You are on page 1of 5

Bahasa Daerah kelas XI

A. Pilihen wangsulan sing bener


1. Tembang macapat cacahe ana…
a. 5
b. 7
c. 11
d. 12
e. 15
2. Piwulang babagan ngelmu kakandhut ing Serat Wedhatama pupuh…
a. Pangkur
b. Kinanthi
c. Gambuh
d. Pocung
e. Sinom
3. Serat Wedhatama katulis kanthi wujud tembang…
a. Gedhe
b. Macapat
c. Tengahan
d. Lawas
e. Girisa
4. Guru lagu lan guru wilangane tembang Asmaradana yaiku…
a. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i
b. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
c. 8i, 8a, 8o, 8a, 7a, 8u, 8a
d. 8i, 8a, 8e, 8a, 8a, 7a, 8u, 8a
e. 12i, 6a, 8i, 8a
5. Pada XV – XXXII ing Serat Wedhatama mujudake pupuh…
a. Pangkur
b. Kinanthi
c. Gambuh
d. Pocung
e. Sinom
6. Pokok masalahe cerita utawa lelandhesane/dasar crita diarani…
a. Tema
b. Underan (tema crita)
c. Punjering crita
d. Setting
e. Alur crita
7. Ing ngisor iki sing ora kelebu nilai-nilai kan kamot ing novel yaiku…
a. Nilai hukum
b. Nilai sosial
c. Nilai etik
d. Nilai spirit
e. Nilai hedonik
8. Unen-unen utawa tetembungan kang ajeg penganggone, duwe teges entar, ngemu
surasa pepindhan, dene sing dipindhakake kahanane wong utawa barang yaiku…
a. Paribasan
b. Bebasan
c. Wangsalan
d. Parikan
e. Saloka
9. Novel iku tulisan fiksi kang ditulis kanthi…
a. Deskriptif
b. Naratif
c. Persuasif
d. Ekspositif
e. Argumentatif
10. Tetembungan utawa unen-unen kang nduweni pathokan utawa paugeran ajeg yaiku
a. Wangsalan
b. Saloka
c. Paribasan
d. Parikan
e. Bebasan
11. Ing ngisor iki bab kang digatekake nalika medharake sesorah, kejaba…
a. Naskah
b. Busana
c. Swara
d. Solah bawa lan patrap
e. Basa/wicara
12. Kang diarani wasana basa ing ngisor iki yaiku
a. Dene wosing gati panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan menika saperlu
mengerti dinten ingkang mingguan
b. Matur nurun
c. Ing wasana sugeng amriksani ngantos paripurnaning adicara wekdal punika, lan
mbok bilih anggen kula matur katah kalepatan kula tansah nuwun samodra
pangaksami
d. Wilujeng dalu sedayanipun
e. Pramila saking menika, kula saha panjenengan sadaya tansah ngaturaken raos
sukur ugi nyuwun kaliyan Gusti Allah SWT, supados bangsa kita menika dados
bangsa ingkang sae
13. Kang nganggit Serat Wedhatama yaiku…
a. Sri Sultan Hamengkubawana V
b. KGPAA Mangkunegara IV
c. KGPAA Mangkunegara V
d. Sri Susuhunan Pakubuwana IV
e. Sri Susuhunan Pakubuwana V
14. Salah sijine ancase pidato yaiku…
a. Wara-wara
b. Sayembara
c. Tanggap wacana
d. Kampanye
e. Atur-atur
15. Sesorah kang nampa rawuhe tamu kang ana ing acara apa bae kayata acara supitan,
tanggap warsa (ulang tahun), lan sapiturute kasebut…
a. Sabdatama
b. Pambagya
c. Pangarep-arep
d. Atur panglipur
e. Tanggap wacana
16. Ana ing sajeroning pasamuan utawa pahargyan biyasane dikantheni…
a. Tembang
b. Jathilan
c. Bedhaya
d. Sesorah
e. Syair
17. Sesorah kanthi cara medhar sabda kudu ngasta cathetan utawa tulisan luwih dhisik
banjur diapalake nganti ora ono tembung-tembung kang kecicir diarani sesorah kanti
cara…
a. Dadakan/importu
b. Apalan/memoriter
c. Ekspemporer
d. Naskah/teks
e. Medhar sabda
18. Tetembungan kang digunakake kanggo apa bae kang sipate umum tumprape micara
ing sangarepe wong akeh diarani?
a. Tanggap wacana
b. Atur pambagyaharja
c. Medhar sabda
d. Ular-ular
e. Khotbah
19. Ing ngisor iki kang kelebu tembang alit yaiku…
a. Macapat
b. Kusumastuti
c. Citramengeng
d. Mintajiwa
e. Pamularsih
20. Watak ing tembang pocung yaiku…
a. Grapyak lan sumanak
b. Luwes, kemes, lan ndadut ati
c. Galak, seneng, lan ngemu kenepson
d. Susah utawa sedih lan melas asih
e. Sakepenake lan kurang greget

B. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener


1. Sebutna piwulang ing Serat Wedhatama!
2. Apa kang diarani pupuh?
3. Jlentrehna pengertene amanat!
4. Sebutna apa bae kang mangaribawani dianggite novel saka unsur ekstrinsik!
5. Tulisna cengkorongan sesorah!

You might also like