You are on page 1of 2

Assalamualaikum wr.

Wb

Ingkang kawulo hormati sedoyo hadirin Bapak soho Ibu warga RT 03

Langkung rumiyin, monggo sesarengan muji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun
maringi pinten-pinten kenikmatan dumateng kito, sehinggo alhamdulillah ing dikala ndalu
puniko kito saget sesarengan kempal wonten mriki kangge keperluan rapat musyawarah RT
ingkang dalam keadaan sehat mboten wonten alangan punopo.

Sholawa dalah salam mugi kunjuk dumateng nabi kito Muhammad Salallahu'alaihi wasallah,
ingkang kito sedoyo mangentosi syafaatipun benjang wonten dinten akhir. Amin.

Bapak soho ibu hadirin ingkang kawulo hormati

Keparengo kawulo matur ing mriki minagkani sambutan talang atur saking ketua RT ing dikala
ndalu puniko kito sedoyo bade ngalampahi rapat musyawarah ing mriki.

Sepindah kawulo ngucapaken maturnuwun sanget atas karawuhanipun panjenengan sedoyo,


ingakng sampun ngeluangaken wekdalipun ingkang berharga kangge menghadiri program
dxcszmusyawarah wonten ing ngriyo puniko. Mugi langkah panjenengan dipun ridhoi dumateng
Allah.

Salajengipun, kawulo nyuwun dumateng poro rawuh sedoyo bilih samangke program rapat
musyawarah monggo dipun laksanaaken kanti sae, keranten program musyawarah sejatinipun
inggih puniko ngucali coro lan janji sedoyo musyawirin. Misal wonten unek-unek nopo gagasan
monggo saget dipun sampeaken, menawi wonten kritik lan sarang monggo dipun sampekan.
Supados musaywarah ing dikala andalu puniko saget manfaat kangge kampun kito.

Hadirin ingkang kawuo hormati

Salajengipun kawulo nyuwun agungipun pangapunten, mbok menawi nompo karawuhanipun


panjenengan kawulo mboten saget menghormati kanti sae, baik saking segi papan palenggaha
lan sak piturute.

You might also like