You are on page 1of 7

Kunci Lomba Maca Aksara Jawa, Pa/Pi

KOVID 19

Dunya geger kanthi anane lelara siji iki, ya, kovid 19. Lelara sing bisa njalari
pepati iki sumebare cepet banget. Saka endhemi dadi pandhemi. Kawiwitan
sepisanan saka negri Cina, banjur nyebar menyang negara-negara ing dharatan
Asia klebu Indonesia. Terus nyebar menyang Eropa lan benua liyane. Nyebar lan
nulare pancen cepet banget. Ing Indonesia nganti sasi Oktober 2021 wae wis ana
wong cacahe nganti 4.228.552 positif. Begjane, sing 4.063.295 bisa mari, apese
sing 142.716 ora ketulungan, ninggal dunya.

Saking akehe kurban sing ninggal dunya, Presiden Jokowi nganti nganakake
program sing tujuane matesi anane kumpulan wong, sekolah, pasar, panggonan
ibadah ditutup sawetara. Tembung sawetara kuwi jebule iya suwe banget, meh
nganti rong taun. Nanging sasuwene rong taun iki masarakat dadi luwih pinter
migunakake piranti moderen. Apa-apa katindakake kanthi piranti sing aran tilpun
cerdas. Tetuku lan nawakake barang dagangan bisa nganggo aplikasi pesbuk utawa
wotsap. Sekolah uga mengkono, bisa migunakake gugelmit. Mung ngibadah sing
kudu tetep katindakake langsung, nanging ana ngomahe dhewe-dhewe. Ngadhep
sowan ngibadah marang Gusti kudu katindakake kanthi adu arep.

Cara liyane kanggo nyegah supaya ora gampang ketularan yaiku kanthi
sering wijik sabunan. Wijik sabunan kuwi gunane kanggo njaga karesikane tangan.
Tangan dadi perangane awak sing paling gampang katutan lan ketempelan virus.
Kejaba ngulinakake wijik sabunan, nganggo masker sing trep, tegese masker mau
nutup irung, lambe nganti tekan janggut. Masker iki gunane kanggo nyaring hawa
sing mlebu menyang paru-paru. Karepe, aja nganti nalika lagi unjal nyerot hawa
ambegan, hawa ambegan mau ora katutan bibiting lelara.
Soal Lomba Maca Pa/Pi
Soal Nulis Aksara Jawa, Pa/Pi

Kunci Lomba Nulis Aksara Jawa Pa/Pi
Sekolah Mlebu Maneh

You might also like