You are on page 1of 3

Mbah Dilah : (njerit) Oalah Gustiiiii...! Kok dha siya-siya nyang wong cilik ta yaaaaa?!

  Dha gak
slamet uripe!

:Pasotmu gak mandi,mBah!  Bakul-bakul iki sing nyepelekna petugas. Wis dielikake ora
direken!" semaute saweneh Satpol PP weruh Kamto glenthangan. Clanane Kamto teles
kutahan dhawet.

Mbah Dilah : (nangis kemisesegen, eluhe pijer diulapi nganggo pucuk selendhng)

Tanem bakul : (ngethithir nyingkrih, parute ceblok ora dipaelu)


gethuk.

So Kamin tukang patri ibut nglebok-ngebokake pirantine menyang njero pethi. Ana apel siji gumlethak
ing cedhak pethine. Sawuse rampung ngringkesi pirantine, So Kamin nyelehake apel iku menyang
dhasarane Sri buah sing mawut.

Sri bakul buah : Gawanen kanggo anakmu, kang So, (kekembeng mripate karo isih clilengan nggoleki
dagangane sing ambyar)

So Kamin gedheg. Senajan ing sateruse Sri ngulungake apel iku, ditambah salak rong iji, So
Kamin emoh nampani.

So Kamin : Apik dolen ae Sri.  Kena kanggo nyuda karugenmu. Nanging aja kokedol maneh ing
kene. Tengah kutha iki wis dudu papane wong cilik golek pangan. Wiwit sesuk aku arep
mider kampung-kampung, (mikul pethi abot isi pirantine nyambut gawe).

So Kamin weruh para petugas topengan lunga numpak Kijang brundhul plat abang. Nanging So
Kamin lan bakul-bakul sing digurak iku padha ora weruh yen atine para petugas iku sejatine perih dene
kepeksa nindakake ayahan kasar. Mula sawuse tekan kantore, topeng-topeng dibuwang sebrung.

Kamto : (nguncalake topenge menyang kranjang sampah), Sabenere, raine awake dhewe iki isih
luwih apik katimbang topeng-topeng iki. Kepeksa nganggo,  dipeksa dening kahanan.

Sahlan : Ya, aku ngerti tegese topeng sing kok karepake. Ora mung kanggo nutup rasa rikuh
marang tangga, nanging luwih saka iku.

Kamto : Yen mung disawang perkasus, pasar liar iku pancen kleru, perlu ditertibake. Nanging
yen ditlusur, pasar liar iku ora bakal ana yen Bupati tegas, wani nulak konglomerat sing
ngincer lokasi Pasar Rakyat kanggo adeg supermarket iku.

Bupati rikuh, ora wani nulak awit konglomerat iku isih kulit daginge Pejabat Pusat. Bupati
kepeksa samudana kaya kang ditulis wartawan ing koran-koran. Ora ana wartawan sing wani nulis sing
sabenere. Samudanane Bupati, Pasar Rakyat wis dianggep rupak saka ajuning jaman ,perlu dijembarake
ing papan liya ngiras kanggo pelebaran tata kota, alasane.
Sahlan : Urip ing jaman sing semrawut iki, akeh perkara sing kwalik-kwalik.Wong arep
ngatonake rupane dhewe sing apik, malah ora kebeneran jalaran ora cocog karo
kejeming lingkungan sing nguwasani. Senajan cengkah karo batine, raine dhewe sing
apik  kepeksa dioret-oret. Ya ngene iki, kepeksa nganggo topeng sing ala, embuh kanggo
kepentingane sapa.

         Kanca-kanca liyane ora ana sing nrambul gunem. Padha thenger-thenger kaya isih nggagas enggone
mentas ngobrak-abrik bangsane dhewe. Ing sateruse lagi ana sing kumecap, grenang-greneng kaya
menyang awake dhewe.

Kamto : Karuwan mungsuh Landa utawa Jepang. Utawa ing Timtim kana, mungsuh  Fretilin. Yen
menang kondhang, yen mati dadi pahlawan. Menang kok mungsuh wong-wong wadon,
bakul gethuk, bakul dhawet."

         Tembung iku njalari Kamto unjal ambegan awit pancen ana rasa ngganjel ing atine, enggone ora
sengaja nerak dhawete mbah Dilah, tanggane. Kamto malah ora ngerti yen dheweke ana ing sacedhake
mbah Dilah, randha tuwa setengah wungkuk sing uripe kesrakat.
         Senajan ketutup topeng, ora kaweruhan rupane, nanging atine Kamto sawarna manungsa uga dadi
kisruh. Ana karep kepengin nglironi karugene kanggo nyuthik rasa kang ora kepenak sing ngganjel ing
atine. Nanging Kamto uga dadi gojag-gajeg awit kang mengkono iku ateges miyak wewadine dhewe. Ing
mangka dheweke emoh yen enggone  kejem ngobrak-abrik dadi pocapane tangga-teparo. Molak-
maliking  pikiran mengkono iku njalari Kamto klisikan enggone turu.
         Nganti esuke, tekan kantore, Kamto isih ewuhaya, durung mutusake. Endi sing dipilih? Kalane
Kamto  isih mikir-mikir prakara iku, dheweke diundang Pareres, diakon nyetel stir jalaran sopir kantore
ora mlebu.
         Pareres kepengin weruh asile. Yen bakul-bakul isih muwel, langkah sabanjure, bakul-bakul arep
digaruk, diangkut menyang kantor lan diwenehi pengarahan. Weruh wis ora ana bakul siji-sijia, Pareres
ayem atine.

Pereres : Mereka ke pasar baru juga, akhirnya, (tanpa mudhun saka mobil kang diendhegake
Kamto ing tilase pasar trotoar).

Kamto : Ya, mungkin saja ke sana, atau ke tempat lain yang lebih menjajikan sesuap nasi. Atau
bisa jadi masih nganggur di rumah, merenungi modalnya yang mawut, (wewayangane
mbah Dilah kumlebat ing angen-angene).

Pereres : Itu salah mereka. Kita kan sudah mengingatkan baik-baik dan sudah kunyalakan lampu
merah, peringatan terakhir.Kitalah yang susah, ditegur Bupati, dianggapnya kita tak
mampu kerja, (nyulet rokok). (Asep dikebulake), Tugas kita sebagai penegak ketertiban
makin banyak saja. Berhadapan langsung dengan masyarakat yang komplek.
Menertibkan ini, menertibkan itu, belum menertibkan yang lain, dan yang lainnya lagi.
Tukang becak pun liar, mbandel ditertibkan parkirnya."
Kamto : Jika hanya menertibkan orang kecil saja, tak sulit, meski mereka mbandel pada
mulanya. Orang kecil saja, dengan ditendang sudah pada takut dan mulai tertib. Ada
satu hal yang paling sulit ditertibkan.

Pereres : Apa?

Kamto : Untung bukan tugas Satpol PP.

Pereres : Apa itu?

Kamto : Menertibkan moral untuk tidak menggusur kepentingan rakyat.

Pereres sing rokokan isih terus rokokan, tanpa reaksi, kaya ora kepingin nanggapi rembuge
Kamto. Saka waliking kaca mobil, Kamto nyawangi kios-kios tilasing Pasar Rakyat sing wiwit digempur
dening kuli-kuli bangunan.

You might also like