You are on page 1of 1

Matur nuwun Bapak MC ingkang sampun paring papan lan wekdal.

Bismillahirrahmannirrahim

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh Para pepundhen ingkang satuhu kinabekten, para


pinisepuh miwah sesepuh ingkang dhahat kinurmatan,Lurah Harjosari, Ibu Elizabeth Inezta Amabel
Sibarani. ingkang kula kurmati, Ketua RT. 07 RW 22, Ibu Shafadel Lestariyam, Bapak-bapak, ibu-ibu
warga RT. 07 RW. 22 Kalurahan Harjosari. ingkang minulya, saha sedherek kadang kaneman ingkang
sutresna.

Sumangga kula lan panjenengan sedaya dherekaken puji syukur ing ngarsaning Gusti Allah. ingkang
Mahawelas lan Mahaasih, ingkang tansah paring mapinten-pinten rahmat lan hidayahipun, satemah
kula lan panjenengan sedaya saged kepanggihan wonten ing papan menika saperlu ngrawuhi malam
tirakatan 17 Agustus ing RT. 07 RW. 22 menika.

Bapak-bapak saha ibu-ibu ingkang minulya, keparenga kula minangka perwakilan panitia pengetan
dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 77 wonten ing taun 2022 menika, ngaturaken
agunging panuwun dhumateng warga RT. 07 RW. 22 Kalurahan Harjosari ingkang sampun kersa paring
pambiyantu dhumateng panitia, saengga reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 77 tahun
menika saged lancar saking purwakaning kegiatan dumugi pungkasan.

Para rawuh ingkang kulo hormati, panitia ugi ngaturaken agunging panuwun dhumateng bapak-bapak,
ibu-ibu, soho adik-adik ingkang sampun kersa nderek sarta ngregengaken lomba 17 Agustus wonten
ing RT. 07 RW. 22 Kalurahan Harjosari menika. Mugi-mugi lomba-lomba menika, saged ndadosaken
warga RT. 07 RW. 22 Kalurahan Harjosari langkung kompak saha langkung guyub.

Bapak-bapak saha ibu-ibu, ingkang pungkasan, kula minangka wakil panitia ugi nyuwun agunging
pangapunten mbok menawi wonten ing reroncening adicara pengetan HUT RI kaping 77 menika,
panitia kathah klenta-klentunipun ingkang mboten nujuprono ing penggalih. Semoga malam tirakan
pengetan dinten kamardikan Republik Indonesia ingkang kaping 77 wonten ing taun 2022 menika
ndadosaken warga RT. 07 RW. 22 Kalurahan Harjosari tambah rukun, guyub, lan nggadahi semangat
juang kamardikan.

Saking kula cekap semanten, mbok bilih kathah lepatipun kula nyuwun agunging pangapunten. Matur
nuwun.

wabillahi taufiq wal hidayah, Wassalamualaikum wr. wb.

Papan lan wekdal kula caosaken marang bapak MC.

You might also like