You are on page 1of 2

MODHUL BAHASA JAWA

KD 3.1 UNGGAH-UNGGUH BASA

A. Ngandharake Karakteristik Unggah-Ungguh Basa

Ing basa Jawa ana istilah kang diarani undha-usuk basa utawa tingkat tutur, uga istilah unggah-ungguh
basa. Undha-usuk basa utawa tingkat tutur mung ngisaratke makna menawa ing basa kuwi ana tingkatan-
tingkatane. Wondene unggah-ungguh basa saliyane ngandhut tingkatan-tingkatan sajroning basa uga
ngandhut makna etika utawa kesantunan.

1. Basa Ngoko : Ngoko Lugu lan Ngoko Alus.


a. Ngoko lugu yaiku basa ngoko sing ora kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong
sing diajak guneman.
b. Ngoko alus yaiku basa ngoko sing kacampuran tembung-tembung krama inggil tumrap wong sing
diajak guneman.

2. Basa Krama : Krama Lugu lan Krama Alus.


a. Krama lugu yaiku basa krama sing tembung-tembunge lugu lan ora kacampuran tembung-tembung
krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.
b. Krama alus yaiku basa krama sing tembung-tembunge alus lan kacampuran tembung-tembung
krama inggil tumrap wong sing diajak guneman.

B. Ngandharake Panganggone Unggah-Ungguh Basa


Undha-Usuk Panganggone
1. Basa Ngoko Lugu  Sapadha-padha sing wis kulina
 Ndhuwuran marang andhahan
 Wong kang wis tuwa marang sing enom
 Wong tuwa marang anake
 Guru marang muride
 Eyang marang putune
2. Basa Ngoko Alus  Sedulur enom marang sedulur tuwa
 Wong sing kaprenah tuwa marang wong enom sing drajate
luwih dhuwur
 Ibu marang bapak sing wis ngoko-ngokoan amarga wis
kulina
3. Basa Krama Lugu Marang wong sing sadrajat amarga durung raket
4. Basa Krama Alus  Wong enom marng wong tuwa
 Marang wong sing luwih dhuwur drajate

C. Nggawe Teks Pacelathon (Drama)


Sadurunge nggawe teks pacelathon mula gatekna babagan ing ngisor iki:
Bab-bab sing kudu digatekake nalika nulis teks pacelathon (drama) ,
1) Gawe slah siji tema sing bakal digawe drama
2) Nemtokake paraga lan wewatekane paraga kasebut
3) Gawe alur crita, adegan, lan pacelathon saka paraga
4) Nemtokake latar wektu lan papan panggonan crita
5) Wiwit nulis lan bayangake menawa drama kasebut dipentasake supaya bisa menjiwai
6) Menaw ana sing dirasa kurang trep, naskah drama bisa diowahi sadurunge naskah kasebut
dipentasake

D. Mentasake Pacelathon (Drama)


Bab-bab kang kudu digatekake sadurunge maragakake sawijining paraga ing drama:
1) Nggatekake blocking nalika ing panggung
2) Nggatekake swara (vokal),
 Swara kudu bisa dirungokake pamiyarsa
 Tembung-tembung kudu cetha
 Ora monoton
3) Nggatekake artikulasi
Tembung-tembung kang diunekake kudu cetha, saengga pamiyarsa bisa ngerti maksude
4) Nggatekake intonasi
Intonasi, yaiku tekanan-tekanan kang diwenehake ing tembung utawa dialog
5) Nggatekake mimik utawa ekspresi supaya luwih menghayati paraga kang diperagakake

You might also like