XI Bahasa KISi 21

You might also like

You are on page 1of 2

KISI PTS JAWA XI

Kanggo njawab soal no : 1-3

Kasusu arsa weruh


Cahyaning Hyang kinira yen karuh
Ngarep-arep urup arsa den kurebi
Tan wruh kang mangkono iku
Akale keliru enggon
1. Tembang iki ana ing pada...
2. Surasane tembang kasebut yaiku...
3. Tegese tembung “arsa” yaiku...
4. Prelune para siswa sinau Tembang Macapat, ...
5. Samengko ingsun tutur. Tutugane tembang iki yaiku...
6. Tembung kang isih wutuh kang durung antuk imbuhan apa-apa utawa tembung kang isih wantah
diarani tembung...
7. Tembung kang wis owah saka asale, kadadeyan saka tembung lingga kang antuk imbuhan/
tembung lingga kang uwis dirimbag, diarani...
8. Tembung kang kadadeyan saka tembung kang dirangkep, ana kang karangkep wutuh ana kang
owah swarane, diarani...
9. Tembung pirang-pirang kang nduweni teges siji utawa padha diarani...
10. Sawijining prosa lawas sing urip ing masyarakat lan anggone nyebarake turun-temurun kanthi basa
lisan yaiku...
11. Titikane crita rakyat yaiku...
12. Dasanama tembung gajah yaiku...
13. Rerangkening/ Cengkorongan prastawa/ kedadeyan ing crita diarani...
14. Ide pokok utawa prakara utama kang ndhasari lakuning crita diarani...
15. Latar/ kabeh katrangan ngenani papan panggonan, hubungan wektu lan swasana, sing mbiyantu
cethaning laku crita diarani….
16. Perangan kang nggambarake karakter kanggo paraga/pelaku diarani...
17. Crita rakyat iku perangan karya sastra lisan kang nduweni karakter ora kaweruhan sapa sing
nganggit, diarani....
18. Dene crita mau dadi duweke masarakat bebarengan diarani...
19. Crita kang surasane kedadeyan ing daratan, segara utawa langit, paragane ,manungsa
sekti,dewa, kewan kang nduweni kasekten , , bisa urip ing segara diarani...
20. Crita kang dumadi dikantheni ana petilasane arupa watu,wit, gunung, kali diarani....

21. Crita kang dianggep ngayawara, ora bisa dipercaya diarani...

Wacan kanggo soal nomer 22 -28.


Ing jaman biyen ana Krajan gedhe sing jenenge Krajan Prambanan. Krajan kang
endah, ayem, tentrem, subur , makmur gemah ripah loh jinawi, kapimpin dening Prabu
Baka. Nanging sakwijining dina ing wayah esuk, Krajan Prambanan diserang karo Krajan
Pengging, kang kapimpin Bandung Bandawasa. Prabu Baka mati lan prajurite kalah .
Nalika Bandung Bandowoso ngubengi krajan Prambanan, deweke ngerti ana putri
sing ayu banget. Putri iku jenenge Rara Jonggrang, putrine Prabu Baka.Bandung
Bandowoso banjur nglamar Rara Jonggrang . Rara Jonggrang ora gelem dipek bojo
Bandung Bandawasa sing wis mateni Bapake nanging ora wani mbantah. Mula deweke
kanthi sabar nyaguhi kanthi syarat.
"Rara Jonggrang, apa awakmu gelem dadi permaisuriku?" kandhane Bandung Bandowoso.
"Aku gelem dadi permaisurimu, tapi ana syarate, gawekna aku 1000 candi kanthi wektu
sakwengi!" semaure Rara Jonggrang.
            Wengi iku, Bandung Bandowoso ngumpulne anak buahe yaiku jin lan setan. Sawise
ngrungokne perintahe Bandung Bandowoso, jin lan setan nggarap sing dadi karepe
Bandung Bandowoso. Sewengi muput, Rara Jonggrang ora turu, malah tansah ndedonga
supaya tandange Bandung Bandowoso lan wadyabalane ora kasil. Kanthi akal pintere Rara
Jonggrang banjur ngumpulne dayang-dayange lan ngongkon mbakar damen/jerami, nuthuk
lesung lan nyebar kembang sing wangi. Krungu lesung pitik jago banjur padha kluruk. Jin
lan setan mau wedi dikira wis esuk. Jin lan setan langsung bali lunga. Kamangka candine
lagi dadi 999, kurang 1.
            Bandung Bandowoso mangkel karo Rara Jonggrang amarga wis ngapusi deweke.
Banjur Bandung Bandowoso ngesabda/ nyedakne Rara Jonggrang dadi patung kanggo
ngganepi 1000 candi.
22. Pethilan crita paragraf 1 ing dhuwur minangka unsur instrinsik cerkak perangan/ bagian ...

23. Alur pethilan crita rakyat ing nduwur yaiku...

24. Pratelan kang jumbuh karo pethilan crita ing dhuwur yaiku....

25. Ngisor iki kang dudu sipat,e Rara Jonggrang yaiku....

26. Latar panggonan saka crita ing dhuwur yaiku....

27. Irah-irahan kanggo crita ing dhuwur yaiku....

28. Rara Jonggrang dadi patung amarga....

29. Sipate crita rakyat kuwi fiktif, tegese....

30. Ing crita rakyat ngandhut kearifan, pituduh supaya ngunggulake kabudayan kanggo bangsa lan
negara. Samubarang kang isine pitutur luhur minangka unsur instrinsik cerkak perangan....
31. Ing ngisor iki legenda kang asale saka Jawa Tengah yaiku....

32. Kang kalebu Crita Rakyat jenise dongeng yaiku.....

33. Kang kalebu Crita Rakyat jenise legenda yaiku.....

34. Kang kalebu Crita Rakyat jenise mitos/mite yaiku.....


35. Serat Wedhatama kaanggit dening...
36. Tegese tembung “tama” ing Serat Wedhatama yaiku...
37. Cacahe pupuh ing Serat Wedhatama yaiku..
38. Cacahe pada/ bait ing Serat Wedhatama yaiku...
39. Pupuh kang ora kaserat ing Serat Wedhatama yaiku...
40. Pawongan kang kagambarake saka tembang gambuh yaiku...

41. Soal nomer 41-50 aksara Jawa .


?kiaj/[fwnTr.
?kiaj/[fwnTrmi[yosHi=z[yogJk/t,;2;[mI;1889;[sfai=z[yogJk/t,;26;ap]il\;1959;,knQiyusW;69;taunÑ|
wiswijini=pe[lo[po/penQidikKnK=[gokaumP]ibumiI[nQo[nsiyhjmnPvJjhanWlniF.
?mi[yosKnQinmr[fnMsSuw/fisu/yni=rt\,kiaj/[fwnTrzfegGkenPe/ guruwnTmnSisW.

You might also like