You are on page 1of 2

Wayang wong

tradisional jawi, mliginipun jawi tengah. criyos ingkang dipundhasaraken ing criyos mahabharata lan
ramayana ingkang ngandhut pesen-pesen moral. kejawi bentuk tetingalan teater tradisional, wayang
wong ugi dipunisi kalih sendratari

kesenian puniki sampun wonten ing jaman mataram kuna. sasampunipun puniku dipunlestantunaken
kerajaan-kerajaan enggal ingkang wonten ing jawi timur, kelebet majapahit. sasampunipun lami
kesupekaken, wayang wong di uri uri malih wonten keraton surakarta lan yogyakarta. wonten
yogyakarta wayang wong dipunkembangaken sultan hamengkubuwono I ing 1750-an dados seni
adiluhung lan pirantos politik kangge nggayuh legitimasi dados panguwaos ingkang sah saking mataram
lan penerus tradisi kabudayan majapahit. Wayang wong wiwit disebaraken medal tembok keraton ing
era sultan hamengkubuwono VII. wonten surakarta, wayang wong dipunkembangaken mangkunegara I
sekira 1760. Wayang wong mangkunegaran ngalami perkembangan pesat ing masanipun mangkunegara
V, amargi wontenipun pembaharuan saking iringaning penari, dandos busana, lakon, lan fungsi
segahan / sajian

Ingkang berabad-abad, budaya wayang wong berkembang dados kathah jenisipun. kathah-kathah
jenisipun wayang wong puniku tetep ngagem mahabarata lan ramayana dados induk criyosipun.
tetingalan wayang wong mboten copot saking pinten-pinten elemen wonten antawisipun kados gerak
tari / beksa, kostum penari, irama gangsa / gamelan , sekar , pagineman ngantos paesan ingkang
sedayanipun nyatu dados sa tetingalan seni ingkang nengsemake. Kangge saged dados setunggaling
tiyang penari wayang wong sanes namung saged nari nanging ugi kedah saged nyekar lan tamtunipun
lebeting basa jawi. Lebet nari ugi mboten sembarang nari numuti irama, kejawi nari wonten pagineman
ingkang kadhang lebeting bentuk sekar, nembang utawi nyekar wonten 2 jinis inggih punika ingkang
setenggal nyekar tanpa iringan musik ingkang dipunsebat kalih bhowo utawi saged dipunsebat ugi sworo
lola ingkang artosipun suwanten piyambak, salajengipun greget saut, ingkang gadhah artos kawontenan
wonten emosi ingkang kantenan. Wonten jaman sapunika penerangan ingkang dipunagem rupinipun
dilah listrik saha ngagem pirantos pengeras suwanten (sound system). sadayaning pirantos gadhah
fungsi kagem ngrencangi tetingalan, nggih kagem nerangi utawi ngatur suwanten lebeting tetingalan
tari.

Wayang wong inggih punika setunggaling tetingalan ingkang kebak kalih pinten-pinten filosofi gesang /
kehidupan. Lebeting tetingalanipun , tata krama, etika, sopan santun sedayanipun wonten lebet wayang
wong. tuladhanipun, gatot kaca ingkang gagah lan sakti, sifat puniki dipungambaraken lebet gerakan
tarinipun. Pemeran gatot kaca inggih punika piyambakipun ingkang nggadhahi angkatan suku ingkang
inggil, mripat ingkang mawas lan tangan ingkang tansah terlentang, saben gerakan nedahi kegagahan,
nanging wanci gatot kaca kepanggih lan wicanten kalih arjuna, pamanipun gatot kaca mboten angsal
nginggahaken sukunipun inggil inggil amargi mboten sopan, punika kekandhut nilai moral.

Wayang wong dados salah setunggalipun seni adiluhung kabudayan jawi, ingkang nggadhahi peran
wigatos lebet dados setunggaling “identitas jawa”. wontenipun kalih gagrak / gaya lebet garap seni
tetingalan wayang wong nedahi kepripun estu sugihipun kabudayan masyarakat jawi. kejawi dados
setunggaling tontongan utawi hiburan, wayang wong ugi dados seni tetingalan kagem nyukani nilai-nilai
lebeting bentuk ingkang simbolis lan konotatif saha estetis.

You might also like