You are on page 1of 2

Asma : Fitria Nur Aini D.

Kelas : XII KPS


Nomer : 15

Pagebluk Covid-19

Ing dina Senin isuk siswa padha budhal menyang sekolahan, sawise ana kabar
enang pagebluk sing lagi marak kabeh sekolah nggawe peratuan anyar, yaiku yen
budhal sekolah kuwi kudu nganggo masker. Ing wayah isuk, Rani ora nggawe masker
sinambi mlaku mlebu kelase.

“Lho Ran kok kowe ora nganggo masker iku lhoo!.” Dina ngomong menyang
Rina karo mbesosol.

“Emang opo o seh Din nek aku ora nganggo masker?” Jawab e Rani lan karo
takon.

“Kowe ora weruh ta yen saiki usume pagebluk, apa kowe ora oleh informasi.
Sekolahan ya wis ngandani kudu nganggo masker Rann!” Semaure Dina karo getem-
getem.

“Hadehh, Din kowe ok ijek percaya ae seehhh karo ngunu kui, buktine aku saiki
yo ora apa-apa lho sehat-sehat wae.” Rani njawab kaya ngenyek Rani.

Tini nggumun, isuk-isuk ana apa karo kancane iki kok ya pada rame. “Ana apa iki
kok ya rame poll, lho Rani kok sampeyan ora nganggo masker?” takone tini marang
Rani.

“Aku iki ora percaya karo ngunu kui, kabeh iku mung bijukan e wong pinter.”
wangsulane Tini.

“Kowe lho kok ora percaya iku lhoo Rann Rani,oh iya kowe pisan yaw is ora
mentaati tata tertib sekolah, kudune kowe iki saiki wis oleh hukuman, amerga ora naati
tata tertib.” jawabe dina sing wis kesel karo Rani.
Tini sing ora seneng ana rame-rame, banjur metu saka kelas lan menyang ruang
guru ngomong yen Rina lan Dina lagi padu. Lan Tini nyritakake kabeh kedadeyan isuk
iki.

“Lhaa ana apa iki kok padha rame-rame, Dina sampeyan betul ngandani Rani
yen kudu nggawe masker amerga lagi usume wabah covid-19 tapi sampeyan salah yen
nggandani ngganggo bahasa sing kasar. Sampeyan Rani, Senajan sampeyan ora
percaya karo wabah iki ya ora apa-apa, nanging tetep kudu netepi aturan ing sekolah,
yaiku nganggo masker.” Tuture Bu Guru menyang Rani lan Dina.

You might also like