dungo. Kados keteranganipun Imam Syafi’i
wonten kitab Al-Umm:
 
‫ َوَلْيَلِة الِّنْص ِف ِمْن َشْعَباَن‬، ‫ َوَأ َّو ِل َلْيَلٍة ِمْن َرَجٍب‬،‫ َوَلْيَلِة اْلِفْطِر‬،‫ َوَلْيَلِة اْلَأ ْض َحى‬،‫ ِفي َلْيَلِة اْل ُجُمَعِة‬:‫ ِإ َّن الُّد َعاَء ُيْسَتَجاُب ِفي َخْمِس َلَياٍل‬:‫َبَلَغَنا َأ َّن ُه َكاَن ُيَقاُل‬ 
 
Artosipun: Wes nyampek berita marang kito kabeh, dipun dawuhaken: Sektemene dungo iku bakal dikabulne ono
ing 5 malam; malam jumat, malam hari raya idul Adha, malam hari raya Idul Fitri, malam awal wulan Rajab lan
malam nisfu Sya’ban.

 
Kedah kito mangertosi bilih wulan Rajab meniko katah peristiwa agung, ing antaranipun; Sayyid Abdulloh lan
Sayyidah ‘Aminah kromo lajeng ngandut janin sayidul mursalin, nggih meniko Kanjeng Nabi Muhammad SAW.
Lajeng wulan Rajab puniko terjadi Isra’ Mi’raj ingkang dumawah wonten malam 27 Rajab. Setunggalipun malem
ingkang Kanjeng Nabi nampi kemulyaan paling ageng ingkang nate dipun paringaken Allah dateng kawulonipun.
 
Maasyiral Muslimin Rahimakumullah

Wonten lebetipun wulan Rajab, monggo kito sami ngatahaken amal kesaenan soho taat. Ing antawis ipun
ngathahaken siyam, sinaoso tigang dinten kimawon. Sunnah ngathahaken siyam lan penggawe toat wonten wulan


‪Rajab niku kados dipun sunnahaken wonten tigang wulan haram lintunipun.‬‬
‫‪ ‬‬
‫‪Pancen mboten wonten hadits shahih ingkang secara khusus mbahas kesunahanipun siyam Rajab. Semunu ugo‬‬
‫‪mboten wonten larangan siyam wonten wulan Rajab. Poro ulomo ngagem dalil umum anjuran siyam sunah kecuali‬‬
‫‪gangsal dinten engkang dipun haromaken. Ugi dalil-dalil umum anjuran siyam wonten sekawan wulan-wulan‬‬
‫‪haram. Dalil-dalil meniko sampun cekap kadamel pijakan sunahipun siyam wonten wulan Rajab. Wonten Shahih‬‬
‫‪Muslim dipun sebataken (hadits no. 1960):‬‬
‫‪ ‬‬
‫عن ُعْثَماَن ْبِن َحِكيٍم اْلَأ ْنَصاِرِّي َقاَل‪َ :‬سَأ ْلُت َسِعيَد ْبَن ُجَبْيٍر َعْن َصْوِم َرَجَب َوَنْحُن َيْوَمِئٍذ ِفي َرَجَب َفَقاَل َسِمْعُت اْبَن َعَّب اٍس َرِضَي اللُه َعْنُهَما َيُقوُل‬
‫َكاَن َرُسوُل الَّل ِه َص َّلى اللُه َعَلْيِه َوَس َّل َم َيُصوُم َحَّت ى َنُقوَل َلا ُيْفِطُر َو ُيْفِطُر َحَّت ى َنُقوَل َلا َيُصوُم‪.‬‬
‫‪ ‬‬
‫‪Artosipun: Saking Utsman bin Hakim Al-Anshari, piyambakipun dawuh: aku nyuwun pirso Sa’id bin Jubair babakan‬‬
‫‪poso Rojab, lan waktu iku kito wonten wulan Rojab. Lajeng panjenenganipun jawab: aku wes mireng Ibnu Abbas‬‬
‫‪ngendiko: Rasululloh saw nate poso hinggo kito ngucap panjenenganipun mboten nate mokel lan panjenenganipun‬‬
‫‪mokel hinggo kito ngucap panjenenganipun mboten nate poso.‬‬
‫‪ ‬‬
‫‪Mugi-mugi wonten wulan Rajab meniko kitho dipun paring semangat ngelampahi ibadah lan ngatahaken tumindak‬‬
‫‪kesaenan soho ketaatan dateng Allah SWT. Amin.‬‬
‫‪ ‬‬
‫َجَعَلنا اللُه َوإَّي اكم ِمَن الَفاِئِزين الآِمِنين‪َ .‬وأْدَخَلَنا وِإ َّي اكم ِفي ُزْمَرِة ِعَباِدِه الُمْؤِمِنْيَن‪ .‬أُعوُذ ِباللِه ِمَن الَّش ْيطاِن الَّر ِجيْم‪َ :‬وَساِرُعْوا ِاَلى َمْغِفَرٍة ِمْن َرِّبُكْم َوَجَّن ٍة‬
‫َع ُضَها الَّس مَواُت َواْلَاْرُض ‪ُ .‬أ ِعَّد ْت ِل َّت‬
‫ْلُم ِقْيَن‪.‬‬ ‫ْر‬
‫بَاَرَك اللُه ِلْي َولكْم ِفي الُقْرآِن الَعِظْيِم‪َ ،‬وَنَفَعِنْي ِإَو ّياُكْم ِبالآياِت والِّذْكِر الَحِكْيِم‪ .‬إّنُه َتعَاَلى َجواٌد َكِرْيٌم َمِلٌك َبٌّر َرُؤْوٌف َرِحْيٌم‪.‬‬
‫‪ ‬‬
‫‪Khutbah ke II‬‬
‫‪ ‬‬
‫َاْل َحْمُد َّلِلِه اْلَواِحِد الَّص َمِد‪َ .‬اَّلِذى َلْم َيِلْد َوَلْم ُيْوَلْد َوَلْم َيُكْن َلُه ُكُفًوا أَحٌد‪ .‬لَاَّل ُهَّم َص ِّل َوَسِّلْم َعَلى َس ِّيِدَنا ُم َّمَح ٍد الَّن ِبِّي اْل َكِرْيِم اْلُمَمَّج ِد‪َ .‬وَعَلى آِلِه َوأْص َحاِبِه اَّلِذْيَن‬
‫َش َّي ُدْوا الَّد ْيَن ِبَعْزٍم َقِوٍّي َوَعِزْيِز اْلَمَدِد‪.‬‬
‫‪ ‬‬
‫أَّم ا َبْعُد‪َ :‬فَياأُّي َها اْل َحاِضُرْوَن! ُأ ْوِصْيُكْم َونْفِسى ِبَتْقَوى الَّل ِه ِبِفْعِل اْل ْأَم ُمْوَراِت َوَتْرِك اْلَمْنِهَّي اِت ‪َ  ‬وَذُرْوا الَفَواِخَش َما َظَهَر ِمْنَها َوَما بَطَن َوَحاِفُظْوا َعَلى الَّط اَعِة‬
‫َوَث ى ِبَملَاِئَكِة الُمَسِّبَحِة ُقْدِسِه‪َ ،‬فَقاَل َتَعالَى َوَلْم َيَزْل َقاِئلًا َعِلْيًما ِإ َّن اللَه َوَملَاِئَكَتُه‬ ‫َوُخُضْوِر الُجُمَعِة َوالَجَماَعِة َواْعَلُموا َأ َّن اللَه َأ َمُكْم ِبَأ ْمٍر َبَدَأ ‪ِ  ‬فْيِه ِبَنْفِسِه َّن‬
‫َر‬
‫ُيَص ُّل ْوَن َعَلى الَّن ِب َيا َّيَا َها اَّلِذْيَن َأ َمُنْوا َص ُّل ْوا َعَلْيِه ِوَس ِّلُمْوا َتْس ِلْيًما‪ .‬لَاَّل ُهَّم َص ِّل َوَسِّلْم َعَلى َس ِّيِدَنا ُم َّمَح ٍد َوَعَلى َأ ِلِه َوَص ْحِبِه َأ جَمِعْيَن‪ ,‬لَاَّل ُهَّم َواْرَض َعِن الُخَلَفاِء‬
‫ِّي‬
‫الَّر اِشِدْيَن اَّلِذْيَن َقَضْوا ِبالَحِّق َوَكاُنْوا ِبِه َيْعِدُلْوَن َساَداِتَنا َأ ِبى َبْكٍر َوُعَمَر َوُعْثَماَن َوَعِلٍّي َوَعْن َساِئِر َأ ْص َحاِب َنِبِّيَك َأ ْج َمِعْيَن َوَعِن ال اِبِعْيَن َوَمْن َتِبَعُهْم ِإِب ْح َساِن‬
‫َّت‬
‫ِإ َلى َيْوِم الِّدْيِن‪.‬‬
‫‪ ‬‬
‫‪ ‬الَلُهَّم اْغِفْر ِلْلُمْس ِلِمْيَن َوالُمسِلَماِت َوالُمْؤِمِنيَن َوالُمْؤِمَناِت َالَأ ْح َياِء ِمْنُهْم َوالَأ ْمَواِت ‪ .‬لَاَّل ُهَّم َأ ِعَّز الِإ ْس لَاَم َوالُمْس ِلِمْيَن َوَأ ْعِل َكِلَمَتَك ِإ َلى َيْوِم الِّدْيِن‪ ,‬لَاَّل ُهَّم اْنُصْر‬
‫َمْن َنَصَر الِّدْيَن َواْخُذْل َمْن َخَذَل الُمْس ِلِمْيَن‪ .‬لَاَّل ُهَّم َأ هِلِك الَيُهْوَد َوالَّن َصاَرى َواْلَكَفَرَة َواْلُمْشِرِكْيَن‪ .‬لَاَّل ُهَّم َاِمَّن ا ِفى ُدْوِرَنا َوَأ ْص ِلْح ُولَاَة ُأ َمْوِرَنا َواْج َعِل الَّل ُهَّم‬
‫ِولَاَيَتَنا ِفَمْن َخاَفَك َواَّت َقاَك‪ .‬لَاَّل ُهَّم اْدَفْع َعَّن ا الَغلَاَء َوالَوَباَء والِّرَبا َوالِّزَنا َوالَّز لَاِزَل َواْلِمَحَن َوُسْوَء الِفَتِن َما َظَهَر ِمْنَها َوَما َبَطَن َعْن ِبَلِدَنا َهَذا َخاَّص ًة َوَعْن‬
‫َساِئِر ِبلَاِد الُمسِلِميَن الَعاَّم ًة َياَرَّب الَعاَلِميَن‪َ  ‬رَّب َنا َآِتَنا ِفي الُّد ْنَيا َحَسَنًة َوِفي اْلَآِخَرِة َحَسَنًة َوِقَنا َعَذاَب الَّن اِر‬
‫‪ ‬‬
‫ِعباَد الله ! ِإ َّن اللَه َيأُمُر ِبالَعْدِل َواْلِإ ْح َساِن ِإَو ْيَتاِء ِذى الُقرَبى َوَيْنَه ى َعِن الَفْخ َشاِء َوالُمْنَكِر َوالَبْغِي َيِعُظُكم َلَعَّل ُكم َتَذَّك ُرْوَن‪َ ,‬فاْذُكُرْوا اللَه الَعِظْيَم َيْذُكْرُكْم‬
‫َواْش ُكُرْوُه َعَلى ِنَعِمِه َيِزْدُكْم َواْس َأ ُلْوُه ِمْن َفْض ِلِه ُيْعِطُكْم َوَلِذْكُر اللِه َأ كَبُر‬

‫‪Editor: Syaifullah‬‬

‫‪‬‬

You might also like