You are on page 1of 3

Tembang Pocung

 Pada 1
Ngelmu iku, kalakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budaya pangekese dur angkara

Tegese :
Ngelmu iku, bisa dilakoni kanthi cara ngayati ing saben tumindak
diwiwiti kanthi tenanan
tegese tenanan bisa gawe santosa
budi setya bisa nyingkiri kabeh angkara

Gancaran :
Ngelmu iku, bisa dilakoni kanthi cara ngayati ing saben tumindak kang diwiwiti kanthi
tenanan. Tegese tenanan bisa gawe santosa ing sasama. Budi setya bisa nyingkiri kabeh
tumindak angkara.

Isine :
Isi saka tembang kasebut yaiku: manungsa urip ing donya kudu golek ngelmu. Ngelmu
kuwi bisa kagayuh yen dilakoni kanthi tenanan. Kanthi ngelmu uripe manungsa kuwi
bisa santosa lan bisa nyingkiri angkara murka.

Tuladha :
 Sena nalika sekolah golek ilmu kathi tenanan, sinau kathi tenanan. Yen dituturi
bapak ibu gurune dimirengke lan dilakoni kanthi tenanan. Nalika wis diwasa Sena
bisa nerapake ilmu lan pituture nalika isih enom biyen. Kanthi mangkono uripe
Sena bisa santosa/sejahtera lan Sena bisa nyingkiri tumindak ala.
 Pada 2
Angkara gung, neng angga anggung gumulung
Gegolonganira
Triloka lekeri kongsi
Yen den umbar ambabar dadi rubeda

Tegese :
Hawa nafsu ( angkara ) kang gedhe ana ing awake dhewe
kuat ngempel
tekan nganti telung zaman
menawa diumbarke nyebar dadi alangan

Gancaran :
Nalika ana nafsu angkara ing awake dhewe, kang wus ngempel nganti ing telung zaman.
Menawa diumbarake ora ditutupi bakal nyebar dadi alangan kang bisa nggawe cilakane
manungsa.

Isine :
Wong kang srakah iku awatak ajeg kurang lan nggunakake cara apa wae kanggo nutupi
kabeh prakara. Pikiran, pangrasa lan pangarep bisa katutup kanthi kasrakahane. Menawa bab
kuwi diterus terusake bisa dadi prakara kang gedhe.

Tuladha :
 Rani dadi anak kang ora srakah lan bisa ngendalekake hawa nafsu kang ana ing
awake, supaya ora dadi ngempal ing ati lan katerusan nganti ing zaman ngarep,
amarga yen diumbarke lan diterus teruske bisa dadi alangan / prakara kang isa gawe
rugi awake dewe lan wong liya.
 Pada 3
Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun
Semune ngaksama
Sasamane bangsa sisip
Sarwa sareh saking mardi martatama

Tegese :
Beda karo wong kang wis seneng lan njiwai
Watak lan tingkahe ngapurani
Kanggo wong liya
Tansah sabar lan nyoba ngademke suwasana

Gancaran :
Beda karo wong kang seneng lan njiwai, anduweni watak seneng ngapura marang wong
liya. Tansah suweni sifat sabar lan ajek ngademke/nyejukke suwasana.

Isine :
Beda karo wong sing wis duweni pengalaman ing laku, pawongan kang mangkono iku
paham lan nenimbang bab kang becik, lan nggatekake apa wae, sabar lan njaga supayaora
uwal saka kautaman.

Tuladha :
 Andi seneng ngapura marang wong liya, lan sabar ngadepi prakara lan seneng
ngademke suwasana. Amarga awake dhewe ngerti yen tumindak kuwi perkara kang
becik.

You might also like