You are on page 1of 1

LEGENDA GUNUNG BROMO (SUKU TENGGER)

Rikala ing jaman semanten ing ereng-erenging Gunung Bromo, wonteng


kaluwarga ingkang dangu mboten gadhahhi putra. Ingkang kakung asmanipun
Joko Seger, ingkang estri Rara Anteng. Kapurih enggal nggadhahhi putra, lajeng
kekalihipun nyuwun utawi ndonga dhateng Gusti kanthi ngucap mbok bilih
mangke kelampahan dipun paringi putra, kekalihipun rila ngorbanaken putranipun
maring Gusti. Sak lampahipun wekdal, dinten gantos dinten, wulan gantos wulan,
tahun gantos tahun, kekalihipun saget nggadhahhi putra kathah ngantos kesupen
mring janjinipun dhateng Gusti. Bebendu utawi pageblug saking Gusti dhateng
mboten kintenan. Lajeng wonteng ing dalu nalika Joko Seger sare, dipun
emuttaken kanthi ngimpi tumrap janjinipun mring Gusti.

Lajeng Joko Seger matur dhateng putra-putrinipun tumrap babagan punika,


lajeng wonten salah satunggaling putra ingkang purun menawi dipun korbannaken.
Dumugi wonten ing dinten ingkang sampun katamtokkaken, upacara korban
wonten Kawah Gunung Bromo lajeng dipun tindakkaken. Sak sampunipun upacara
punika, lajeng kaluwarganipun saget uwal saking bebendu lan pageblug, saget
nglampahhi bebrayan kanthi bahagia sesarengan sedaya putra-putrinipun ngantos
wekdal punika ingkang lajeng dipun kenal minangka Suku Tengger. Cekakkan
saking asmanipun Roro Anteng lan Joko Seger.

You might also like