You are on page 1of 2

Dina minggu kuwi mung dinane kanggo awakdhewe bisa santai saka penggawean

sing daklakokake sabendinane, merga ing dina kasebut kabeh panggawean


biasane padha prei. Toni kaliyan bapak ibune, dina minggu kae budhal menyang
surabaya badhe nyambangi eyang putri.

" Buk, teng spanduk kuwi kok ruame tulisan PPKM to buk??" takone Toni merga
sering ndeleng baliho sing ana tulisan ppkm ing sakabehe dalan

" Hoala, PPKM kuwi program pemerintah le. Gunane kanggo mbatesi kagiyatan
masyarakat supaya angka covid ora munggah maneh" akone ibu

" Lho, berarti yen saiki PPKM kudune awakdhewe ana ing omah to buk? Nanging
kok awakdhewe saged menyang Surabaya? Ora apa-apa to buk?" Takone Toni
kanthi rasa khawatir

" Halah le. Ora apa-apa, awakdhewe kan ora lewat tol. Biasane sing dirazia trus
ditakon-takoni surat keterangan kuwi wong-wong sing lewat tol. " wangsulane
bapak

" Bapak kok ngerti pak?" takone Toni

" Iya, bapak oleh info saka kancane bapak. Jarene yen lewat tol diperiksa,
mangkane awakdhewe lewat dalan ngisor iki." kandhane bapak

" Tapi meski lewat ngisor sepi ya pak, padhane lewat tol iki" kandha ibu

" Ya arep yaapa maneh, pemerintah ya ngunu. Kandhane seh PPKM mung karo
seminggu, saiki wes meh sakwulan. Saaken wong sing kerjone dagang. Arep
dagang tengah PPKM mengko dirazia satpol PP, ora dagang ora balek modal.
Yawis resikone. Sebenere yen dipikir-pikir PPKM iki duduk program iku kae,
nanging Program Perencanaan Kemiskinan Masyarakat" wangsulane bapak
nggawe kabeh sing ana ing mobil guyu lan kicep

" Awakdhewe kudu bersyukur pisan, isih diparingi rejeki marang sing kuasa. Ya,
untung pisan ora dirazia " kandhane ibu kaliyan wajah sumringah

" Lho pak, ana apa kuwi kok rame-rame? Ana polisi pisan " kandha Toni marang
bapak e

" Halah-halah, siktas wae kandha. Apes tenan to " akone bapak pasrah

" Sugeng siyang bapak, ibu. Punten nggeh, kami tekan kapolres sidoarjo
ngelaksanakake razia. Bapak ibu tekan lan badhe pundi? " takone pak polisi

" Niki pak, kula lan kaluwarga tekan Malang badhe griyane ibuk kula ing
Surabaya" wangsulane bapak
" Bapak lan ibu wonten surat izin lan surat keterangan sehat kangge lunga
menyang luar kutha?"

" Aduh, yen iku mboten wonten pak. Nanging griyane ibu kula wis cedhak kok
pak " kandhane bapak melas

" Sapuntene bapak ibu. Saiki isih jaman PPKM, bapak lan ibu ya padha ngerti yen
pemerintah wis ngehimbau masyarakat supaya ora ana kegiatan ing luar kutha.
Monggo pun bapak mbalik " akone pak polisi teges

" Halah, apes tenan awakdhewe kena razia. Wis ana kene lho, sitik maneh nutuk "

" Sing sabar pak " kandhane Toni

Sanalika bapak rumangsa anyel karo kadedeyan kasebut, banjur tetep nggolek
dalan supaya isih bisa nerusake perjalanan menyang griyane eyang putri.

You might also like