You are on page 1of 1

Assalaamu‘alaikum Warahmatullaahi Wabarakaatuh

Para rawuh sedaya ingkang kula hormati.


Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, monggo kula lan panjenengan sedaya
ngucapaken raos syukur dumateng ngersanipun Allah swt ingkang sampun maringi nikmat lan
rahmatipun arupi sehat badan, lan nikmat ingkang langkung niku inggih menika arupi nikmat
kemerdekaan bangsa Indonesia.
Lan dinten niki kita sedaya ngengeti dinten ulang tahunipun ingkang kaping 77. Mugiya
bangsa Indonesia niki langkung jaya lan raos tenterem, adil lan makmur. Shalawat lan salam
mugiya tetep dipun paringaken dumateng nabi kita Muhammad SAW, keluarganipun, para
sahabatipun, ugi kaum muslimin sedaya ingkang estu-estu purun ngelampahi ajaran-ajaran
Islam ing dalem gesangipun. Mugi-mugiya kita sedaya dados umat beliau ingkang purun
ngelampahi ajaran Islam kanti leres lan estu-estu ing dalem gesang niki.
Para rawuh sedaya ingkang kula hormati.
Ing dalem wakdal ingkang berbahagiya niki, mangga kita sedaya raos syukur ateges
ngelampahi napa ingkang sampun dipun paringaken bangsa Indonesia arupi kemerdekaan niki.
lan kita sedaya sampun sumerap, mbok bilih saben tahun kita tepatipun wulan Agustus ngengeti
dinten ulang tahunipun. Sedaya niku ngerupekaken kagem ngenang malih peristiwa lan pinten-
pinten kedadosan wakdal semanten. Semanten ugi kita dados tiyang Islam ngerupekaken
kewajiban nggali pinten-pinten nikmat ingkang sampun dipun paringaken dumateng kita sedaya
lan ugi dumateng sedaya bangsa Indonesia.
Nikmat arupi kemerdekaan ingkang sampun dipun paringaken dumateng kita sedaya
khususipun lan sedaya bangsa-bangsa Indonesia umumipun niku ngerupekaken setunggaling
nikmat ingkang paling ageng selaku bangsa Indonesia. Mila saking niku, insya Allah kelawan
ngelampahi kados niku negari bade langkung cepet nuju ingkang dipun cita-cita-aken dados
negari ingkang aman lan tenterem, adil lan makmur sedaya masyarakatipun.
Para rawuh sedaya ingkang kula hormati.
Mugiya kita sedaya saget ngisi kemerdekaan niki kelawan kesahenan. Akhirul kalaam.

Wassalaamu'alaikum Warahmatullaahi Wabarakaatuh.

You might also like