You are on page 1of 1

Pratista palupiningtyas

22
12 Mipa 2
KD. 3.2 Teks deskripsi budaya wewaler

Kaserata budaya wewaler ingkang wonten ing Daerah piyambak-piyambak lan paringi kateranganipun.

Tuladha

-Aja lungguh nang tengah-tengah lawang, mundak dadi prawan tua.

Katerangan : sebenere wong kang lungguh nang tengah lawang niku ngel-ngeli wong kang arep liwat
lawang mau, mula wong tua aweh wewaler kon aja lungguh nang tengah lawang.

 Aja maem karo turonan ng kasur, mengko dadi ula


Katerangan: Sabenere maem neng kasur mbok gawe panganane pada tiba, mengko kasure dadi
kotor lan di grumuti semut
 Nek maem kudu entong, nk ora pitike mati
Katerangan : Sabenere nek maem ra enting iku ora apik, merga panganane dadi mubah
 Ora ilok lungguh ng nduwur bantal, mengko wudunen
Katerangan : Sabenere lungguh ng bantal iku ora sopan merga bantal anggone di nggo neng
sirah, udu kanggo di lungguhi
 Aja metu nek sandhikala, mengko si selong setan
Katerangan: Sabenere iku larangan supaya ora metu umah, amerga sandhukala waktune
ngibadah lan ngaso.
 Aja singsot wengi wengi mengko setane pada teka.
Katerangan : Sabenere singsot wengi wengi bisa ganggu tanggane sing lagi ngaso utawa turu,
merga wengi wengi iku wektune wong pada ngaso.
 Bocah wadon nek nyapu kudu resik, nek ora resik mbesuk bojone brewoken
Katerangan : Sabenere iku supaya nyapune resik, merga nek ora resik mengko kudu diresiki
maning dadi mindogawe lan nek ora resik ora kepenak di deleng.

You might also like