You are on page 1of 12

Mata Pelajaran : Bahasa Jawa

Hari/Tanggal :
Waktu :

1. Gatekna wacan iki!


Mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburine blangkon, makili modhel rambut priya sing kerep
dibundhel ing mburi. Blangkon modhel trepes, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki
minangka modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akeh-akehe priya saiki arambut cendhak. Modhel
trepes iki digawe kanthi njait langsung mondholan ing bageyan mburi blangkon. Saliyane saka suku Jawa,
ana uga sawetara suku sing migunakake panutup sirah sajinis blangkon nanging beda wujude, yaiku suku
Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalane. (Wikipedia)

Ide pokok teks tanggapan dheskriptif ing wacanan paragraf kasebut yaiku….
A. mondholan, iku wangun sing njendhol ing samburine blangkon, makili modhel rambut priya sing kerep
dibundhel ing mburi
B. blangkon modhel trepes, iku wujud sing umum blangkon gagrag Surakarta. Gaya iki minangka
modhifikasi saka gaya Yogyakarta, amarga akeh-akehe priya saiki arambut cendhak
C. modhel trepes iki digawe kanthi njait langsung mondholan ing bageyan mburi blangkon
D. saliyane saka suku Jawa, ana uga sawetara suku sing migunakake panutup sirah sajinis blangkon
nanging beda wujude, yaiku suku Sundha, suku Madura, suku Bali, lan sapanunggalane

2. Gatekna wacan iki!


Gunung Bromo yaiku sawijining obyek wisata gunung ing Jawa Timur sing banget nengsemake tumrap
para wisatawan dhomestik lan wisatawan saka manca negara. Gunung Bromo dumunung ing wilayah
pamarentah Propinsi Jawa Timur kang dumadi saka patang wilayah, yaiku Kabupaten Probolinggo,
Pasuruan, Lumajang lan Malang.
Wacan teks tanggapan dheskriptif kasebut, kalebu ing struktur teks yaiku ....
A. dheskripsi bageyan
B. idhentifikasi
C. klasifikasi
D. orientasi

3. Gatekna wacan iki!


BayuSkak

Bayu Eko Moektito lair ing Malang, JawaTimur, 13 November


1993.Ing era modheren iki ora ana sing ora kenal Bayu Eko
Moektito apa maneh kawula mudha. Bayu Eko Moektito kalebu
Youtube creator kang nduweni pangaribawa (pengaruh) kanggo
ngleluri (melestarikan) budaya Jawa utamane basa Jawa. Basa
kang digunakake karo Bayu Skak nalika gawe konten video akeh-
akeh nggunakake basa Jawa. Senadyan nggunakake basa Jawa,
nyatane sing nonton Channel Youtube-e Bayu Eko Moektito ora
mung wong Jawa. Iki bisa dibuktekake saka kolom-kolom
komentar kang akeh sing takon apa tegese tembung-tembung kang
diomongake dening Bayu Eko Moektito.
Bayu Eko Moektito utawa luwih kondhang (terkenal) kanthi jejuluk Bayu Skak sekolah ing SMK
Grafika lan lulus taun 2011. Sabanjure iku, dheweke nerusake kuliyah ing Universitas Negeri Malang
Jurusan Art and Design. Dheweke sempet ora kuliyah 3,5 taun amarga nggarap filem kanthi judhul Yowis
Ben. Filem iki kalebu filem kang ringan yaiku nyeritakake kadadeyan sabendinane. Ananging
pangurbanane kasebut ora muspra amarga filem kang digawe kasebut ngolehake apresiasi kang apik saka
penonton uga Presiden Jokowi. Saka kedadeyan kuwi Bayu Skak oleh dispensasi cuti saka pihak kampus
kanthi cathetan kudu ngasilake karya sing bisa dikenal kanthi tingkat nasional.
Minangka kawula mudha kitakudu nduweni semangat kanggo nyengkuyung kabudayan Jawa. Prestasi
ora mung ana ing piwulangan wae, tuladhane wis bisa dilakokake Bayu Skak. Wiwit saiki awake dhewe
kudu bisa mangerteni potensi apa kang ana ing awake dhewe, saengga bisa ngukir prestasi kaya dene Bayu
Skak.

Saka wacan kasebut, amanat sing bias dijupuk kanggo urip ing bebrayanya iku….
A. Nggawe video youtube iku angel
B. Ngedhit video sing apik kudu sekolah
C. konten kudu akeh supaya di eleng
D. kudu semangat nguri-uri kabudayan Jawa

4. Gatekna wacana iki !

Aku digawa mabur, dilebokake ing kawah Candradimuka, digodhog bareng karo gamane para
dewa. Aku nangis nanging arep kepriye maneh. Urip iku saderma nglakoni. Kabeh wis ana sing mranata.
Kita mung kudu njaga kautaman lan tumindak becik. Aku pinaringan klambi wujud Kotang Antakusuma
lan Ajian Suryakantha. Aku bisa mabur tanpa swiwi. Jenengku Gathutkaca.

Manut punggelan wacana kasebut, Gathutkaca yaiku putra saka Dewi Arimbilan lan ….
A. Arjuna
B. Werkudara
C. Puntadewa
D. Kresna

5. Pandhawa kuwi bocah lanang cacah lima, putrane Prabu PandhuDewanata. Kagungan Ibu loro yaiku Dewi
Kunthi, kang kagungan putra asmaYudhistira, Bima, lan Arjuna, lan Dewi Madrim, kang kangungan putra
asma Nakula lan Sadewa. Miturut pranyatan kuwi, sing dadi putrane Prabu Pandhu Dewanata karo Dewi
Madrim yaiku ….
A. Nakula lan Sadewa
B. Yudhistira lan Arjuna
C. Bima lan Nakula
D. Sadewa lan Bima

6. Gatekna tembang iki ! Kartini


Yo prakanca dolanan ning njaba (Dening: Sri Tantiningsih)
Padhang bulan padhange kaya rina
Rembulane sing awe-awe Kartini …
Ngelingake aja turu sore-sore Sapa kang ora kenal panjenengan
Manut tembang kasebut, para kanca diajak …. Pahlawan kang mbela kaum wanita
A. Ndeleng padhang bulan Pahlawan kang berjuwang nentang paugeran
B. padha awe-awe walanda
C. dolanan ing njaba Kartini …
D. aja turu sore-sore Sanajan tinitah dadi priyayi
Duweni trah bangsawan
7. Gatekna tembang kreasi iki! Kartini mbela emansipasi wanita
AYO PRAON (PRAU LAYAR) Mbela rakyat jelata
Kartini …
Ya kanca neng gisik gembira Wulan April iki dadi seksi
Alerab-lerab banyune segara Lelabuhanmu kang misuwur tumrap bangsa
Angliyak numpak prau layar Indonesia
Ing dina minggu ‘keh pariwisata Habis Gelap Terbitlah Terang
Alon praune wis nengah Dadi bukti masa perjuwangan
Pyak pyuk pyak banyu binelah Kutha Jepara dadi papan panggonan ngukir
Ora jemu jemu karo mesem ngguyu sejarah wanita
Ngilangake rasa lungkrah lesu Kartini …
Adik njawil mas jebul wis sore Amarga jasamu
Witing kelapa katon ngawe-awe Wanita eropa lan wanita pribumi
Prayogane becik bali wae Dadi duweni hak kang padha
Dene sesuk esuk tumandang nyambut gawe Duweni hak pikantuk pendhidhikan

Pesen kang kinandhut saka tembang kreasi Tema kang trep kanggo geguritan kasebut
kasebut yaiku .... yaiku....
A. yen dolan aja lali kewajibane A. pendhidhikan
B. padha numpak prau layar B. lingkungan
C. sesuk kudu nyambut gawe C. pahlawan
D. dolan ing dina minggu D. budaya
8. Gatekna Geguritan iki! 9. Gatekna Geguritan iki!
Wong Tuwa Aksara jawa kasebut wacane ….
(Dening Anie Soemarno) A. rasa kaya
B. kacamata
Tuwa ingajab dadya tuladha C. ramayana
Ora mung saderma kandha D. aja lara
Tan kena ditohi pati
Lamun luput diselaki 12. Gatekna tulisan aksarajawaiki!
Goroh mula ora bisa dadi guru
Sing kena digugu lan ditiru
Milah milih laku becik
Lawas enggale bakal ketitik
Den ajab samya dadya tuladha Aksarajawakasebutmawasandhanganswara ….
Kang bisa nocogi ati A. Pepet lan suku
Ati pribadi lan liyan B. Taling lan pepet
Sumrambah ing bebrayan C. Wulu lan taling
(PS No.39 – 30 September 2017) D. Suku lan wulu

Pesen kang kinandut ing geguritan kasebut 13. Gatekna tulisan aksara jawa iki!
yaiku ....
A. aja nganti diselaki
B. ora oleh goroh
C. guru minang katuladha
Aksarajawakasebutyen diowahiingaksara Latin
D. sumrambah ing bebrayan
dadi ….
A. Ibu tuku uyah kasar
10. Gatekna tulisan aksara jawa iki!
B. Ibu tuku omah anyar
C. Ibu duwe sawah jembar
D. Ibu duwe gabah salatar

Aksara jawa kasebut wacane …. 14. Gatekna tulisan aksara jawa ing ngisor iki!
A. raja kaya kemB= mw/
B. kacamata Aksara jawa ing ndhuwur mawa pasangan aksara
C. ramayana ….
D. aja lara a. Ca
b. Ba
11. Gatekna tulisan aksarajawaiki! c. Ka
d. Ma

15. Gatekna pethilan teks crita cekak ing ngisor iki!

Wayahe wis sore. Endang Retnowati arep adus ing kali Jompo. Durung nganti kelakon,
dumadakan ana nom-noman teka ing papan kono. Sajake nom-noman kuwi putra ratu sing lagi
mbebedhag.
“Sliramu kuwi sapa? Ing papan sepi ngene mung ijen wae, apa sliramu ora wedi?” clathune nom-
noman iku.
Endang Retnowati ora sida adus. Gandheng nom-noman iku nuduhake patrap kang becik, Endang
Retnowati uga aweh tanggapan becik. Wong loro terus rembugan karo lungguh ing sandhuwure wot.
Ewadene Endang retnowati ora blaka yen sejatine dheweke iku putrane Prabu Brawijaya ing Majapait.

Sing dadi setting utawa latar jroning crita rakyat ing ndhuwur yaiku ….
A. ing satengahe alas C. ing taman kaputren
B. ing sapinggire kali D. ing sajerone kraton

16. Gatekna pethilan teks crita cekak ing ngisor iki!

Mulih saka kantor pak Banu wis dipapag dening bojone. Anak wedok sing kulinane melu mapag
saiki ora katon. Pawartini katon suntrut polatane merga mikirake anake wedok sing sajake ora bisa
nerusake sekolah. Ora tau-taune Pawartini mapag tekane dheweke kanthi polatan kaya mangkono iku.
“Ana apa ta dhik Tin, kok ketok suntrut?” pitakone Banu.
“Apa aku ketok suntrut? Rumangsaku kok biasa-biasa wae,” wangsulane Pawartini sing wiwit
wingenane katon sedhih mikirake nasibe anake wedok. Sakjane kepengin ndhelikake rasa sedhihe ing
ngarepe sapa wae, nanging tetep ora bisa.

Swasana kang kagambarake jroning crita ing ndhuwur yaiku ….


A. nggambarake swasana kang sedhih banget.
B. nggambarake kahanan kang nyenengake.
C. swasana sing dialami ora ana owah-owahan.
D. kahanan kang bisa njalari sapa wae kaget.

17. Gatekna pethilan teks crita cekak ing ngisor iki!

Nalika jam pertama rencanane arep gladhen soal-soal ujian. Amarga soal-soale keri ing daleme bu
Ani, mulane dina kuwi ora sida gladhen.
“Bocah-bocah, dina iki ora sida gladhen soal-soal ujian, jalaran soale keri ing ngomah.” dhawuhe
bu Ani marang bocah-bocah.
"Kula pendhetaken napa, Bu? " ujare Budi. Senajan ora didhawuhi, Budi gelem aweh pitulungan
marang Bu Ani. Miturut Budi, iku mau uga salah sijine tugas ketua kelas.
"Ora usah wae, daleme Bu Ani adoh kok! Kejaba kuwi, sing ana ngomah uga durung mesthi
ngerti nggone soal-soal mau."
"Wah ...! Njur ora sida gladhen, iki ...!" pambengoke sebageyan bocah bebarengan. Katone padha
gela dina iku ora sida gladhen soal-soal ujian.
"Mbesuk rak ya bisa ta, cah!"
"Menawi soal aslinipun wonten boten, Bu? Kula purun motocopi," kandhane Budi.

Pesen moral kang kinandhut jroning crita cekak ing ndhuwur yaiku ….
A. Murid jaman saiki pancen luwih seneng yen diwenehi soal-soal latihan.
B. Jejere dadi murid iku ora kena mbantah marang apa wae dhawuhe guru.
C. Murid sing becik iku gelem tawa-tawa mbiyantu marang bapak/ibu guru.
D. Dadi murid kuwi kudu nurut marang kabeh pituture marang bapak/ibu guru.

18. Gatekna pethilan teks crita cekak ing ngisor iki!

“Mien… ora usah wedi cedhak aku. Aku saiki kaya kowe Mien, urip dhewekan,” kandhane
klawan swara melas. Rukmieni ora ngerti karepe Aryo. Priya kang duwe pawakan gedhe dhuwur katon
gagah pidegsa kuwi dipandeng kanthi kebak tandha pitakon.
“Mien, Lanny wis ninggalake aku katut wong lanang liya setaun kepungkur. Saiki Lanny neng
Makasar, omah-omah karo wong Bugis tilas bos-e,” kandhane karo mandeng manike Rukmieni nyoba
ngyakinake wanita sing sepisanan ditresnani kuwi.

Adhedhasar pethilan crita ing ndhuwur, paraga Aryo duwe karep ....
A. kepengin menehi pitulungan marang Rukmieni.
B. pamer marang Rokmieni ngenani kahanane bojone.
C. duwe pepenginan ngajak omah-omah karo Rukmieni.
D. golek panglipur merga mentas ditinggal mati bojone.

19. Gatekna andharan ing ngisor iki!

Albertus iku sawijine bocah duwe kekarepan lan tekad sing jejeg lan manteb. Dheweke duwe
gegayuhan utawa cita-cita kang luhur lan utama. Kanggo ngranggeh lan mujudake gegayuhane mau
dheweke duwe prasetya ora bakal mundur anggone nggayuh utawa ngranggeh gegayuhan mau. Apa wae
wae sing dadi pepalang utawa sing ngalang-alangi kekarepane bakal disingkirake. Apa wae sing
ngganggu marang kekarepane bakal diterjang lan dilakoni kanthi tekad kang jejeg lan ati sing manteb.

Ukara paribasan sing paling trep adhedhasar andharan ing ndhuwur yaiku ….
A. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung.
B. Andhap asor wani ngalah luhur wekasane.
C. Sura dira jaya ningrat lebur dening pangastuti.
D. Becik ketitik ala ketara, sapa salah bakal seleh.
20. Gatekna andharan ing ngisor iki!

Bu Sri, salah sawijining guru SMP ing Surabaya kuwi, saiki lagi madhep laptop. Bu Sri
saiki sregep sinau nyoba ngetik soal nganggo laptop. Dheweke sing biasane ulangan mung bisane
ndikte muride saiki wis owah. Amerga kahanan pandemi, kabeh gladhen lan ulangan kudu
dikirim arupa ketikan marang muride. Dene krasa kangelan, Bu Sri uga asring njaluk ajar Toni,
putra mbarepe. Toni kanthi sabar mulangi ibune babagan ngetik nganggo laptop nganti bisa lan
lancar. Bu Sri uga ora isin takon marang putrane merga dheweke pancen anyar ngerteni babagan
laptop iki.

Ukara paribasan sing paling trep adhedhasar andharan ing ndhuwur yaiku ….
a. Cebol nggayuh lintang c. Bebek mungsuh mliwis
b. Kebo nusu gudel d. Kuthuk marani sunduk

21. Andharan ing ngisor iki sing jumbuh karo unen-unen utawa paribasan “anak polah bapa kepradhah” yaiku
….
A. Kowe kuwi yen duwe pepenginan mbok ya aja neka-neka, cocogna karo kahananmu. Yen duwe
pepengingan kuwi mbok ya sing wajar utawa lumrah ngono wae, aja njaluk pepenginan sing sekirane
mokal lan angel kelakone.
B. Pak Hadi saiki malih moncat-mancit ngurusi putrane sing kesandhung masalah, jalaran arepa
dikayangapa jejere dadi wong tuwa iku yen putrane kena masalah wong tuwa isih tetep melu repot.
C. Mas Hartono kae pancen salah kedaden, saupama manut karo kandhaku mesthi ora kaya ngene
kedadeyane. Mosok perkara sepele wae kok digedhek-gedhekake, akhire malih dadi kaya ngene iki.
D. Pak Karji saiki ketoke wis mupus olehe nuturi anake. Anake kuwi pancen rada lumayan, yen dituturi
bapake ora tau nggubris jalaran bola-bali dituturi tetep wae malah dikandhani sakecap wangsulane
limang kecap.

22. Andharan ing ngisor iki sing jumbuh karo unen-unen utawa paribasan “lambe satumang kari samerang”
yaiku ….
A. Kowe kuwi yen duwe pepenginan mbok ya aja neka-neka, cocogna karo kahananmu. Yen duwe
pepengingan kuwi mbok ya sing wajar utawa lumrah ngono wae, aja njaluk pepenginan sing sekirane
mokal lan angel kelakone.
B. Pak Hadi saiki malih moncat-mancit ngurusi putrane sing kesandhung masalah, jalaran arepa
dikayangapa jejere dadi wong tuwa iku yen putrane kena masalah wong tuwa isih tetep melu repot.
C. Mas Hartono kae pancen salah kedaden, saupama manut karo kandhaku mesthi ora kaya ngene
kedadeyane. Mosok perkara sepele wae kok digedhek-gedhekake, akhire malih dadi kaya ngene iki.
D. Pak Karji saiki ketoke wis mupus olehe nuturi anake. Anake kuwi pancen rada lumayan, yen dituturi
bapake ora tau nggubris jalaran bola-bali dituturi tetep wae malah dikandhani sakecap wangsulane
limang kecap.

23. Gatekna wawancara iki!


Indah : “Mbak, jane resepe panjenengan bisa dadi juwara I iku kepriye?”
Putri : “Gampang dhik, sing penting saben dina sawise tekan ngomah gelem mbaleni materi
piwulangan sing wis diparingake bapak lan ibu guru. Ora ngenteni wayahe ulangan wae yen
mbukak buku.”
Indah : “Ngono ya mbak, hla terus anggone mbagi wektune kepriye?”
Putri : “Hla iku sing rada abot, nanging gumantung awake dhewe, sebab biasane yen wis kadhung
asyik ndeleng tv ora pedhot-pedhot yen ora ngantuk utawa didukani wong tuwa.”

Ing pethilan wawancara kasebut, Indah minang kape wawancara dene Putri minangka narasumber. Sing
diarani narasumber yaiku ….
a. Wong sing nduweni pitakonan
b. Wong sing kepengin ngerti kedadeyan tartantu
c. Wong sing ditakoni sajroning wawancara
d. Wong sing nggawe dhaftar pitakonan
24. Gatekna wawancara iki!
Indah : “Mbak, jane resepe panjenengan bisa dadi juwara I iku kepriye?”
Putri : “Gampang dhik, sing penting saben dina sawise tekan ngomah gelem mbaleni materi
piwulangan sing wis diparingake bapak lan ibu guru. Ora ngenteni wayahe ulangan wae yen
mbukak buku.”
Indah : “Ngono ya mbak, hla terus anggone mbagi wektune kepriye?”
Putri : “Hla iku sing rada abot, nanging gumantung awake dhewe, sebab biasane yen wis kadhung
asyik ndeleng tv ora pedhot-pedhot yen ora ngantuk utawa didukani wong tuwa.”

Wawancara kasebut nggunakake basa ….


a. ngoko alus c. krama alus
b. ngoko lugu d. krama lugu

25. Gatekna wawancara iki!


Budi :Nuwun sewu Bu, kula badhe nyuwun pirsangenani usaha panjenengan.
Bu Minah :Oiya gak apa-apa Le. Arep takon apa?
Budi :Usaha dhawet menika awit taunpinten Bu?
Bu Minah :Aku usaha dhawet iki wiwit taun 2000. Sawi semandeg saka buruh pabrik kertas.
Budi :Bahan baku kangge ndamel dhawet menika napa nggih Bu?
Bu Minah :Sing mesthi kudu ana tepung beras, santen lan godhong suji / pandhan
Kanggo nggawe dhawete. Kanggo njangkepi ana gula aren pisan.
Budi : Dhawet menika sampun dipasaraken wonten pundike mawon Bu?
Bu Minah : Saliyane dodolan ning omah, anak mbarepku uga melu ngedolake lewat online. Sing tuku
kadang ya saka luar kota barang.
Ing wawancara kasebut, kanggo takon Budi nggunakake basa ….
A. ngoko alus C. krama alus
B. ngoko lugu D. krama lugu

26. Gatekna wawancara iki!


Anik : Kula nuwun.
Pak Karji : Mangga nak. Kene mlebukene.
Anik : Inggih pak, matur nuwun.
Pak Karji : Ana perlu apa kok sajak wigati banget.
Dewi : Punika lhopak, kula pengin ngertos bathik kagungan panjenengan.
Pak Karji : Apa bae sing pengin dingerteni nak?
Anik : ...
Pak Karji : Usaha bathik iki dak jenengake “SekarJagad”.

Ukara sing trep kanggo nggenepi pacelathon ing dhuwur yaiku ….


A. Apa jenenge usaha bathik sampeyan pak?
B. Menapa namini pun usaha bathik panjenengan pak?
C. Sapa jenenge sing duwe usaha bathik pak?
D. Sinten namini pun usaha bathik panjenengan pak?

27. Gatekna pethilan layang iki!


(1) DINAS PENDIDIKAN
PEMERINTAH KOTA SURABAYA
Jalan Jagir Wonokromo No.365 Surabaya
(2) Nomor : 122/176/134.5.12/2019 (3) Surabaya, 20 Pebruari 2019
Lampiran :-
Perihal : Pariwara
(1) Katur
Bapak/Ibu Kepala Sekolah SMP
Negeri/Swasta Kutha Surabaya

(2) Asalamualaikum wr.wb,


Paring uninga bilih kagem mengeti dinten Pahlawan, Dinas Pendidikan Kutha Surabaya
ngawontenaken lomba pidhato antar sekolah kanthi tema Perjuwangan Arek-Arek Surabaya.

Perangan laying nomor (3) diarani ….


a. Purwaka c. Satata basa
b. Adangiyah d. Papan lan titi mangsa

28. Wasana cekap semanten serat saking kula, menawi wonten lepat ing atur kula nyuwun agunge pangapunten.
Cuplikan laying kasebut manggon ing perangan....
a. adangiyah c. surasa basa
b. bebuka d. wasana basa

29. Gatekna layang kiriman ing ngisor iki!

Yen dideleng saka isine layang ing ndhuwur kalebu jinise layang ….
A. ulem C. lelayu
B. kitir D. dhawuh

30. Gatekna layang iki!

Innalillahi wa inna ilaihi roji’un

Sampun katimbalan sowan ing Ngarsa Dalem Allah SWT, Ibu Darmasih Setyaning Asih (4
Januari 1983 – 23 Nopember 2020), Rikala dinten Jumat tanggal 23 Nopember 2020 tabuh 03.00
WIB ing Jl. Pagesangan No.30 Surabaya. Badhe dipunsarekaken ing Makam Pagesangan, Surabaya.

Mugi-mugi Gusti Allah SWT paring pangapunten sedaya kalepatanipun saha katampi sedaya
amalipun kanthi ganjaran swargi. Mugya kulawarga ingkang dipuntilar dipunparingi ketabahan ugi
kesabaran. Amiin.

Ingkang nandang sungkawa:


Garwa : Praptaning Adji
Putra : Dar Tresna Kautaman

Layang kasebut kalebu jinise layang ....


A. kitir C. lelayu
B. ulem D. resmi

31. Gatekna laying ing ngisor iki !

Madiun 16 Mei 2019


Katur dhumateng
Pakdhe Kartasumarma
Ing Surabaya
Atur pamuji rahayu,
Kanthi serat punika keng putra atur pawarta bilihing kang putra sakula warga ing Madiun tansah
ginanjar wilujeng. Panuwun kula dhateng Gusti Ing kang Maha Agung, mugi-mugi Pakdhe saha sedaya
kula warga wontening Surabaya tansah ginanjar wilujeng, kalis saking rubeda.
Kejawi saking punika, kula badhe nyuwuni dipali lapak dhe menawa ing preian semester menika
kula badhe sowan dhateng Pakdheing Surabaya. Kula kepengin sanget dolan menyang Monkasel lan
Museum Kesehatan ingkang wonten ing Surabaya. Kula suwun Pakdhe kersa ngeteraken kula dolan
mrika.
Wasana cekap seman tenatur kula, manawi wonten lepat atur saha panyerat, kula   nyuwun luber
ing samudra pangak sami.
Ingkang Putra,

Hendra Setiawan

Tembung ing kang kacithak kandel lan ana garis ngisor minangka perangan laying kang diarani ….
a. Adangiyah
b. Paprenahan
c. Tapakasta
d. Wasana basa

32. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki! 


SINOM

Nuladha laku utama


Tumrape wong tanah jawi 34. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki! 
Wong agung ing ngeksiganda Pangkur
Panembahan senopati Sekar pangkur kang winarna
Kepati amarsudi Lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
Sudane hawa lan nepsu Ala lan becik puniku
Pinesu tapa brata Prayoga kawruh ana
Tanapi ing siyang ratri Adat waton pun iku dipunka dulu
Amemangun karyanak tyasing sesama Miwa hingkang tata krama
Den kaesthisi yangratri
Sawise maca tembang macapat ing dhuwur,
guru lagu lan guru wilangane yaiku …. Guru wilangan  tembang pangkuring
A. 8a, 8i, 8a, 8i, 7i, 8u, 7a, 8i, 12a ndhuwur yaiku . . . .
B. 8a, 8i, 8a, 8e, 7e, 8u, 8a, 8i, 12a a. 8, 11, 8, 7, 12, 8, 8 
C. 8a, 8i, 8e, 8e, 8i, 8u, 8a, 8i,12 a b. 10, 6, 10, 10, 6, 6
D. 8a, 8i, 7e, 8a, 7i, 8u, 8a, 8i, 12a c. 8, 12, 8, 7, 11, 7, 8 
d. 7, 10, 12, 7, 12, 8, 8
33. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki! 
Dhandhanggula  35. Gatekna tembang macapat ing ngisor iki! 
Pangkur
Sun tuturi kabeh putra putri Sekar gambuh ping catur
Lamun sira sregep ing pangolah Kang cinatur polah kang kalantur
Budi piker lan ngelmun e Tanpa tutur katula tulaka tali
Aja sira gumunggung Kadaluwarsa katutuh
Kebat kliwat datan pamikir Kapatuh kang dadi awon
Trunyak-trunyuk tindaknya
Bilahi ing pungkur Tembang macapat ing dhuwur iku
Singkir ana tindak nistha nduweni ... gatra
Kang pranyatan ora gawe urip mukti a. 4 (papat)
Estokna tuturika b. 5 (lima)
c. 6 (enem)
Miturut cakepan tembangingdhuwur guru d. 8 (wolu)
lagune yaiku...
a. i, a, a, u, i, a, u, a, u,a 36. Gatekna tulisan aksara Murdha ing ngisor iki!
b. i, a, e, u, i, a, u, i,  i, a
c. i, a, e, u, i, a, u, a, i, a
d. i, a, a, u, i, a, u, i,  i, a
Ukara kasebut yen katulis aksara Latin kang b. Suryani tumbas sekul uduk.
bener yaiku …. c. Suryani tumbas sega udhuk.
A. pusaka Kunta wijayane ilang d. Suryani tumbas sekul udhuk.
B. Pusaka Kunta pijayane ilang
C. pusaka Kuntha wiyanane ilang
D. Pusaka Kuntha kijayane ilang 38. Gateknaukaraiki!

37. Gatekna ukara iki!


Ukarakasebut yen ditulis Latin kang bener
yaiku ...
a. Regane sega bebek 13.000 ewu.
b. Regane sega bebek 23.000 ewu.
Yen ditulis Latin sing beneryaiku …
c. Regane sega bebek 43.000 ewu.
a. Suryani tumbas sega uduk.
d. Regane sega bebek 53.000 ewu.
39. Gatekna wacana ing ngisor iki!

Uwuh sing ana ing masyarakat bias kape rang dadi loro, yaiku uwuh organic lan anorganik.
Uwuh organic yaiku saweneh ing uwuh sing dumadi saka tetuwuhan utawa urip-uripan, upamane sisa
panganan, godhong, lan liya-liyane. Dene uwuh anorganik yaiku uwuh sing dumadi saka proses
prodhuksi kanthi cara kimia, upamane wesi, kaca, plastik, lan liya-liyane. Saka behing uwuh mau
menawa ora diopeni kanthi becik mesthi nuwuhake ambu sing ora enak lan pungkas ane bias nyebabake
lelara.

Salah sawijini ing tuladhane uwuh anorganik yaiku ….


a. Godhong garing c. Woh-wohan bosok
b. Sisane panganan d. Botol plastik

40. Gatekna wacana ing ngisor iki!

Banjir Kali Lamong Kapan Mandhege


Puluhan taun kali Lamong mbanjiri warga ing sakiwa tengene. Bupati Gresik, Walikota
Surabaya, Gubernur Jawa Timur, wis bola-bali ganti, nanging meksa durung bias ngatasi banjir kali ing
tapel wates Kabupaten Gresik lan Kotamadya Surabaya iku. Saben taun warga kecamatan Benjeng,
Menganti, Cerme ing Kabupaten Gresik lan warga kecamatan Benowo ing Surabaya iku mesthi keleban
banjir, sing sok nganthi nuwuhake kurban jiwa. Tandhuran pangan padha kelem, iwak-iwak ing tambak
padha kentir embuh parane. Sing sekolah kepeksa prei amarga sekolahane kebanjiran. Kantor
kecamatan, kantor desa, polsek, lan koramil, uga ora bisa aweh palade nanjalaran kelem. 

Isi saka paragraph teks observasi ing ndhuwur yaiku ...


a. Kahanane kali Lamong c. Banjir ing Menganti
b. Akibate banjir tandurane padha kelem d. Banjir kali Lamong 
41. Dina Jumat kepungkur, aku shalat Jumat ing mesjid cedhak alun-alun. Nalika aku teka, jamaahe wis padha akeh. Ora
suwe imame banjur teka lan shalat Jumat diwiwiti. Mesjid banjur sepi lan mung krungu swarane imam sing maca
Surat Al-Fatihah. Nalika imame maca tekan ayat Ghair-il-Maghdzubi ‘alai-him wa la-d-dalliin.., dumadakan ana
bocah cilik sing mbengok saka mburi “Semua bilang apaaa..”. Kabeh makmum banjur nyauri “Aaamiiinn...”. Sawise
kuwi, kabeh jamaah, kalebu imam lan makmum padha ngguyu lan shalat Jumat buyar amarga omongane bocah cilik
kuwi mau.
Latar panggonan ing wacan kasebut yaiku ....

A. Nalika shalat Jumat C. Mesjid cedhak alun-alun


B. Sepi lan khusyuk D. Padha ngguyu banter

42

Saka punggelancerkakkasebut, Dias oragelemmenehakedompet sing ditemu marang polisiamarga …

A. Dias kepenginnjupukdhuwitisidhompete
B. Dias wedidikiramaling karo polisi
C. Dias wedidhompeteoradiserahakepolisi marang sing nduwe
D. Dias arepmenehakedhompet marang sing nduwe

1.
2.
3.
4.
5.
6.
7.
8.
9.
10.
11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
23.
24.
25.
26.
27.
28.
29.
30.
31.
32.
33.
34.
35.
36.
37.
38.
39.
40.
41.
42.
43. Coba gatekna geguritan ing ngisor !
Angin
(R.K.A Rozzaq. W)

Angin pancaroba kang teka


Ora tau dinyana-nyana
Apawae kang ana ndonya
Kita kabeh ora bisa suwala
Arepa nganggo apa wae
Kang diduweni manungsa iki
Mulane ayo kabeh nyawiji
Nyuwun marang Gusti
Supaya bisa nglampahi
Urip tumekaning pati
Angin pancaroba ngobrak-abrik
Swasana, ngrusakimpen
Sing durung sawutuhe sampurna
Endahing kluwung ing birune langit bakalsirna
Kaganti mendhung angendanu ...

Saka geguritankasebut, para manungsa kudu padhanyawijisupaya …


A. Bisa nggantimendhungangendanu C. Bisa ngrusakimpen
B. Bisa nglampahiuriptumekaningpati D. Bisa sawutuhesampurna

44. Bu Riris : Bu, panjenengansesukesuktindakMonkaseldhewe?


Bu Ninis : Mboten, kula kesahsareng para siswa.
Jodi :NggihleresbuRiris, Bu Ninisbenjingenjingtindaksareng para siswa.
A. Bu Riris 1. Krama Lugu Pasangan Basa kang digunakakedening Paraga sing bener yaiku ….
B. Bu Ninis 2. Krama Alus Pasangan kang trepmanut panganggone undha-usuke
C. Jodi 3. NgokoAlus Basa yaiku….
45.

Wong ala utawa Wong cilik kang Wong asor Wong cilik Pakulinane
46. wong asor nduweni nanging sugih tumindak kaya anak
nanging sugih gegayuhan kang kapinteran wong gedhe biyasane
tangeh lamun niru wong
kelakon tuwa

1. Asu belang V
kalung wang

2. Bathok bolu V
isi madu

3. Cebol V
nggayuh lintang

4. Kacang V
ninggal lanjaran

Bu Bandi wiwit mau sajak ancik-ancik pucuking eri, amarga wis meh maghrib putrine durung katon bali saka sekolah.

Tegese paribasan “Ancik-ancik pusuking eri “ yaiku...


47. Damar ingkang paring tuduh janmi
Iki ana jrone Pancasila,
Ing kono pepak isine,
Uwis bener ditanggung,
Tumrap kadang wajib ingudi,
Ngerti lawan isinya,
Lair batinipun,
Tanpa iki janma rusak,
Bubrah babreh angel banget den dandosi,
Donya bakal kiyamat
Guru wilangan lan guru lagune tembang ing ndhuwur yaiku….

48. Coba gatekno ukara ing ngisor iki.

Ukara kasebut seng benar unine ...


A. Pake tuku roti
B. Padil tuku roti
C. Paidi tuku roti
D. Padil ditukokne roti

49. Wasana cekap samanten atur kula minangka sesulih kanca-kanca kelas IX sedaya, mbok bilih wonten galap-
gangsuling saha benceng cewenging atur, kula tansah nyuwun lumunturing samodra sih pangaksami. Nuwun.
Punggelan pidhato kasebut kalebu perangan ….
A. Pambuka
B. Andangiyah
C. Isi
D. Panutup

You might also like