You are on page 1of 3

Mas Bey Puryono

Makantar-kantar
Biyen aku isih cilik
Durung ngerti ala lan becik
Ngertiku mung seneng, seneng, lan seneng
Negara rusak ora tak sanak
Pranatan remuk aku ora ngrembug

Nanging
Saiki aku kudu ngerti
Apa kang kudu dakpecaki
Apa kang kudu dakdandani
Aku isih mudha kuwat cukat lan trengginas
Saka njero dhadhaku makantar-kantar semangat
Nggugat amrih negaraku kuwat

Abange getihku tandha labuh yektiku


Wani mbelani nglabuhi prajaku
Tembe buri turunku isih nganti-anti
Isih bakal marisi negara iki

Ayo sedulur mudha cancut taliwanda


Jejeg majune negara ing tanganira
Para muda tuaruna gawe jejege negara
Jaya para mudha, jaya nagri kita
Siti Purwati, S.Pd.
Kelangan
Mbok, neng endi aku saiki yen arep playon?
Latar omah wis ora ana
Lapangan wis dadi mall

Mbok, neng endi aku saiki arep penekan?


Wit-wit wis ditegori
Dadi omah cekli lan pabrik

Mbok, neng endi aku saiki arep ciblon?


Kali-kali banyune wis butheg
Kali-kali mili umpluk

Mbok, aku kepengin dolanan motor-motoran


Saka kulit jeruk
Apa isih ana, mbok?

Mbok, aku kepengin


Padhang mbulan dolanan neng latar
Padhange kaya rina
Nanging aku wedi, mbok
Mbulane wis ora padhang
Mbulane ana butane
Butane doyan bandha
Bandhane negara
Widiyartono R.
Kuthaku Owah ing Mangsa
Srengenge isih kumat medhite
Eman nyunarake cahyane
Kepara malah negakake
Mendhung ngendhanu
Mepeti suwiran cahya sunare

Langit lagi wegah dijak bebrayan


Pedhut peteng lelimengan
Katon yen sedhela maneh bakal udan
Angin sumiyut ora kaya padhatan
Nyempalake pang ngebrukake wit-witan

Ing gisik kana prau-prau cinancang


Ora ana kang wani nrajang
Alun kang wis malih ombak
Ora ana sing mangkat misaya iwak

We la kae banyune rob teka


Ngelep omah-omah ing pinggiring segara
Sing manggon sambat wis ora bisa
Kaya mangkene iki kahanan biyasa

Kuthaku wis malih rupa


Saya owahe mangsa
Saya akeh kang antuk sengsara

Muga isih ana pangarep


Supaya ora padha sirep
Ing wektu-wektu ngarep

You might also like