You are on page 1of 3

TEMBANG MACAPAT

Tembang macapat yaiku puisi tradhisional jawa kang kaiket dening paugeran-paugeran. Paugeran sajrone
tembang macapat yaiku:

1. Guru gatra, cacahe gatra/larik saben pada.


2. Guru lagu, tibaning swara ing pungkasane gatra.
3. Guru wilangan, cacahe wanda saben gatra.

Jinis-jinis lan pagugeran tembang macapat, yaiku;

Guru Guru Wilangan lan Guru Lagu


Jinis Tembang
Gatra 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10
Maskumambang 4 12i 6a 8i 8a
Mijil 6 10i 6o 10e 10i 6i 6u
Sinom 9 8a 8i 8a 8i 7i 8u 7a 8i 12a
Kinanthi 6 8u 8i 8a 8i 8a 8i
Asmarandana 7 8i 8a 8o 8a 7a 8u 8a
Gambuh 5 7u 10u 12i 8u 8o
Dhandhanggula 10 10i 10a 8e 7u 9i 7a 6u 8a 12i 7a
Durma 7 12a 7i 6a 7a 8i 5a 7i
Pangkur 7 8a 11i 8u 7a 12u 8a 8i
Megatruh 5 12u 8i 8u 8i 8o
Pucung 4 12u 6a 8i 12a

Sasmita lan Wewatekane Tembang Macapat

Tembang Sasmita Wewatekan


Maskumambang Maskumambang, kampul Susah utawa sedhih lan melas asih, mula cocok
maskentir, kambang, kentir kanggo nelakake rasa sedhih kang ngenesake.
Mijil Mijil, pamijil, wijil, wiyos, raras, Tinarbuka, mula pantes kanggo nelakake pitutur
medal, sulastri nasehat lan crita katresnan utawa asmara.
Sinom Sinom, taruna, anom, weni, nom, Sabar, grapyak lan sumanak, mula lumrahe
srinata pamase, logondang, rema, kanggo nelakake crita kang ngemu piwulang lan
pangrawit, mudha, ron kamal pitutur.
Kinanthi Kinanthi, kanthi, gandheng, kanthil Seneng, tresna asih, mitutra, nuladhani, mula
lumrahe kanggo menehi pitutur lan crita kang
nelakake rasa tresna asih.
Asmarandana Asmarandana, asmara, brangta, Tresna asih lan sedhih, mula pantes kanggo
kingkin, yungyun nelakake rasa brangta, kayungyun, tresna asih,
lan crita katresnan.
Gambuh Gambuh, buh, jumbuh, tambuh Grapyak, sumanak, mula cocok kanggo
nyritakake pitutur.
Dhandhanggula Dhandhanggula, sarkara, hartati, Luwes, kewes lan ndudut ati, mula pantes
dhandang, madu, manis, sari kanggo nelakake crita apa wae, ing ngendi wae,
bremana, gula drewa gagak, kaga, lan kahanan apa wae.
tresna
Durma Durma, dur, undur, sirna, galak Galak, seneng, lan ngemu kanepson, mula cocok
kanggo wong kang ana ing kahanan paprangan
Pangkur Pangkur, wuntat, pungkur, ungkur, Seneng, antepan ati lan gagah, mula pantes
yudakenaka kanggo nyritakake crita kagol, mangkelake,
pitutur kang disebabake rasa mangkel lan
kahanan paprangan.
Megatruh Dudukwuluh, truh, megatruh, Sedhih lan kentekan pangarep-arep, mula
pegat, duduk, wuluh, luh lumrah kanggo nelakake crita kang
nggrantesake ati
Pucung Pucung, kaluwak, wanda, cung Sakpenake lan kurang greget, lumrahe kanggo
nelakake geguyonan lan pitutur

Kawruh Basa

1. Tembung kawi, yaiku tembung kanga sale saka basa jawa kuna.
Tuladha : tyas – ati; ingsun – aku; pabaratan – paprangan.
2. Tembung saroja, yaiku rong tembung kang padha/ meh padha maknane kang digunakake
bebarengan.
Tuladha : abang mbranang; adhem ayem; ajur mumur.
3. Tembung garba, yaiku rong tembung kang kagandheng kanthi cara nyuda cacah wandane.
Tuladha : ana + ing = aneng; jaya+ ing = jayeng.
4. Baliswara, yaiku swara kang kawalik kanggo nggathukake guru lagu
Tuladha : anoman malumpat sampun (padha karo anoman sampun malumpat)
5. Purwakanthi, yaiku runtute swara, sastra, lan basa ing ukara.
a. Swara, yaiku unen-unen kang runtut swarane. *becik ketitik, ala ketara.
b. Sastra, yaiku unen-unen kang runtut kongsonane. *bobot, bibit, bebet
c. Basa, yaiku kanthi cara mbaleni tembung sangarepe. *bocah kuwi ayu, ayune ora katulungan
6. Sengkalan, ukara kang nduweni teges angka taun.
Tuladha : 1 = tunggal, siji, nyawiji; 2= kalih, dwi, asta; 3 = tiga, tri, agni.
7. Sandhi asma, yaiku; asmane panyerat kang sinandhi sajrone tembang.
Tuladha :
Rarasing kang sekar sarkara mrih
Den aksama dening sudyarsa
Ngawikani wengkuning reh
Beraweng para ratu
Ilangan kang sesangke sarik
Rongas westhining angga
Gagating tyas antuk
Wartaning kang parotama
Sinung tengran sembah trus sukaning budi
Tataning kang carita

You might also like