Latihan Us B.jawa

You might also like

You are on page 1of 5

Latihan Bahasa Jawa

1. Gatekna tembang Gambuh ing ngisor iki!

Ja seneng adu-adu
Bocah sekolah kudu sinau
Maca lan nulis kudu ditelateni
Karo kanca kudu rukun
Aja padha seneng goroh

Isine tembang gambuh ing dhuwur yaiku …


2. Wacanen penggalan sesorah ing ngisor iki kanthi premati !

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah ingkang Maha Asih, awit ing
wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga saged makempal kanthi
pinaringan karaharjan.
Kula minangka sesulih siswa-siswa kelas VI, ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa upami dhumateng Bapak saha Ibu guru, awit saking sih katresnan anggenipun
nggulawentah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula
sakanca menika. Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca
asring ndamel Bapak saha Ibu guru duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula
sakanca ingkang mboten mranani penggalih panjenengan sedaya.

Tembung atur saha solah bawa tegese padha karo ….


3. Tulisen aksara Jawa “ Mlebu sekolah”!
4. Gatekna ukara - ukara ing ngisor iki!
( 1 ) Mekaten ingkang saged kula aturaken. Menawi wonten lepat kula nyuwun pangapunten.
( 2 ) Keparenga kula pun Roni minangka sesulih siswa-siswa kelas VI, ngaturaken sugeng
rawuh ing acara siswa - siswa.ingkang sampun purna anggenipun sekolah,
( 3 ) Sugeng enjing Bapak lan Ibu guru ingkang kinurmatan, tuwin rencang-rencang ingkang
kula tresnani.
( 4 ) Sak derengipun kula matur, mangga kula derekaken asung puja dumateng Gusti ingkang
Akarya Jagad, awit dinten punika kita taksih kempal wonten aula sekolah kanthi bagas
waras, kalis ing rubeda nir ing sambikala.
Ukara – ukara ing dhuwur yen disusun miturut urutane perangan pidhato kang trep yaiku ….
5. Wacanen penggalan crita ing ngisor iki!

Karna Madeg Senopati


Adipati Karna satriya ing Ngawangga madeg Senopati Kurawa maju ing palagan.
Sejatine Karna wis mangerti yen mblelani Kurawa kuwi dudu tumindak kang becik. Nanging,
Karna wis kaputangan budi karo Duryudana Raja Hastina kang ambeg angkara murka. Mulane
dheweke gelem sabaya mukti sabaya pati tegese mbelani Hastina. Jejering satriya utama kudu
berbudi bawa laksana.

Amanat crita ing dhuwur yaiku ….

LATIHAN BAHASA JAWA 1


6. Gatekna gambar wayang ing ngisor iki!

(1) (2) (3) (4)

Gambar tokoh wayang “Adipati Karna “ yaiku nomer ….


7. Tulisen aksara jawa : Parto nulis nawala
8. Gatekna tembang Pangkur ing ngisor iki!

Pangkur
Mingkar mingkur ring angkara
akarana karenan mardi siwi
sinawung resmining kidung
sinuba sinukarta
mrih kretarta pakartine ngelmu luhung
kang tumrap neng tanah Jawa
agama ageming aji

Tegese tembung mardi siwi sajroning gatra tembang ing dhuwur yaiku ….
9. Wacanen crita ing ngisor iki kanthi premati !

Ing sawijining dina, aku ngancani blanja ibu menyang pasar. Wektu iku ngepasi dina
Minggu, dadi aku prei. Aku karo ibu menyang pasar numpak angkutan umum. Dina iki ibu
blanja akeh banget amarga sesuk arep kepanggonan arisan ibu-ibu PKK RT. Sepisan, sing
dijujug yaiku panggonan dodolan daging ayam. Sawise oleh ayam, banjur goleki panggonan
sing dodol bumbon, jeruk, lan gedhang. Wah, jebule menyang pasar iku nyenengake bisa
ngerti maneka warna dagangan.

Crita ing dhuwur mau nyritakake babagan ….


10. Gatekna gambar ing ngisor iki !

Tulisen crita singkat kanthi runtut kang trep karo gambar ing dhuwur, sakparagraf !
11. Tulisen pengalamanmu sing nyenengake, sakparagraf wae !
LATIHAN BAHASA JAWA 2
12. Gatekna tembang ing ngisor iki !
Kinanthi
Anoman malumpat sampun
prapteng wit ing nagasari
mulat mangandhap katingal
wanodya ayu kuru aking
gelung rusak wor lan kisma
ingkang iga – iga keksi

Kosok baline tembung “kuru” yaiku ….


13. Tembang Kinanthi ing dhuwur maringi pitutur babagan .…
Wacanen penggalan teks pidhato ing ngisor iki kanthi premati !

(1) Sugeng siyang, saha salam sejahtera katur dhateng kita sedaya.
(2) Bapak Kepala Sekolah saha Bapak / Ibu guru ingkang kinurmatan. Bapak / Ibu Pengurus
Komite Sekolah. Bapak / Ibu Wali Murid kleas VI ingkang kinurmatan. Bapak / Ibu tamu
undangan ingkang kinurmatan. Saha rencang – rencang ingkang kula tresnani.
(3) Purwakaniing atur, sumangga tansah ngaturaken puji syukur dhateng Allah, awit sih
nugrahanipun, panjenengan kaliyan kula saget makempal wonten aula sekolah kanthi
becik, wilujeng mboten wonten alangan rubeda setunggal punapa.
(4) Para rawuh ingkang kinurmatan, kula minangka wakil kelas VI badhe matur menwai kula
sakanca ngaturaken panuwun dhateng Bpak / Ibu ingkang sampun paring ilmu, kepinteran,
saha keprigelan lumantar pawiyatan kanthi sabar lan telaten ingkang dangunipun 6 warsa.
(5) Bapak / Ibu guru ingkang kinurmatan, sanadyan kula sarencang sampun purna pawiyatan
wonten ing sekolah punika, angangin kula sarencang tetep jagi kebecikan saha kaluhuran
sekolah punika.
(6) Wasana cekap semanten atur kula, menawi wonten atur kula ingkang mboten mranani
penggalih sedaya para rawuh, kula nyuwun agunging pangapunten.
(7) Maturnuwun. Berkah Dalem.

14. Pratelan teks pidhato nomer 6 kalebu perangane ….


15. Gatekna ukara -ukara ing ngisor iki !
( 1 ) Bapak / Ibu Guru ingkang satuhu kinurmatan, kula minangka sesulihipun kelas 1 dumugi
kelas 5 ngaturaken panampi atur pepisahan saking kelas VI punika.
( 2 ) Kula minangka sesulih kelas I dumugi kelas V ngaturaken agunging panuwun dene para
sedherek kels VI sampun ikhlas paring pitedah saha bimbingan ingkang ageng
paedahipun.
( 3 ) Sugeng enjing Bapak / Ibu kaliyan kanca-kanca ingkang kula tresnani.
( 4 ) Cekap semanten mbok bilih wonten kumatur kathah kekirangan utawi kalepatan, kula
nyuwun agunging samodra pangaksami.
( 5 ) Puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah, inggih saking rahmatipun kula lan
panjenengan sedaya saged kempal wonten ing adicara perpisahan siswa kelas VI.
( 6 ) Maturnuwun. Berkah Dalem.
( 7 ) Bapak Kapala Sekolah ingkang kinurmatan. Bapak / ibu Guru ingkang kinurmatan, sarta
kanca-kanca ingkang kula tresnani.

Ukara – ukara ing dhuwur menawa urutna supaya dadi urutaning pidhato kang trep ....

LATIHAN BAHASA JAWA 3


16. Gatekna pretelan teks pidhato ing ngisor iki !
“Kadosipun sampun cekap semanten anggenipun kula matur. …..”
Ukara kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing teks pidhato, yaiku ….
17. Gatekna pretelan teks pidhato ing ngisor iki !
Kula sakanca namung saged memuji mugi-mugi sedaya amal lan kasaenan Bapak / Ibu Guru
pikantuk piwales saking Gusti ingkang Maha Agung saha tansah pinaringan kasarasan,
kawilujengan lan katentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya
ngantos dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken.

Isine pidhato ing dhuwur yaiku …


18. Gatekna teks pacelathon ing ngisor iki !
Sinau Kelompok
Susi :”Dar, mengko kowe ana acara apa ora?
Darna :”Ora Sus, lha, prelu apa?
Susi : “Apa kowe wis ngerjake tugas Basa Jawa gawe geguritan saka Bu Guru ?”
Darna :”Durung, Sus.”
Susi :”Aku mengko arep sinau kelompok karo Siti lan Santo.
Kepriye nek kowe melu sinau bareng?”
Darna :” Lha sinau kelompoke ning ngomahe sapa?
Susi :”Ning ngomahe Santo.”
Darna : Jam pira sinau kelompoke?
Susi : Mengko kumpul ning ngomahe Santo jam papat sore.”
Darna : “Iya mengko aku melu sinau kelompok. Maturnuwun, ya, Sus.”
Susi :”Ya, padha-padha, Dar.”

Surasane pacelathon ing dhuwur yaiku …


19. Gatekna gambar ing ngisor iki !

Tulisen geguritan kang trep karo gambar ing dhuwur, paling sithik patang ( 4 ) ukara !
20. Wacanen tembang ing ngisor iki !

Pangkur
Sekar Pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong aurip
Ala lan becik puniku
Prayoga kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi siyang ratri

Tulisen isine tembang Pangkur ing dhuwur !

LATIHAN BAHASA JAWA 4


21. Gatekna gambar ing ngisor iki !

Tulisen pacelathon kang trep karo gambar ing dhuwur, nganggo basa sing trapsila !
22. Gatekna geguritan ing ngisor iki!

Puspa Saking Keng Putra


(Harum Sunya Iswara)

Ibu….
Kula putra panjenengan
Marak sowan ibu
Wonten ing dinten punika
Dinten tanggap warsa panjenengan
Ibu….
Kula dereng saged bekti
Namung satunggal puspa
Saking keng putra
Mugi saged ngrenggani
Manah panjenengan

Isi larik kaping lima yaiku ….

23. Tulisen urutaning sesorah!


24. Jeneng liya sesorah yaiku ...
25. Yen pacetlahon karo kanca gunakake basa ....

SELAMAT BELAJAR
Pelajari juga materi dari kelas 4-6 (LKS/Rangkuman)

LATIHAN BAHASA JAWA 5

You might also like