You are on page 1of 8

KARATON KASULTANAN NGAYOGYAKARTA HADININGRAT & PURA PAKUALAMAN

A. Karaton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat

Karaton Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat

Ingkang Jumeneng Nata ing Kasultanan Yang berdiri sebagai raja di


Ngayogyakarta Hadiningrat Ajejuluk: Kasultanan Ngayogyakarta
Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem Ingkang Hadiningrat diberi nama:
Sinuwun Sri Sultan Hamengku Bhuwana Ngarsa Dalem Sampeyan Dalem
Senapati ing Alaga Ngabdurrahman Sayidin Ingkang Sinuwun Sri Sultan
Panatagama Kalifatullah. Hamengku Bhuwana Senapati ing
Alaga Ngabdurrahman Sayidin
Panatagama Kalifatullah.
Sasampunipun wonten Sabda Raja Setelah ada surat keputusan
jejuluk tumraping Sultan Ngayogyakarta sebagai Raja, maka nama yang
dados: diberikan untuk Sultan
Ngarsa Dalem Sampéyan Dalem Ingkang Ngayogyakarta menjadi:
Sinuhun Sri Sultan Hamengku Bawana Ngarsa Dalem Sampéyan Dalem
Ingkang Jumeneng Kasepuluh Surya ning Ingkang Sinuhun Sri Sultan
Mataram, Sénapati ing Alaga, Langgenging Hamengku Bawana Ingkang
Bawana Langgeng Jumeneng Kasepuluh Surya ning
Mataram, Sénapati ing Alaga,
Langgenging Bawana Langgeng

 Kalenggahan, Pangkat sarta Kekancingan Trah Dalem Tuwin Abdi Dalem


(Kedudukan, Pangkat dan Putusan untuk sebutan Keluarga Raja dan Abdi
Raja)
1. Ingkang Jumeneng Nata ing Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat Ajejuluk
Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Sri Sultan Hamengku Bhuwana Senapati ing
Alaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah.
2. Sasampunipun wonten Sabda Raja, 30 April 2015 jejuluk ingkang jumeneng nata
ing Kasultanan Ngayogyakarta kagantos dados :
Ngarsa Dalem Sampéyan Dalem Ingkang Sinuhun Sri Sultan Hamengku Bawana
Ingkang Jumeneng Kasepuluh Surya ning Mataram, Sénapati ing Alaga,
Langgenging Bawana Langgeng
3. G.K.R. (Gusti Kanjeng Ratu), Kekancingan Asma tumraping Garwadalem Padmi
(Praméswari). Wondéné asma ingkang asring kaparingaken dhumateng Garwa
Dalem Prameswari antawisipun :
a. G.K.R Kencana
b. G.K.R Hemas
c. G.K.R Hageng
d. G.K.R Kedhaton
e. G.K.R Kencana Wulan
f. G.K.R Sultan
g. G.K.R Wandhan
4. K.B.R.Ay (Kanjeng Bendara Radèn Ayu), tumraping Garwadalem Ampéyan /
Selir ingkang saking trah ningrat.
5. K.B.M.A (Kanjeng Bendara Mas Ayu), tumraping Garwadalem Ampéyan / Selir
ingkang saking kawula.
Wondéné asma kekancingan ingkang asring kaparingaken dhumateng
Garwadalem Ampéyan / Selir, antawisipun :
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Tilarsa
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Hadinindiah
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Pintakapurnama
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Herowati
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Windyaningrum
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Surtikanthi
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Hastungkara
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Mangkarawati
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Ciptamurti
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Puspitatalangen
 K.B.R.Ay / K.B.M.Ay Norma Nindya Kirana
6. G.B.P.A.A. (Gusti Bendara Pangéran Adipati Anom), kekancingan asma tumrap
pangéran pati / putra ratu ingkang ginadhang ing samangkénipun badhé
gumantos nata.
7. G.R.M (Gusti Radèn Mas), kekancingan asma tumrap putra dalem kakung
ingkang mijil saking garwadalem prameswari nanging boten kawisudha pangéran
pati. (nalika tarunanipun).
8. G.B.P.H. (Gusti Bendara Pangéran Harya), kekancingan asma tumrap putra
dalem kakung ingkang mijil saking garwa dalem prameswari nanging boten
kawisudha pangéran pati (nalika diwasanipun).
9. B.R.M (Bendara Radèn Mas), kekancingan asma tumrap putra kakung ingkang
mijil saking garwa selir. (nalika tarunanipun).
10. B.P.H. (Bendara Pangéran Harya), kekancingan asma tumrap putra kakung
ingkang mijil saking garwa selir. (nalika diwasanipun).
11. R.M. (Radèn Mas), kekancingan asma tumrap wayah dalem.
12. G.R.A (Gusti Radèn Ajeng), kekancingan asma tumrap putri dalem ingkang mijil
saking garwa permaisuri nanging dèrèng pala krama.
13. G.R.Ay. (Gusti Radèn Ayu), kekancingan asma tumrap putri dalem ingkang mijil
saking garwa permaisuri nanging sampun pala krama.
14. G.K.R (Gusti Kanjeng Ratu), kekancingan asma tumrap putri dalem pambayun
ingkang mijil saking garwa pramèswari, lan sampun ndungkap diwasa.
15. B.R.A (Bendara Radèn Ajeng), kekancingan asma tumrap putri dalem ingkang
mijil saking garwa selir, nanging dèrèng palakrama.
16. B.R.Ay (Bendara Radèn Ayu), kekancingan asma tumrap putri dalem ingkang
mijil saking garwa selir, nanging sampun palakrama.
17. R.A (Radèn Ajeng), kekancingan asma tumrap wayah dalem ingkang mijil saking
garwa selir, nanging dèrèng palakrama.
18. R.Ay (Radèn Ayu), kekancingan asma tumrap wayah dalem ingkang mijil saking
garwa selir, nanging sampun palakrama.

 NAMANING BREGADA PRAJURIT DALEM


(Nama-nama Prajurit Keraton)

1. WIRABRAJA / LOMBOK ABANG

a. Jejibahanipun minangka cucuking ngajurit salebeting perang. (Tugasnya


sebagai pemimpin saat perang)
b. Prajurit Wirabraja ngginakaken busana sikepan, lonthong (sabuk) satin lan
clana panji warni sedaya abrit. Sepatu pantopel cemeng, kaos kaki pethak,
songkok kudhup turi.
c. Klèbèt/ Gendéra / bregada prajurit Wirabraja winastan Gula Klapa,
d. Dwajanipun (senjata) anama Kanjeng Kyai Santri lan Kanjeng Kyai Slamet.
e. Tetabuhanipun gendhing Dayungan lan Ratadedali.
f. Papan dunungipun prajurit punika winastan Wirabrajan.

2. DAÈNG

a. Prajurit punika asalipun saking Makasar, prajurit Dhaèng ngginakaken


busana lan clana warni pethak, kanthi garis abrit ing perangan jajanipun,
ngginakaken songkok mancungan awarni cemeng, kanthi rerenggan wulu
ayam awarni abrit pethak.
b. Klèbèt / Gendéra bregada prajurit Dhaèng winastan Bahningsari.
c. Dwajanipun anama Kanjeng Kyai Jatimulya (Doyok).
d. Tetabuhanipun gendhing Ondhal – Andhil lan Kenaba.
e. Papan dunungipun prajurit punika winastan Dhaèngan.

3. PATANGPULUH

a. Prajurit Patangpuluh ngginakaken busana sikepan lurik khas Patangpuluh,


clana cendhak abrit lan clana panjang abrit, sepatu lars cemeng, songkok
awarni abrit lan cemeng.
b. Klèbèt / Gendéra bregada Patangpuluh winastan Cakragora.
c. Dwajanipun anama Kanjeng Kyai Trisula.
d. Tetabuhanipun Gendhing Mars Bulu – Bulu lan Gendéra.
e. Papan dunungipun prajurit punika winastan Patangpuluhan.

4. JAGAKARYA

a. Prajurit Jagakarya ngginakaken busana sikepan lurik khas jagakarya, kanthi


kutang (rompi) jené emas, sepatu pantopel cemeng, kaos kaki biru sepuh,
songkok cemeng.
b. Klèbèt / Gendéra bregada Jagakarya winastan.
c. Dwajanipun anama Kanjeng Kyai Trisula.
d. Tetabuhanipun Gendhing Mars Bulu – Bulu lan Gendéra.
e. Papan dunungipun prajurit punika winastan Jagakaryan.
5. PRAWIRATAMA

a. Prajurit Prawiratama ngginakaken busana sikepan cemeng, clana cendhak


abrit lan clana panjang abrit, sepatu lars cemeng, songkok awujud kerang
awarni cemeng.
b. Klèbèt / Gendéra bregada Prawiratama winastan Geniroga / Banthèng
Ketaton.
c. Dwajanipun anama Kanjeng Kyai Trisula.
d. Tetabuhanipun Gendhing Mars Pandeburg lan Balang.
e. Papan dunungipun prajurit punika winastan Prawirataman.

6. NYUTRA

a. Prajurit Nyutra 1 ngginakaken busana kutang (rompi) abrit, clana panji


cemeng, kampuh biru sepuh, kuluk cemeng lan udheng cemeng.
b. Prajurit Nyutra 2 ngginakaken busana kutang (rompi) cemeng, clana panji
abrit, kampuh biru sepuh, kuluk abrit lan udheng abrit.
c. Klèbèt / Gendéra bregada Nyutra 1 winastan Padma Sri Kresna.
d. Klèbèt / Gendéra bregada Nyutra 2 winastan Podhang Ngisep Sari.
e. Dwajanipun anama Kanjeng Kyai Trisula.
f. Tetabuhanipun Gendhing Surèngprang lan Tamtama Balik.
g. Papan dunungipun prajurit punika winastan Nyutran.
7. KETANGGUNGAN

a. Prajurit Ketanggung ngginakaken busana sikepan khas Ketanggung, clana


cemeng pethak, sepatu lars cemeng, songkok mancungan awarni cemeng.
b. Klèbèt / Gendéra bregada Ketanggung winastan Cakraswandana.
c. Dwajanipun anama Kanjeng Kyai Nenggala.
d. Tetabuhanipun Gendhing Bergola Milir / Lintrik Emas lan Harjuna Mangsah /
Bima Kurda.
e. Papan dunungipun prajurit punika winastan Ketanggungan.

8. MANTRIJERON

a. Prajurit Mantrijeron ngginakaken busana sikepan lurik khas Mantrijero, clana


panji lurik, sepatu pantopel cemeng, kaos kaki pethak, songkok awujud
mancungan cemeng.
b. Klèbèt / Gendéra bregada Mantrijero winastan Purnamasidhi.
c. Papan dunungipun prajurit punika winastan Mantrijeron

9. BUGIS

a. Prajurit Bugis asalipun saking Makasar.


b. Prajurit Bugis ngginakaken busana kurung cemeng, clana panjang cemeng,
sepatu pantopel cemeng, songkok awarni cemeng.
c. Klèbèt / Gendéra bregada Bugis winastan Wulandadari
d. Dwajanipun anama Kanjeng Kyai Trisula.
e. Papan dunungipun prajurit punika winastan Bugisan.
10. SURAKARSA

a. Prajurit Surakarsa ngginakaken busana sikepan pethak lan clana panjang


pethak, kain sapit urang, songkok cemeng lan terompah.
b. Klèbèt / Gendéra bregada Surakarsa winastan Paréanom.
c. Papan dunungipun prajurit punika winastan Surakarsan.

B. PURA PAKUALAMAN

Pura Pakualaman

Ingkang Jumeneng Nata ing Pura Mangkunegaran Ajejuluk


Kanjeng Gusti Pangéran Adipati Arya Paku Alam.

 PANGKAT KALENGGAHAN LAN KEKANCINGAN SENTANADALEM :


1. K.B.R.Ay (Kanjeng Bendara Radèn Ayu), kekancingan asma tumrap Garwa
dalem Prameswari Sri Paduka Paku Alam.
2. B.R.A (Bendara Radèn Ayu), kekancingan asma tumrap Garwa dalem Selir Sri
Paduka Paku Alam.
3. B.P.H.S (Bendara Pangéran Harya Suryadilaga), kekancingan asma tumrap
Putra dalem ingkang mijil saking Prameswari Sri Paduka Paku Alam, ingkang
calon anggentosi lenggah dampar keprabon.
4. G.B.R.M (Gusti Bendara Radèn Mas), kekancingan asma tumrap Putra dalem
ingkang mijil saking Prameswari Sri Paduka Paku Alam, nalika timuripun.
5. K.P.H (Kanjeng Pangéran Harya), kekancingan asma tumrap Putra dalem
ingkang mijil saking Prameswari Sri Paduka Paku Alam, nalika diwasanipun.
6. R.M (Radèn Mas), kekancingan asma tumrap Putra dalem ingkang mijil saking
Selir Sri Paduka Paku Alam, nalika timuripun.
7. B.R.H (Bendara Radèn Harya), kekancingan asma tumrap Putra dalem ingkang
mijil saking Selir Sri Paduka Paku Alam, nalika diwasanipun.
8. G.B.R.A (Gusti Bendara Radèn Ajeng), kekancingan asma tumrap Putri dalem
ingkang mijil saking Prameswari Sri Paduka Paku Alam, nalika timuripun.
9. G.B.R.Ay (Gusti Bendara Radèn Ayu), kekancingan asma tumrap Putridalem
ingkang mijil saking Prameswari Sri Paduka Paku Alam, nalika diwasanipun.
10. B.R.A (Bendara Radèn Ajeng), kekancingan asma tumrap Putri dalem ingkang
mijil saking Selir Sri Paduka Paku Alam, dèrèng palakrama.
11. B.R.Ay (Bendara Radèn Ajeng), kekancingan asma tumrap Putri dalem ingkang
mijil saking Selir Sri Paduka Paku Alam, sampun palakrama.

 PRAJURIT PAKU ALAM


Prajurit Pura Paku Alaman gunggungipun boten kathah kadosdéné prajurit
saking Karaton Ngayogyakarta, awit rikala semanten wonten prajanjèn antawisipun
Inggris, ingkang ngandharaken Pura Paku Alam boten kepareng kagungan prajurit,
ing sapunika prajurit Pura Paku Alam ingkang asring miyos namung arupi kalih
inggih punika :

Prajurit Lombok Abang Prajurit Plangkir

You might also like