You are on page 1of 5

Rifda Lathiifah

XI MIPA 1/26

CMENGKORONINGAN CERKAKU

1. Tema : Kekancan
2. Paraga : Rina, Anti, Bapake Rina
3. Alur :

a) Peningenalan : Jeneningku Rina, Aku lagi 2 minggu iki mlebu ning SMA.
b) Konflik : Pas Rina nyananingi Anti nek Anti ngapusi njilih dhuwit kanggo apa.
c) Penyelesaian : Anti sadar karo sing dilakukke nek salah lan bayar utang ning
Rina.
AZAB MACAKU NGUTANG

Jeneningku Rina, Aku lagi 2 minggu iki mlebu ning SMA, Ining sawijining dina ujug-
ujug kancaku SD sing sui ora kabar-kabar ninge WA aku, "Assalamualaikum, Rin, iki Anti , koe
saiki ning SMA pitu ya?" aku banjur jawab "Hoo An,koe saiki SMA ningendi?" . banjur Anti
jawab , "Aku saiki pindah ning luar kota Rin, le sekolah aku ning Malang saiki, tapi aku keri-keri
iki ora maningkat sekolah, keluargaku lagi krisis ekonomi, aku ningewaningi wongtuoku
nggolek dhuwit, aku kerja njaga kasir ning waruning e tanggaku". Aku sawise maca iku
langsung kerasa sakakue maraning Anti, amarga dheweke ora iso sekolah lan keadaan e
kluargane sing lagi susah. Banjur Anti ngomong ngeneki "Rin, aku peningen ketemu koe , aku
peningen cerita akeh karo koe iso ora ya, sesuk awakudhewe ketemu ning taman cerak Sd ne
awakudhewe biyen". " Isa aku An, sesuk sore aku isane bali sekolah". Sakjane aku bingung
padahal Anti ning Malang, lan jare dheweke lagi susah malah ameh ning jogja mung ameh
ketemu karo aku, tapi aku mbuaning-mbuaning adoh pikiran kui amarga koncoku lagi susah aku
malah mikir sing ora - ora.

Ining dina selanjute, aku ketemu karo Anti, aku bali sekolah langsung siap-siap ning
taman cerak SD. Sawise aku tekan ning taman cerak sekolah, ning kono uwis ana Anti, dheweke
karo adine sing di gendong ing lan dheweke uga gawa tas gedhe. Anti langsung cerita dawa
banget , yaiku cerita nek jebul kaluargane bar kapusan melu investasi karo kancane keluargane.
Banjur Anti ngomong karo aku ,"Rin aku oleh ora ya njilih dhuwit seket juta dinggo bayar utang
ning nggone tanggaku". Aku langsung kaget Anti ngomong njilih dhuwit semono gedhene,
padahal aku uga ora dhuwe dhuwit semono gedhene. Aku banjur jawab " Waduh An, aku
radhuwe nek dhuwit semono iku , ngapura banget iki jan radhuwe tenan aku An". banjur Anti
jawab "nek aku njilih lima juta sek ana ora ya Rin, aku lagi butuh dhuwit tenan iki, nek ora
mengko omahku bakal digusur". Sakjane ning atiku rapenak banget soale rapenak karo Anti, tapi
aku pancene ora dhuwe suit semono iku, banjur aku jawab" Nek aku takon wongtuwa ku sek
piye ya An". " Ya rapapa Rin nuwun banget iki aku lagi butuh, aku ngapura banget iki teka-teka
malah ngutang". "rapapa An,jenenge padha-padha kanca saling mbantu wae".Banjur Anti jawab
"Rin, aku langsung balik sek ya, tur no aku nggone bu lik ku ning Jogja, Rin". "Owalah,iya An
Rapapa, mengko aku kabari Ning WA aku iso njilih e dhuwit ning koe apa ora, yowis iki aku ya
langsung bali wae An, Ati-ati ya koe karo adikmu". "Iya Rin, nuwun ya Rin." . "Iya An, padha
padha".

Sawise aku tekan omah, aku banjur takon karo bapakku ,yen ana kancaku sing ameh
njilih dhuwit. "Pak, kula wau ketemuan kalih kanca sd kula Pak, Anti. Banjur Anti nyuwun
tulung, saged napa mboten yen ngampil arta lima juta Pak, amarga keluargane Anti krisis
ekonomi Pak". Bapak banjur jawab "Weloh , lha kok penak banget teka-teka kok langsung njilih
dhuwit, sakjane Bapak ya ana dhuwit semono, tapi bapak perlu ketemu karo bocahe sek An,ben
Bapak isa percaya , kancamu iku tenanan apa ora". "Oh nggih Pak, maningkeh kula omoning
ining Anti, matur nuwun Pak.". Banjur aku ninge WA Anti bab Anti ketemu karo bapak sik lagi
isa njilih i dhuwit wau.

Dina iki dina minggu, sakdurunge Anti,aku lan bapakku ana rencana kanggo ketemu ning
omahku dinggo bahas bab Anti njilih dhuwit. Banjur Anti teka ning omahku jam 10 esuk. Lan
intine akhire Bapak saged ngampili arta maraning Anti , amarga sakake, lan Anti uga nangis ning
ngarepe Bapak.Bapak langsung ngampili arta lima juta kanggo Anti, banjur Anti langsung bali. "
Maturnuwun nggih pak , semoga bapak lan sak keluarga gadhah kaberkahan saking niki.". "Rin,
nuwun banget ya, nek ora ana koe aku saiki bingung ameh kepiye Rin, nuwun banget Rin". "Iya
An pada pada, moga moga keluargamu gek isa nandangi masalah iki ya An. Banjur Anti
langsung bali ning omahe, aku lan bapak uga ndongakake Anti lan sak keluargane yen semoga
keluargane isa ngrampungake masalah iki, lan seneng bisa mbiyantu Anti ngampilake arta.

Ning sawijining dina aku pas bali saka sekolah aku kaya ndelok Anti karo cah lanang
sepantarane kaya gawa tas tas belanja ning ngarep toko klambi, tapi pas aku ameh ngetutake Anti
lan kancane kui, makjegagik ana mobil banter lewat ning ningarepku , dadi pas wis lewat mobil e
, aku wis ora iso ndelok uwong sing kaya Anti mau karo kancane. Aku ning kono uwes ameh
duwe prasangka elek ning Anti, tapi amarga kelingan yen Anti wingi bar keneng beban, lan njilih
dhuwit ning keluargaku barang, aku ora mikirke pikiran ala ku iku. Banjur aku mampir ning
Supermarket cerak toko klambi sing aku ndelok mau ana Anti. Aku arep tuku panganan kanggo
aku mengko sinau, pas aku lagi milih-milih panganan, makjegagik aku ndelok Anti ya lagi tuku
panganan, tapi uga tuku barang-barang gedhe saka aku ndelok ning keranjange. Aku mbatin yen
dhuwit sing aku jilihake kanggo mbayar utang ning tanggane Anti, malah dinggo blonjo-blonjo.
Aku arep mara nggone Anti, nanging ora sida amarga aku arep ndelok, Anti ngapusi aku apa ora.
Aku ngetutake Anti saka dheweke rampung blonjo, ning kasir ngAnti ning parkiran. Sawise ning
parkiran aku ndelok Anti karo kanca lanang e sing kayane yang e mau uga karo Anti ning Toko
klambi. Aku uga ndelok blonjonane Anti akeh banget, aku saya curiga pas ndelok iki. Bukane
lagi krisis, banjur nggolek utangan, malah dinggo seneng-seneng karo yang e. Aku ngetutake
meneng-meneng saka kuwi wong loro metu ning parkiran, ning dalan, ngAnti arep ning omah
sing dituju Anti. Banjur aku malah tekan ning omahe Anti sing aku reti ket SD mbiyen, padahal
Anti ngomong nek dheweke wis pindah ning Malang, ning Jogja mung ning omahe bulik e. Iki
saya ngeyakinake aku nek Anti ngapusi aku njilih dhuwit kanggo bayar utang ning tanggane.
Banjur aku langsung mlebu ning omahe Anti, lan mastikke kadadean iki. “Anti, iki Rina An”,
“Weh, Rin kok koe isa ndene ning omahku “. Aku awal-awal arep basa basi ndisik. “Pie
kahananmu An saiki? apik-apik wae to An, uwis di bayar hurung utangmu ning tanggamu kui?
Apa uwis isa blonjo-blonjo barang An? Nek uwis kaya ngono aku ya seneng An”. Pas kui ketok
banget nek Anti glagepen karo pertanyaanku , dheweke njawab pertanyaanku sui banget. “iya
Rin, aku uwis bayar utang ning tanggaku, iki aku blonjo-blonjo ya mung dikei dhuwit karo
kancaku Rin, utangku ning koe sesuk bakal gek aku bayar Rin.”. Aku iseh ora percaya karo sing
diomongke karo Anti. Banjur aku takon “Saiki ngene An, aku mau ndelok koe karo kancamu
bonjo-blonjo akeh saka toko klambi karo supermarket, jujur wae An, koe nganggo dhuwit sing
aku jilihake dinggo blonjo-blonjo pa?”. “Ya Allah Rin, ora Rin jujur aku kui ya dikei dhuwit
saka kancaku Rin”. “ lah koe dikei dhuwit karo kancamu kui ,ora dinggo nabung mbayar utang
malah tok nggo blonjo-blonjo po An?’. “ Ora ngono Rin, aku ki ya butuh barang-barang dinggo
sedina-dina Rin, jujur iki, bar iki aku janji bakal gek bayar utangmu Rin.” . Ora tekan kono aku
ro Anti dadi gelut lan jambak-jambak an ngAnti kanca lananing e Anti uga metu. Aku kira
kancane kui bakal misahke aku karo Anti, malah nggeret Anti banjur mlayu kabur saka omah.
Aku langsung ngetutake wong loro kui karo mlayu, tapi pas aku ngoyak wong loro kui, Anti
malah ketabrak truk lan mental ning ndhuwur wit pelem. Aku langsung kaget, wedi lan langsung
nggone Anti, nulungi Anti ning dhuwur uwit pelem. Banjur digawa ning rumah sakit. Nanging
aku bar saka Rumah Sakit langsung bali, amarga uwis ana sing njagani Anti.

Sawise seminggu saka Anti kecelakuaan kui, aku dikabari nek Anti uwes mari, lan aku di
WA Anti kanggo ning omahe. Pas aku ning omahe, aku sakake karo Anti amarga ndelok sikil e
Anti diperban amarga patah, lan taningan e uga luka parah. Ning kana jebul Anti ngomong
ngeneki “Rin, aku nyuwun ningapura tenan ya Rin, aku salah, sakjane aku uwis ngapusi koe nek
aku njilih dhuwit kanggo bayar utang, padahal aku nggo dolan lan blonjo karo yangku, ngapura
tenan aku Rin. Aku ya njaluk ngapura Rin, aku sakjane ratau pindah ning Malang, keluargaku ya
uga ora lagi krisis, iki aku njilih dhuwit amarga karo wongtuaku wis ora gelem ngekei dhuwit
nggo dolan, aku njilih dhuwit ning koe amarga aku wis njilih dhuwit ning kabeh kancaku Rin,
aku saiki wis kapok wis sadar amarga keneng azab iki Rin ” . Banjur Anti ya ngekei dhuwit
kanggo mbalikke utang ning aku sing jarene dibayar karo ibuke. Aku sakake karo kahanan e
Anti, ning aku ya dadi reti karo sing sakbenere lan seneng nek Anti langsung sadar. Banjur aku
ya nerima ningapurane Anti, lan omoning-omoningan sui , banjur bali.

You might also like