You are on page 1of 2

Nama : Fathimah Azzahra

No : 14

Kelas : XI MIPA 9

Asal Usul Desa Sluke


Desa Sluke punika dipunpendhet saking julukan asma tiyang estri ingkang kemanggen ing dusun
punika. Tiyang estri punika asmanipun Putri Sarijati. Putri Sarijati rawuh ing dusun punika
kaliyan para pengikut-pengikutipun kangge nyebaraken agami Islam. Nalika Putri Sarijati
kaliyan para pengikutipun ngantos dumugi desa punika, sampun manjing wekdal salat. Putri
Sarijati kaliyan para pengikutipun badhe nglampahaki wekdal salat. Nanging piyambakipun
boten kepanggih toyo wonten mrika. Lajeng Putri Sarijati punika nancepaken pedhangipun
wonten lemah. Selajengipun toyo medal kanthi lancar ugi sakmenika dipunparingi asma Sumur
Gedhe. Selajengipun, Putri Sarijati kaliyan para pengikutipun diwiwiti wudlu ugi langsung
nglampahi salat wonten masjid ingkang sakmenika dipunparingi asma Masjid Elor / Masjid
Tiban.
Salajengipun, Putri Sarijati mangertosi para penduduk ingkang manggen ing desa punika,
piyambakipun nyuwun izin kaliyan warga desa punika kangge mbangun setunggalipun griya
kangge manggen piyambakipun kaliyan pengikutipun. Ing desa punika, Putri Sarijati pikantuk
julukan, inggih punika Putri Suluk, ingkang dados dasar nami desa punika. Julukan punika
dipunsebabaken amargi kebiasaan Putri Sarijati ingkang remen ngresuluk. Ngresuluk punika asal
saking basa jawi ingkang artosipun setunggalipun kegiatan ingkang dipunsebut munajat dhateng
Allah SWT.
Saksampunipun dangu nglampahi pagesangan lan nyebaraken agama di desa punika,
selajengipun dumugi para anggota saking Kerajaan Majapahit kangge nyebaraken agami Hindu.
Kedadosan punika boten dipunremeni kaliyan Putri Sarijati, mila piyambakipun gadhah maksud
ngasuraken musuhipun. Nanging boten disadari, salah setunggalipun putra saking Raja Kerajaan
Majapahit punika tresna dhateng Putri Sarijati, amargi remen kaliyan kesaenanipun Putri Sarijati.
Pangeran punika gadhah maksud melamar piyambakipun. Putri Sarijati nolak, amargi alasanipun
benten agami.
Pangeran punika malah duka ugi ngawontenaken perang kaliyan kerajaan ingkang dipunpimpin
Putri Sarijati. Kangge jawab tantangan perang punika, dipunwontenaken tradhisi nabuh gong
ingkang dipunlampahi dhateng kakak Putri Sarijati ingkang dados panglima perang punika.
Saumpami gong gadhahipun kerajaan Putri Sarijati ditabuh medalaken swanten, mila peperangan
punika dipuntampi, amargi piyambakipun badhe menang.
Nanging, saumpami gong punika bonten nyuwanten, mila boten ditampi, amargi piyambakipun
badhe kalah. Salajengipun gong punika ditabuh, lajeng boten medalaken swanten. Kakak Putri
Sarijati ugi merintah Putri Sarijati kangge nolak perang punika. Sang Putri boten kersa.
Piyambakipun semangat kanggetetep nglampahi peperangan. Kaliyan nyamar dados tiyang jaler
supados boten dipunngertosi identitas piyambakipun, Putri Sarijati ugi mimpin peperangan
punika.
Let wekdal, salajengipun, kados dugaan awal kakakipun, Putri Sarijati kawon dhateng perang
punika. Piyambakipun kasil dipunpejahi kaliyan Pangeran Majapahit ugi nunjepaken pedhang
wonten padharanipun Putri Sarijati. Sakderingipun piyambakipun seda, Putri Sarijati sempet
mlajeng. Getih saking padharan Putri Sarijati netes wonten ing margi. Tetesanipun getih
medalaken ganda wangi, sehingga dhaerah punika dipunparingi asma Mbarwangen. Putri Sarijati
lajeng mlajeng. Ngantos pungkasanipun, piyambakipun boten kiyat malih ugi seda wonten
sebelah lepen.
Hal punika nyebabaken rikma palsu ingkang dipunginaaken Putri Sarijati kangge nyamar coplok.
Pangeran ingkang saking wau ndhereaken, akhiripun priksa dhateng tiyang ingkang dipunpejahi
inggih punika tiyang ingkang dipuntresnani. Pangeran punika langsung ngambungi Putri Sarijati
wonten sebelah lepen. Mila punika lepen dipunparingi asma Kali Sengok.
Dhudutan cerita, desa ingkang dados panggenan Putri Sarijati, ingkang saat punika dipunparingi
asma Desa Sluke, amargi dipunpendhet saking julukan Putri Sarijati inggih punika Putri Suluk.

You might also like