You are on page 1of 1

SABDHO TOMO

Anakku ngger pangestuku tansah mbanyu mili pindhane nganti koyo


ilining tirto narmodho tak sesuwun bebrayan mu biso tinemu kebahagyan
sarto kamulyan nganti kaki kaki lan nini nini tansah rukun reruntungan
kadyo mimi hamintuno.

Sak banjure minongko sanguning anggonmu bakal ngayahi lelumban


ono sakjroning bebrayan agung aku kepengen titip piweling utowo wasiat
limang perkoro kang kudu siro gatekake yo kuwi kang sinebut ponco
wedho

Mangkenen surasane :

1. Kaping sepisan : tansah ngabekti sarto manembaho mring


Panguwasaning gusti kang mur bing dumadi manut
agomo utowo kapitayan kang siro rasuk.
2. Kaping pindho : ojo kongsi lali anggonmu ngabekti marang wong
tuwamu sak karone opo dene moro tuwamu ilingo
lamun wong tuwamu kang wus sembodo ngukir jiwo
ragomu minongko dadi lantaraning tunuwuh.
3. Kaping telu : mituhuo marang lakasing guru lakimu yo sisihamu
kang ing tambe bakal ngrengkuh sarto ngayomi jiwo
ragamu.
4. Kaping papat : biso dadi wong urip kang tansah prasojo linambaran
ati sabar lan narimo
5. Kaping limo : dadiyo jejering wanito utomo kang tansah biso
memayu hayuning bebrayan agung.

You might also like