You are on page 1of 3

Kanthi asesanti amrih mulyaning nagari

Ass, Salam sejahtera, Om swasti astu, Salome, Berkah dalem, Namo budhaye
Tatacara SIRAMAN
Rr.Mulya Widianingrum,S.T
Bp.Sudadi,S.Pd saha IB.Eni Susilowati,S.Pd
Gg.Plongkowati, Winong Baru, Winong, Boyolali
Badhe Kajatukrami
Bg.I Gede Teguh Pratama,S.T
Bp.I Komang Prayogi saha Ib.Ni Luh Ketut Kamar Sri Wahyuni,S.E
Perum, Polri Gedongan Baru, Colomadu, Karanganyar

1. Pasang Bleketepe dening Rama badhe Penganten Estri: Lr.WILUJENG


Bleketepe kadamel saking ron klapa ingkang taksih ijo. Pasemonipun, dados pralambang
kawiwitanipun pahargyan ingkang badhe pun lampahi, saha ajakan kangge nyucekaken dhiri lan
papan panggenan, ugi sageta dados tolak balak saking sedaya rereget ingkang badhe dhateng
supados saget kasaring kanthi makno sinandhi anyaman bleketepe

2. Nyampur Toya Tok 7 ingkang kapendhet saking: Lr.TIRTA KENCANA


1. Goa mawar musuk 5. Goa maria kerep ambarawa
2. Goa maria ganjuran ngayogyakarta 6. Toya suci saking dalem asri winong
3. Goa maria sendhang sriningsih prambanan 7. Toya suci saking sumur agung UGM
4. Goa maria mojosongo solo ngayogyakarta
1. Kapendhet saking goa mawar musuk : salah satunggaling toya suci saking sukune redi merapi
ingkang saestu murakabi kangge para warga sakanan kiringipun, linangkung para umat
kristiani ingkang badhe nindakaken sesuci lan panyuwunan ing papan menika
2. Kapendhet saking goa maria ganjuran ngayogyakarta : dumados saking satunggaling papan
suci kang dumados wiwit th.1924. Wujud kabudayan lan arsitekipun hindu lan katolik,
pramila papan menika wonten wewangunan awujud candhi-candhinipun
3. Kanpendhet saking goa maria sendhang sriningsih prambanan, dumadi th.1936. Papan
ingkang dipun kenal wingit lan dipun sakralaken tumrap warga sak ereng-erengipun,
handuweni pepuji: Maria raja kasih ugi Maria setunggaling kasih. Mugi kanthi, dipun sirami
toya menika hanggadhahi pangajap mugya calon penganten pikantuk kasih lan berkah
munapa ingkang dados panyuwunanipun kanthi lantaran bunda maria
4. Toya suci saking goa maria mojosongo sala : dipun resmekaken uskup agung semang romo
puspa sudarna th.1980 lan dipun berkat dening romo yolius darno yuono
5. Toya suci saking goa maria kerep ambarawa : salah satunggaling papan pandonga ingkang
wonten wewangunan patung/reca paling inggil, ngantos 45meter inggilipun. Dipun bangun
th.1954 kang wujudipun persis kalian goa maria lordes ing prancis, papan menika ugi wonten
patung kang nggambaraken lahiripun yesus lan mukjizatipun
6. Toya suci saking dalem asri winong baru
7. Sumur/sumber agung UGM ngayogyakarta

3. Sembah sungkem pangabekten badhe penganten estri dhumateng Rama, Ibu:


Rerepen Sekar ASMARADANA
Wahyane mangsa wigati Gya hangunandika ririh
Lumaraping yoga tama Ibu/Rama mring kang putra
Tumungkul ing pepadhane Sarwi kekembeng netrane
Sumungkem mring Ibu/Rama Ngger anakku kang dak dama
Cumadhong pudyastawa Sinungga bagya mulya
Nggen nya brayan mrih rahayu Manembaho mring hyang agung
Kinalisa ing rubeda Dimen kinasih sasama

4. Tatacara siraman dening para pinisepuh ingkang kapiji hanyirami


kalajengaken tatacara pethit rikma dening Bapa,Ib badhe penganten estri:
Ldr.SRI WIDADA
1. Bp.Sudadi,S.Pd 5. Ib.Minarsih
2. Ib.Eni Susilowati Sudadi 6. Ib.Sri Utami
3. Ib.Tentrem Siswo Martono 7. Ib.Woro Budi Pristyaningsih
4. Ib.Suyamti
Makna sinandhi tatacara siraman, nyucek’kaken lahir lan batinipun saking calon penganten estri
saha calon penganten kakung. Supadosa saget hangresiki sedaya bab kawon ingkang dipun anggep
rereget anggenipun badhe hanglampahi palakrama.
Dene makna sinandhi tatacara pethit rikma minangka pralambang bebuang nasib sial ingkang kedah
dipun bucal lan dipun tebihaken saking badhe penganten estri

5. Mecah Kendhi Pamor Sih dening keng Rama: Gd.UMBUL DONGA


Kanthi dedonga “Niat ingsun ora mecah kendhi, ananging mecah pamore anakku”
Pecahipun pamor badhe penganten estri

6. Bopongan: Gd.UMBUL DONGA


Dipun bopong Rama,Ibu tumuju wonten ing papan pangadi busana saprelu badhe penganten estri
lukar busana.
Dene tatacara bopongan, hanggadhahi makna sinandhi bilih katresnanipun Rama/Ib marang
putra/putrinipun boten badhe ical munapadene kurang. Pyambagipun badhe handherekaken
putrinipun Rr.MULYA WIDIANINGRUM, S.T dumugining menit akhir anggenipun keng putri
badhe hanglampahi gesang bebrayan kanthi palakrama.

Sinambi nyrantos badhe penganten estri lukar busana, nuli katindakaken tatacara

7. Sadesan Dhawet dening Rama/Ibu badhe penganten estri: Lr.GLEYONG


Ingkang nyade dhawet menika Ib saking calon penganten estri dene ingkang nampi artonipun Rama
saking calon penganten estri. Lumampahipun tatacara dipun iyup-iyupi kanthi payung ingkang
dipun e gar’aken. Tatacara menika ngemu pasemon gotong royongipun Bapa-Biyungipun
Cendhol wujudipun bunder, pasemonipun Raosipun legi lan gurih, kanthi pangajab
minangka gumolonging manah ingkang mugya sageta sekeca gesangipun sabibaripun
kagungan kersa anggenipun badhe palakrama
hanjodhokaken putri pawestrinipun
8. Dulangan Pungkasan: Ktw.KINANTHI DURADASI
Minangka pralambang tanggung jawab pungkasan tyang sepuh dhumateng putri kinasihipun
sampun kacekap, awit sabibaripun palakrama badhe penganten estri tansah dados
tanggungjawabipun keng garwa

Dene lumampahipun tatacara kasengkuyung dening Mustika Putri Rias Manten ingkang
dipun pangarsani Ib.SRI UTAMI
Mugya keparenga para tamu nyekecakaken anggenipun lelenggahan sinambi paring donga pamuji
mugya lumampahipun tatacara siraman tansah pinaringan kawilujengan wiwit purwa madya
ngantos wusana. Nuwun
Wass, Salam sejahtera, Om santi santi santi om, Salome, Berkah dalem, Namo budhaye

You might also like