You are on page 1of 3

Wacanen kang patitis!

Bena Lumajang
Dinten Minggu enjing, Dewi lan Ningrum mboten mlebet sekolah. Sasampunipun
ngrampungaken pedamelannipun piyambak-piyambak, kekalilhipun ningali tivi. Ing tivi
dumadakan nggiyaraken musibah bena ing ing Lumajang Jawa Timur.
Bena dipunsebabaken Lepen Jatiroto mumbul awit jawah nggrejih ngantos sedalu, ing malem
Minggunipun. Wusananipun griya cacah 60 kelem ing toya. Manut ngendikanipun Bapak
Zamroni Sekretaris Desa Sidorejo, nalika dinten Senin, 3 Januari 2022, lepen ingkang bena
mbotan namung Lepen Jatiroto, ananging setunggal lepen malih toyanipun mumbul.
Namanipun Lepen Aftur 12.
Warga sami was sumelang, awit salebeting griya taksih sumimpen bandha donya, sandhang
pangan, raja kaya mboten sekedhik gunggungipun. Saperangan griya warga ingkang dereng
kelem toya nuntun kewan raja kaya ing papan langkung inggil. Barang-barang wigati kados
ijazah, sertifikat, lan buku rekening kainggahaken dhateng loteng, ugi wonten lemari inggil.
Sedaya menika wau kangge jagi-jagi bena susulan. Sawetawis para panandhang musibah bena
dereng dipun damelaken papan pangungsen. Salajengipun BPBD, lajing nyiapaken dhapur
umum lan fasilitas kesehatan. Sedaya menika kangge kawaspadan "Paribasan pupur
sadurunge benjut."
Dewi Ian Ningrum dheleg-dheleg ningali pawartos tivi menika wau, Lare kalih sami maos
donga dhateng Gusti Allah, mugi-mugi panandhang bena wau kaparingan kesabaran. Dene
papanipun piyambak tansah kalis sawarnining musibah.
1. Musibah apa sing digiyarake stasiun tivi?
a. Banjir
b. Lindu
c. Tsunami
d. Angina lesus
2. Ana ngendi papa dumadine musibah?
a. Surabaya
b. Banyuwangi
c. Lumajang
d. Sidoarjo
3. Sapa sing menehi katrangan menawa kali Aftur 12 uga mumbul?
a. Dewi
b. Ningrum
c. Jatiroto
d. Bapak Zamroni
4. Sepira cache omah kang kelem banjir?
a. 3
b. 12
c. 20
d. 60
5. Kepriye Dewi Ian Ningrum sawise nonton pawarta musibah?
a. Ndredheg
b. Sumelang
c. Maos donga
d. Kaparingan kesabaran

6. Gatekna gambar iki!


Kedadean ana ing gambar sisih kiwa
amarga prastawa alam ....
A. tsunami
B. longsor
C. gunung mbledos
D. banjir

7. Udan seng nggrejih kuwi sing kepiye? Udan sing nggrejih iku…
a. Udan angin bareng gludhug ing etungan jam
b. Udan deres ora terang-terang luwih saka sedina
c. Udan tekek ing wayah awan banjur terang
d. Udan grimis banjur terang kurang saka sedina

8. Gatekno table ing ngisor iki!

No. Prastawa alam Penyebab e


1 Lindu Lemah kang jugrug
2 Banjir Buangi uwuh sembaranga ing kali
3 Tsunami Lindu kang pusate segara
4 Puting beliung Angin seng rada banter
Pasangan prastawa alam lan penyebab e sing bener yaiku nomer…
a. 1 lan 4
b. 1 lan 3
c. 2 lan 3
d. 3 lan 4

9. Ukara sing bener kanggo gambar ing ngisor iki yaiku ....

a. Gunung merapi ngetokake wedus gembel


b. Gunung merapi ngetokake lahar dingin
c. Gunung merapi ngetokake lahar panas
d. Gunung merapi udan awu
10. Murid-murid kudu duwe…marang guru
a. Tata krama
b. Murang tata
c. Solah bawa
d. Welas asih

You might also like