You are on page 1of 3

CERKAK

I. Pangerten
Miturut KBBI, cerita yaiku tuturan kang dijlentrehake kepriye kedadeane sawijining
bab/masalah, dene cekak tegese ora dawa (kurang saka 10.000 tembung) kang aweh kesan
tunggal kang dominan lan musatake ing sawijining paraga/tokoh sajroning kahanan utawa
wektu (1988: 165).
Miturut Susanto ing sajroning Tarigan, duweni teges cerita kang dawane kira-kira 500
tembung utawa 17 kaca kuarto spasi loro kang kapusat lan lengkan ing awake dhewe.
Miturut Sumardjo lan Sani, duweni teges ceritakang fiktif (ora bener kedadeane),
ananging bisa uga kedadean ngendi wae lan kapan wae, sarta ceritane biasane cekak
Dudutan, Salah sawijining karya sastra kang awujud karangan, duweni bentuk prosa
naratif fiktif lan nggunakakebasa Jawa ing sajroning panulisane, dawane ukara kira-kira 500
tembung.

II. Ciri-ciri/titikaning Cerkak, kayata:


1. Critane ringkes, lumrahe kurang saka 1000 tembung.
2. Diwaca sakeplasan (sekali duduk)
3. Prakara carita kang dicaritakake mung siji.
4. Gegayutan karo lelakone manungsa
5. Cacahe paraga mung sithik.
6. Paraga kang dicaritakake ora nganti owah nasibe.
7. Sifate reka-reka/fiktif.
8. Alur cerita dumadi saka wiwitan, dredah, ngrampungake prakara.
9. Cerkak asesifat naratif, yaiku manut urutan wektu.

III. Bab-bab kang kudu digatekake ing Cerkak (struktur)”


1) Unsur Intrinsik
Tegese unsur kang mbangun saka njero cerita, kayata:
a) Tema, tegese gagasan wigati sajroning carita ().ide/inti dhasar carita
b) Alur/plot, tegese lelakone para paraga wiwit lekas nganti pungkasan utawa pola
pengembangan carita kang kabentuk saka hubungan sebab akibat. Maneka werna jinising
alur/plot, kayata: maju, mundur, lan campuran.
c) Penokohan lan tokoh (paraga), tegese nerangake watak wantune (karakter) para paraga.
Teknik kanggo nggambarake karakter salah sawijine paraga, yaiku:
1. Teknik analitik, yaiku karakter /watak paraga kang dijlentrehake kanthi langsung
dening pangripta,.
2. Dramatic, yaiku karakter utawa watak kang dijlentrehake kanthi penggambaran:
 Bab fisik lan tindak tanduke paraga.
 Lingkungan kahuripan paraga.
 Tata basane paraga.
 Dalan pamikirane paraga.
 Dening paraga liyane.
d) Latar/setting, tegese ngrembug papan, wektu, lan kahanan.
e) Sudut pandang, tegese posisine pangripta nalika nyritakake carita.
Posisi pangripta. Ana 2:
1) Dadi wong kapisan (orang pertama), yaiku pangripta dadi paraga lan lakon utama ing
carita,ciri khas ana tembung “Aku”.
2) Dadi wong katelu (orang ketiga), yaiku pangripta dadi pengamat ing carita, ciri khas
nganggo “nama langsung”
f) Amanat tegese piweling utawa ajaran moral utawa pesen didaktis (mendidik) kang bakal
dibabar utawa dijlentrehake saka panganggit/pangripta marang kang maca carita.
g) Gaya bahasa, tegese basa kang digunakake pangripta ing sajroning carita utawa cara khas
kang dianggo pangripta kanggo medharake rasa atine ing carita.
Basa ing cerkak ana 2, yaiku:
1) Tersirat, yaiku basa kang mbutuhake daya pemahaman kang dhuwur.
2) Tersurat, yaiku basa kang gampang dimangerteni.

3) Unsur Ekstrinsik
Tegese unsur kang mbangun saka njaba, kayata:
a) Aji-aji njero cerita (agama, budaya, politik, lan ekonomi)
b) Alesaning digawe cerita
c) Sujarah utawa latar mburine pangripta (biografine pangripta)
d) Situasi sosial pas cerito kuwi diriptakake, lan sapanunggalane.

IV. Unsur-unsur tertemtu saka struktur dinamis, kayata:


a) Eksposisi (panerna setting, situasi, ln tokoh utamane)
b) Komplikasi (kedadean ing njero cerita kang ngenalake konflik)
c) Aksi kang ningkat, krisis (wektu kang nemtokake kanggo si paraga utama lan komitmen
dheweke kabeh adhep mubarang jangkah)
d) Klimaks (titik minat paling dhuwur sajroning pangerten konflik lan titik cerita kang
ngandhut aksi paling akeh utawa wigati)
e) Penyelesaian (kanggonan cerita ing ngendi konflik dipecahake)
f) Moral.

You might also like