You are on page 1of 6

PEMERINTAH KABUPATEN PEKALONGAN

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN


SD NEGERI 01 KLUNJUKAN
Alamat : Desa Klunjukan Kecamatan Sragi – Pekalongan 51152

PENILAIAN TENGAH SEMESTER (PTS)


SEMESTER II TAHUN PELAJARAN 2021/2022
Kelas : II ( Dua )
Mata Pelajaran : Bahasa Jawa
Hari / tanggal : Maret 2022

PETUNJUK UMUM :
1. Tulisen luwih dhisik jenengmu ana panggonan kang cumawis !
2. Wacanen soal kanthi teliti !
3. Garapen luwih dhisik soal sing ko anggep gampang
4. Telitinen garapanmu sak durunge diaturake marang Bapak/Ibu guru !

I. Wenehana tandha ping ( x ) ing aksara A, B, utawa C kang mapan ana ngarep wangsulan
sing bener, ing lembar jawab kang cumawis!

Wacanen tembang dolanan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1-4

Gundhul-Gundhul Pacul
Gundhul-gundhul pacul cul gembelengan
Nyunggi nyunggi wakul kul gembelengan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan
Wakul ngglimpang segane dadi sak ratan

1. Sing nyunggi wakul....gundhul


A. Kupinge
B. Rambute
C. Atine
2. Gembelengan anggone nyunggi ....
A. Wakul
B. Pacul
C. Cethul
3. Amarga gembelengan, wakule dadi....
A. Miring
B. Jejeg
C. Ngglimpang
4. Segane kocar-kacir dadi….
A. Sak rattan
B. Sak omah
C. Sak latar
5. Ana pira kadang Pandhawa kuwi ?
A. Papat
B. Lima
C. Enem
6. Jeneng liyane Raden Yudhistira yaiku…
A. Puntadewa
B. Bima
C. Janaka
7. Gatekna gambar ing ngisor iki !

Gambar wayang kasebut jenenge…


A. Werkudara
B. Nakula
C. Janaka
8. Yudhistira duweni sifat…
A. Kesed
B. Wicaksana
C. Sregep
9. Gatekna paraga wayang lan kesatriyane ing ngisor iki !
NO. Pandhawa Satriya
1 Yudhistira Jodipati
2 Werkudara Amarta
3 Harjuna Madukara
Pasangan ing nduwur kang trep yaiku…
A. 1
B. 2
C. 3
10. Gatekna gambar ing ngisor iki !

Beni lan kancane lagi nyambut gawe bebarengan ing…


A. Kelas
B. Lapangan
C. Omah

Wacanen tembang dolanan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 11-13!
Gambang Suling
Gambang suling ngumandang suarane
Tulat tulit Kepenak unine
Unine mung nrenyuhake
Bareng lan kentrung
Ketipung suling
Sigrak kendangane

11. Apa irah-irahane tembang dolanan ing nduwur…


A. Gambang Suling
B. Jaranan
C. Padhang Bulan
12. Gambang suling…swarane
A. Ngumandang
B. Kepenak
C. Sigrak
13. Unine suling yaiku…
A. Dung
B. Tulat-tulit
C. Jreng

14. Raden Janaka satriya ing ....


A. Ngamarta
B. Jodhipati
C. Madukara

15. Gatekno paraga wayang ing ngisor iki!


( 1 ) Puntadewa
( 2 ) Werkudara
( 3 ) Arjuna
( 4 ) Nakula
( 5 ) Sadewa
Paraga sing klebu larene Dewi Madrim katunjuk nomer ....
A. ( 1 ) lan ( 3 )
B. ( 2 ) lan ( 4 )
C. ( 4 ) lan ( 5 )

16. Gamane Werkudara yaiku ....


A. Jimat Kalimasada
B. Kuku Pancanaka
C. Pasopati

17.

Ukara sing mathuk kanggo gambar kasebut yaiku…


A. Udin ngrewangi Ibu asah-asah
B. Udin ngresiki latar
C. Udin ngrewangi Ibu masak

Wacan iki kanggo njawab soal no. 18-20

Wacanen sing teliti!

Kagiyatane Siti

Jam setengah lima esuk Siti wis tangi turu.


Siti langsung ngresiki panggon turune dhewe.
Bubar ngresiki kamar Siti terus nyapu lan ngrewangi ibune nyepakake sarapan.
Jam enem esuk Siti adus terus salin nganggo seragam banjur sarapan bareng-bareng.
Sadurunge mangkat sekolah, Siti pamitan karo bapak ibune.
Jam setengah pitu Siti mangkat sekolah karo kanca-kancane numpak pit onthel.
Ing jero kelas Siti gatekake piwulang gurune.
Mula, Siti dadi bocah pinter.
Bapak lan ibune bangga karo Siti.
18. Saben esuk Rima tangi turu jam pira?
A. setengah papat
B. setengah lima
C. setengah enem

19. Sing ditindakake Rima sakwise tangi turu yaiku ....


A. sarapan dhisik
B. adus dhisik
C. ngresiki paturonane

20. Sadurunge mangkat sekolah Rima ... karo bapak ibune.


A. dolanan
B. pamitan
C. sinau

II. Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki kanthi wangsulan kang trep!

21. Gambar ing sisih kiwa jenenge…

22. Wacanen tembang dolanan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 12
Jaranan
Jaranan-jaranan, jarane jaran teji
Sing numpak Ndoro Bei
Sing ngiring para mentri
Jreg-jreg nong, jreg-jreg gung

Sing numpak Jaran ing tembang nduwur yaiku…


23. Supaya kelas resik kudu….saben dina.
24. Bapake Pandhawa jenenge…
25. Pandhawa sing kembar arane… lan …

III. Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki kanthi bener !

26. Tulisen jenenge Pandhawa 3 wae !


27. Sebutna 2 tembang dolanan !

28.

Gawenen ukara sing trep kanggo gambar iku !


KUNCI JAWABAN
PENILAIAN TENGAH SEMESTER II
TAHUN 2021/2022

Kelas : 2 (Dua)
Muatan Pelajaran : B. JAWA

I. Pilihan Ganda

1 11

2 12

3 13

4 14

5 15

6 16

7 17

8 18

9 19

10 20

II. ISIAN
21. Harjuna
22. Ndoro Bei
23. Di sapu
24.
25.

III. URAIAN
26 -Yudhistira
-Werkudara
-Harjuna
27. Jaranan, Padhang Bulan
28. Sutri lagi nyirami taneman
KRITERIA PENILAIAN
Pilihan gandha : 1 x 20 = 20
Isian : 2 x 5 = 10 +
Jumlah = 30

NILAI = Skor perolehan x 100


Skor maksimal

You might also like