You are on page 1of 1

BESKAP

Beskap asalipun saking tembung beschaafd ingkang memilika artos beradab. beskap
inggih menika ageman adat saking laladan jawi. meh sadayaning laladan wonten jawi
ngagemipun kangge kebetahan kados upacara adat, lan acara sanesipun ingkang gadhah
sipat resmi. Beskap menika ugi dipuntepang dados jas tutup, amargi pangageman ingkang
sami kalih jas ing limrahipun. Pangageman beskap cocok sanget bilih dipunkombinasikaken
kalih jarik ingkang dibebatkan kangge nutupi suku.

Beskap ingkang kita ngertosi samenika pertami kaping kaping sapisan


dipuntepangaken kirang langkung ing akhir abad dhateng 18. Wanci menika tradisi jawi
mataram nepangaken beskap menika dados ageman resmi ingkang dipuaagem disaat acara
wigatos. Sareng mlampahipun wekdal, beskap menika nggih nyebar wonten tlatah-tlatah
krajan (vorstenlanden) lan pungkasanipun nyebar dhateng sadayaning tlatah jawi.

Ciri-ciri beskap : beskap limrahipun berawarna cemeng polos, berbahan kandhel


mboten berkerah perangan ngajeng mboten simetris kalih kancing menyamping perangan
wingking wonten potongan, limrahipun kangge papan dhuwung.

Beskap wonten siti jawi menika dipunperang dados pinten-pinten pengelompokan.


pengelompokan utawi jinis beskap menika dipuntingal saking fungsi lan pangagemanipun.
kejawi menika potongan ingkang ingkang asring dipunpanggihi inggih menika beskap gaya
solo (inggih menika beskap ingkang terinspirasi saking pakem budaya keraton kesunanan),
gaya jogja (inggih menika beskap ingkang ngrujuk ing pakem kesultanan), landung (panjang)
lan gaya kulon.

You might also like