You are on page 1of 2

NAMA : FX.

Khrisna Gautama Wicaksana


KELAS : X1 PMIIA 1
PRESENSI : 13
NIS : 13813

Teks MC “ Malam Tirakatan “

Assalamualaikum wr.wb, syalom, salam sejahtera, oom swastiastu, salam kebajikan.


Katur ingkang kinurmat panjenenganipun Ibu Lurah Harjosari, Elizabeth Inezta Amabel
Sibarani, Ibu Ketua RT. 07 RW 22, Ibu Shafadel Lestariyan Lainy, Bapak Michael Evan
Harsuseno Putra ingkang dados ketua panitia, panitia malam tirakatan pengetan kamardikan
RI ingkang kaping 77 sarta Ibu Bapak lan sedherek warga masyarakat RT. 07 RW. 22
ingkang kula mulyakaken. Ingkang sepindhah, monggo kita sesarengan ngaturaken sedaya
gunging puja lan puji ing ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos amargi saking
barokahipun, kita sedaya saged pepanggihan wonten ing panggenan menika kanthi sehat
bagas waras lan mboten kirang setunggal menapa. Wonten ing wekdal menika keparengaken
kula ngaturaken urut – urutanipun acara Malam Tirakatan ing ndalu menika.
 Ingkang sepisan, inggih menika sesarengan nyanyi lagu Indonesia Raya ingkang
badhe kepimpin dening mas Wahyudi.
 Lajeng kaping kalih, donga pambuka ingkang badhe kapimpin dening
panjengenanipun Bapak Imam Subekti.
 Kaping tiga, sambutan saking Ibu lurah Harjosari, Ibu Elizabeth Inezta Amabel
Sibarani.
 Salajengipun kaping sekawan, sambutan saking Ibu ketua RT.07 RW.22, Ibu
Shafadel Lestariyan Lainy.
 Sasampunipun kaping gangsal, sambutan saking ketua panitia, Bapak Michael
Evan Harsuseno Putra
 Lajeng kaping enem, inggih menika renungan cekak bab perjuangan kangge
ngrebat kamardikan ingkang badhe kawedharaken dening Mbah Wawan Karto
Munadi inggih menika salah satunggaling seksi sejarah ingkang lenggahipun
wonten ing RT.07 RW.22.
 Kaping pitu, pemotongan tumpeng lan kembul bajaja sesarengan.
 Salajengipun kaping wolu, sesarengan mirsani layer tancep ingkang ngangkat
lakon “ Janur Kuning “
 Ing pungkasan inggih menika donga panutup ingkang kapimpin dening bapak
Imam Subekti.

Urutaning acara :
1. Kagem miwiti acara, mangga kita sesarengan nyanyi Indonesia Raya. Kita
sumanggakaken mas Wahyudi minggah panggung lan sedherek sadaya pun aturi
jumeneng. Maturnuwun Mas Wahyudi.
2. Ngancik acara salajengipuni inggih menika donga pambuka, kula aturi Pak Imam
Subekti minggah wonten panggung kagem mimpin, Matunuwun Pak Imam.
3. Salajengipun kula aturi Ibu Lurah Harjosari, Ibu Elizabeth Inezta Amabel Sibarani
minggah panggung kagem paring sambutan. Maturnuwun Ibu Lurah.
4. Sesampunipun kita sadaya mirengaken sambutan saking Ibu Lurah, kita aturi Ibu ketua
RT. 07 RW. 22 kagem paring sambutan. Kasumanggakaken Ibu minggah wonten
panggung. Maturnuwun Ibu RT kagem sambutanipun.
5. Acara candhakipun, inggih menika sambutan saking ketua panitia. Kula sumanggakaken
Bapak Michael Evan Harsuseno Putra minggah panggung. Maturnuwun, pak Evan.
6. Sakmenika kita aturi Mbah Wawan Karto Munadi kagem minggah panggung lan paring
carita pengalaman kala sesarengan kaliyan para pejuang ngrebat kamardikan saking
tanganing penjajah. Maturnuwun, Mbah Wawan kagem paringanipun carita pengalaman,
mugi dadosa inspirasi kagem para generasi enem salebetipun ngisi kamardikan.
7. Salajengipun inggih menika pemotongan tumpeng ingkang badhe kapandegani dening
Ibu Lurah Harjosari lan dipun susul kembul bujana sesarengan. Wondene potongan
tumpeng badhe keparingaken kagem mas Reza, inggih menika salah satunggaling warga
enggal ingkang nembe manggen wonten RT.07 RW.22 ngriki.
8. Acara candhakipun inggih menika sesarengan mirsani layar tancep ingkang ngangkat
lakon Janur Kuning.
9. Acara ingkang pungkasan inggih menika donga panutup ingkang badhe kapimpin dening
bapak Imam Subekti. Kasumanggakaken Pak Imam minggah wonten panggung.
10. Karana rampungipun donga panutup, rampung ugi sadaya acara Malam Tirakatan
pengetan Kamardikan RI ingkang kaping 77. Kula amakili, sadaya panitia ngaturaken
gunging panuwun kagem partisipasi serta rawuhipun Ibu-Bapak sadaya.

MATURNUWUN.

You might also like