You are on page 1of 4

L

UPACARA ADAT
PAWI WAHAN TEMANTEN NGAYOGYAKARTA
PENDAHULUAN
Minangka dhumawahing kodrat saking Gusti Kang Maha Mirah, tiyang agesang sampun
cinipta kanthi rasa katresnan dhumateng sasami. Saking punika tiyang agesang boten saget
nglampahi gesang piyambak, ananging betahaken tiyang sanes. Sedaya punika jumbuh
kaliyan dhawuhipun Gusti ingkang sinerat wonten ing Al-Quran Surah Ar-Rum ayat 21
ingkang ngandharaken bilih tiyang agesang sampun cinipta kanthi pasangan-pasanganipun.
Ibarat peksi Garudha ingkang mabur ngagem swiwi kekalih, minangka pralambang
manungsa kang nyawiji dadi siji saget nggayuh kabagyan samadyaning bebrayan.
PEMBAHASAN
Ngayogyakarta minangka Daerah Istimewa anggadhahi maneka warni tradisi lan upacara-
upacara adat ingkang adiluhung. Salah satunggaling upacara adat ingkang taksih dipun uri-
uri dumugi titiwanci sapunika inggih punika upacara adat temanten gagrag Ngayogyakarta.
Miturut Mas Taat Dlegan, ingkang ngayahi jejibahan minangka pranatacara temanten jawa,
“Upacara adat temanten punika kathah sanget ugi gadhah pralambang ingkang sae, ingkang
saget dipun ngemu tuladha anggenipun nglampahi gesang samadyaning bebrayan”. Upacara-
upacara adat temanten Ngayogyakarta antawisipun :
1. Nontoni
Nontoni inggih punika sowanipun utusan calon temanten kakung saha temanten
kakung piyambak ingkang sowan wonten ing delemipun calon besan. Calon
temanten kakung saha utusanipun saget ningali langung calon temanten putri saha
kulawarganipu. Wonten ing dalemipun calon besan, samangke calon temanten
putri paring unjukan saha dhaharan dhumateng utusan calon temanten kakung.

2. Lamaran
Sasampunipun nontoni, kalajengaken lamaran inggih punika nembung dhumateng
kulawarganipun temanten putri. Saderengipun, Utusan kala wau ugi nyuwun pirsa
dhumateng calon temanten putri menapa sampun wonten calon sanes. Menawi
boten, utusan matur bilih kulawarga calon temanten kakung badhe nglamar calon
temanten putri.

3. Peningset (kekancingan rembag)


Peningset minangka pralambang bilih samangke badhe ikatan janji suci wonten
ing tembe wingkingipun inggih punika ijab qabul. Peningset padatanipun ngagem
sapasang cincin saha kajangkepi ngagem ubarampe sanenispun inggi punika oleh-
oleh ingkang arupi arta, dhaharan, busana temanten, saha sanenipun ingkang
samangke kaginaaken kagem upacara pawiwahan. Wonten ing Peningset punika
ugi dipun temtoaken dinten punapa samangke upacara pawiwahan kalaksanan.

4. Sra-srahan/Asok Tukon
Asok ateges bayar, lan tukon ateges tuku. Asok tukon inggih punika paringipun
arta saking temanten kakung dhumateng kulawarga temanten putri minangka
gantos anggenipun mundhut punapa kemawon ingkang wonten sesambetanipun
kaliyan upacara pawiwahan ingkang samangka kalaksanan.

5. Pasang Tarub lan Bleketepe


Sadherengipun adicara ijab qabul saha pawiwahan temanten, wonten ing
dalemipun temanten putri dipun pasangi tratag ingkang samangke kagan adicara
pawiwahan. Wonten ing gapura pawiwahan dipun pasangi tarub ingkang dipun isi
maneka warni uba rampe antawisipun
a. Janur kuning
Janur = sejane nur, ingkang ateges nggayuh pepadhang wonten Ngarsa Dalem
Gusti.
Kuning minangka pralambang sabdadadi ingkang ateges sedaya pangajab
temanten kekalih saget kasembadan
b. Sapasang Wit gedhang raja
Minangka pralambang bilih temanten kakung samangke saget dados tiyang
ingkang saget gesang wonten samadayaning bebrayan agung. Jumbuh
kaliyanwit gedhang ingkang saget urip wonten ing papan pundi kemawon.
c. Sapasang tebu wulung (tebu = antebing kalbu)
Minangka pralambang temanten sarimbit sampun manteb anggenipun ngayahi
lelayaran samadyaning bebrayan.
d. Cengkir gadhing (cengkir = kecenging pikir)
Minangka pralambang kencenging pikir temanten kekalih anggenipun
nandang katresnan.
e. Wit Pari
Pari punika gadhah pralambang menawi langkung wonten isinipun(berbobot),
ugi langkung mandhap. Jumbuh kaliyan gesangipun tenamnten, mbok bilih
samangke langkung kathah nikmat paringipun Gustu, ugi boten jumawa lan
eling marang sasami.
f. Ron-ron sanesipun ( ringin, mojokara, alang-alang, dadap, lsp)
Minangka pralambang temanten kekalih saget nggayuh karahayon anggenipun
nglampahi gesang.

Wonten ing gapura pawiwahan ugi dipun pasangi Bleketepe (nam-naman blarak)
ingkang dipun pasang dening bapak temanten putri. Bleketepe minangka
pralambang supados sedaya adicara saget kalampahan kanthi mboten wonten
alangan satunggal punapa.
6. Kembar mayang
Kembar ingkang ateges padha , mayang ingkang ateges kembang jambe. Kambar
mayang ingkang ugi kasebat Kalpataru Dewandaru. Kembar mayang punika
minangka pralambang rahayu, raharja, slamet lan bagya mulya. Uba rampe
wonten kangge damel kembar mayang antawisipun :
a. Bonggol pisang ingkang samangke kagem namcepaken ubarampe sanesipun.
b. Janur kuning ingkang samangke dipun damel keris-kerisan, pecut, manuk-
manukan, lsp.
c. Ron-ronan : ron kemuning, ringin, apa-apa, girang, andhong, lsp.
d. Maneka warni kembang
e. Klapa mudha ingkang dipun onceki kulite lan ngandhapipun dipun damel rata
satemah saget ngadeg.
Samangke kembar mayang punika kaginaaken wonten ing upacara panggih.
Kembar mayang kakepyokaken wonten jajanipun temanten kakung.
Sasampunipun dipunginaaken, kembar mayang dipun bucal wonten ing prapatan,
lepen lan segara/jaladri.
7. Siraman

8. Adol Dhawet
9. Paes
10. Midodareni
Midodareni = widodari minangka pralambang temanten putri saderengipun ijab
qabul katingal kados widodari ingkang tumurun saking kayangan.
11. Nyantri
12. Ijab

13. Upacara panggih


Upacara panggih inggih punika panggihing temanten kakung saha tementen putri
wonten ing sangajenging tarub sasana pawiwahan. Tata upacara panggih
antawisipun
a. Liron Kembar Mayang
Minangka pralambang nyawijining cipta, rasa, lan karsa satemah nggayuh
kulawarga ingkang bagya mulya.
b. Balangan Gantal (suruh)
Minangka pralambang sedaya godha saget ical kabalang ngagem gantal
c. Mecah endog
Minangka pralambang pecahipun pamor temanten kekalih
d. Mijiki sukunipun kang temanten kakung
Minangka pralambang bektinipun temanten putri dhumateng garwanipun.
14. Kirab Kanarendran (Kirab I)
15. Sikep Sindur
Minangka pralambang temanten kekalih sampun sedya anggenipun ngadhepi
sedaya pambengan wonten ing samadyaning bebrayan.
16. Timbangan
Temanten kekalih lenggah wonten ing suku kiwa tengenipun bapak temanten
putri. Temanten kakung wonten ing sisih tengen lan temanten putri wonten ing
sisih kiwa.
17. Kacar-kucur
Temanten kakung ngasta tilam lumpus (kain kagem kacar-kucur) iangkang sipun
isi arta receh, wos, saha ketos. Lajeng kasuntak ing pangkonanipun ingkang
garwa. Temanten putri nadhani mawi sindur utawi slendhang sasampunipun dipun
tadhahi, asiling kacar kucur samangke dipun pasrahaken dhumateng ibunipun
temanten putri. Kacar-kucur minangka pralambang tanggel jawabipun temanten
kakung anggenipun nyekapi sedaya kabetahanipun kaluwarga, mekaten ugi
temanten putri kedah nyekap-nyekapaken anggenipun ngecakaken ingkang
tinampi saking kakungipun.
18. Dulangan
Temanten kekalih sami ngasta/ngepel sekul pethak lajeng sami dulang-dinulang.
19. Sungkeman
Temanten kekalih salajengipun nglampahi sungkeman dhumateng rama lan ibu.
Kawiwitan dhumateng tiyang sepuh temanten putri lan kalajengaken dhumateng
tiyang sepuhipun temanten kakung.

You might also like