You are on page 1of 5

SOAL PENILAIAN AKHIR SEMESTER GENAP

SMP MUHAMMADIYAH 1 PONOROGO


TAHUN AJARAN 2021/2022

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa


Kelas : VII
Guru Mapel : Wiwit Suryani, S.Pd.

A. Pilihen salah siji wangsulan a,b,c, utawa d sing paling trep!


Gatekna pethkan geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonanan!
Keriya Slamt Alasku
(dening: Niwayan R.)
Aku wis kesel, sayah
Ora duwe daya
Saka pokake wong kang njarah sliramu
Awit dheweke
Nganggep sliramu
Kaya tinggalane wong tuwane
Lali marang warisan kanggo putra wayahe
Karia slamet
Alasku…
Kang dak tresnani
Aku wis ora kuwawa ngayomi sliramu
1. Lali marang warisan kanggo putra wayahe, kang dimaksud saka tembung kacithak kandel kuwi
yaiku babagan.....
a. dhuwit
b. alam
c. ilmu
d. agama
2. Struktur kang gegayutane karo samubarang kang bisa kadulu kanthi langsung ing sajrone geguritan
diarani....
a. Batin
b. Fisik
c. Internal
d. eksternal
3. Struktur kang mujudake perangan teks geguritan kang bisa diudhal yen pamaos/pamidhanget bisa
lebur ing jagade cipta ripta diarani....
a. Batin
b. Fisik
c. Internal
d. eksternal

1
4. Pamilihane tembung kang wis dipilih kanthi becik kanthi tujuwan nuwuhake rasa endah tumrap teks
geguritan kang dicipta diarani....
a. Lelewaning basa
b. Purwakanthi
c. Diksi
d. Pengimajian
5. Ing teks geguritan sing digunakake kanggo ngendahake teks lan medharake prakara kanthi ora
wantah nanging nglirwakake kayadene samubarang liyane diarani....
a. Lelewaning basa
b. Purwakanthi
c. Diksi
d. Pengimajian
6. Tembung apadene tetembungan kang dipilih dening pangripta sing ana gegayutane karo indera
pandeleng, pangrungu, lan pangarsa diarani....
a. Lelewaning basa
b. Purwakanthi
c. Diksi
d. Pengimajian
7. Ing ngisor iki sing kalebu struktur fisik geguritan yaiku....
a. Nada
b. Tema
c. Amanat
d. Diksi
8. Ing ngisor iki sing kalebu struktur batin geguritan yaiku....
a. Pengimajian
b. Tema
c. Lelewaning basa
d. Diksi
9. Ing sajrone geguritan kang nuduhake sikape panganggit tumrap pamaos utawa pamidhanget
geguritan diarani .....
a. tema
b. nada
c. swasana
d. amanat
10. Ing sajrone geguritan kang nuduhake pesen kang kepingin diwedharake marang pamaos utawa
pamidhanget geguritan diarani .....
a. tema
b. nada
c. swasana
d. amanat

2
11. Ing sajrone geguritan kang nuduhake kahanan jiwane pamaos utawa pamidhanget geguritan
diarani....
a. tema
b. nada
c. swasana
d. amanat
12. Ing sajrone geguritan kang nuduhake pokok pikiran utawa bakuning gagasan kang diwedhar
panganggit nalika nulis sawijine geguritan diarani....
a. tema
b. nada
c. swasana
d. amanat
13. Tembung loro kang padha utawa meh padha tegese dianggo bebarengan diarani tembung.....
a. garba
b. entar
c. saroja
d. dasanama
14. Tembung rerangken, sesambungan, utawa tembung kang kadadeyan saka gandhenge tembung loro
utawa luwih diarani tembung.....
a. garba
b. entar
c. saroja
d. dasanama
15. Tembung kang ora kena ditegesi sawantahe wae (makna kiasan), kedadeyan saka rong tembung
utawa luwih kang kagandheng dadi siji lan duwe teges beda karo tembung asale diarani tembung.....
a. garba
b. entar
c. saroja
d. dasanama
16. Jeneng liya kang akeh lan duweni makna sing padha (sinonim) diarani tembung.....
a. garba
b. entar
c. saroja
d. dasanama
17. Ing ngisor iki kang kalebu paugeran tembang macapat, yaiku…..
a. Guru basa
b. Guru swara
c. Guru gatra
d. Guru sastra
18. Paugeran tembang macapat sing ngitung cacahe wanda/suku kata saben gatra diarani…..
a. Guru wilangan
3
b. Guru swara
c. Guru gatra
d. Guru lagu
19. Paugeran tembang macapat sing ngitung cacahe larik/baris/gatra saben sapada (bait) diarani…..
a. Guru wilangan
b. Guru gatra
c. Guru swara
d. Guru lagu
20. Paugeran tembang macapat sing ngematne tibane swara utawa dhong-dhinge swara ing
pungkasaning gatra diarani…..
a. Guru wilangan
b. Guru swara
c. Guru gatra
d. Guru lagu
21. Kang kalebu jinise tembang macapat yaiku…..
a. jamuran
b. gundhul pacul
c. sinom
d. gambang suling
22. Cacahe tembang macapat iku ana…..
a. 9 c. 11
b. 7 d. 10
23. Tembang macapat kang duwe watak prihatin, sengsem, sedhih, wuyung, kasmaran yaiku
tembang…..
a. Pangkur
b. Asmaradana
c. Gambuh
d. Pocung
24. Ing ngisor iki kang kalebu tuladha tembung saroja yaiku…..
a. Guyup rukun
b. Jembar dhadhane
c. Lunyu ilate
d. Lurus lakune
25. Ing ngisor iki kang kalebu tuladha tembung entar yaiku…..
a. Lunyu ilate
b. Gagah prakosa
c. Guyup rukun
d. Arum wangi

4
II. Tuladha tembung/tetembungan ing ngisor iki aranana kalebu jinis tembung saroja, entar, utawa

tembung garba!

26. Akal budi kalebu tuladha tembung..........

27. Udan tangis kalebu tuladha tembung..........

28. Kandhel kupinge kalebu tuladha tembung..........

29. Bagas waras kalebu tuladha tembung..........

30. Prapta + ing = Prapteng kalebu tuladha tembung..........

You might also like