You are on page 1of 2

UPACARA ADAT JAWA

1. Temu Manten/Panggih
Panggih yaiku upacara kang dilakokake ing awal sadurunge resepsi utawa
pesta pernikahan uga dilakokake sadurunge lungguh nganti lungguh ing
panggon temanten. Tembung panggih tegese bertemu. Prosesi iki nemokake
manten lanang lan wadon dadi sepasang suami istri sawise sah mituru agama
lan negara.

Tata urutan Temu Manten:


a. Balangan gantal sirih (ditaleni benang putih). Manten lanang lan wadon
padha nguncalake gantal sirih kasebut. Simbol ketemune perasaan utawa
lempar hati. Miturut kepercayaan, sirih bisa dadi penangkal barang ala.
b. Ngidak tigan, simbol yen manten sakloron bisa duwe keturunan. Manten
lanang bakal ngidak tigan, banjur manten wadon basuh sikil manten
lanang nganggo banyu kembang simbol wujud bakti lan sayang.
c. Sinduran, yaiku Ibu temanten putri nutup temanten sakloro nganggo kain
warna abang lan putih, banjur Bapak temanten putri nuntuk saka ngarep
tumuju kursi pelaminan. Maknane wong tua nuntun temanten supaya
nglakoni urip bebrayan kanthi becik.
d. Bobot timbang, yaiku temanten lungguh dipangku Bapak saka temanten
putri. Simbol temanten sakloro padha lan ora ana bedha kanggo wong tua.
e. Kacar kucur, dilakoni dening temanten lanang kang ngucurake dhuwit
koin, beras kuning, lan palawija marang temanten wadon. Simbol
temanten lanang dadi penanggung jawab tumrap keluwargane.
f. Dulang-dulangan, manten loro dulangan sega kuning lan lauk, simbol
temanten bakal tulung tinulung nganti kaki nini.
g. Sungkeman, temanten loro sungkem ing wong tua loro. Simbol
penghormatan sadurunge nglakoni bebrayan.

2. Tingkeban
Tingkeban yaiku salah sawijining upacara adat Jawa kanggo mengeti jabang
bayi 7 wulan sajroning kandhutan ibu. Miturut para sesepuh, tembung mitoni
asale saka tembung pitu kang tegese pitulungan, pitutur, lan pituduh tumuju
keluhuran. Jabang bayi nalika umur 7 wulan ing jero kandhutan wis duweni
wewujudan minangka manungsa kanthi sampurna.

Tata cara urutan Tingkeban:


a. Siraman, maknane kanggo ngresiki lan nyuceni ibu lan calon bayi kanthi
lahir bathin.
b. Nglebokake ndog pitik Jawa, maknane simbol pengarepan kelahiran calon
bayi lancar ora ana halangan.
c. Brojolan, maknane klapa gading enom sing sadurunge diwenehi gambar
Dewi Kamaratih (simbol bayi wadon) lan Kamajaya (simbol bayi lanang).
d. Mecah klapa gading, sawise brojolan klapa banjur diparingake marang
calon Bapak kanthi diwalik (gambar wayang didhelikake). Menawa calon
bapak milih klapa gambar Kamajaya, mula diyakini bayi kang bakal lahir
yaiku bayi lanang. Uga sewalike.
e. Medhot lawe, simbol pangarep supaya bayi sing dikandhut bisa lahir
kanthi lancar, uga medhot kabeh bencana sing ngalahi kelahiran bayi.
f. Salin rasukan, simbol pengarepan rasukan sing digawe dipilih kang apik-
apik supaya calon bayi duweni sifat keapikan.
g. Nyolong endog, nglambangake supaya kelahiran anak cepet lan lancar
kaya maling sing nggawa barang colongane.
h. Mecahake gayung, simbol supaya ibu bisa ngandhut maneh lan supaya
kelahiran lancar.
i. Kendhuren, simbol ucapan syukur marang Gusti Alloh lan kanggo
suguhan uga ucapan suwun marang tamu.

3. Tedhak Siti/Pitonan
Tedhak siti yaiku salah sawijining upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7
lapan (8 wulan). Tedhak siti iku asale saka tembung tedhak kang ateges
mudhun, lan tembung siti kang ateges bumi. Upacara iki kanggo perlambang
yen bocah siap nglakoni urip lewat tuntunan wong tua.

Tata cara urutan Tedhak Siti:


a. Jabang bayi ditetah kanggo ngidhak jadah 7 warna (saka warna peteng
tinuju warna terang), kanggo simbol supaya besuk bida mrantasi werna-
werna pepalang urip.
b. Bayi diunggahake supaya menek tangga saka tebu kan wis dirias. Tebu
dadi simbol mantebe kalbu, tegese besuk bisa nggayuh cita-cita kanthi
manteb.
c. Bayi dilebokae kurungan pitik kang wis diisi bokor. Kurungan pitik dadi
simbol supaya bocah bisa srawung sajroning masyarakat kanthi becik lan
ngugemi sakabehe aturan lan tata cara bebrayan. Dene bokor diisi alat
tulis, beras lan dhuwit koin, uga sisir. Bocah bakal milih salah 1 bokor lan
diyakini bakal dadi dalan uripe. Tuladha, yen bocah milih bokor isi beras
lan koin mula diyakini besuk yen gedhe pinter golek rejeki.
d. Nyebar beras lan dhuwit koin, simbol syukur supaya besuk bocah bisa
dadi dermawan.
e. Bocah diadusi banyu kembang, simbol supaya bocah nggawa ganda
wangi tumrap keluwargane.

You might also like