You are on page 1of 1

WULANGAN II

RAGAM BASA LAN BASA RINENGGA

A. Ragam Basa
1. Ragam basa jawa, yen di deleng saka wilayahe diarani dhialek, tuladhane ing jawa
timur, ana dhialek surabayan, malangan, bojonegoroan, lsp.
2. Ragam basa, yen dideleng saka kahanane bisa kapilah basa formal lan informal.
3. Ragam basa, yen dideleng saka panganggone awujud basa lisan lan basa tulis.
B. Basa Rinengga
Basa rinengga sing dadi underan rembug ing wulangan iki, yaiku :
1. Bebasan: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan(kiasan), sing
dipindhanake utawa dibandhingake kahanan lan ulah- kridhane manungsa.
Tuladhane:
 Nglungguhi klasa gumelar, tegese mung kari nemu penake
 Nututi layangan pedhot, tegese mburu barang sepele sing asile ora sumbut karo
rekasane
2. Saloka: unen-unen kang ajeg panganggone, duwe teges pepindhan(kiasan) , sing
dipindhakake utawa dibandingake wonge. Tuladha:
 Cebol nggayuh lintang, tegese wong mlarat duwe gegayuhan sing mokal
kasembadan.
 Kacang ora ninggal lanjaran, tegese sipate anak ora beda adoh karo sipate wong
tuwo
3. Pepindhan: unen-unen sing duwe teges emper-emperan, diumpamakake kanggo
mbangetake, lumrahe nganggo tembung lir, pindha, kadya, kaya lsp. Tuladha:
 Srawunge kaya lenga karo banyu, tegese ora bisa rukun
 Ketiban ndaru, tegese beja banget
4. Paribasan: unen-unen sing ajeg panganggone, ngemu surasa wantah. Tuladhane:
 Adigang,adigung, adiguna, tegese ngendhelake kekuwatane, keluhurane lan
kepinterane
 Anak polah bapa kepradhah, tegese tingkah polae anak dadi tanggung jawabe
wong tuwane.

You might also like