You are on page 1of 7

7/18/22, 9:11 AM Kelas X/Gasal Bab 5.

Sandangan Mandaswara - Basa Jawa

Kelas X/Gasal Bab 5. Sandangan Mandaswara


Basa Jawa

November 28, 2020
Shares

Asal-Usul
Aksara Jawa

Kacarita ing jaman mbiyèn ana wong saka Tanah


Hindhustan anom jenengé Aji Saka.
Dhèwèké putrané ratu, nanging kepéngin dadi
pandhita sing pinter. Kasenengané mulang kawruh
rupa-rupa. Dhèwèké banjur
péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jawa.

Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat


menyang Tanah Jawa, karo abdiné papat
sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan
Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji
Saka banjur nilar
abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Déné Aji Saka karo Duga lan Prayoga
arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora olèh lunga saka
kono. Saliyané iku
abdi loro wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa,
ora olèh dielungaké marang sapa-sapa.

Aji Saka banjur tindak karo abdiné loro menyang ing


Tanah Jawa. Njujug ing negara
Mendhang
Kamolan.
Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu
Déwata Cengkar. Sang prabu iku
senengané
dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih
menyang
negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.

Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng


guru, wong-wong padha mlebu
dadi siswané. Para siswané padha tresna marang Aji
Saka amerga dhèwèké seneng tetulung.

Nalika semana Aji Saka mondhok nèng omahé nyai


randha Sengkeran dipèk anak karo nyai
randha. Kyai patih karo nyai randha iya
wis dadi siswané Aji Saka.

Anuju sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar


duka banget ora wong manèh sing bisa
didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosaké
sang nata dadi dhaharané.

Sang nyai randha lan patih dadi kagèt banget.


Nanging Aji Saka celathu yèn wong loro iku
ora usah kuwatir yèn dhèwèké ora
bakal mati. Banjur Aji Saka diateraké ngadhep prabu Déwata
Cengkar.

Prabu Déwata Cengkar ya rumangsa éman lan kersa


ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging
Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwuné,
yaiku nyuwun lemah saiket jembaré. Sing ngukur kudu
sang prabu dhéwé.

Sang prabu Déwata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli


wiwit ngukur lemah diasta dhéwé.
Iketé Aji Saka dijèrèng. Iketé tansah mulur
baé, dadi amba serta dawa. Iya dituti waé déning sang
https://kusmiarti.blogspot.com/2020/11/kelas-xgasal-bab-5-sandangan-mandaswara.html 1/7
7/18/22, 9:11 AM Kelas X/Gasal Bab 5. Sandangan Mandaswara - Basa Jawa

prabu. Nganti notog ing


segara kidul. Bareng wis mèpèd ing pinggir segara, iketé dikebutaké.
Déwata
Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni
saisining
segara kidul.

Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit


ratuné sing diwedèni wis sirna.
Seka panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng
ratu ana ing negara Mendhang Kamolan
ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka.
Déné patihé isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si
Shares
Prayoga didadèkaké
bupati, ngarané tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.

Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si


Dora lan si Sambada. Kacarita sang
prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka.
Diadhep kyai patih serta para bupati. Sang prabu kèngetan
abdiné sing didhawuhi
ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan
Prayoga
kepriyé wartané si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli
awit wis
suwé ora krungu apa-apa.

Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing


Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha
krungu pawarta manawa gustiné wis
jumeneng ratu ana ring Mendhung Kamolan. Si Dora ngajak
sowan nanging si
Sambada ora gelem awit wedi nerak wewaleré gustiné, ora pareng lunga-lunga
seka
pulo Majethi, yèn ora tinimbalan.

Nanging si Dora nékad arep sowan dhéwé. Si Sambada


ditilapaké. Banjur mangkat ijèn waé.
Ana ing dalan si Dora kapethuk karo
tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur
diajak bali déning si
Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem. Wong telu banjur sowan ing ngarsané
sang
prabu.

Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan


diwangsuli yèn dhèwèké ora gelem
diajak. Mireng aturé si Dora, sang prabu duka
banget, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur Dora,
didhawuhi bali menyang pulo
Majethi lan nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem didhawuhi
dirampungi lan
kerisé dibalèkaké.

Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo


Sembada. Kandha yèn mentas sowan
gustiné. Saiki diutus nimbali si Sambada.
Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora
ngandel marang kandhané
si Dora. Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha kekerangan, dedreg
ora ana sing
kalah, awit padha digdayané. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha
genti
nyuduk. Wekasan perangé sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh.

Sang Prabu ngarep-arep tekané si Dora. Wis sawetara


suwéné teka durung sowan-sowan
mangka didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali
tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi
nusul si Dora menyang pulo Majethi.
Sanalika banjur mangkat.

Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau,


kagèt banget déné si Dora lan si
Sembada ketemu wis padha mati kabèh. Tilasé
mentas padha kekerangan padha tatu kena ing
gaman. Pusaka keris sing dadi
rereksan gumléthak ana ing sandhingé. Pusaka banjur dijupuk arep
diaturaké
marang gustiné.
https://kusmiarti.blogspot.com/2020/11/kelas-xgasal-bab-5-sandangan-mandaswara.html 2/7
7/18/22, 9:11 AM Kelas X/Gasal Bab 5. Sandangan Mandaswara - Basa Jawa

Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsané


gustiné lan mratélaké kahanané. Sang
Prabu Widayaka kagèt banget mireng
pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn
pandhawuhé. Banjur sang
prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti abdiné loro iku.

Kanggo mèngeti rong panakawané sing setya nganti


pati: Dora lan Sembada. Kaloroné mati
amarga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang
ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara
Hanacaraka supaya bisa kanggo
nulis layang.
Shares

Urutane kaya ing ngisor iki :

"Hana caraka" tegesé


"Ana utusan"

"Data sawala" tegesé


"Padha garejegan"

"Padha jayanya" tegesé


"Padha digjayané"

"Maga bathanga" tegesé


"Padha dadi bathang".

A.    1. Aksara Carakan


Aksara Jawa carakan
diarani uga nglegena (dhasar)iki cacahé ana rong puluh lan
nglambangaké kabèh
foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:

B.     Sandhangan

https://kusmiarti.blogspot.com/2020/11/kelas-xgasal-bab-5-sandangan-mandaswara.html 3/7
7/18/22, 9:11 AM Kelas X/Gasal Bab 5. Sandangan Mandaswara - Basa Jawa

Shares

C.   
Sandhangan Mandaswara utawi Panjingan

Sandhangan Mandaswara yaiku aksara Jawa sing karangkep aksara


“ra” , “ya”,  “wa” , lan “la”.

Sandhangan mandaswara menika wonten 5 yaiku :


1.   
Cakra ra
(.....] ) menika
Sandhangan mandaswara ingkang unsure pungkasan awujud konsonan r
.
2.     
Cakra  keret (....}  )  dipunginakaken kangge nglambangaken gugus konsonan
ingkang unsure
pungkasan konsonan“r”lan diikuti vocal “e”.
3.   
Cakra ya
(.....-. ) dipunginakaken
kangge nglambangaken konsonan “y” ingkang gabung kaliyan
konsonan sanes ing
satunggal suku kata.
4.     
Cakra wa
(  ....W.  )  dipunginakaken
kangge nglambangaken konsonan “w” ingkang gabung
kaliyan konsonan sanes ing
satunggal suku kata.
5.     
Cakra
la  (....L..
)  dipunginakaken kangge
nglambangaken konsonan “l” ingkang gabung
kaliyan konsonan sanes ing satunggal
suku kata.
 

https://kusmiarti.blogspot.com/2020/11/kelas-xgasal-bab-5-sandangan-mandaswara.html 4/7
7/18/22, 9:11 AM Kelas X/Gasal Bab 5. Sandangan Mandaswara - Basa Jawa

Shares

https://kusmiarti.blogspot.com/2020/11/kelas-xgasal-bab-5-sandangan-mandaswara.html 5/7
7/18/22, 9:11 AM Kelas X/Gasal Bab 5. Sandangan Mandaswara - Basa Jawa

Shares

https://kusmiarti.blogspot.com/2020/11/kelas-xgasal-bab-5-sandangan-mandaswara.html 6/7
7/18/22, 9:11 AM Kelas X/Gasal Bab 5. Sandangan Mandaswara - Basa Jawa

ARTIKEL TERKAIT 
Shares

undefined
undefined ...

undefined
undefined ...

undefined
undefined ...

undefined
undefined ...

undefined
undefined ...

PENULISAN MARKUP DI KOMENTAR 

Untuk menulis huruf bold gunakan <strong></strong> atau <b></b>.

Untuk menulis huruf italic gunakan <em></em> atau <i></i>.

Untuk menulis huruf underline gunakan <u></u>.

Untuk menulis huruf strikethrought gunakan <strike></strike>.

Untuk menulis kode HTML gunakan <code></code> atau <pre></pre> atau <pre><code></code>
</pre>, dan silakan parse kode pada kotak parser di bawah ini.

Tambahkan komentar Anda


 Disqus

https://kusmiarti.blogspot.com/2020/11/kelas-xgasal-bab-5-sandangan-mandaswara.html 7/7

You might also like