You are on page 1of 1

Geguritan

Desaku
Dening: R. K. A. Rozzaq W.

Angin sumliyut silir


Tetanduran padha jejogedan
Kadang tani padha tandang gawe
Bocah-bocah padha dolanan
Ana ing lapangan
Ngundha layangan
Kali bening kang akeh iwake
Lelumban gegojegan
Para tani ngedusi kebone
Lan ngumbah pacule
Ana ing kono
Bocah-bocah uga lelumban
Wadhuh senenge...
Nanging kuwi mung critane simbah
Saiki wis ora ana
Amarga wis ngadeg pabrik
Kali bening wis kanggo limbah
Ayo para mudha piye bisane
Desaku bisa asri
Kaya dhek wingi uni

You might also like