Professional Documents
Culture Documents
RINGKASAN MATERI DARING KLS XI SEM 2-Dikonversi
RINGKASAN MATERI DARING KLS XI SEM 2-Dikonversi
BAHASA JAWA
Kelas : XI
NO HP : 085640360567
(perhatikan sopan santun saat menghubungi guru)
SMKN 1 NGAWEN
2020/2021
1
WULANGAN 6
CERITA CEKAK
Cerita cekak utawi ingkang asring kacekak ‘Cerkak’, punika salah satunggaling wujud prosa naratif
fiktif. Cerita cekak rinaos ringkes saha lajeng dhateng ancasipun, menawi dipuntandhingaken kaliyan
wohing kasusastran fiksi ingkang langkung panjang, kados dé né Novella (kanthi teges modhern) saha
novel. Amargi cekakipun cerkak-cerkak ingkang suksè s ngendelaken teknik-teknik sastra kados dé né
tokoh, plot, té ma, basa saha insight kanthi langkung wiyar tinimbang karya fiksi ingkang langkung panjang.
Miturut sujarahipun cerkak punika wiwitanipun saking tradhisi cariyos lisan ingkang misuwur.
Cariyos-cariyos kasebut limrahipun kaandharaken kanthi wujud geguritan ingkang wonten wiramanipun.
Wirama kasebut nggadhahi paédah minangka piranthi kanggé tetulung supados tiyang saged ngè nget-
è nget cariyosipun. Pé rangan cekak saking cariyos-cariyos punika punjeripun saking pé rangan naratif
ingkang kaandharaken wonten ing kalodhangan ingkang cekak. Sedaya cariyosipun nembé ké mawon saged
dipunmangertosi rikala sedaya cariyos punika sampun dipuncariyosaken.
Wujud sanè s saking cerkak inggih punika anekdot. Anekdot punika popular rikala jaman Romawi.
Anekdot punika nggadhahi piguna kados Dé né saloka, minangka cariyos realistis ingkang cekak, ingkang
nggadhahi setunggal ancas utawi piweling.
Cerita cerkak limrahipun kirang kompleks tinimbang Novel. Cerkak ingkang limrah cariyosipun
namung kadadosan saking setunggal pragmen, nggadhahi setunggal plot utawi alur, setting ingkang
tunggal, cacahing paraga ugi winates, cakupan wekdalipun ugi cekak. Menawi kawujudaken cariyos
ingkang langkung wiyar, cariyosipun nggadhahi suraos tartamtu saking struktur dramatis, inggih punika
Eksposisi (ingkang nglantarken Setting, wekdal saha paraga utama), Komplikasi (kadadosan ing salebeting
cariyos ingkang nepangaken konflik), krisis (wekdal ingkang Nemtokaken paraga utama Anggè nipun
tumindak rikala ngadhepi konflik), klimaks (punjering cariyos ingkang dados pé rangan ingkang wigati
piyambak), wasana (pé ranganing cariyos rikala konflik saged karampungaken) saha bab moralipun.
Cerkak saged nggadhahi pola ajeg saged ugi boten. Kados dé né cariyos-cariyos ingkang langkung
panjang, plot saking cerkak ugi nggadhahi klimaks. Ananging wasananing cariyos saking sapé rangan
2
cerkak limrahpun mardika saha saged ugi ngandhut piweling. Titikan cerkak bé da-bé da miturut ingkang
ngganggit. Cerkak nggadhahi kalih unsur inggih punika:
Unsur Intrinsik
Unsur intrinsik inggih punika unsur ingkang wonten ing salebeting cerkak piyambak. Ingkang kalebet
unsur intrinsik:
1. Téma iggih punika underaning cariyos ingkang dipunpitados saha dipundadosaken underaning
cariyos.
2. Latar (Setting) inggih punika panggè nan, wekdal, swasana ingkang wonten ing salebetipun cerkak.
Cariyos punika kedah cetha, wonten pundi kadadosanipun, wekdal kadadosanipun saha swasana sarta
kahanan rikala kadadosan kasebut kalampahan.
a. Latar papan, tuladha:
Omah kang bakal dikontrakaké iku omah loji kang mapan ana ing sakuloné kali Progo. Wangune
baé biyè n bangunan iki tilas tinggalané Walanda katitik bangunané njero sarwa jembar.
b. Latar wekdal, tuladha:
Srengenge ing mangsa panas kaya ing wulan Oktober ngono panasé jumeprèt.
c. Latar kawontenan, tuladha:
Kenthong titir marambah-rambah suwarané wong lanang, wadon, gedhé , cilik padha pating jlerit
golè k keslametan.
“Tulung………, tulung.............,” dibarengi udan gedhé . Angin tumiyup kaya prahara, pating kré yot
omah padha ambruk mbaka siji.
3. Alur (Plot) inggih punika reroncèning kadadosan ingkang wonten ing salebeting cariyos.
Alur kapérang dados 3 inggih punika:
a. Alur Maju inggih punika reroncè ning kedadosan ingkang urutanipun manut kaliyan urutaning
wekdal kadadosan ingkang wonten ing cariyos utawi cariyosipun tansah lumampah majeng.
b. Alur Mundur inggih punika reroncè ning kedadosan ingkang urutan kadadosanipun boten miturut
urutan wekdal kadadosan utawi cariyos ingkang lumampahipun mundur.
c. Alur campuran inggih punika campuran antawisipun alur maju kaliyan alur mundur
4. Watak inggih punika gegambaran watak utawi karakter paraga-paraga ingkang wonten ing cariyos,
bab watak punika saged dipuntingali saking tigang aspek, inggih punika:
a. Pacelathon paraga
b. Gegambaraning paraga
c. Gegambaraning blegeripun paraga
Kanggé nggambaraken watak wantuning satunggaling paraga, panyerat limrahipun ngginakaken
teknik:
a. Tè knik analitik, watak wantuning paraga kagambaraken kanthi langsung dé ning panyerat. Tuladha:
Jenengé bocah iku Tina Talisa, klambiné kembang-kembang ireng, sumringah polatané , rambuté
ireng ngré mbyak sapundhak, rai lonjong kulité resik. Ayu.
b. Tè knik dramatik, watak-wantuning paraga kagambaraken kanthi:
1) nggambaraken bab badan saha tindak-tandukipun
2) nggambaraken lingkungan gesangipun paraga
3) basa ingkang kaginakaken paraga
4) cara Anggè nipun mikir saking paraga
3
5) cara wontenipun paraga sanès.
5. Nilai (amanat)/ piwucal luhur inggih punika piweling ingkang badhé kaaturaken dé ning panganggit
lumantar cariyos utawi piwucal ingkang badhé kaparingaken dhateng soksintena ingkang purun maos
cariyos dé ning panyerat.
6. Cara panyerat nyariyosaken (sudut pandang / point of View), inggih punika kalenggahanipun
panyerat rikala nyariyosaken. Point of view punika wosipun kapantha dados kalih, inggih punika:
a. minangka tiyang ingkang kapisan, panyerat ndhè rè k minangka paraga ing cariyos ingkang
kacariyosaken. Tuladha:
Layang saka Galuh mentas baé dakwaca, layang iku gumlé thak ana ing mé ja sinauku. Layang iku
bisa ngurangi rasa lungkrahku.
b. minangka tiyang ingkang katiga, panyerat minangka dhalang ing cariyosipun. Tuladha:
Soré iku Pak Pana katon sayah banget, sayah ragané ya sayah penggalihé , lungguh ana kursi tamu
dikancani garwané . Sedhéla-sedhéla watuk, ambegané kaya seseg sengkil sanadyan bola-bali wis
diunjal. Limang dina manè h Pak Pana arep duwé gawé mantu putra putriné sing ragil kang aran Sri
Pamulatsih.
7. Gaya bahasa/lelewaning basa.
Unsur Ekstrinsik
Unsur ekstrinsik inggih punika unsur-unsur ingkang wontenipun ing sanjawinipun cariyos, ananging
nggadhahi pangaribawa ingkang boten langsung ing cariyos punika. Unsur ekstrinsik punika:
a. Nilai – nilai ing salebetipun cariyos (agami, kabudayan, politik, ekonomi)
b. Latar bélakang gesangipun panganggit
c. Kahanan sosial rikala cariyos punika dipundamel
Nemtokaken punapa ingkang saged dipundadosaken titikan anggènipun milah cerkak saking format
cariyos fiksi sanè sipun ingkang langkung panjang taksih dados pirembagan para sastrawan. Salah
satuggaling teges saking cerkak inggih punika kedah saged dipunwaos ngantos rampung ing satunggaling
wekdal rikalanipun lelenggahan. Teges-teges sanè sipun nyebutaken cekak saha panjangipun saged katingal
saking cacahipun tembung-tembungipun inggih punika 7.500 tembung . Ananging menawi katingali saking
karya kontemporer cerkak punika umumipun karya fiksi ingkang panjangipun boten langkung saking
20.0 tembung saha boten kirang saking 1.000 tembung . Cariyos ingkang cacahipun kirang saking 1.000
tembung kagolong genre fiksi kilat (falsh fiction). Cariyos fiksi ingkang nglangkungi wates cacahing
tembung , cerkak makaten punika kagolong novelette, novella utawi novel.
(Kaklempakaken saking saking pinten-pinten sumber aknthi éwah-éwahan sawetawis)
NYERAT CERKAK
Cerkak punika cekakan saking cariyos cekak. Limrahipun cerkak punika namung ngandharaken
setunggal perkawis ké mawon. Menawi wonten ing bahasa Indonesia cerkak dipun wastani cerpen (cerita
pendek). Kanthi asring maos cerkak saged mangertosi titikanipun saha wujudipun cerkak. Caranipun damel
cerkak kados makaten :
1. Angen-angen pengalaman ingkang sampun kalampahan, sampun dipun lampahi utawi pengalaman
saking maos buku. Lajeng pados té ma ingkang trep kaliyan pemanggihipun piyambak.
2. Damel cengkorongan (kerangka) cerkak
3. Mekaraken cengkorongan dados cerkak.
4. Ingkang perlu dipungatosaken inggih punika :
a. Kedah wonten perkawis
b. Wonten permasalahanipun (konflik)
c. Wonten endingipun (anti klimak)
MAOS CERKAK
Cerkak punika cekakan saking cariyos cekak, inggih punika karangan ingkang awujud gancaran (prosa).
Cerkak nggadhahi titikan:
limrahipun kedadosan kirang langkung sé wu tembung
1. ngandharaken setunggal prekawis ké mawon
2. wosing cariyos namung nyariyosaken lelampahanipun satunggal paraga.
4
3. kedah saged dipunwaos ngantos rampung ing satunggaling wekdal rikalanipun lelenggahan
5
WULANGAN 7
Tegesipun jurnalistik punika kathah sanget. Miturut è timologi, jurnalistik punika saking tembung jurnal
saha istik. Jurnal punika saking basa Prancis journal ingkang tegesipun Cathetan Harian, ananging ugi wonten
ingkang ngandharaken jurnalistik saged ugi saking tembung diurnal ingkang tegesipun dinten punika. Tembung
istik punika saking tembung è stètika ingkang nggadahi teges ngè lmu ngè ngingi kaé ndahan. Kanthi umum
jurnalistik nggadahi teges seni saha ketrampilan madosi, nglempakaken, ngolah, ngroncé , saha nyawisaken
pawartos ngè ngingi perkawis utawi kadadosan ingkang dumados saben dintenipun kanthi seratan ingkang
é ndah, kanthi ancas maringi sedaya kabetahanipun batos tiyang kathah, pramila ndadosaken é wahing sipat,
watek, pamanggih, saha tumindak masyarakat miturut kekajenganipun jurnalis.
Jinising seratan punika kapé rang dados kalih inggih punika seratan fiksi saha non fiksi. Seratan fiksi
awujud seratan imajinatif utawi khayalan sanè s kadadosan ingkang nyata. Umumipun seratan fiksi punika
minangka wohing kasusastran kados Dé né cerkak, novè l, geguritan, saha drama/sandiwara. Seratan non fiksi
inggih punika seratan ingkang adhedhasar kedadosan ingkang nyata-nyata kalampahan (fakta saha data).
Tuladha seratan non fiksi inggih punika artikel, pawartos, feature, essay saha Resè nsi.
Naskah jurnalistik kalebet ing seratan non fiksi amargi seratan jurnalistik adhedhasar kedadosan
ingkang nyata-nyata kalampahan ing saben dintenipun. Pramila punika titikanipun naskah utawi karya
jurnalistik inggih punika non fiksi, faktual, sanè s khayalan. Pamanthaning naskah utawi karya jurnalistik dados
tiga inggih punika Pawartos (News), opini (views) saha Karangan Khas (feature).
6
utawi emosi (trenyuh, simpati, remen, jè ngkèl utawi nesu. Jinising feature inggih punika feature pawartos,
feature artikel, tips, feature biografi, feature pangumbaran lsp.
4. Resènsi
Resè nsi inggih punika ngrembag wosing buku. Wosipun ngèngingi kirang saha langkungipun wosing buku
kasebut, underaning perkawis utawi wosing buku punika narik kawigatosan punapa boten, panyaruwe
dhateng buku ingkang dipun resè nsi, saha paring pamanggih dhumateng sinten ké mawon ngè ngingi prelu
botenipun tumbas utawi maos buku punika. Cengkorongan seratan resè nsi inggih punika pambuka (wosipun:
identitas buku (irah-irahan buku, panyerat, penerbit, warsa terbitipun, cacahing kaca, saha regi), wos
(wujudipun: pirembagan ngè ngingi underaning perkawis utawi irah-irahan buku punika, wosing buku, saha
informasi ngè ngingi sebab musabab saha ancasipun buku punika dipunserat, lageyanipun panyeratan,
nandhingaken kaliyan buku sanè s ingkang underaning perkawisipun sami utawi buku sanè s ingkang
dipunanggit panyerat buku kasebut. Panutup (wosipun: bobot saking buku kasebut, langkung saha
kirangipun buku kasebut, paring panyaruwé saha pamanggih dhumateng panyerat saha penerbit, saha paring
pamanggih dhumateng Sinten kémawon ngèngingi prelu botenipun tumbas utawi maos buku punika). Tiyang
ingkang nyerat resè nsi dipunwastani resentator (peresè nsi).
5. Kolom
Kolom inggih punika rubrik mligi para winasis ingkang wujudipun seratan cekak ingkang wosipun
pamanggih subyè ktif panyerat ngè ngingi salah satunggaling perkawis. Ing mè dia massa kolom punika
kadhang kala anggè nipun mastani boten sami, wonten ingkang mastani resonansi, asal-usul lsp. Tiyang
ingkang nyerat kolom dipunwastani Kolomnis. Wosing kolom punika namung pamanggih, pamanggih
adhedhasar teori ngè lmu ingkang saged dipundadosaken dhasar seratan kolom punika. Seratan kolom
punika boten nggadahi cengkorongan baken, wujudipun namung wos saking seratan kasebut, inggih punika
mbabar pokok pirembagan saha pamanggih panyerat ngèngingi perkawis kasebut. Irah-irahanipun saged
cekak ké mawon kepara saged setunggal tembung .
6. Tajuk Rencana
Tajuk rencana utawi Tajuk langkung kaprah kanthi sesebutan Induk Karangan ing media massa. Tajuk asring
dipunwastani ”Opini Redaksi”, inggih punika pambijining redaksi salah satunggaling media massa ngè ngingi
perkawis tartemtu. Tajuk punika ugi minangka ” Jati Dhiri” media massa kasebut. Lumantar tajuk redaksi
media massa kasebut nedahaken penggalihan utawi visi ngè ngingi salah satunggaling perkawis aktual
ingkang wonten ing masyarakat. Tajuk punika awujud serat cekak saha saè mper kaliyan kolom. Tajuk punika
saged dipunserat déning Pimpinan Redaksi utawi redaktur sè nior ingkang saged paring pamanggih
ngè ngingi sikap utawi visi mè dia massa kasebut gegayutan kaliyan perkawis ingkang nembé kalampahan.
7. Esai
Esai menawi dipuntingali saking etimologis nggadahi teges karangan, sastra saha skripsi. Miturut KBBI esai
inggih punika karangan prosa (karangan bebas) ingkang ngrembag perkawis kanthi cara grambayangan
ké mawon saking objektifitas panyerat ké mawon. Ing donyaning jurnalistik, esai inggih punika seratan cekak
ingkang limrahipun awujud pamanggih panyerat ngèngingi subjek tartamtu. Menawi saking akademisi esai
inggih punika komposisi prosa cekak minangka opini panyerat ngè ngingi subjek tartamtu. Cengkorongan
seratan esai inggih punika pambuka, jejering pirembagan saha pengantar jejering seratan, wosing seratan,
saha panutup. Esai ing donyaning sastra utawi seni inggih punika wohing kasusastran awujud seratan cekak
ingkang wosipun mbabar ngè ngingi salah satungaling wohing kasusastran saha seni. Sabotenipun esai
wonten 3 jinisipun inggih punika naratif, deskriftif saha persuasif.
8. Seratan Ilmiah
Seratan Ilmiah langkung misuwur minangka seratan akademis. Mbetahaken ukara tesis, premis, hipotesis
saha cengkorongan penggalihan supados dipunbabar malih kanthi rinci ingkang dipunpé rang wonten ing
pinten-pinten bab kanthi riset ingkang saé stu. Metodologi saha deviasi kedah dipunbabar kanthi cetha.
Jinising seratan ilmiah inggih punika skripsi, tesis, disertasi saha artikel-artikel ingkang wonten ing jurnal
ilmiah.
9. Seratan Ilmiah Populer
Seratan Ilmiah Populer inggih punika seratan Ilmiah ingkang wujudipun artikel popular utawi Jurnalistik
ingkang nengenaken unsur informasi, umum saha gampil dipunmangertosi. Bakenipun nyerat artikel ilmiah
sami kaliyan nyerat ilmiah popular kados Dé né ingkang sampun limrah. Bé danipun artikel kados Dé né
limrahipun kaliyan artikel populer inggih punika ngè ngingi fakta saha teori. Ing artikel ingkang kados Dé né
limrahipun panyerat boten kedah ngantheni fakta utawi teori ing salebeting argumentasi utawi opinipun.
Titikan ingkang mligi saking artikel ilmiah popular inggih punika opini subjektif panyerat dipunparingi fakta-
data (limrahipun dados asiling riset) saha teori ingkang paring panjurung ngè ngingi salah satunggaling
perkawis utawi kadadosan. Cengkorangan anggè nipun nyerat sami kaliyan artikel opini.
a. Nemtokaken té ma utawi topik ingkang badhé kaserat (prayoginipun topik ingkang é nggal)
b. Nemtokaken medhia punapa lan pundi ingkang badhé mahyakaken karya punika (awit saben medhia gadhah
paugeran piyambak-piyambak)
c. Nemtokaken irah-irahan
d. Pados bahan-bahan ingkang wonten gegayutanipun kaliyan té ma, langkung saé dipunkanthèni gambar utawi
foto.
e. Damel cengkorongan artikel, saben cengkorongan dipunracik wosipun
f. Mekaraken cengkorongan dados seratan ingkang wetah
g. Basa ingkang dipunginakaken ringkes lan mentes.
h. Ukaranipun prasaja, nanging runtut supados pamaos boten bingung.
i. Antawisipun té ma, irah-irahan, lan isi kedah sambung.
j. Boten ajrih, lingsem, mutung menawi seratan ingkang dipunkintun ing medhia boten saged kapacak.
(Karangkum saking pinten-pinten sumber kanthi é wah-éwahan sawetawis)
WULANGAN 8
LAYANG JAWA
Serat utawi nawala inggih punika basa ingkang dipunaturaken ngginakaken seratan utawi salah
satunggaling piranti komunikasi ingkang awujud seratan utawi satunggaling sarana kanggé sambet
ginem/komunikasi ingkang wujud sinerat/ tinulis. Miturut basa, wos, sipat saha asalipun, serat saged kapé rang
dados sekawan, inggih punika :
1. Serat (serat) resmi,
2. Serat (serat) dinas,
3. Serat (serat) niaga,
4. Serat(serat) pribadhi.
Serat resmi, dinas, lan dedagangan temtunipun ngginakaken paugeran ingkang gumathok gegayutan
kaliyan kedinasan. Bé da kaliyan serat pribadi. Serat pribadhi punika wujudipun kadosdé né serat limrah. Ingkang
dados pratandhanipun menawi serat punika kalebet serat pribadi inggih punika pigunanipun. Tegesipun serat
wau dipunginakaken pribadi dhateng pribadi saha wosipun ngrembag perkawis pribadi utawi sanè s perkawis
kadinasan. Pramila saking punika basa ingkang dipunginakaken ing serat pribadi langkung longgar. Basa ing
serat pribadi boten kaiket dé ning paugeran-paugeran ingkang baken nanging namung kaiket dé ning peprenahan
antawisipun ingkang ngintun serat saha ingkang dipunkintuni serat. Nanging basanipun serat pribadi saged
ngoko saged ugi krama gumantung kalenggahanipun tiyang ingkang dipunkintuni serat. Menawi ingkang
dipunkintuni serat punika kanca sapantaran utawi paprenahipun langkung anè m, serat saged dipunserat
ngginakaken basa ngoko. Ananging menawi ingkang nampi serat peprenahipun langkung sepuh utawi inggil
kalenggahanipun, prayoginipun serat kalawau dipunserat ngginakaken basa krama.
Sanajan serat pribadi gadhah kalodhangan babagan basa saha perkawis ingkang dipunrembag, serat pribadi
boten ké nging nilar subasita saha tata krama. Serat pribadi ugi kedah kaserat kanthi cetha, gampil
dipunmangertosi dé ning ingkang nampi serat. Kanthi makaten serat wau boten ndadosaken bingung saha
selingsurup, langkung-langkung kanggé ingkang nampi serat.
Layang lelayu
inggih punika serat ingkang wosipun paring kabar lelayu, sé danipun satunggaling piyantun
Unsur-unsur ingkang kedah kamot ing serat pawartos lelayu:
a. Irah-irahan (judul)
b. Nama saha papan ingkang tinuju
c. Pambuka (salam kaliyan waosan Innalilahi Wainna Ilahi Rojiun…….)
d. Isi:
1. Ingkang sampun tilar donya (nama saha yuswa)
2. Tilar donya (dinten, tanggal, tabuh, papan)
3. Pemakaman (jenazah badhé kapetak…..dinten, tanggal, tabuh, papan/sasanalaya)
e. Panutup (atur panuwun lan salam panutup)
(kapetik Saking pinten-pinter sumber kanthi éwah-éwahan sawetawis)
1. Serat Iber-iber
)
(8 (9) Pramuji Wicaksana
Nuwun kanthi sih wilasaning Gusti Ingkang Maha Mirah lan Agung saha netepi rè h darmaning
asepuh, kula badhé ngé mah-é mahaken anak kula:
Septi Runtiawati, SE
Binti Teguh Permana
Kaliyan
Pramila kanthi andhap asoring budi, panjenengan sekalian kula aturi rawuh bénjing:
Saperlu paring donga pangè stu wilujeng dhumateng anak kula kekalih sumrambah samudayanipun.
Wasana andadosaken raos bombonging manah kula menggah rawuh panjenengan sekaliyan lan
ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan.
Ndhè rè k ngajeng-ajeng
1. Pengantèn kekalih
2. Sedaya kulawarga
Atur pangbekti kula
Teguh Permana
Sampun tinimbalan sowan ing pangayunaning Pangeran kanthi tentrem ing RSUP Dr. Sardjito nalika
dinten Ahad kliwon, 27 Desember 2015 tabuh 11.50 siyang, Bapak/embah sutresna:
Utawi
LELAYU
Inalillahi wainailaihi rojiun
Sampun marak sowan wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kawasa, Eyang/Bapa kula :
Paino bin Karno Dikupo
Puput yuswa 85 taun
Dinten : Minggu Pon, 20 Desember 2015
Wanci : 11.00 WIB
Jalaran nandhang gerah sawetawis wekdal wonten griya sakit Dr Sardjito.
Déné layon badhé kasarekaken :
Dinten : Senin Wage, 21 Desember 2015
Wanci : 11.00 WIB
Wonten : Astana Laya Yogyakarta
Dhumateng para sanak kadang, tangga tepalih, mbok bilih suwargi kagungan kalepatan, mugi kersaa paring
pangaksama. Mugi-mugi sedaya amalipun tinampi saha pikantuk kaswargan langgè ng. Amin.